Naskah PANYANDRA TEMANTEN JAWA - Rizqi Habibillah [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

PANYANDRA TEMANTEN JAWA Master Of Ceremony - Rizqi Habibillah



PANYANDRA MIJILIPUN TEMANTEN PUTRI (keluarnya pengantin putri dari kamar rias) Backsound : gendhing ketawang puspowarno



Binarung swaraning pradangga munya hangrangin, hambabar Ketawang Puspawarna. Kaya ana ganda hangambar arum katiuping samirana manda. Kawistingal jengkaring temanten putri mijil saking panti busana. Panti ateges papan busana ageman,mijil saking panti busana ateges miyos saking papan ageman nedya sumarak wonten ngarsanipun para tamu manjing ing salebeting sasana pahargya. penganten putri hangagem busana kang sarwaretna hangemba busananing garwa nata. Katon pating galebyar pating pancurat ,lamun rinumpaka ing ukara yayah sileh prenah Hangagem puspita rinonce ingkang ukelira kasampiraken ing pamidhangan kanan, lamun katiyuping samirana kongas gandane hangegi sajroning sasana pahargya. Endaah edining busana hangimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamun cinandra ical sipating jalma sawantah pan yayah Bathari Ratih ngeja wantah.



Master Of Ceremony – Rizqi Habibillah



1



PANYANDRA PRAPTANING TEMANTEN KAKUNG (kedatangan pengantin putra) Backsound : Ladrang Wilujeng Pelog Barang



Geteeeer pater kaya ana teja kang manter, horek sanjawineng sasana pahargya bebasan sorak hambata rubuh swarane. awit kena pangaribawane risang temanten kakung ingkang ketingal agung, ageng lan wibawa. Temanten kakung lamun cinandra bebasan kurang candra luwih warna. Dasar pekik ing warna, dedek pidheksa pangawak pradata. Langkun-langkung sinasaban busana kang tinaretes benang kencana, sumunar agilar-gilar nanging datan hambelerengi. Saya malih hangagem dhestar hangemba nata tan ana kang kuciwa Dampyak-dampyak para kadang kaliyan warga wandana alur selur ndalidir tan ana pedhote ingkang samya kangayap hambayangkara tindakipun temanten priya. Wus ndungkap unggyan kang tinuju ,gya lumadi laksitaning adicara pasrah tampa.



PANYANDRA TEMANTEN PANGGIH / TEMON Reeep tidhem premanem, datan ana sabawane walang salisik, bebasan gegodhongan tan ebah awit samirana tan lumampah, kang kapyarsa amung swaranya pradangga lokananta ingkang munya ing sasana wiwaha, senadyan hamung lumantar swaraning pita swara. Awit sedaya kalawau kena pangaribawane kang samya binoja krama. Tuhu wes pinesti ana titahing Gusti ingkang asipat jalu lan wanita ingkang nedya ngancik ing ngalam madya hanenggih sambut silaning akrama nulya kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten priya kang winastan Gondhang Kasih Datan saranta temanten kakung gya amales hambalang gantal mring temanten putri kang winastan Gondhang tutur.



Master Of Ceremony – Rizqi Habibillah



2



KETIKA MENGINJAK TELUR Kawistara kanang antiga tinapak padha pecah sanalika dening temanten kakung. Punika asung pralampita bilih temanten kakung calon dados lantaraning tuwuh/wiji ingkang suci,pratima bangkit tata jalma,putra kinarya tetalining akrama. KETIKA CUCI KAKI Tanggap temanten putri gita-gita hanjengku mring pepadhaning keng raka,sarwi sumembah sarta hamiji pepadhaning ingkang garwa KETIKA SINDURAN Titipurna adicara panggih, tumuli lumadi adicara sinduran. Kawistara temanten kekalih sinengepan sindur ingkang kaaturaken dening ingkang Ibu. tanggapin sasmita ingkang Bapa gita-gita angasta poncoting sindur tumuli hanganthi putra temanten kekalih tumuju ing kursi palakrami.



