Soal Utama Usbn B Jawa K 13 [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

KODE SOAL BHS JAWA XII



DOKUMEN NEGARA



SANGAT RAHASIA UJIAN SEKOLAH MGMP BAHASA JAWA Tahun Pelajaran 2017/2018



NASKAH SOAL Mata Pelajaran Kelas / Program Hari / Tanggal Waktu



: : : :



Bahasa Jawa XII / MIPA, IPS, IBB Selasa , 27Maret 2018 10.30 – 12.30 (120 Menit )



PETUNJUK UMUM: 1. Tulis Nama dan nomor peserta pada lembar jawab 2. Periksa dan bacalah soal sebelum Anda menjawabnya 3. Jumlah soal sebanyak 40 butir pilihan ganda dan 5 uraian 4. Berilah tanda silang (x) pada salah satu huruf yang Anda anggap paling benar di lembar jawab. 5. Apabila ada jawab yang anda anggap salah dan ingin pemperbaikinya, coretlah dengan dua garis mendatar pada lembar jawaban anda yang salah, kemudian beri tanda silang pada huruf yang anda anggap benar Contoh: Pilihan semula : A B C D E dibetulkan menjadi : A B C D E – SELAMAT MENGERJAKAN –



1. Wenehana tandha ping (X) ing aksara A, B, C, D, utawa E wangsulan kang bener! 1.



(1) mingkar-mingkuring angkara akarana karenan mardi siwi sinawung resmining kidung sinuba sinukarta mrih kretarta pakatining ngelmu luhur kang tumrap neng tanah Jawa agama ageming aji (2) jinejer ing Wedhatama mrih tan kemba kembenganing pambudi mangka nadyan tuwa pikun yen tan mikani rasa yekti sepi asepa lir sepah samun samangsane pasamuan gonyak-ganyuk nglelingsemi (3) nggugu karsaning priyangga nora kanggo peparah lamun angling lumuh ingaran balilu uger guru aleman nanging janma ingkang wus waspadeng semu sinamun ing samudana sesadon ing adu manis (4) si Penggung nora nglegewa sangsayarda denira cacariwis ngandhar-andhar angendhukur kandhane nora kaprah



SOAL UTAMA USBN B.JAWA TH 2017/2018



1



saya elok alangka longkanganipun si wasis waskitha ngalah ngalingi marang si penging (5) mangkono ngelmu kang nyata sanyatane mung weh reseping ati bungah inganaran cubluk sukeng tyas yen dinina nora kaya si punggung anggung gumrunggung ugungan sadina-dina aja mangkono wong urip Saka tembang Pangkur ing dhuwur kang ngemu surasa (isi) wong pinter kang gelem ngalah kanggo nutupi alane wong bodho ana ing pada .... A. (1) B. (2) C. (3) D. (4) E. (5) 2. Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel, lan hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Bu Umi anggone dodol pohung menyang pasar. Sanadyan gaweyan iku abot, nanging Bu Umi ora tau nggresula. Kabeh mau dilakoni kanggo nyambung urip lan nyukupi ragad sekolahe anake sing isih kelas VII SMP .... (Sumber: Kabeh Bisa Basa 1 kaca 19-22, karekadaya)



Pitutur kang bisa dijupuk saka pethilan crita ing dhuwur disebutake ing ngisor iki, kajaba .... A. ora wegahkangelan B. urip kang kudu usaha C. urip kang kudu nggresula D. kekarepan kang kukuh E. ngutamakake sekolahe anak 3. Dina Setu (9/8) kepungkur, pagelaran musik keroncong dalah pangiringe diracik kanthi cakepan modern ing sawijining orchestra yaiku Purwacaraka Light Orcestra. Musik keroncong pranyata bisa dibabar ing racikan orchestra sing dipepaki perkusi, keyboard lan sawetara piranti musik liyane sing ora lumrah ing sawijining racikan musik keroncong. Wos (isi) pawarta kasebut yaiku …. A. Purwacaraka Light Orchestra seneng ngracik musik keroncong B. keroncong bisa diiringi perkusi, keyboard, lan sawetara musik liyane C. dina Setu minangka dina pagelaran musik keroncong D. musik keroncong pranyata bisa karacik kanthi cakepan modern lan ora ketinggalan jaman E. perkusi lan keyboard mono piranti musik kang ora lumrah ing racikan musik keroncong 4. Perangan omah Jawa iki isih kalebu papan umum/publik. Ing jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara adat liyane. Ruwangan iki dibangun kanthi maksud nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan budaya. Perangan omah Jawa iki diarani ..... A. pawon



