Soal Review Bahasa Jawa Kelas 4 [PDF]

  • Author / Uploaded
  • linda
  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

REVIEW BAHASA JAWA Wulangan 1 lan 2



………………………… Aku kelas 4 ……………………… Jenengku



A. Gatekna geguritan ing ngisor iki! Guyub Rukune si Semut Dening: Yuli Falianti Fallah Si blekithi Nadyan alit ringkih Tansah nengenake komunikasi Guyub rukun anggung den jagi Engga kwawa ngusung boga gung aluhur Pakaryan abot bisa rampung Pilihen salah siji jawaban sing bener! 1. Sing dikarepake si blekithi jroning geguritan ing ndhuwur yaiku… a. Tawon b. Walang c. Kupu d. Semut 2. Watak sing diduweni semut yaiku… a. guyub rukun b. angkara murka c. seneng tukaran d. seneng adu-adu 3. Sing diutamakake dening semut nalikane isih urip yaiku… a. komunikasi b. bedhigasan c. demonstrasi d. cecongkrahan 4. Watak semut sing kudu ditiru yaiku anggone seneng… a. tukaran b. memungsuhan c. gotong royong d. tukar padu



5. Menawa niru watake semut, nalika tandang gawe senajan ana pakaryan abot… a. tambah abot b. gampang rampung c. gampang wedi d. tambah suwe 6. Tegese tembung “ringkih” jroning geguritan ing ndhuwur yaiku… a. rosa banget b. isih cilik c. kuwat banget d. kurang rosa 7. Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok diarani… a. cangkriman b. geguritan c. parikan d. paribasan 8. Geguritan iku yen ing basa Indonesia diarani… a. pantun b. peribahasa c. puisi d. syair 9. Tembung-tembung sing dipilih kanggo nulis geguritan yaiku tembung-tembung kang… a. mentes lan mantesi b. lumrah digunakake c. angel dingerteni d. ora tau digunakake 10. Nalika maca geguritan swarane kudune… a. lirih wae b. los lan banter c. rada banter d. banter terus 11. Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune… a. bisa ngarang b. pinter nembang c. ngerti pengarange d. paham isine



12. Jroning nulis geguritan sing diutamakake dhiksi. Sing diarani dhiksi yaiku… a. penganggone wirama b. pangangen-angen c. penganggone gaya bahasa d. pamilihin tembung 13. Rembugan antarane wong loro utawa luwih ngenani sawenehing bab tegese … a. pacelathon b. cangkriman c. geguritan d. pidato 14. Unggah-ungguh basa iku ana ing ngisor iki, kajaba… a. krama alus b. ngoko lugu c. krama entar d. ngoko alus 15. Salah siji tindakan sing nyekuyung gemi nggunakake energi yaiku… a. nggawe lampu pijar b. nggawe lampu LED c. numpak mobil bendino d. nguripke tv terus B. Pitakon ing ngisor iki garapen manut prentahe! 1. Apa sing diarani geguritan? 2. Struktur teks pilihan tembung ing geguritan diarani…. 3. Struktur teks baris ing geguritan uga disebut…. 4. Kumpulan larik ing geguritan kang tumata kanthi harmonis diarani…. 5. Uni utawa swara ing geguritan iku kawangun saka …………………………… lan ………………. 6. Teks pacelathon ing bahasa Indonesia diarani …. 7. Ana pira paraga ing pacelathon iku? 8. Unggah-ungguhe basa iku ana ………, yaiku ……………….. lan ……………… 9. Bocah marang wong tuwo nganggo basa …………….. 10. Basa krama aluse mangan yaiku ……..



C. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi bener!



1. Sebutna kabehe struktur teks geguritan! …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………... 2. Aranana titikane teks pacelathon! …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………… 3. Bapak lara untu. Owahana ukara ing ndhuwur dadi bahasa krama alus! …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………… 4. Sebutna macem-macem sumber energi kang bisa dianyari! …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………… 5. Wenehana tuladha tumindak sing nduduhake tindakan gemi nggunakake energi! …………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………