Soal Pas Basa Jawa Kelas 4 [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Kelas Mata Pelajaran Waktu Hari / Tanggal



: IV (Empat) : Bahasa Jawa : 08.00 – 20.00 : Kamis, 17 Desember 2020



Nama Nomor SD Nilai



: ………………………………………. : ………………………………………. : ………………………………………. : ……………………………………….



Petunjuk umum: 1. Tulislah terlebih dahulu nama,nomor,SD, sebelum kamu mengerjakan soal di bawah ini 2. Kerjakanlah soal di bawah ini pada lembar jawab yang sudah di sediakan 3. Kerjakanlah soal soal yang kamu anggap mudah terlebih dulu. Periksalah kembali hasil pekerjaanmu sebelum kamu serahkan kepada pengawas Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi teliti ! Oceh Thilang Dening: Budi Wahyono Jebul isih ana ocehe thilang Temangsang ana rungkute godhong Suwalike kantor magrong magrong Isih ana penthet tumeka derkuku Pating jrundhul ana sela –selane watu Nunut golek semut Kamangka saka kadohan Langes ireng pabrik ngrindhik Banjur manuk-manuk gliyengan lunga Mbedhal menyang tlatah amba Apa banjur mbekungkung ana buku crita ? Kapethik saka: Penyebar Semangat No 16,17April 2010 I.Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara A,B,C utawa D minangka wangsulan sing paling bener ! 1 .Geguritan ing dhuwur dianggit dening ………………….. A.Budi Wahyono B.Budi Wahono C.Budi Waluyo D.Budi Wahyudiono



2 .Judhule geguritan ing dhuwur ………………………………….. A.Oceh Kethilang B.Oceh Thilang C.Ocehe Kuthilang D.Ngocehe Thilang 3.Swarane thilang keprungu saka …………………….. A.Pucuke wit – witan B.Samburi gedhong kantor C. Rungkute godhong D. Sela-selane watu 4.Kajaba manuk thilang,ing geguritan dhuwur kasebut uga manuk…………… A.Derkuku lan prenjak B.Jalak lan kenari C.Penthet lan prenjak D.Penthet lan derkuku 5.Manuk-manuk padha keplepegen jalaran anane……………………… A.Polusi montor B.Polusi saka pabrik C.Hawa kang panas D. Hawa kang reget 6.Jalaran keplepegen manuk-manuk pada banjur …………….. A.Lunga golekpapan liya B.Ndelik ing papan sing aman C.Lunga golek papan kang amba D.Manggon ing sela-selane watu 7.Geguritan iku asal saka tembung “ gurit “ kang ateges…………………………. A.nembang B.Sarwa endah C.Tembang D.Endah 8.Sajrone maca geguritan bab kang kudu digatekake………………… A.Intonasi B.Pelafalan C.Swara D.Ekspresi 9.Prayogane geguritan kang mujudake karya sastra iki …………… A.Dilestarekake B.Digatekake C.Diopeni D.Diterusake 10.Geguritan kang kanthi irah-irahan, “OcehThilang”iki kapethik saka ……… A.Kalawarti Jayabaya B.Penyebar Semangat C.Joko Lodhang D.Kalung berleyan 11.Piwulang kabecikan utawa pitutur luhur kang ana ing sajroning crita diarani……………… A.Paraga B.Amanat



C.Setting D.Sudut pandhang 12.Tembung “paraga” sajroningcrita utawa dongeng uga diarani…………………. A.Latar B.Tema C.Amanat D.Lakon Ngirit Listrik. Bu Rita :” Nduk ……Nani,tulung lampu ing ruang tengah patenana !” Nani :(Nani budhal tumuju stop kontak )” kita kedah hemat energi nggeh,bu” BU Rita :(Mesem )” Iya lo nduk …… kita kudu hemat energy mligine energi listrik,supaya ora muspra lan mbayare rekening ora akeh –akeh. Nani :” Inggih – inggih,bu “ 13.Tema sing digawe pacelathon kasebut yaiku ……………… A.Ngirit dhuwit B.Ngirit listrik C.Mateni TV D.Rekening listrik 14.Basa sing digawe bu Rita karo Nani ing pacelaton dhuwur yaiku…………… A.Krama alus B.Ngoko alus C.Krama guru D.Ngoko lugu 15.Paraga ing pacelathon “Ngirit Listrik” Yaiku ……………………….. A.Bapak lan ibu B.Adhik lan mbakyu C.Bu Rita lan Nani D.Tari lan Nina 16.Paraga ing dhuwur jumlahe ana wong…………….. A.siji B.Loro C.telu D.papat 17.Tembung” muspra”ngemu teges…………………. A.Tanpa guna B.Ana gunane C.Ilang kabeh D.Ilang saperangan 18.Tembung “nembe” ngemu teges…………………….. A.Gampang B.Isin C.Entek D. Lagi 19. Salah sijine ciri teks pacelathon yaiku …………… A.Wujude omong – omongan ( imbal wacana) B.Migunakake ukara crita