SOAL UTAMA USBN B.JAWA TH 2017/2018



2



B. C. D. E.



dalem gebyog pringgitan pendhapa



5. Ukara sing ngandhut sandhangan mandaswara yaiku .... a. ?akutukubuku. b. ?bpkDa/[so[to. c. ?kvCkuXmubzet\, d. ?a[pkuxg[nlr=. e. ?Ariaikuput][nbuUm. 6. nuladha laku utama tumraping wong tanah Jawi wong agung ing Ngeksiganda Panembahan Senopati kepati amarsudi sudaning hawa lan nepsu pinesu tapa brata tanapi ing siyang ratri amamangun karyanek tyasing sesama Saka tembang macapat Sinom ing dhuwur, watak sing bisa dituladhani saka Panembahan Senapati yaiku .... A. tekun B. sopan C. grapyak D. nyedulur E. andhap asor 7. Dhuhkitaning Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi jalaran laire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana senjata kang tumama kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnakake si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendhawahana. Watake Kurawa saka pethilan crita wayang ing dhuwur yaiku .... A. lamis B. grapyak C. semanak D. mblenjani janji E. seneng tetulung 8. Para lenggah ingkang pantes sinudarsana, adicara kula lajengaken memuji hastungkara. Tembung hastungkara tegese yaiku .... A. donga B. atur tampi C. srah-srahan D. dhahar ambengan E. atur pangandikan



9. Gatekna wacan ing ngisor iki! Saka jenenge jadah manten bisa ngemu teges jajanan sing padatan didadekake barang gawan kanggo penganten. Pancen jadah minangka barang gawan penganten kakung nalika bedhe pinanggih penganten putri. Jajanan iki didadekake barang gawan amerga ngemu teges supaya penganten kakung lan putri tansah lengket kaya sipat jajanan kasebut. SOAL UTAMA USBN B.JAWA TH 2017/2018



3



Jadah uga minangka jajan sing kudu ana ing acara tedhak siten. Kaya kang wis dimangerteni, tedhak siten minangka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu, babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa perkara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane mesthi bisa karampungake. Ing acara tedhak siten, jadah ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake .... A. wernane putih nggambarake manungsa kudu tumindak sing becik-becik wae lan ora prelu nggatekake wong liya. B. peteng lan padhang nggambarake prekara iku mesthi rampunge, mula manungsa kudu urip sing prasaja C. menawa prekara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka perkara sing cilik mula aja wani marang wong tuwa D. menawa prekara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut kudu diendhani supaya bisa urip mulya E. menawa prekara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng 10. Regane buku mung 73.650 rupiyah. Ukara kasebut yen katulis nganggo aksara Jawa yaiku .... A. ?xg[nbukumu=:73650;rupiyh. B. ?reg[nbukumu=:73650;rupiyh. C. ?xg[nbukumu=;72650;rupiyh. D. ?reg[nbukumu=;73850;rupiyh. E. ?xg[nbukumu=;73950;rupiyh. 11. (1) ngelmu iku, kalakone kanthi laku lekase lawan kas tegese kas nyantosani setya budya pangekese dur angkara (2) angkara gung, neng angga anggung gumulung gegolonganira triloka lekere kongsi yen den umbar ambabar dadi rubeda



(3) beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun semune ngaksama sasamane bangsa sisip sarwa sareh saking mardi martotama Saka tembang Pocung ing dhuwur kang ngemu piwulang hakekat wong nggolek ilmu ana ing pada .... A. (1) B. (2) C. (3) D. (1) lan (2) E. (2) lan (3)



