Kawruh Basa Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

MATERI PELAJARAN KAWRUH BASA A. DASANAMA Dasanama yaiku tembung pirang-pirang kang duwe teges siji utawa padha. Tuladha anak : atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga angin : bajra, bayu, maruta, pawana, samirana, sindung riwut. ati : driya, galih, manah, nala, kalbu, prana, tyas, wardaya. awak : angga, badan, salira, sarira, raga. bapak : bapa, sudarma, sudarmi, rama, yayah banyu : her, warih, ranu, sindu, tirta, we, jala bodho : blilu, dama, mudha, kumprung, koplo, jugul, pengung, punggung bumi : bantala, bawana, buwana, basundara, jagad, mandhala, pratala, paratiwi, siti, kisma buta : asura, danuja, denawa, ditya, diyu, raseksa, yaksa, wil dalan : delanggung, enu, gili, lurung, marga, margana, sopana dewa : apsara, apsari, bathara, dewata, sura, hyang, jawata, widadara gajah : asti, dipa, dwipangga, dirada, esthi, liman gawe : kardi, karya, karti, yasa geni : agni, api, apyu, brama, dahana, pawaka getih : ludira, marus, rah, rudira gunung : aldaka, ancala, arga, ardi, giri, himawan, meru, parwata, prabata, wukir ibu : biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi ireng : cemani, cemeng, jlitheng, kresna, langking iwak : matsura, mina, ulam jaran : aswa, kapal, kuda, turangga, undhakan, wajik jeneng : asma, aran, jejuluk, rum-rum, wewangi, tetenger kali : lepen, narmada kaya : kadi, kadya, lir, mimba, pendah, pindha keris : curiga, cudrik, katga, patrem kethek : juris, kapi, palwaga, rewanda, wanara, wre kreta : rata, ratangga, pedhati, wirnana, yana kraton : dhatulaya, kedhaton, pura, puri kuning : jenar, kapuranta, pita lanang : jaler, jalu, kakung, priya langit : akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang,  widik-widik, wiyati, wyat lara : gerah, gering, roga, sakit lintang : kartika, sasa, sasadara, sudama, taranggana, wintang macan : sardula, sirna manuk : kaga, kukila, paksi, peksi mata : eksi, mripat, netra, paningal, soca mati : antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, murud, palastra, seda mayit : bangke, jisim, kunarpa, kuwandha, sawa, wangke misuwur : kajuwara, kaloka, kalok, kawardi, kawentar, kaonang-onang, kombul, kondhang, kongas, kontap omah : graha, panti, wisma, yasa padu : crah, congkrah, kerengan, padudon, sulaya panah : astra, bana, jeparing, naraca, sara, warastra pandita : ajar, dwija, dwijara, maharsi, resi, wiku, wipra, yogiswara peni : apik, becik, edi, endah perang : yuda, jurit, laga, pupuh, rana, branta yuda pinter : guna, lebda, limpat, wasis, widagda, widura, wignya



ratu : aji, buminta, bumipala, dhatu, katong, naradipa, narpati, narendra, nareswara, nata, raja, sri, sribupati rembulan : badra, candra, sasadara, sasangka, sasi, sitaresmi, sitengsu, wulan sedih : dhuhkita, kingkin, rudhatin, rudhita, sungkawa, susah, tikbra, turidha, wigena segara : ernawa, jalanidhi, jaladri, samudra, tasik slamet : basuki, raharja, rahayu, swasta, yuwana, widada srengenge : arka, aruna, bagaskara, bagaspati, baskara, diwangkara, pratangga, pratanggapati,  pratanggakara, radhite, raditya, rawi, surya ula : sarpa, sawer, naga, taksaka wadon : dayinta, dyah, estri, juwita, kusuma, retna, rini, wanita, wanodya, gini, putri weruh : anon, priksa, udani, upiksa, uninga, wikan, wrih wicara : catur, gunem, ucap, uni wong : jalma, jana, janma, manungsa, manus, nara B. Kereta basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane,  utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk. Tuladha anak : kabeh kekarepane kudu ana lan sarwa kepenak bapak : bab apa-apa sarwa pepak (ngelmune lan pengalamane) batur : ngembati (nindakake) pitutur bocah : mangane kaya kebo, pegaweane ora kena dicacah brekat : apa-apa brak-brek banjur diangkat cangkir : nyancang pikir cengkir : kencenging pikir Desember : gedhe-gedhene sumber dongeng : dipaido ya keneng (kenging) garwa : sigarane nyawa gedhang : digedeng yen bar madhang gelas : yen tugel ora kena dilas gerang : segere wis arang-arang guru : digugu lan ditiru Januari : hujan sehari-hari jaka : apa sing dikarepake kepengin enggal tumeka kaji : tekade mung siji kathok : diangkat mbaka sitok kodhok : teka-teka ndhodhok kutang : sikute diutang krikil : keri ing sikil kuping : kaku tur njepiping kupluk : kaku tur nyempluk kursi : mungkur anggone ngisi mantu : dieman-eman meksa metu maratuwa : mara-mara bereng wis tuwa piring : sepi yen miring prawan : yen pepara(lunga) ing wayah awan sepuh : sebdane ampuh semah : isen-isenne umah sirah : isine rah (getih) siti : isi bulu bekti sopir : yen ngaso padha mampir sruwal : saru yen nganti uwal ( ucul) tandur : olehe nata karo mundur tapa : tatane kaya wong papa (ora duwe apa-apa)