C.Paraga mung wong siji D.Nganggo ukara sing dawa 20.Sehat iku ……….regane,mula kesehatan kudu tansah dijaga. A.Larang B.Akeh C.Ana D.Duwe 21.Gupak pulut ora mangan nangkane.Paribasan iki ateges ………. A.Melu rusuh nanging melu mangan B.Melu rekasa nanging ora melu kepenak C.Melu reged nanging mung reger wae D.Melu rekasa ora melu mangan 22.Paseduluran ora bisa rukun.Ukara iki paribasane……….. A.Kaya kucing karo asu B.Kaya bayu karo lenga C.Kaya asu karo macan D.Kaya semut karo gajah 23.Tembung kang bener kanggo nerusake paribasan “ Becik ketitik,…………….. A.Ala ketara B.Ala konangan C.Ala cilaka D.Ala ketemon 24.Paribasan : Sepi ing pamrih……………………. A.Rame ing gawe B.Rame ing gawe C.Rame ing kutha D.Rame ing gawean 25.Ciri-cirine crita rakyat yaiku:sipate tradisional,penyebarane kanthi gethok tular lan sugih Variasi.Tembung “sugih variasi “ nduweni teges……………….. A.Sugih banget B.Wes modern C.Akeh maceme D.Wujud crita anyar 26.Ing saben crita mesthi ana pelaku crita diarani………………. A.Peragawan B.Dalang C.Peragawati D.Peraga 27.Ing kutha Blitar kasuwur jalaran ing kono ana pasareane…….. A.Bung Karno B.Bung Tomo C.Bung Hatta D.Gus Dur 28.Crita rakyat ,dongeng perlu dilestarekake jalaran ngemot….. A.Piwulang B.Pituduh C.Pitutur luhur D.Piwulang tata karma



29.Teks narasi kasusun kanthi migunakake rumus………….. A.5W +1H B.5H+5W C.1W+5H D.6W+1H 30.Warga desa bebarengan njaga karesikan lingkungan . Tembung karesikan yen diudhal sing bener…………………….. A.ka-resik-an B.kare-sik-an C.Ka-res-ikan D.ka-re-sik-an 31.Kasarasane awak kudu tansah dijaga kanthi pola urip resik lan sehat. Tembung “kasarasan” linggane…….. A.kasar B.saras C.sarasa D.rasan 32…………. Sing mlayu saka wetan kae ? A.Pira B.Sapa C.Ing ngendi D.Geneya 33.Tanduran kang kalebu palawija,yaiku …………………… A.pari lan kacang B.Terong lan Pari C.Kedele lan kacang D.Pari lan jagung 34.Kates,blonceng,gambas iku klebu pala gumandul,tembung linggane “gumandul”yaiku…… A.gondal-gandul B.Gandulan C.Gandul D.Gumandul 35.Aksara jawa cacahe ana 20,aksara urutan nomor 7 unine…….. A.ca B.ta C.tha D.ka II.Isinen titik-titik ing ngisor iki nganggo wangsulan sing bener ! 36.Dalane peteng …….jalaran lampune mati 37.Ana paribasan……ketitik ala ketara 38.Wong tua diwarahi anak,paribasane “kebo ….gudel” 39.Ing desa yen bengi sepi,nanging ing kutha ……. 40.Bocah nyolongan kuwi diarani…..tangane 41.Dhik Nuri andhap …..mula kancane akeh. 42.Macan ,Singa iku klebu kewan sing……………… 43.Saiki mangsa …..mula saben dina udan.



44.Aku wingi dientup kala….. 45.”ngirit listrik” yen ditulis nganggo aksara jawa nganggo sandangan “wulu” minangka gantine Swara…….. III.Garapen manut prentahe ! 46. Rakiten tembung-tembung iki kanthi pola : jejer ,wasesa,lesan,katerangan Mau –bapak –esuk –tindak-tindak –ijen-jalan 47.Bapak nonton wayang ing pendhapa Kabupaten. Ukara iki salinana nganggo basa ngoko alus. 48.Sebutno ciri –ciri crita rakyat kanthi runtut ! 49.Tulisen 3 wae tuladhane crita rakyat 50. Coba tlitinen gambar ing ngisor iki kanthi temen,banjur wenehana komentar nganggo ukara Sing cocok 3 wae .



KUNCI JAWABAN BAHASA JAWA I.Pilihan ganda 1. A 2. B 3. C 4. D 5. B 6. C 7. B 8. A 9. A 10.B



11.B 12.D 13.B 14.A 15.C 16.B 17.A 18.D 19.A 20.A



21.B 22.B 23.A 24.A 25.C 26.D 27.A 28.C 29.A 30.D



31.B 32.B 33.C 34.C 35.B



II. ISIAN 36.ndhedhet 37.becik 38.nyusu 39.reja/rame 40.dawa 41.asor 42.galak 43.rendheng 44.jengking 45. i III . URAIAN 46. Mau isuk bapak tindak-tindak ing jalan ijen. 47.Bapak mirsani wayang ing pendapa Kabupaten. 48.Ciri-ciri crita rakyat: - sipate tradisional - penyebarane kanthi gethok tular - sugih variasi 49.tuladhane crita rakyat: -Malin kundang - Dumadine kutha Banyuwangi - Guwa Akbar ( kebijakan guru) 50. Kebijakan guru