Kawuryaaan alon-alon tindhake lan banget pangati-atine ingkang Bapa tuwin Ibu hanganthi putra temanten sekaliyan tumuju unggyan kang tinuju.Punika asung pralampita dhumateng kang binoja krama,mugi -mugi anggenipun nepusi jangkaning agesang mangun brayat anyar,tansah kebak ing pangati-ati ,datan grusa-grusu mundhak kesluru, tan milik barang kang elok jalaran keselak muluk.



KROBONGAN Sesi ini ada: 



bobot Timbang







tandur







kacar-kucur







dahar kembul



sesi selanjutnya adalah



Master Of Ceremony – Rizqi Habibillah



3



SUNGKEMAN Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi ingkang garwa sumarak wonten ing ngarsanipun ingkang Bapa tuwin Ibu,tumuli sumungkem lan ngabekti nyuwun idi pangestu anggenipun palakrama mugi tansah manggih bagya mulya,saget langgeng dumugi salami-laminya.



Bekti dhumateng ingkang Rama labet enget bilih ingkang rama wus sembada ngfukir jiwaraga dadya lantaraning tuwuh. Parandene sumungkem dumateng ingkang ibu labet enget bilih ingkang Ibu wus kinarya papanig yoga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta hanglelithing wiwit alit dumugi akir dewasa,bebasan cilik digedhek.ke,bodho kapinterake.



Brool kanang waspa ingkang mijil saking anggenira temanten kekalih,tumibeng ing pangkone ingkang rama lan ibu kadya mutiara kang rinonce. kaladuk.e kang ngrumpaka basa bebasan banjir luh sarah waspa sajroning sasana rinengga.



Master Of Ceremony – Rizqi Habibillah



4



TULADHA ATURIPUN PRANATACARA BADHE UPACARA KROBONGAN



Tinon wus paripurna upacara panggih, satuhu trep pindha curiga panggih kaliyan warangka. bebasan getih rong tetes, daging rong tempel, balung rong ceklek, samangke sampun wus manunggal dadya sajuga. Sang jejaka miwah sang kenya, mangkya wus manunggal inng karep, nunggal sedya, nunggal tekad, nunggal ati, nunggal raga, nungal jiwa mangun brayat anyar wonten madayaning bebrayan agung.



Para rawuh saha para lenggah, ngancik adicara candakipun nun inggih upacara adat krobongan, anut satataning adat widhiwidana ingkang taksih lumampah wonten ing laladan ngriki. Upacara krobongan punika antawisipun :



bobot Timbang tandur kacar-kucur dahar kembul



ATURIPUN PMBIWARA BILIH UPACARA PANGGIH SAMPUN RAMPUNG KALAJENGAKEN UPACARA KROBONGAN



Para tamu ingkang satuhu pantes hingurmatan. Saparipurnaning upacara panggih punika badhe kalajengaken upacara krobongan, antawisipun timbangan, tandur, kacar kucur (maringaken guna kas kaya saking temanten kakung dhumateng temanten putri), kalajengaken dahar kembul, bubak kawah / tumplak punjen. Katur dhumateng ibu ............... wekdal kasumanggak’aken.