SOAL UTAMA USBN B.JAWA TH 2017/2018



4



12. Gatekna pethilan novel ing ngisor iki! Kinanti Karya Margareth Widhy Pratiwi “Widarini”, dumadakan bayangane Widarini ana ing pikirane Sujarwo. Widarini, bojo pertamane sing banget-banget diugung dening Sujarwo. Sujarwo ngeling-eling 12 taun kepungkur, kedadeyan sing kebak kaendahan lan kasenengan bebarengan karo Widarini. Gusti kang Maha Agung bali menehi kasenengan kang tanpa upama yaiku nalika Hapsari lan Anjani lair. Nanging rasa bungah sing dirasake Sujarwo sirna nalika Widarini mungkasi uripe. Sepira sedhihe wektu kuwi, apa maneh dheweke ora ngonangi napas pungkasane. Dheweke wektu kuwi dhines ana ing luar kota. Rasa sedhih bali diuji dening Gusti Allah, Hapsari lan Anjani sungkem mara dheweke, kakarone nyandhing jatukramane. Tanpa rinasa, luh tumetes dleweran ing pipine. Sapu tangan ing kanthong klambi banjur diranggeh. Dheweke bali nglamun nalika ketemu Yulia. Dheweke diajak mara ing dhiskotik. Sawatara kuwi, Yulia nganggo dres cekak abang bling-bling, lan aura sing ditoke dheweke nggawe Sujarwo kesengsem. Yulia kuwi wanita playahan sing gawene dolanan keru lan sabane mara dhiskotik. Sumpama, ramane Sujarwo ora setuju karo hubungane Sujarwo lan Yuli, nanging Sujarwo tetep nekad. Kedadeyan kuwi nggawe sadhar dheweke pranyata adat Jawa kuwi bener yaiku restu saka wong tuwa kuwi gedhe pangaribawane. Dheweke saiki nglokro saka polah tingkahe Yulia sing sakarepe dhewe, ora tau ngrawat anake, Kinanti. “Jarwo...”ketebenge Sumpana ngatonake wong sing wicaksana mbuyarake lamunane Sujarwo. “Sajake kowe lagi ana masalah Wo, critaa Le” Sanajan Sujarwo tuwa nanging Sujarwo isih sering ngandharake pangrasane Sujarwo marang Sumpana. .... Amanat kang disuguhake pangripta marang pamaca novel kasebut yaiku .... A. adat Jawa iku ora perlu restune wong tuwa B. restune wong tuwa iku mrebawani C. restu wong tuwa iku ora diprelokake D. wong Jawa saiki wis ora prelu restu E. wong modheren iku bebas merdika 13. Bapak ibu dwija ingkang dhahat kinurmatan, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula lan panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, inggih awit saking kamirahanipun kula lan panjenengan sedaya saged kempal manunggal wonten ing pengetan dinten Kartini ing wekdal menika. Wos/ isi sesorah ing dhuwur yaiku... A. ngurmati dwija B. Gusti Maha Mirah C. ngurmati kanca-kanca D. kempalan dinten Kartini E. ngonjuk raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT 14.



SOAL UTAMA USBN B.JAWA TH 2017/2018



5



Kaya dene gambar ing dhuwur, penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri misuhi/ngresiki sikile penganten kakung nganggo banyu kembang minangka pralambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga, diarani .... A. wiji dadi B. dulangan C. sungkeman D. balang gantal E. dhahar klimah 15. ?j+ktP+it]haikuwjibHuku[mM. Ukara kasebut aksara Latine .... A. Zakat fitrah wajib hukume B. Zakat fitri iku hukume wajib C. Zakat fitrah iku hukume wajib D. Zakat fitrah iku wajib hukume E. Zakat fitrah iku ora wajib hukume 16. Wong seger badanipun Otot daging kulit balung sungsum Tumrah ing rah memarah ....ati Pakolehe putraningsun Angruwat ruweting batos Tembung kang trep lan pas guru wilangane kanggo ngganepi teks rumpang tembang Gambuh ing dhuwur yaiku .... A. kaot B. tulus C. anteng D. antengira E. antenging



Jaka Tingkir Bareng wis manganggo Karebet banjur kagawa marang Nyai Randha ing Tingkir. Ing kono diuja sakarepe. Dhasar Nyai Randha ing Tingkir sugih mas picis keringan ing tangga desa. Mas Karebet banjur katelah jeneng Ki Jaka Tingkir. Solah bawane beda klawan bocah liyane. Senenge anenepi menyang gunung utawa alas-alas guwa nganti setengah wulan kang ibu asring kelangan sarta prihatin banget, dene kang putra ora kena dipenggak anggone saba alas lan gunung. 17. Amanat kang bisa kajupuk saka crita ing dhuwur yaiku .... A. dadi wong kudu pinter B. nggolek guru sing becik C. nggolek ilmu kudu kanthi laku tapa D. yen dituturi wong tuwa becike dienthengake wae E. dadi anak kudu mbangun turut prentahe wong tuwa



