Dumadine Desa Karang Gede [PDF]

  • Author / Uploaded
  • feri
  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

DUMADINE DESA KARANG GEDE Kawiwitan saka paprangan antarane Singojiwo lan Wirogati kang rebutan wilayah. Sakwise wong tuwane tilar dunya, Singojiwo ngumbara lan mbukak alas. Alas kang dibukak Singojiwo jebul wis ana sing duwe yaiku Wirogati. Wirogati yaiku wong asli dhaerah kono kang sadurunge wis duweni kuwasa ana kono. Wirogati kang ngerti menawa alase ana sing mbukak, dheweke nemoni Singojiwo. Singojiwo ora trima menawa alas kang wis dibukak iku wis ana sing duwe yaiku Wirogati. Singojiwo kang duweni watek sesongar nantang gelut Wirogati, nanging Wirogati ora nanggepi tantangane Singojiwo. Wirogati lunga saka omahe tapa ana guwa nglungani paprangan tantangane Singojiwo. Wirogati bali lan olih wangsit supaya dheweke menehi alas kang wis dibukak marang Singojiwo kanthi pathok kanggo wates pekarangane lan supaya Singojiwo ora gawe sesongar ana desa iku. Dhasar Singojiwo, dheweke ngambani alas kang wis dadi pekarangane ngluwehi pathok nganti rong dusun. Perjanjen kang wis dadi sepakate wong loro iku dilanggar Singojiwo. Wirogati kang ngerti alase diambani marang Singojiwo, dheweke nimbali Singojiwo. Singojiwo ora netepi dhawuhe Wirogati. Singojiwo malah nantang gelut. Dheweke malah nduweni kekarepan, menawa dheweke kalah dheweke gelem mbalekake pekarangane. Nanging menawa sewalike dheweke menang, pekarangan kang wis dibukak lan ditambahi rong dusun iku dadi dhuweke. Wirogati nrima apa kang dikarepake Singojiwo. Paprangan antarane wong loro iku kaleksanan. Nalika perang, Singojiwo malih wujud dadi macan loreng lan Wirogati ora malih wujud nanging dheweke nitih jaran. Nganggo jaran iku Wirogati bisa ngalahake Singojiwo. Singojiwo kalah, nanging dheweke tetep ora gelem netepi janjine menehake alas pekarangan kang wis direbut. Wirogati kang nduweni watek nrima dheweke menehake pekarangan lan alas kang wis dibukak nganti rong dusun iku. Wirogati menang nanging dheweke ikhlas menehake pekarangan kang dijaluk Singojiwo. Wirogati menehi pekarangan iku kanthi panjaluk supaya anak putune bisa urip bebrayan ora ana sing padha gelutan. Saka kedaden iku, ora ana maneh paprangan antarane wong loro iku nganti anak putune. Menawa ana ya ora nganti geger. Dhaerah kang diduweni Singojiwo lan Wirogati dadi desa kang guyub. Desa Karanggede lan Desa Wirogaten arane. Karanggede nduweni teges karangan/pekarangan kang gedhe/amba. Desa Karanggede iku wiwitane saka pekarangane Singojiwo sing amba, mula diarani Karanggede. Menawa Desa Wirogaten, jeneng iku dijupuk saka jeneng Wirogati kang dadi patriote Desa iku. Sanjange para sesepuh desa loro iku leluhure iku yaiku Mbah Singojiwo lan Mbah wirogati sawektu-wektu menthengul. Mbah Singojiwo biyasane mujud singo kang menthengul ing wayah-wayah sandikala utawa wengi-wengi tartemtu. Menawa Mbah Wirogati, ora mujud nanging mujud swara jaran ngringik kang biyen-biyene titihane Mbah Wirogati. Singojiwo kang nduweni watek sesongar nyebabake anak turune mung dadi wong biyasabiyasa wae. Ora ana sing sugih banget utawa mlarat banget, ngalim banget utawa sewalike. Anak turune percaya, saumpama kepengin dadi wong gedhe kudune lunga saka desa iku. Beda karo wateke Mbah Wirogati kang nrima, anak turune Mbah Wirogati beda karo anak turune Mbah Singojiwo. Anak Turune Mbah Wirogati akeh kang dadi wong gedhe. Dadi desa kang makmur. ASAL USUL KALI BANTENG JamanmbiyenonorandasaktiasmaneNyaiBantengWareng.Deweketinggalningpinggir kali oraadohsakaLautJawa.OraonowongliyaretiasalusulerandakasebutlanmenopodewekedisebutNyaiBan tengWareng. NyaiBantengWarengtinggalninggubug sing sederhanakaroanaklanangesematawayang. OragumunNyaiBantengWarengtresnabangetmaranganakke.NengdiwaeNyaiBantengWarenglelungan anakkediajak.