Master Of Ceremony – Rizqi Habibillah



5



NYARIOSAKEN TUMAPAKING UPACARA KROBONGAN Para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan, wekdal meniko badhe tumapak upacara krobongan, antawisipun timbangan. Bapa............lenggah wonten tengah-tengahipun pinanganten kakung lan putri, dene Ibu................. lenggah wnten sak ngajengipun temanten sarwi matur dumateng Bapa................. “Kados pundhi pak? bobotipun keng putra tamanten, sampun timbang menopo dereng?”. Dipun jawab : “Wis, padha wae”. Ingkang menika ateges bobot timbanganipun sampun sami. Purna upacara timbangan kalajengaken tandur. Temanten sekaliyan kajumenengaken saking palenggahan, Bapa.............. menetaken pundhakipun temanten kekalihipun supados lenggah malih sarwi dipun mantrani pangucap : “Bismillahirohmanirrohim, wiwit dina iki kowe sakloron tak tandur ana madyaning bebrayan, bisoa subur makmur, hayu hayen hangayomi, bagya mulya kalis ing rubeda. Saparipurnaning upacara tandur pinanganten nunten nindhakaken upacara kacar kucur, temanten kakung maringaken guna kas kaya dumateng pinanganten putri, arupi uwos lan arta dipun wadahi tilam lampus (klasa klapa/klasa pasir) dipun suntak wonten ing sindur ingkang pinangku temanten putri, menika pralampita bilih jejering kakung wajib hangupadi boga wastra (sandang lawan tedhi) ingkang murakabi sugeng ing bebrayan. Dene temanten putri wajib wajib nindak’aken gemi lan nastiti ngubetaken rejeki ingkang premati. Sak sampunipun nampi guna kaya saking temanten kakung, guna kaya lajeng kaaturaken / kakintunaken dumateng ingkang ibu, suka pratanda tirahanipun rejeki dipun celengi. Saparipurnaning upacara kacar kucur kalajengaken ngunjuk toya degan utawi toya wening, suka pratanda supados pinanganten tansah sabar lan wening. Toya menika sumbering gesang, amargi sedaya makhluk mboten saged gesang tanpa toya. Purna pangunjuking toya wening temanten sekaliyan dhahar kembul dulang-dinulang. Suka pralampita saking tresnanipun sihsinihan mila umpamia wonten dhaharan namung sekedhik, kanthi sabaring penggalih dhaharipun kembul sawadah. Menika ugi satunggaling pralampita tiyang gesang kedah amboga (nedha) supados gadah daya kekiyatan). Para tamu ingkang satuhu luhuring budi, upacara krobongan badhe kalajengaken bubak kawah, amargi Bapa.................. nembe mantu sepisanan.



Master Of Ceremony – Rizqi Habibillah



6



Dene tumapaking upacara bubak kawah badhe katindak’aken Bapa................. wredha ingkang piniji dening ingkang mengku gati. (katindak’aken dening juru busananing pinanganten) Bila acara krobongan sudah selesai, pranatacara selanjutnya akan mengarahkan ke acara sungkeman. yang sebelumnya didahului dengan acara KEDATANGAN besan. Berikut contoh teksnya.



TULADHA ATURIPUN PRANATACARA NALIKA BADHE RAWUHIPUN MAPAG BESAN



Para rawuh kakung sumawana putri, madyaning suka ing kalenggahan menika boten kekilapan kadang besan sutresna nun inggih (nama besan. misal Bapa Rahmad) lekasing sedya ugi ndherek mangayubagya keparengipun Bapa/Ibu...(nama pamangku gati.misal Bapa Raharjo) sekalian ingkang hamiwaha putra mahargya siwi, manjing wonten sasana pawiwahan, ginarubyug sagunging para kadang santana.



Rawuhipun panjenenganipun Bapa...(nama besan misal Bapa Rahmad) kairing ungeling gendhing Tirta kencana, laras pelog pathet 6.



TULADHA ATURIPUN PRANATACARA BADHE UPACARA SUNGKEMAN



Sanggya para lenggah, para rawuh ingkang winantu ing kabagyan. Paripurna laksitaning adicara adat krobongan ingkang sampun kasembadan kanthi lulus raharja nirwikara ing samudayanipun, ingkang saklajengipun badhe lumadi adicara sungkeman. ananging sakdherengipun adicara menika kawiwitan, langkung rumiyen besan ingkang taksing mapan wonten ing sasan palereman badhe kapapag tumuli kairing wonten ing sajejering kursi pelaminan wosing gati hanampi sungkemipun ingkang putra. Pramila saking menika dhumateng Bapa..(nama besan) sekalian garwa keparenga jengkar saking kursi rinengga. Jengkaring Bapa..(nama besan)sekalian kabiwadha ungeling gending kapang-kapang. Master Of Ceremony – Rizqi Habibillah



7