SOAL UTAMA USBN B.JAWA TH 2017/2018



6



18. Pro RRI Yogyakarta Ngleluri Budaya Jawi Frekwensi AM 1107 KHz Program Pendidikan dan Budaya Acara:  Senin – Rabu jam 20.00 KETHOPRAK  Kemis jam 20.00 UYON-UYON MANASUKA  Setu jam 20.00 SANDIWARA BASA JAWA Alamat: Jalan Amat Jazuli nomer 4 Yogyakarta Telepon (0274) 540333 Fax (0274) 512784 Ancase pariwara kasebut yaiku .... A. kanggo nonton wayang B. masarake kethoprak supaya payu C. ngedol program ngleluri budaya Jawi D. golek kauntungan kanggo sing duwe radhio E. nggiyarake program pendidikan lan budaya ing bebrayan 19. “Hadiwijaya” Ing kadipaten Jipang, nalika mundhut pirsa ing Mentaun ngenani kepriye lakune para soreng sing diutus nyidra Sultan Hadiwijaya. Arya Penangsang : “Mentaun, kepriye lakune para soreng ing Pajang?” Mentaun : “Inggih Kanjeng, dereng wonten, kamangka anggenipun bidhal sampun kula tata wekdalipun.” Arya Penangsang : “Nggih, cobi kados pundi?” Mentaun : “ Para soreng kula utus bidhal dinten Jemuah Kliwon, manut petangan kula, Jemuah 9, Kliwon 6, dados 15, kedahipun kasil Kanjeng.” Saka pethilan pacelathon ing dhuwur kalebu seni pertunjukan Jawa kang diarani .... A. ludruk B. tayub C. kethoprak D. wayang kulit E. wayang wong 20. Parmin badhe tindak dhateng Grobogan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku .... A. ?%/minB[dtinFkDt_[*]o[bogn\. B. ?p/minB[dtinFkDt_[*]o[bogn\, C. ?p/minB[dtinFkDt_[&]o[bogn\, D. ?%/minB[dtinFkDt_[&]o[bogn\, E. ?%/minB[dtinDkDt_[&]o[bogn\, 21. Gatekna titikane tembang ing ngisor iki! 1. 8u, 8i,8a,8i,8a,8i a. pitutur lan kasih sayang 2. 8o,8i,8a,8i,8a,8i b. galak 3. 8i,8a,8o,8a,8i,8e c. sedhih 4. 8a,8a,8i,8a,8i,8i d. nelangsa 5. 8u,8i,8a,8u,8a,8o e. teges



SOAL UTAMA USBN B.JAWA TH 2017/2018



7



Nitik saking guru gatra lan guru wilangan ing dhuwur, kang kalebu guru wilangan lan guru lagu uga watak tembang Kinanthi yaiku.... A. 1 lan a B. 2 lan c C. 3 lan d D. 4 lan b E. 5 lan e 22. Marmaden taberi kulub Angulah lantiping ati Rina wengi den anedya Pandak panduking pambudi Mbengkas kahardaning driya Supadya dadi utami Tembung marma ing pada kasebut padha tegese karo tembung .... A. ibu B. mula C. marga D. jalaran E. amarga 23. Mangka kantining tumuwuh salami mung awas eling eling lukitaning alam wedi weryaning dumadi supadi niring sangsaya yeku pangreksaning urip Marma den taberi kulup Angulahlantiping ati rina wengi den anedya pandak-panduking pambudi bengkas kahardaning driya supadya dadya utami Amanat kang kaandhut ana ing pada sepisan ing dhuwur yaiku ....



A. B. C. D. E.



dados tiyang kedah waspada tumrap prastawa ing alam sekitar dados tiyang kedah eling marang Gusti amargi uripe kang mulya. dados manungsa kedah saged nggayuh kamulyan kanthi sarana alam sekitar mangka kanthi sarana alam sekitar bisa dianggo pepeling, supaya makmur ing donya. mangka kanthi sarana alam sekitar bisa dianggo pepeling, supaya orasengsara ing uripe.



