Pidato Bahasa Jawa Budi Pekerti [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Nama : Ilyam Faisal Kelas : X IPA 7 No. : 20 Pidato Bahasa Jawa “Budi Pekerti Luhur” Assalamu’alaikum Wr. Wb. Bapak Kepala Sekolah SMA Negeri 1 Karanganyar ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu guru saha Karyawan Karyawati SMA Negeri 1 Karanganyar ingkang sinuba ing pakurmatan, Saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Sepisan sumangga kita ngaturaken agunging panuwun munjuk raos syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring kita mapinten-pinten kanugrahan saha kanikmatan wondene wonten titi wanci punika kita saget muwajahah ing mriki kanthi wilujeng tanpa alangan satunggal menapa. Kaping kalihipun shalawat saha salam mugi tansah kalimpahaken dumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun nedahaken kita margi ingkang leres. Bapak/Ibu Guru saha kanca-kanca ingkang kinurmatan, Kulo ing wekdal menika ngaturaken babagan budi pekerti ingkang luhur. Agami Islam mrehatosaken sanget babagan budi pekerti ingkang luhur. Kanjeng Nabi Muhammad SAW kautus wonten ing alam dunya supados nyempurnaaken budi pekerti. Saktemene jeroning tindak tanduk Rasulullah niku wonten budi pekerti ingkang luhur. Ugi dipun jelasaken wonten ing sabdanipun Rasulullah SAW ingkang suraosipun “Saktemene ingsun dipun utus kagem nyempurnaaken budi pekerti.” Dados sampun cetha, bilih tiyang islam kedah anggadahi budi pekerti ingkang luhur. Budi pekerti ingkang luhur inggih menika sedaya tindak tanduk ingkang sae, ingkang natrapi paugeranipun agami islam. Salah satunggaling sorah budi pekerti ingkang luhur inggih menika kita kedah nggadahi andhap asor dumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Umpaminipun unggah-ungguh murid kaliyan Bapak saha Ibu guru. Ugi unggah ungguh dumateng tiyang sepuh kekalih, para tangga, lan sedaya tiyang sanes. Mboten kesupen kaliyan para kanca. Menawi kita saged mbiasakaken budi pekerti ingkang luhur wonten sedaya papan saha panggenan, kita saged gesang guyup rukun saha tentrem karta raharja. Bapak/Ibu Guru saha kanca-kanca ingkang kula tresnani, Mekaten atur saking kula. Mbok bilih wonten kalepatan saha kekiranganipun, kulo nyuwun agunging pangapunten. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.