GaweaneNyaiBantengWarengyaikudadipetani.Awaletanahingdaerahikuoraisohditanduri, amargakakeanngandungbanyuuyah.Tanduranopowae sing ditandurbakalemati. Tapi, amargakesaktianneeNyaiBantengWareng, tanahingdaerahikudadisubur. Saiki, justrusakwalike,opowaetanduran sing ditanduringdaerahikumestiurip. AmargakuimauNyaiBantengWarengkaroanakkeora tau kekuranganpanganan. AnakkeNyaiBantengWarengtambahgedhelansehat, kuliteireng, nangingwajahegantengbanget. Rasa tresnaneNyaiBantengWarengtambahgedhemaranganakke.Dinggonyenengakkeanakke, NyaiBantengWarengseringngajakanakkesabenesuklan sore lunganingpantai. IngkonoNyaiBantengWarengkaroanakkendelokpemandanganalam.Kadang, NyaiBantengWarengngentokianakkeadusninglaut.NyaiBantengWarengsenengbangetisohndelokanak keseneng.Nanging, ingwalik rasa senengikumaukeslempit rasa khawatirmaranganakke.AmargakuiNyaiBantengWarengoraonobosennengeipituturmaranganakke. Ingsisiliya , rasa tresnaanakkeNyaiBantengWarengmaranglautmakingedhe. Sabendinodewekkelungoninglautlanadusingkono, kadangnganti sore dewekkenembemulih. Saktekanneingomah, anaklanangikuceritamarangNyaiBantengWareng, yen mau pas awake mulihketemukarowongtua ,rambuteputihlannduwenjenggotngajakanaklanangemeludewekke. Mergaceritasakaanakkekuimau, NyaiBantengWarengoraisaturu.Dewekkepenasaran, sopowong sing diceritakakeanakkemau, selamaikiNyaiBantengWarengora tau kenalmarangwongliya. Sementaraiku, anakNyaiBantengWareng making seringlunganenglautlanmulih sore terus. Wes luwihsakatelung kali dewekkeditemoniwong sing podolanmestingajakdewekkedinggomeluwongiku. NyaiBantengWarengtambahkhawatirmaranganaksematawayangeiku.Amargakui, NyaiBantengWarengmutusake dingo bersemedi, nyuwunpitulungmarangGustiingkangMahaKuasasupayaoraonokedadeanopoopomaranganakkelanang. NyaiBantengWarenggumun, menopotekandina ke-5 dewekkesemedioraonotanda-tandapanyuwunneikudikabulke. Dewekkearepputusasa.Nanging, demi anaklanangsematawayangeiku, NyaiBantengWarengtetepngelanjutakesemedingantipinyuwunneikudikabulke.Nembeingdina ke-7 NyaiBantengWarengsemedi, pinyuwunnedikabulke. NyaiBantengWarengdiwenehijangkarbertalisupoyo dingo anakke yen areplungoadusninglaut. Esukke, NyaiBantengWarengareplungamenyangkebunditemonindisekanakkelanang.NyaiBantengWarengnge wenehijangkarbertalimaumaranganakkesupoyo dingo yen arepadusninglaut.SakpeninggaleNyaiBantengWareng, anakkemauoranggugupitutureibukke. Dewekkewesyakinmarangkemampuanrenangedadiorabakalonoopo-opomarangdewekke. OrasuwisakwiseanakkeNyaiBantengWarengrenang, onosuaragluduklanbledeknyamber-nyamber. Udanmidunderesbanget, anginekencenglanombakketambahgedhe. OraterkecualianakkeNyaiBantengWarengilangkeseretombak. NyaiBantengWarengmlayumenyangpantainggolekianakke, nanginganaklanangeoraketemu.SakaadohNyaiBantengWarengkrungusuaraanakkengomong“ Ibu……… nyuwunngapurane, kulambotennggugupitutureibu.” NyaiBantengWarengsekediklanmulihmenyanggubuge. Akhire, NyaiBantengWarengtibolorolanorasuwiNyaiBantengWarengsedainggubuge sing sederhanaingpinggir kali cedakLautJawa. Panggonanikusaikidisebut Kali Banteng. DUMADINE PEKALONGAN