Kanggo pitakonan nomer 24 lan 25! Prasetya Dening Sugeng Wiyadi Tresnaku ora bakal garing ngalingking Sanajan sliramu minangka Ibu Ora kuwagang nyusoni nganti mblendhing Anggonmu nggulawenthah si bocah mbeling Wis dakcandhi ing gumuk sanubari Lan dakziarahi saben wanci Aja sinengguh aku mbadal dhawuh Ngrukti tobong gamping sing meh rubuh SOAL UTAMA USBN B.JAWA TH 2017/2018



8



Yen sliramu banjur daktinggal Tumuju tlatah wetan Beteke minangka laku Nglari tebane pulung gegayuhan Jumbuh unine wisik lan pituduh Dudu gebyare metropolitan Aja nangis, tresnaku Lamun gapura mangsakala wis binuka Bareng tekane wulan purnama Anak lanang kang cinandra duraka Bakal sowan ngabyantara Ngudhali bundhelan isi crita 24. Miturut geguritan ing dhuwur, tegese tembung pulung yaiku.... A. ala B. rejeki C. nggayuh D. lumampah E. mbudidaya 25. Makna kang kaandhut ing sajroning geguritan ing dhuwur yaiku.... A. prasetyaning Ibu marang anak B. prasetyaning anak marang Ibu C. prasetyaning marang nusa bangsane D. prasetyaning priya marang kekasihe E. prasetyane manungsa marang Gustine



26.



Apa Bedane Dening Sudi Yatmana



Apa bedane prosa karo puisi Bedane ana ati Apa bedane ati karo gori Bedane mung prakara bumbune Bedane apa bumbune karo sing dibumboni Bedane rak mung ana ing wadhah Apa bedane wadha karo sing diwadhahi Kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa Lha apa bedane manungsa karo kewan Ah iku urusan Pangeran (Mbangun Tuwuh, angka 138) Geguritan ing dhuwur menika kalebu geguritan gagrag.... A. kuna B. anyar C. prosa D. puisi E. gancaran



SOAL UTAMA USBN B.JAWA TH 2017/2018



9



27.



Busana Jawi Maneka warna jinising cakrik bathik kang wonten ing Tlatah Jawa. Tuladhanipun cakrik truntum lan cakrik Madubranta. Cakrik truntum punika kelebet pola ingkang kina, wangunipun kalebet geometri wangun ceplok. Patutipun dipunagem para priyayi ingkang sampun sepuh utawi dipunagem tumraping tiyang ingkang gadhah damel mantu. Menawi cakri madubranta punika ugi cakrik kina ingkang dhasaripun pola ceplok. Madubranta punika pengertosanipun jeneng ”sekar” ingkang mralambangake seneng/ gandrung (katresnan). Pokok pikiran teks deskripsi ing dhuwur yaiku.... A. tuladhanipun cakrik truntum lan cakrik Madubranta B. maneka warna jinising cakrik bathik kang wonten ing Tlatah Jawa C. cakrik truntum minangka mralambangake seneng/ gandrung (katresnan). D. menawi cakri madubranta punika ugi cakrik kina ingkang dhasaripun pola ceplok E. madubranta punika pengertosanipun jeneng ”sekar” Cakrik truntum patutipun dipunagem para priyayi ingkang sampun sepuh utawi dipunagem tumraping tiyang ingkang gadhah damel mantu



28.



Gambar ing dhuwur ngemu suraos bilih ilmu ingkang dipunudi kedah dipun mangerteni kanthi cethalan gamblang mboten mangu-mangu ingkang tundhonipun saged nuwuhaken raos was kuwatir, gambar kasebut diarani…. A. udheng B. sabuk C. setagen D. kulambi E. epek timang 29. Dadia manungsa kang tansah eling lan waspada. Eling marang Gusti Kang Murbeng Dumadi kanthi nindakake dhawuhe ugi waspada polah tingkahe. Sebab manungsa kang ora bisa ngati-ati saged ndadosaken cilakane awake dhewe. Paribasan kang jumbuh kaliyan ukara ing dhuwur yaiku…. A. kenes ora ethes B. rebutan balung sunsum C. yitna yuwana lena kena D. asu gedhe menang kerahe E. anak polah bapa kepradah 30.



