Pranatacara Tedhak Siten [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Assalamualaikum Wr. Wb Katentreman, kawilujengan, kabagyan mugiyo tansah kajiwa kasarira dhumateng kula panjengengan sedaya waradin sagung dumadi Nuwun dhumateng para pepundhen para sesepuh saha para pinisepuh ingkang winantu ing pakurmatan Para pangemban pangembating praja satriyaning negari ingkang pantes sinudarsana Para tamu kakung sumawana putri ingkang bagya mulya Linambaran kanthi muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring mapinten-pinten rahmat kaliyan hidayahipun, katitik wekdal menika kula lan panjenengan sedaya saged kempal wonten ing dalemipun Bapa Haryanto saperlu mahargya adicara tedhak siten putranipun Bapa Haryanto inggih adhik Kurniawan. Ngaturaken wilujeng rawuh ugi ngaturaken agunging panuwun awit rawuhipun panjenengan sedaya Para rawuh ingkang kinurmatan Kula ingkang jinejer minangka pranata adicara keparenga badhe ngaturaken menggah urut reronceneing adicara ingkang badhe kalampahan Adicara ingkang kaping sapisan inggih pambuka Adicara ingkang kaping kalih inggih menika atur pambagyaharja Salajengipun inggih menika wosing adicara Lajeng ingkang pungkasan inggih menika panutup Mekaten menggah rantamaning adicara ingkang badhe lumampah wonten ing ri kalenggahan menika, mugi mugi adicara ingkang sampun karantam saged lumampah kanthi rancag winantu barokahipun Gusti Ngengeti wekdal ingkang sampun ndungkap siyang, langkung prayogi menawi adicara menika enggal dipunwiwiti. Tumapak ing adicara ingkang kaping setunggal inggih menika pambuka. Sumangga adicara menika dipunwiwiti kanthi basmallah kula dherekaken, Bissmillahirahmanirrahim. Matur nuwun, mugiyo kanthi waosan donga kala wau adicara saged lumampah kanthi sae nir ing sambekala. Menggah dicara ingkang kaping kalih inggih menika atur pambagyaharjo, dhumateng panjenenganipun Bapa Haryanto, sumangga Matur nuwun kaaturaken dhumateng panjenenganipun Bp Haryanto, ingkang sampun paring atur pambagyaharja Para rawuh ingkang minulya, Adicara salajengipun inggih menika wosing adicara, ingkang sepisan inggih menika sungkeman. Panjenenganipun Bapa lan Ibu Haryanto sowan sungkem dhateng tiyang kekalih nyuwun donga pangestu, murih anggenipun momong dhateng putra manggiho bagya mulya.



Kaping kalih inggih menika anapak siti. Bapa Ibu kekalih mratitisaken lampahipun ingkang putra, anapak siti ingkang sampun kacawisaken. Menika ateges bilih gesangipun manungsa kawiwitan saking siti lan benjang wangsul malih dhateng siti utawi bhumi. Kanthi pangajab benjang menawi sampun ngancik ing bebrayan agung, sagedo ingkang putra angreksa lestari ing bhumi. Kaping tiga inggih menika wijikan ing sekar setaman, murih anggenipun nglampahi gesang tansah cinaket ing reh kautaman. Kaping sekawan inggih menika anapak jadah. Sapa wonge sing temen bakal tinemu kadya jadah ingkang sampun cumawis, mawarni warni gunggung pitu. Mugiya adhik Kurniawan tansah kasinungan pitulunganipun Gusti. Kaping gangsal inggih menika napaki andha tebu. Menika ateges mugiyo ingkang putra saged nggadhahi anteping kalbu nalika nglampahi pagesangan. Kaping enem inggih menika milah lan milih dolanan. Katon maneka warna jinis dolanan ingkang sampun cumawis, kados dene buku, montor-montoran miwah arta. Dolanan ingkang dipunremeni menika anggambaraken kados pundi mangke adhik Kurniawan, mugiya saged ngugemi murih kautaman sampun ngantos nerak wewaleripun unggah ungguh lan subasita. Kaping pitu inggih menika ingkang putra siniram toya gege dening Ibu. Toya gege ingkang widhahahan pangar mujudaken pangajabipun sakulawarga bapa miwah ibu ingkang nggulawentah. Sampun paripurna sineram toya gege ingkang putra dipunagemaken busana. Sinambi ingkang putra dipunagemaken busana, eyang putri kekalih nyebar udhik udhik. Adicara salajengipun inggih menika sungkeman. Sampun rinasuk ageman ingkang endah, pramila adhik Kurniawan sowan dhateng eyangipun kekalih kanthi Bapa Ibu Haryanto, anggenipun sowan kanthi ateken tebu ingkang rinengga gedhang raja miwah jinangkepan ingkung estining driya gegadhang manggih raharja lan mugi tansah manembah lan manah. Sampun kepareng sungkem nuwun donga pangestu dhateng eyangipun kekalih Upacara tedhak siten kapungkasi kanthi andum dolanan tigan. Tigan menika pralambang saking tigang perkawis inggih menika lair, jodho, lan seda. Sagung para tamu ingkang winantu ing pakurmatan Lampahing adicara menika sampun paripurna. Kula minangka pranatacara bilih wonten lepating atur, saha kiranging subasita, kula nyuwun agunging pangaksama. Lan sumangga adicara menika kita pungkasi kanthi maos hamdalah sesarengan. Alhamdulillahirabbil alamin. Nuwun matu nuwun Wassalamualaikum.wr.wb