tarub : ditata supaya katon murub tebu : anteping kalbu tuwa : ngenteni metune nyawa wanita : wani ditata wedang : ngawe-awe kadang weteng : ruwet tur peteng C. RURA BASA Rura basa yaiku basa sing luput ananging dianggep lumrah ana ing basa padinan. 1. Tuladha adang sega sing bener adang beras supaya dadi sega mangan awan sing bener mangan sega ing wayah awan mbunteli tempe sing bener mbunteli dhele godhog kang wis dirageni menek klapa sing bener menek wit klapa mikul dhawet sing bener mikul angkring isi wadhah dhawet ndheplok gethuk sing bener ndheplok tela supaya dadi gethuk ndhudhuk sumur sing bener ndhudhuk lemah kanggo gawe sumur ndondomi klambi sing bener ndondomi bakal digawe klambi nganam klasa sing bener nganam pandhan/mendhong digawe klasa ngethok gedhang sing bener ngethok wit gendhang nguleng sambel sing bener nguleg lombok sakbumbune digawe sambel nunggu manuk sing bener nunggu pari supaya ora dipangan manuk nyangking banyu sing bener nyangking ember isi banyu D. HOMONIM LAN HOMOGRAF/ ekanama Homonim yaiku tembung kang padha penulisane, padha pocapane nanging beda tegese. 1. Tuladha : asma tegese a. jeneng, nama b. lara napas/mengi beton tegese a. isi nangka b. cor-coran semen, watu, krikil lan gesik bledug tegese a. anak gajah b. lebu sing katut angin catur tegese a. papat b. gunem, omong enggal tegese a. cepet, gelis age-age, ndhang b. anyar golek tegese a. araning wayang kayu/ boneka saka kayu b. ngupadi, ngupaya jumeneng tegese a. ngadeg b. dadi, madeg kala tegese a. jaring b. nalika, ndhek, wektu, wayah kalong tegese a. suda b. araning kewan kang saba bengi bangsane lawa kedalon tegese a. kewengen b. kematengen tumprp woh-wohan krama tegese a. rabi, omah-omah b. aturan labuh tegese a. araning mangsa sawise ketiga dadi rendheng b. minggir/mandheg tumpraping prahu



mundhut tegese a. tuku b. njupuk ngasta tegese a. mulang / nyambut gawe b. nggawa c. nggawe ngelih tegese a. luwe, weteng kosong b. mindhah ngukur tegese a. ngilangi rasa gatel nganggo kuku b. arep ngerti dawane utawa ambane sepet tegese a. arane rasa b. kulit klapa sekar tegese a. tembang b. kembang serat tegese a. layang b. garis/ototing kayu sura tegese a. araning sasi jawa b. wani kendel timur tegese a. enom, muda b. wetan wani tegese a. ora wedi, gelem b. nantang waja tegese a. untu b. araning wesi wayah tegese a. putu b. wektu, mangsa weling tegese a. araning ula b. wekas Homograf yaiku tembung padha penulisane, beda pacopane, beda tegese. meri tegese a. anak bebek b. iri geger tegese a. awak sisih mburi b. pereng apel tegese a. buah b. dolang neng kanca wadon E. PARIBASAN Paribasan yaiku unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. 1. Tuladha Adigang, adigung, adiguna : Ngendelekake kekuatan, keluhuran lan kepinteran. Ana catur mungkur : Ora ngrungokake omongan, guneman sing ala. Angon mangsa : Golek wektu kang becik/ prayoga. Anak polah bapa kepradhah : Wong tuwa bakal ngrasakake tumindhake anak. Becik ketitik ala ketara : Tumindak ala lan becik iku bakal ketara/dingerteni tembe mburine. Busuk ketekuk pinter keblinger : Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka. Ciri wanci lelai ginawa mati : Pakulinan ala ora bisa ilang yen durung mati. Cincing-cincing maksa klebus : Karepe arep ngirit ananging jebul entek akeh. Criwis cawis : Nyacad, akeh omonge ananging uga mrantasi ing gawe. Dahwen ati open : Nyacad nanging duwe pamrih. Desa mawa cara, negara mawa tata : Saben panggonan duwe cara dewe. Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan : Sanjan wong liya yen nandhang rekasa bakal