SOAL UTAMA USBN B.JAWA TH 2017/2018



10



Gamelan Jawa kang kaya gambar kasebut anggone ngunekake kanthi cara.... A. mipil B. dithuthuk C. ngembyang lamba D. ngembyang rangkap E. digesek kaya dene biola 31. Ing taun 1913 wonten ahli loro saka Pakualaman Ngayogyakarta diundang khusus kanggo njembarake tebane seni karawitan ing Walanda. Ahli loro asmane R.M Yojana lan R.M. Nata Suroto mau kabare nate ketemu R. Soewardi Soeryoningrat utawa Ki Hajar Dewantara kang rikala semana dipidana buwang menyang Amsterdam dening pemerintah colonial Walanda, amarga perjuwangan pergerakane dianggep ngrugekake penjajah Walanda. Kabare kala semana Ki Hajar Dewantara uga aktif makarya ing babagan seni bebarengan priyayi loro saka Pakualaman mau. Malah ana katrangan yen Ki Hajar Dewantara nate mbeksa “Gandabaya” ing Amsterdam. Miturut wacan ing dhuwur kalebu jinis teks.... A. narasi B. persuasi C. eksposisi D. deskripsi E. argumentasi 32. Bangsa Indonesia wis samesthine bombong dene nduweni warisan budaya kang maneka warna. Warisan leluhur kang kasebut ing antarane yaiku gamelan. Ing Jawa Tengah, gamelan wis dimangerteni masyarakat wiwit jaman paprentahan kraton lan ing wektu iki terus ngrembaka. Sing gawe mongkok kanyatan gamelan Jawa ora mung kawentar ing Nuswantara ananging uga kawentar nganti mancanegara. Tuladhane gamelan kang miturut konstruksine kalebu kulawarga gender utawa dijenengi gender panembung. Nanging nduweni wilahan cacahe padha karo wilah saron uga nduweni oktaf paling endhek yen katandhingake kelompok instrument saron. Nitik saking teks ekposisi ing dhuwur nuduhake jinising alat musik gamelan…. A. slenthem B. saron barung C. saron penerus D. bonang barung E. bonang penerus 33. ?[dkSsi ..... aibukumnT|. A. Ap]il\ B. apRil\ C. ap]il\ D. Ap}l\ E. Ahp]il\ 34. Kumbakarna kinen mangsah jurit Mring kang raka sira tan lenggana Nglungguhi kasatriyane Ing tekad datan purun Amung cipta labuh nagari



SOAL UTAMA USBN B.JAWA TH 2017/2018



11



Lan nolih yayahrena Myang luluhuripun Wus mukti aneng Ngalengka Mangke arsa rinusuk ing bala kapi Punagi mati ngrana Nitik saking teks Dhandanggula kasebut patuladhan kang boten trep saking Kumbakarna yaiku.... A. wani bela bebener B. dadi prajurit kudu tansah siyaga mbela negarane C. ora bakal mundur menawa durung mrantasi kamurkan D. dadi prajurit kudu setya ing janji senajan kudu nganti nemoni pati E. kepentingan pribadi luwih ditengenake tinimbang kepentingan bangsa 35. Wonten malih kinarya palupi Suryaputra Narpati Ngawangga Lan Pandhawa tur kadange Len yayah tunggil ibu Suwita mring Sri Kurupati Aneng nagri Ngastina Kinarya gul-agul Manggala golonganing prang Bratayudda ingadegken senapati Ngalaga ing Korawa Miturut teks Dhandanggula, patuladhan Basukarna kang trep, kajaba…. A. Basukarna minangka satriya kang ampuh B. Setya ing janji sanajan nemoni ing pati C. Basukarna kepengin numpes kadang Pandhawa D. Basukarna minangka satriya kang setya ing janji E. Satriya kang seneng aweh piwales kabecikane para Kurawa kang wis menehi drajad sarta maringi panguripan marang awake dhewe 36. Lire lelabuhan tri prakawis Guna bisa saniskareng karya Binudi dadi unggule Kaya sayektinipun Duk bantu prang Manggada nagri Amboyong putri dhomas Katur ratunipun Purunne sampun tetela Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji Suwanda mati ngrana Nilai guna kang kaandhut ing sajroning tembang ing dhuwur yaiku.... A. dadi prajurit kudu wani B. dadi prajurit kudu sugih C. dadi prajurit kudu pana,pinter lan trampil D. dadi prajurit ora kena mundur sadurunge mrantas kamurkan E. dadi prajurit pantang mundur sadurunge kasil nggayuh gegayuhane 37. Miturut wong Jawa menawa tangi turu kawanen dipercaya bakal.... A. ngadohake rejeki B. mbesuke bakal entuk ibu kuwalon