Ing jaman biyen pesisir laut jawa sisih lor ana kampung cilik sing rakyate urip tentrem, terus ketekan bangsa dhedhemit sing seneng ngganggu, wong-wong ing kampung mau padha pindhah. Bareng ditinggal lunga kampung mau malih dadi alas gung liwang-liwung.



Ora ana jalma manungsa sing wani liwat, amarga ing kono anane mung kewan-kewan galak. Kayata celeng, asu, ula, macan, munyuk, lan liya-liyane. Alas mau dadi kerajaane bangsa lelembut, akeh wong sing liwat ing sakiwa tengene alas diweruhi yen alas utawa kara mau kutha gedhe ya ana pasare, ana perkampungane, lan ana pabrike sing akeh karyawane kaya ing donya iki. Salah sawijining dina ana pawongan sing duwe pikiran gawe petilasan sing besuke yen ana rejaning jaman mangku omah saanak putune. Papan kepenak iku ana ing sakiwa tengene alas gung liwang-liwung. Alas mau diarani alas Gambiran, merga ana wit gambir sing dhoyong ing pinggir kali gedhe lan umure wis tuwa nganti oyote wae tekan pertapane Ki Ageng Cempaluk ing Kesesi. Pawongan sing duwe pikiran gawe petilasan utawa pertapan mau ora liya yaiku putrane Ki Ageng Cempaluk Kesesi sing aran Ki Baureksa. Miturut critane wong pinter sing manggon ing cedhake alas, aja wani-wani babad alas Gambiran amarga ing kono ana ratuning lelembut sing ora seneng yen panguasane diganggu utawa dirusak sing wani mbabad alas bakal mati. Nanging Ki Bahureksa tetep kepingin mbukak pertapan ing alas Gambiran. Kanggo mujudake tujuwane Ki Baureksa kudu ngadhepi bangsane lelembut ing alas iku. Kamangka Ratuning lelembut ing alas iku Dewi Lanjar sing ora liya mantune Nyi Lara Kidul sing kondhang dadi ratuning laut kidul. Nalika Ki Bahureksa wiwit babad alas, ana wadya bala lelembut sing laporan karo Dewi Lanjar. Krungu laporan mau Dewi Lanjar ora trima, dheweke banjur ngongkon wadyabalane ngendhegage pakaryane Ki Bahureksa wadyabalane Dewi Lanjar terus ngendhegage pakaryane Ki Bahureksa kanthi cara njelma dadi ula medenmedeni Ki Bahureksa. Ki Bahureksa ora sanggup ngadhepi wadyabala lelembut mau amarga Ki Bahureksa ora ngerti carane ngusir lelembut sing ora katon . Dheweke bingung kaya wong edan ing jero atine mung mikir piye carane ucul saka gangguan mau, Ki Bahureksa banjur bali menyang Kesesi. Para lelembut banjur bali menyang kraton tugase wis rampung, bisa ngusir Ki Bahureksa saka Alas Gambiran. Sawise tekan Kesesi ki Bahureksa nemoni Ki Ageng Cempaluk lan nyritakake kahanan sing wis kadaden. Krungu critane putrane Ki Ageng Cempaluk banjur semedi, ing semedine Ki Ageng Cempaluk entuk wangsit sing munine yen pengin ketemu karo Dewi Lanjar kudu tapa kalong ing wit gambir sing ana ing alas Gambiran. Wangsite mau banjur dikandhakake karo ki Bahureksa. Krungu pituture bapake Ki bahureksa banjur mangkat maneh menyang alas Gambiran lan langsung tapa kalong. Jalaran saka tapa kalong iku Ki Baureksa sukmane bisa ketemu karo Dewi Lanjar. Ing kono Ki Baureksa njlentrehake niate nanging Dewi Lanjar ora ngentuke yen diuthik panguwasane. Ing kono Ki Bahureksa banjur perang karo Dewi Lanjar, perang mau dadi perang sing gedhe amarga loro-lorone padha sektine. Kanthi kapitayane Ki Baureksa sing kulina tapabrata lan olah kanuragan tur dhasare putrane Pandhita kejawen nekad tapa kalong ing wit gambir iku. Merga tekate Ki Baureksa wis manteb dheweke bisa nandhingi kapitayane Dewi Lanjar, Ing kono Dewi Lanjar ngakoni yen dheweke kalah pungkasane Dewi Lanjar ngijini Ki Bahureksa mbukak alas Gambiran kanggo papan pertapan lan dununge anak putune Ki Baureksa, nanging Ki Bahureksa kudu gelem dadi bojone Dewi Lanjar, Ki Bahureksa nyaguhi sarat mau. Papan sing dienggo tapa ngalong mau banjur didadekake desa Pekalongan saka tembung kalong. Nanging ana wadya bala sak bangsa lelembut sing ora trima marang keputusan mau lelembut mau jenenge Kala Warti. Kala Warti banjur gelut karo Ki Bahureksa, Ki Bahureksa sing ora siap kalah ngadhepi amukane Kala Warti amarga rumangsa wis kepepet Ki Bahureksa banjur mlayu saka kono nanging Kala Warti isih ngoyak terus, untunge Ki Ageng Cempaluk teka lan ngewangi Ki Bahureksa ngadhepi Kala Warti. Kanthi kasektene Ki Ageng Cempaluk, Kala Warti kasil dikalahake lan dipateni.



