Teks MC Syawalan [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

TEXT MC Assalamu’alaikum Wr. Wb



Alhamdulillah… Alhamdulillahirobbil’alamin… Wabihi nasta’inu ‘ala umuriddunya waddiin… Washolatu wassalamu’ala asrofil anbiya I wal mursalin… Muhammadin Wa’ala alihi wa shohbihi ajma’in… Poro sesepuh pinisepuh ingkang dahad kinormatan, poro bapak ibu ingkang satuhu kinabekten, soho poro konco lan adek-adek ingkang saestu kawulo tresnani . Kulo minongko pranoto adicoro Syawalan ing enjang puniko, wonteno keparengipun langkung rumiyen ngunjukaken pujo lan puji syukur kito dhumateng ngarso dalem Allah SWT, ingkang sampun paring mapinten kanikmatan khususipun iman, kawilujengan, kasarasan, satemah wonten enjang puniko, kulo lan panjenengan sedoyo, saged rawoh wonten ing papan puniko kanthi remening manah saperlu nindaki Syawalan . Sholawat soho salam mugi tansah kunjuk dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW lumeberno dhumateng kaluarga, sahabat, lan umatipun insya Allah kalebet kulo panjenengan sami. Aamiin



Poro bapak ibu lenggah sedoyo ingkang dipun Rohmati Allah, wonteno keparengipun kulo badhe ngaturaken rantamaning adicoro Syawalan ingkang badhe dipun lampahi ing enjang puniko : 1. Ingkang sepisan inggih puniko Kalam Illahi 2. Jangkep ingkang ongko kalih inggih puniko pambuko 3. Ndungkap ingkang ongko tigo laporan pertanggungjawaban ramadhan 1439 H ( sewu kawan atus tigang ndoso songo Hijriah) 4. Adicoro ingkang ongko sekawan inggih puniko ikror : a. Ikror ingkang sepisan saking wakil wiranem, b. Ingkang kaping kalih ikror saking wakil ibu -ibu, c. Ikror ingkang angka tigo saking wakil bapak-bapak 5. Adicoro ingkang pungkasan inggih menika panutup, kalajengakeng jabat asta



Mekaten poro bapak poro rawoh sedoyo menggah reroncening adicoro ingkang badhe dipun lampahi ing enjang puniko . Saklajengipun, kanthi tansah nyadong pangayomaning Gusti Allah SWT, mugi tumapak ing laksono, madyo dumugi wasono, mboten manggihi rubedo . Kepareng adicoro tumuli badhe kawiwitan : 1. Adicoro ingkang sepisan inggih puniko waosan ayat suci Al-Qur’an, ingkang badhe dipun salirani sederek Fajar Ramadhan dhumateng sederek Fajar Ramadhan kulo sumanggakaken . SodakaAllahal’adzim, mekaten wau pengaosan ayat suci dening sederek Fajar Ramadhan ka aturaken agunging panuwun sinartan dongo Jazakumullah khoiron katsiro . Insya Allah kanthi waosan ayat suci kolo wau ing wusono tambahing iman lan taqwa kito dhumateng Allah SWT . Amiin . 2. Jangkep adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko pambuko . Amrih rancaking adicoro ing enjang puniko, pramilo monggo Syawalan wonten ing enjang puniko dipun wiwiti kanthi waosan Basmallah sesarengan, kulo derekaken, Bismillahirrohmanirrohim Mugi kanthi waosan Basmallah puniko tumapaking adicoro samangkeh magyo suko reno kalis ing rubedo . Amiin . 3. Bapak, ibu, soho poro lenggah ingkang dipun rahmati Allah, Adicoro ingkang ongko tigo inggih puniko laporan pertanggungjawaban.  Laporan pertanggungjawaban inggih puniko saking Ketua Panitia Ramadhan 1439 H ( sewu kawan atus tigang ndoso songo Hijriah) dumateng Sederek Rahmat Ardhana , kulo sumanggaaken. 4. Saklajengipun adicoro ongko sekawan inggih puniko ikror,  Ingkang sepisan ikror saking wakil wiranem, dhumateng sederek Kevin Ahmad Anandy, wekdal sak cekapipun kulo sumanggakaken .  Ikror ingkang kaping kalih saking wakil ibu-ibu, dhumateng Ibu Sulastri, dumateng panjenenganipun Ibu Sulastri kulo sumanggakaken . Mekaten wau ikror saking wakil ibu-ibu, dhumateng Ibu Sulastri, kaaturaken agunging panuwun .  Ingkang ongko tigo ikror saking wakil bapak-bapak, dhumateng Bapak Wawan Rahayu dumateng panjenenganipun Bapak Wawan Rahayu kulo sumanggakaken . Mekaten wau ikror saking wakil bapak-bapak, dhumateng Bapak Wawan Rahayu kaaturaken agunging panuwun . 5. Poro bapak poro ibu soho poro lenggah ingkang dipun Rahmati Allah SWT, adicoro ingkang pungkasan inggih puniko panutup,



Sakderengipun adicoro puniko dipun tutup, kulo ingkang ka kersaaken nderekaken lampahing adicoro Syawalan , mbok bilih wonten perkawis ingkang kapenggalih, kirang anuju prono, soho jangkeping toto kromo, kulo namong nyadong lumuturingsih pangapunten Pungkasaning atur, sak sampunipun adicoro panutup puniko sakmangkeh, kasuwon poro lenggah sedoyo sami jawat asto utawi salam-salaman. Monggo adicoro wonten ing enjang puniko dipun syukuri kanthi waosan tahmid sesarengan kulo derekaken : Alhamdulillahirobbil’alamin Billahi taufik wal hidayah Wassalamu’alaikum Wr .Wb Infaq Kulo lan panjenengan sami wonten ing enjang meniko makempal Rp ....................................