dibelani. Durung pecus keselak besus : Durung nyambut gawe nanging duwe pepenginan warna-warna. Entek amek kurang golek : Ngunek-unekake wong sakatoge. Garang-garing : Katone sugih nanging sejatine kacingkrangan/kekurangan Njajah desa milang kori : Lelungan tekan ngendi-ngendi Jalukan ora wewehan : Seneng njaluk ora gelem menehi Jer basuki mawa beya : Gegayuhan kudu nganggo ragad. Njunjung ngentebake : Ngalembana ananging niyate ngasorake. Kalah cacak menang cacak : Kabeh pegawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane. Kebat kliwat gancang pincang : Tumindak kesusu/grusa-grusu bakal ora kebeneran/gawe rugi. Keplok ora tembok : Melu seneng-seneng nanging ora melu ngetokake ragad. Ketula-tula ketali : Uripe ngrekasa banget. Kumenthus ora pecus : Umuk ananging ora sembada. Maju tatu mundur ajur : Prakara kang sarwa gawe ewuh. Mbuwang tilas : Ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni. Mikul dhuwur mendhem jero : Anak kang bisa njunjung drajate wong tuwa. Nabok nyilih tangan : Tumindhak ala sarana kongkonan. Nyolong pethek : Mleset saka pambatange. Pupur sadurunge benjut : Ngati-ati sadurunge nemu cilaka. Rawe-rawe rantas : Sing sapa ngalang-alangi malang-malang putung kekarepane bakal disingkirake. Rukun agawe sentosa : Rukun bisa dadi kuwat lan yen crah agawe bubrah cecongkrahan njalari ringkih. Sabaya mukti sabaya mati : Rukun nganti tumekaning pati. Sepi ing pamrih rame ing gawe : Nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih. Sing sapa salah seleh : Sapa sing salah bakal konangan. Sura dira jayaningrat lebur : Kekuatan sing gedhe bakal pangastuti sirna dening tumindak becik. Tega larane ora tega patine : Tega rekasane nanging isih menehi pitulungan. Tinggal glanggang colong playu : Ninggalake papan pasulayan, peperangan. Tulung menthung : Katone mitulungi nanging malah gawe rekasa sing ditulungi. Tuna sathak bathi sanak : Rugi bandha nanging bathi pasuduluran. Ulat madhep ati karep : Wis mantep banget kekarepane. Undhaking pawarta sudane kiriman : Kabar iku beda karo nyatane. Welas tanpa alis : Karepe ngeman nanging malah gawe kapitunan. Yitna yuwana lena kena : Sing ngati-ati bakal slamet dene sing sembrana bakal nemu cilaka. F. BEBASAN Bebasan yaiku unen-unen ajeg panggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa  kahanane wong. Tuladha Adol lenga kari busik : Andum barang marang wong liya nanging awake dhewe malah ora keduman. Aji godhong jati aking (garing). : Asor banget, ora ana ajine. Ancik-ancik pucuking eri : Uripe tansah kuwatir. Anggenthong umos : Ora bisa nyimpen wadi. Angon ulat ngumbar tangan : Ngulatake kahanan jalaran arep gelem rekasane. Arep jamuare emoh watange : Gelem kepenake nanging ora gelem rekasane. Diwenehi ati ngrogoh rempela : Diwenehi ananging isih kurang trima, njaluk maneh. Dikena iwake aja nganti bitheg banyune : Kaleksanan panjangkane nanging ora gawe kapitunan. Emban cindhe emban siladan : Ora adil (pilih kasih). Esuk dhele sore tempe : Ora teteg atine, gampang molah malih. Gawe luwangan ngurugi luwangan : Golek utangan kanggo nyaur utang. Golek-golek ketanggor wong luru-luru : Golek utangan malah diutangi.