Sawise kadaden mau Ki Bahureksa banjur kawin karo Dewi Lanjar ing pesisir wong-wong nganankake sukuran amarga Ki Bahureksa kasil mbukak alas Gambiran kanggo perkampungan. Saya suwe desa mau saya rame akeh wong padha teka numpak prau layar, prau-prau mau padha ngranjing ing pinggiring pantai, banjur papan mau diarani pelabuhan Boom. Wong sing teka umume para pedhagang saka Tiongkok. Nanging karo Ki Baureksa mung diijini dagang ing Pekalongan sisih lor orakena ngidul. Seprene para among dagang keturunan Tiongkok akeh manggon ing sisi lor. Rikala semana Ki Baureksa lakune saka lor selot ngidul mengko dadine kutha manut lakune Ki Baureksa saka lor tekan kidul.



DUMADINE JATIJAJAR Wektu jaman biyen ing Bogor wonten praja kang ageng ratune jejuluk Prabu Siliwangi. Prabu Siliwangi duwe putra telu yaiku Banyak Cotro, Banyak Ngampar lan Banyak Blabur. Sak wijining wektu Prabu Siliwangi nimbali kang putra Banyak Cotro. Sang Prabu sedya anglengseraken Panguwasane marang Banyak Cotro. Banyak Cotro durung kersa awit rumaos dereng cekap ngelmunipun uga durung krama. Dheweke duwe karep ngulandana njajah praja milangkori. Kanthi nyandhang lumrahe wong desa lan gantos jeneng Raden Kamdaka, Banyak Cotro ngulandoro ngantos dumugi ing kadipaten Pasir Luhur. Piyambakipun sinengkake minangka putra sang Patih Reksonoto. Nalika wonten upacara anjara iwak ing kali Logawa datan konyana-nyana Raden Komandaka ketemu karo Dewi Ciptoroso putra-putrinipun pangunwaos pasir luhur Adipadi Kanandoho. Dasar Raden Komandoko bagus pasuryane lan Dewi Ciptoroso putri kang sulistro ing warni sakarone padha nduweni rasa tresna. Nanging, Adipadi Kanandoho ora sarujuk banjur ngutus marang prajurite supaya nyekel Raden Kamandoko. Kanthi pitulunganipun Patih Reksonoto Raden Kamandoko bisa lolos saka pambujunge prajurit Pasir Luhur. Deweke njegur ana ing kali. Prajurit Pasir Luhur ngira yen Raden Kamandoko wis tumekeng pati. Sakwise mangerteni manowo Raden Kamandoko wis mati Adipati Kanandoho bungah banget penggalihe, nanging Dewi Ciptoroso tansah sanget nandhang sungkawa. Sakwise njegur ing kali Raden Kamandoko keli nganti tekan ing Desa Panagih. Ing kono Raden Kamandoko diaku anak karo mbok Rondo Rektosuro. Mbok Rektosuro gadhah jago sing dijenengi “Mercu”. Raden Kamandoko seneng karo “Mercu” Sabanjure Raden Kamandoko seneng aben sawung saben-saben diadu “Mercu” tansah menang, mula Raden Kamandaka kondang kaloko nganti tekan ing Kadipaten Pasir Luhur. Pawartane Raden Kamandoko nganti kepireng karo Adipati Kamandoho. Sang Adipati kabranang ing galih sareng uninga bilih Raden Kamandoko taksih urip. Mula banjur utusan Silih Warni yaiku nom-noman kang badhe magang prajurit Pasir Luhur. Dheweke bisa ditampa dadi prajurit lamun bisa nyekel Raden Kamandoko. Silih Warni sigra mangkat menyang Desa Panagih dikantheni para prajurit Pasir Luhur. Silih Warni nantang Raden Kamandoko adu jago. Naliko jago lagi tarung Silih Warni nubles bangkekane Raden Kamandaka nganggo keris Kujang saka mburi. Saka kasektene, Raden Kamandoko bisa mbrobos ilang saka Silih Warni mula panggonan iku banjur dijenengi Desa Brobosan.