SOAL UTAMA USBN B.JAWA TH 2017/2018



12



C. praupan katon luwih tuwa tinimbang satenane D. kesamber bledheg kang satemene arep nyamber lelembut sing ana kana E. mbesuke si anak bisa dadi bocah sing nggiwar saka angger-anggering agama 38. Sendhang utawa sumur iku migunani kanggo memasak, ngombe, adus lan sapanunggale. Mula ajasepisan- pisan ngotori sumur mundhak kotor lan ora becik. Miturut ukara ing dhuwur wewaler kang trep yaiku.... A. aja jupuk banyu sumur B. aja ngombe banyu sumur C. aja reresik sumur mundhak gatel D. aja ngiduni sumur mundhak lambene suwing E. aja adus nganggo banyu sumur mundhak penyakiten 39. Jaman saiki kalebu jaman modern, era globalisasi. Wus akeh bocah-bocah kang ora gondhelan kabudayan Jawa. Amarga kathah medhia massa mertakake lan nggiyarake asil-asil budaya manca kangsaperangan akeh ora trep kalawan jati dhiri budaya Jawa, mloigine babagan etika. Nanging uga isih ana para generasi kang isih mancik utawa gondhelan marang budaya Jawa, kaya dene budaya wewaler.Sanajan wewaler iku kalamangsane ora tinemu nalar, nanging akeh sing percaya karo pitutur kasebut tuladhane “yen madhang aja sok nyisa,mundhak mati pitike”.



Miturut teks eksposisi ing dhuwur, nilai-nilai kang kaandhut ing wewaler “yen madhang aja sok nyisa,mundhak mati pitike”kang trep yaiku…. A. Ngurmati sing wis ngliwetke B. Nyisa sega kanggo pakan pitik C. supaya ngerti rekasane golek beras D. aluwung diternak tinimbang pitike mati E. yen mangan nyisa sing arep mangan sapa, dadi luwih becik imbuh tinimbang nyisa 40. ?@umBk/n bisniwsS[ka[khp]juritWnr, Ukara iku menawa disalin ing aksara latin yaiku.... A. Kumbakarna bisa newasake akeh prajurit wanara B. Kumbakarna bisa niwasake akeh prajurit wanara C. Kumbakarna saged niwasake akeh prajurit wanara D. Kumbakarna bisaa niwasake akeh prajurit wanara E. Kumbakarna bisa niwasake kanthi akeh prajurit wanara II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi premati! Gawea sakparagraf, paragraf deskripsi babagan jajanan tradisional khas Jepara! Gawea wasana basa ing sesorah pengetan dina basa ibu. Pitutur apa kang ana ing pethilan geguritan ngisor iki. Sebutna 3 Layangan Pedhot Anggitan Fx Suyatno Kadya wong wuta kelangan teken Nubras nubras golek cahya Kanggo nembus petenge wengi Kang tansaya lelimengan Jumedhule rembulan ing tengah wengi Tansah dakantu-antu Amrih madhangi ati iki Kang tansah rinujit tatu



SOAL UTAMA USBN B.JAWA TH 2017/2018



13



Lintang-lintang kang abyor Tansah ngiwi-iwi Ngribedi jangkahku Kang lagi nututi layangan pedhot (Kapethik saka Panjebar Semangat 7 taun 2018) Adhedhasar gambar ngisor iki, gawea paragraf eksposisi!



Ukara ngisor iki tulisen aksara jawane miturut tanda wacan, aksara swara, aksara murda, aksara rekan, angka jawa kang trep! Siti lan zakiyah taun 2017 ketampa ing fakultas farmasi universitas Gajah Mada Yogyakarta. Bocah loro kang umure 19 taun kuwi lelungan bebarengan kanggo daftar ulang.



SOAL UTAMA USBN B.JAWA TH 2017/2018



14