Dumadine Kutha Magelang 3 [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh Dipun tepangaken nami kula TYAN PRASETYA RAMADANI Kula saking SDN Ngawonggo 1 Kecamatan Kaliangkrik. Dinten menika kula badhe ndongeng, ingkang irah-irahnipun “DUMADINE JENENG KUTHA MAGELANG”. Katerjemahke saka buku “Asal Mula Kota Magelang” dening Sri Rejeki, S.Pd. Jaman mbiyen, Kerajaan Mataram sing dipimpin Panembahan Senopati kuwi kerajaan sing gedhe lan maju. Panembahan Senopati pengen nggedekake wilayahe Banjur nyuwun pendapat Ki Gedhe Pamanahan. Akhire padha setuju mbabat alas ing kedu. Alas kui angker, dikuasai kerajaan jin. Rajane yaiku Jin Sepanjang. Jin Sepanjang kui awake gedhe, rupane medeni, lan sakti. Ora ana sing wani karo Jin kui. Panembahan Senopati ngutus Pangeran Purbaya dadi Senopati perang gawe mbabat alas ing Kedu. “Pangeran Purbaya, kowe lan pasukanmu tak utus gawe mbabat alas ing kedu ya?” (Panembahan Senopati) “Sendiko dawuh Panembahan.” (Pangeran Purbaya) Nalika mbabat alas ing Kedu, kedaden perang geden antarane Pangeran Purbaya karo Jin Sepenjang. Pangeran Purbaya lan pasukanne menang, nanging Jin Sepanjang kabur. Sakbanjure kuwi, alas Kedu malih dadi desa kang makmur lan endah. Kyai Kramat lan Nyai Bogem urip ing desa kui. Dhewekke gadhah putra kang ayu tenan, jenenge Rara Rambat sing banjur dadi garwane Raden Kuning salah sijine prajurit kerajaan Mataram. Ing sawijining dina, Kyai kramat ketekan uwong kang jenenge Santa. Santa pengen ngabdi dening Kyai Kramat. Kyai Kramat seneng, Amarga Santa wonge sopan, alus lan nunjukake kelakuan kang apik. Nanging Kyai Kramat ora ngerti, Santa kui jebule Jin Sepanjang arep males dendame. Santa nganggo kekuatan sihir gawe nyebar macem-macem penyakit. Akibate, masyarakat kena wabah penyakit aneh lan mateni. Akeh wong mati, uga prajurit.



Ngertos khahanan iku, Pangeran Purbaya prihatin. Mula enggal sanjang marang Penembahan Senopati. Banjur Panembahan Senopati tapa kontak karo Ratu Pantai Kidul. Sawise tapa, Panembahan Senopati ngerti penyebabe wabah penyakit sik nyerang desa Yaiku merga sihire Jin Sepanjang. Panembahan Senopati ngutus Pangeran Purbaya gawe nggoleki Jin Sepanjang. “Pangeran Purbaya, golekna Jin Sepanjang sik lagi nyamar ing desa kuwi” Pangeran Purbaya banjur nemoni Kyai Kramat, Saperlu nyeritakke iku. Santa krungu ngendikane Pangeran Purbaya lan Kyai Kramat langsung mlayu. Kyai Kramat ngoyak Santa dewekan, nanging Kyai Kramat kalah lan seda. banjur panggonan sik gawe ngubur Kyai Kramat dijenengi desa Kramat. Nyai Bogem ngamuk ngerti garwane seda langsung ngoyak Santa, Nanging Santa luwih kuat, Nyai Bogem kalah. Banjur papan panggonan sik gawe ngubur Nyai Bogem dijenengi desa Bogeman. Temenggung Mertoyuda lan Senopati Krincing sik diutus Pangeran Purbaya ora bisa ngalahke Santa. Temenggung Mertoyuda akhire seda dimakamke ning papan sik dijenengi desa mertoyudan lan Senopati krincing ning desa Krincing. Pati sawise pati ndadekake Pangeran Purbaya luwih nekat arep numpas Santa alias Jin Sepanjang. Dhèwèké mréntahaké pasukané kanggo mburu Santa. Santa mlayu menyang alas supaya ora konangan. Nganggo kesaktiane, Pangeran Purbaya bisa ndeleng Santa saka wit dhuwur. Pangeran Purbaya langsung mrentahke pasukanne ngurung ngubengi Santa kaya gelang gedhe supaya ora bisa kabur meneh. Dheweke langsung nyerang Santa, nyebabake perang gedhe. Amerga kekuwatan Pangeran Purbaya luwih gedhe tinimbang Santa. Akhire Santa mati ing tangane Pangeran Purbaya. Ing wektu iku, langit dadi ireng peteng ndedet karo matine Jin Sepanjang. Nalika Jin Sepanjang ilang lan alon-alon alas dadi padhang maneh. Papan panggonan sing nggo mati Santa banjur dijenengi Desa Santan. Jin Sepanjang sirna lan malih dadi tombak. Pangeran Purbaya ora kasengsem marang tombak kasebut, amarga asale saka makhluk sing ala. Dheweke dhawuh supaya nandur tumbak ing lemah. Saiki papan kasebut diarani Desa Sepanjang. Taktik Pangeran Purbaya yaiku kaya gelang, banjur daerah kuwi kasebut Magelang. Saking dongeng menika, Saged kapetik tuladha,



tumindak ala bakal kalah karo tumindak sik sae. Mula ayo para kanca padha tumindak sik sae. Semanten ingkang saged kula dongengaken. Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.