Raden Kamandoko terus mlayu ngetan nganti tumeka panggonan kang buntu. Panggonan mau banjur dijenengi Buntu. Silih Warni sak wadya balane terus ngoyak Raden Kamandoko. Raden Kamandoko terus mlayu nganti tekan ing gua. Ing kono Kamandoko ngaso sawetoro. Ora suwe banjur Silih Warni nututi tumeka ing gua iku. Silih Warni nantang perang tanding karo Raden Kamandoko. Raden Kamandoko banjur ngakoni “Sejatine dudu Kamandoko nanging Banyak Cotro Putra Prabu Siliwangi ing Pajajaran. Aku lagi nyamar dadi wong lumrah” kandhane Kamandoko. Silih warni, “Apa bener ?” Kamandoko, “Ya bener, aku Banyak Cotro”. Silih Warni, ”Aduh Kakang kulo kang rayi, Banyak Ngampar, Romo ngutus aku supaya nggoleki Kakang”. Saklorone banjur rerangkulan. Papan kang minangka ketemu dijenengi Gua Jatijajar amethik saka tembung Pajajaran.



DUMADINE KAMPUNG DARA TIDAK ADA



ASAL USULE BANYUASIN



Kacarita, Tumenggung Suryonagoro kagungan putra loro asesilih Udomenggolo lan Noyodipo. Putra loro-lorone saben dina digladhi ngelmu ulah kanuragan lan ngelmu kaprajan minangko kanggo nyulihi ramane dadi tumenggung. Dheweke digadhang supaya bisa dadi tumenggung, nanging ing jero ati ora sreg amarga dadi tumenggung iku uripe sarwa kecukupan, kamangka wektu iku rakyate isih urip sengsara. Sawijing wengi, Udomenggolo lunga saka katemenggunan kanthi sangu kang mepet. Adhine kang tansah nresnani kakange uga melu ngancani lunga. Suryonegoro kang sawise ngerti menawa anak lorone wis ora ana ing omah. Dheweke rumangsa kelangan banget amarga bocah loro mau pancen ditresnani. Tumenggung Suryonegoro nggoleki putrane awan bengi ora lerenleren. Lakune mengulon saka Ngayojakarta. Tumenggung Suryonegoro wis tekan ing satunggaling kali kang cawang loro yaiku cawang ngalor lan cawang mengulon. Nanging kurang luwih sekiloan cawang kali mau nyawiji dadi siji maneh. Cawang kali kang mengalor sing dienggo ngaso Suryonegoro karo abdine. Nalika arep masak kanggo dhahar, uyah sing digawa saka kraton wis entek, abdine banjur bingung. Tumenggung Suryonegoro iku klebu wong sekti mandraguna, banjur dheweke ngetokake encis (keris cilik) lan dituncepake ing lemah banjur metu banyune kang rasane asin lan kena kanggo masak. Banyu kang rasane asin kuwi suwe-suwe dadi gedhe lan amba. Atine tumenggung Suryonegoro ora penak menawa tuk banyu kuwi dinengke wae pungkasan tlatah kono bakal kemelem dening banyu kanga asin.



