Jenis Jenis Layang Dalam Bahasa Jawa Beserta Pengertian Dan Contohnya [PDF]

  • Author / Uploaded
  • maria
  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Jenis Jenis Layang dalam Bahasa Jawa Beserta Pengertian dan Contohnya



Nah Di dalam bahasa jawa tentunya kita akan membahas tentang surat tetapi dalam bahasa jawa surat dinamakan sebagai Layang (bukan layangan). sama seperti lainya, surat di bagi menjadi berbagai jenis, ada surat pribadi, resmi, surat untuk pernikahan, surat khitanan dan lainya. Dalam bahasa jawa nama dari jenis surat itu pastinya berbeda dengan Bahasa indonesia, seperti layang kitir, paturan, dan lainya. JINIS-JINIS LAYANG DALAM BAHASA JAWA Layang minangka salah sawijining sarana komunikasi kang saiki isih akeh dienggo. Kuwi jalaran ragad kang dienggo ngirimake luwih murah tinimbang sarana komunikasi liyane. 1.      Layang Kitir Layang Kitir yaiku layang kang isine cekak tur aos. Kang ditulis ana ing layang kitir mung apa kang perlune wae. Contoh Layang Kitir Katur mas bayu ing dalem Wiyose mas yen ndadekake keparenging penggalih lan ora pinuju kagem piyambak aku nyuwun ngampil kagunganmu sepedha motor , arep dakenggo tilik sedulur kang lagi lara ing rumah sakit ngesti waluya parakan . Dene anggonku mbalekake mengko bengi Parakan ,22 nopember 2009 Adhimu Sunaryo



2.      Layang Ulem Layang Ulem yaiku layang kang ngaturi rawuh marang wong kang dikirimi layang. Upamane layang ulem nikahan, sepitan, utawa syukuran. Contoh Layang Ulem



Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing Syukuran supitipun anak kula jaler kekalih, mbenjang ing: Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi] Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah Alip 1939] Pukul : 09.00 enjang Papan : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan, temanggung Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget nuwun. Salam taklim, Sela Darmaji Kekalih



3.      Layang Lelayu Layang lelayu yaiku layang kang isine ngabarake kesripahan marang sanak sedulur. Biasane layang lelayu iku kapacak ana ing layang-layang kabar kang abasa Jawa kayata: Mekar Sari, Jaya Baya, Djaka Lodang, lsp.       Contoh Layang lelayu    Innalillahi wa inna ilaihi roji’un Sampun tinimbalan sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr. Sardjito nalika dinten Ahad kliwon, 24 Desember 2006 (3 Besar alip 1939) pukul 11.50 siyang, Bapak/embah sutresna: KI MANGKUSASMITA (Yuswa 80 taun) Layon badhe kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2006 pukul 14.00 Ngayogyakarta, 24 Desember 2006 Ingkang duhkita *Nyi Mangkusasmita (garwa) *Brayat Mangkutana, SH. (putra)



*Brayat Mangkurati, SPd. (putra) *Brayat Sumargana (raka) *Brayat Parengkuan (rayi)



4.      Layang Iber-iber (layang Pribadi) Layang iber-iber yaiku layang kang isine aweh pawara, katrangan, pitutur lan pamrayoga, darbe panyuwun sawijining bab pandonga lan sapanunggalane saka wong enom marang wong tuwa utawa kosok baline. Contoh Layang Iber – Iber Kang pandonga marang anakku irawan ing jakarta wiyose ngger , sarehne sok sasi ngarep iki adhimu arep disunatake,mula yen ora ana alangan siji apa kowe muleh sagurunge tanggal sepuluh , seperlu arep dakjak urun rembug. Wasana banget ing pangarep – arep ku , lan sapungkure layang iki kabeh kaluwarga Tansah ginanjar slamet Parakan. 22 nopember 2009 Wong tuamu : Suradi 5.      Layang dhawuh Layang dhawuh isine prentah saka wong sing pangkate luwih dhuwur marang andhahane utawa sing pangkate luwih cendhek. (Surat perintah, yaitu surat yang berisi perintah dari atasan kepada bawahan) Contoh Layang dhawuh Para siswa kang tansah daktresnani, Sesambetan kaliyan pengetan dinten Kamardhikan kaping 69 Republik Indonesia, OSIS SMA Negeri 2 Surabaya badhe dherek-dherek ngrameaken. Awit saking punika, OSIS ngawontenaken kagiyatan Lomba Maca lan Nulis Geguritan ingkang badhe kalaksanaaken benjing: Dinten : Jemuah – Setu Surya : 15-16 Agustus 2014 Tabuh : 08.00 dumugi paripurna Papan : Gelora 10 Nopember Tambaksari Surabaya Pramila, para siswa ingkang badhe dherek lomba supados daftar ing sekretariat OSIS kaliyan Sdr. Bagus Pramono utawi Sdri. Indah Pratiwi wara-wara punika, sageda dipun leksanakaken



kanthi saestu. Matur nuwun. Surabaya, 8 Agustus 2014 Ketua OSIS, Tanda Tangan M. Asyrofi Pramono



Layang paturan Layang paturan yaiku layang sing dikirim andhahan marang ndheduwuran.  Tuladhane pak lurah ngabari marang pak camat yen ing desane lagi ana garong, padudon, utawa kobongan. Contoh kagem para peserta Kanggo kabeh peserta saka lomba perayaan ing Indonesia Kamardikan hajat dina ing 17 Agustus 2013 ing desa Shoots tresnaa, Heart Kembang Distrik, Distrik Sang Roh Suci, kanggo ora ngapusi nalika lagi diputer, amarga lomba perampokan lomba bakal dirawuhi dening Pak Kepala lan bakal diterbitaké ing budaya Metro bagean . Nuwun Panitia lomba Layang dhines, yaiku layang kang isine bab kang magepokan karo pamarentah, dikirimake saka kantor-kantor pamarentah marang kantor-kantor liyane utawa marang wong kang ana sesambungane karo pamarentah.