Sawijing dina Suryonegoro banjur menyang alas golek kebo belang kang ancase arep disembelih lan endhase kanggo mepeti tuk banyu, sawise disumpeli bisa mampet ora metu banyune asin. Nanging amarga saking kuwate banyu kang muncrat ing njero lemah, mula banyune njebol ing ereng-ereng gunung sakidule lan dadi sumur kang banyune asin. Ora let suwe tumenggung Suryonegoro kasil bisa ketemu karo putra lelorone kanthi slamet, nanging tetep ora gelem bali menyang kraton lan manggon ing kono. Wusanane Suryonegoro bali menyang kraton dhewekan mung karo abdine lan dadi tumenggung ing kraton maneh nganti tekan sedane. Putrane kang aran Udomenggolo lan Noyodipo tetep manggon ing kono. Papan panggonane tumenggung Suryonegoro tekan saiki diarani Pesanggrahan lan saiki dadi omah dhinese camat Loano. Amarga papan kono biyene ana tuk kang rasane asin awujud sumur, mula tlatah sakupenge kono diarani desa Banyuasin kalebu wewengkon kecamatan Loano kabupaten Purworejo. Wondene sumur kang asin mau isih ana ing desa Banyuasin Separe kang iline banyu diarani kali Jebol. Dadi wong kang dadi cikal bakale desa Banyuasin yaiku Udomenggolo lan Noyodipo kang disarekake ana ing pesarean Bonang, Krajan, Banyuasin Separe. ASAL USULE GUNUNG TIDAR Gunung Tidar dumunung ing Magelang Jawa Tengah, Tidar mujudake gunung kang cilik kang luwih memper gumuk. Senajan mung gunung kang cilik ananging ora kalah moncere saka gunung Merapi utawa Gunung Merbabu. Kon ora moncer piye yen gunung cilik kuwi disebut-sebut dadi pakuning tanah Jawa. Kepriye rarahane nganti Tiadar, gunung kang cilik kuwi disebut minangka pakuningntanah Jawa? Salah sawijining sumber nyritakake kaya ing ngisor iki: Rikala jaman kuna, amarga wujude cilik, Tanah Jawa kuwi kampul-kampul ing tengah laut, kerep ngolah-ngalih amarga katut ombak. Malah kadangkala yen mangsa ombak gadhe pulo Jawa iki kerep ilang amarga temangsang ing pulo-pulone liya kang luwih gedhe. Ngolah-ngalihe Tanah Jawa mau kerep gawe bingunge para dewa kang arep sowan marang Kyai Semar, kacarita ndek jaman semana Kratone Semar kuwi ana ing Tanah Jawa. Salah sawijining dina, Para dewa ing Khayangan arep padha nganakake rembugan. Ngrembug babagan uripe manungsa ing alam donya iki, gegayutan karo perkara mau para dewa konkonan rewange kanggo marani Semar supaya teka menyang Khayangan saperlu melu rembugan. Anangin merga sewengi ombake gedhe banget, utusan mau ora bisa nemokake pulo Jawa. Utusan mau bali maneh ing kayangan banjur matur bilih pulo Jawa ilang, digoleki ing kiwa-tengene meksa ara ana.



DUMADINE WANASALAM TIDAK ADA



DUMADINE DESA BATURADEN iyen ana Kadipaten sing jenenge “Kutaliman” sing nggone ana 10 km kulone Baturraden. Adipati nduweni anak wadon lan game (pembantu sing njaga jaran). Salah sijining anak wodone seneng karo



gamel kuwi. Adipati wis krungu yen anake nduwe rasa karo gamel, banjur gamel lan anak wadone diusir saka Kadipaten. Ing ndalan dheweke nglahirna bayi ing cedhak kali, banjur kaline dijenengi “Kaliputra”. Nggone kira-kira 3 km saka lore Kutaliman. Wong loro kuwi nemu nggon sing apik kanggo mbangun omah sing