Gupak pulud ora mangan nangkane : Melu rekasa ora ngrasakake kepenake. Njagakake endhoge si blorok : Njagakake barang kang durug mesthi ana. Kadang konang : Sing diaku sedulur mung sing sugih. Ketepang ngrangsang gunung : Gegayuhan sing mokal bisane kelakon jalaran kegedhen pejangka/kekarepan. Kaya banyu karo lenga : Paseduluran sing ora bisa rukun. Kakehan gludhug kurang udan : Kakehan omong nanging ora ana nyatane. Kebanjiran segara madu : Oleh kabegjan kang gedhe. Kegedhen empyak kurang cagak : Kegedhen panjangka kurang srana. Kajugrugan gunung menyan : Oleh kabegjan kang gedhe. Kekudhung walulang macan : Tumindak kanthi aling aling wong duwe panguwasa. Kerot tanpa untu : Duwe kakarepan ora duwe sarana. Kerubuhan gunung : Nemu kesusahan. Kongsi jambul wanen : Nganti tuwa banget. Madu bolu tanpa isi : Rebutan barang sepele. Mrojol selaning garu : Wong kang luput saka bebaya. Nglungguhi klasa gumelar : Mung kari nemu kepenake. Ngubak-ubak banyu bening : Gawe rusuh ana ing papan kang wis tentrem. Nguthik-uthik macan dhedhe : Gawe nesu wong kang wis lilih atine. Nguyahi segara : Weweh marang wong sugih, saengga tanpa guna. Nututi layangan pedhot : Nggoleki barang sepele, yen ketemu ora sumbut karo rekasane. Nyugokake bugel kayu sempu : Njagokake wong kang ora pinter, jalaran isih sedulur. Othak athik didudut tugel : Omongane sajak kepenak jebul angel ladenane. Ora uwur ora sembur : Ora gelem cawe-cawe menehi pawitan apa-apa. Pandengan karo srengenge : Mungsuhan karo wong sing duwe panguwasa. Rebut balung tanpa isi : Padudon jalaran barang sepele. Rindhik asu digitik : Nindakake pegawean kang cocog karo karepe. Sandhing kebo gupak : Cedhak karo wong ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni. Sedhakep angawe-awe : Ninggalake tumindak ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni. Suduk gunting tatu loro : Nindakake pegawean sawarna, ananging asile luwih saka siji. Wis kebak sundukane : Wis akeh banget dosa kaluputane. Yiyidan mungging rampadan : Biyene wong durjana/culika, saiki dadi wong sing alim. G. SALOKA Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge. Tuladha Asu belang kalung wang : Wong ala (asor) ananging sugih bandha. Asu gedhe menang kerahe : Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane. Ati bengkong oleh oncong : Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan. Baladewa ilang gapite : Ilang kekuatane. Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kepinteran. Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa kalah trampil. Belo melu seton : Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe. Cebol nggayuh lintang : Gegayuhan kang mokal bisane kelakon. Cecak nguntal empyak/cagak : Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang : Ala diunekake becik, becik diunek-ake ala. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : Tansah diparingi slamet. Dom sumuruping banyu : Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi. Emprit abuntut bedhug : Prekara sepele dadi gedhe. Endhas gundhul dikepeti : Wis kepenak isi dienak-enakake. Gagak nganggo elaring merak : Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur.



Gajah alingan suket teki : Lair lan batine ora padha bakal ketara. Gajah ngidak rapah : Nerjang wewalere/janjine dhewe. Gajah perang karo gajah kancil mati ing tengah : Wong gedhe pasulayan, wong cilik dadi kurban. Gong lumaku tinabuh : Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang. Idu didilat maneh : Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake). Iwak klebu ing wuwu : Wong sing kena apus kanthi gampang. Jati ketlusuban ruyung : Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake. Jaran kerubuhan empyak : Wis kapok banget. Kacang ora ninggal lanjaran : Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa. Kebo bule mati setra : Wong pinter nanging ora ana kang merlokake. Kebo ilang tombok kandhang : Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki. Kebo kabotan sungu : Rekasa jalaran kakehan anak. Kebo mulih ing kandhange : Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh. Kebo nusu gudel : Wong tuwa njaluk warah marang wong enom. Kere munggah bale : Wong didadekake wong luhur. Kethek saranggon : Sagrombolan wong tumindak ala. Klenthing wadhah masin : Angel ninggalake pakulinan ala. Kriwikan dadi grojogan : Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe). Kutuk marani sunduk : Njarag marani bebaya. Lahang karoban manis : Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene. Lambe satumang kari samerang : Dituturi bola-bali tetep ora nggugu. Legan golek momongan : Kepenak malah golek rekasa. Opor bebek mentas awake dhewek : Rampung saka dayane dhewe. Palang mangan tandur : Dipercaya malah gawe rusak Pecruk tunggu bara : Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane. Pitik trondhol diumbar ing pedaringan : Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah ngentek-enteki. Satru munggwing cangklakan : Mungsuh wong sih isih sanak sedulur. Sumur lumaku tinimba : Wong sing kumudu-kudu ditakoni. Tekek mati ulone : Nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe. Tumbu oleh tutup : Wis cocog banget. Timun mungsuh duren : Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa. Timun wungkuk jaga imbuh : Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati : Prakara ala ngabra-ambra, prekara becik mung kari sethithik. Yuyu rumpung mbarong ronge : Omahe magrong-magrong, sejatine kekurangan. Arane Dina Ahad/Ngaat/Minggu : Radite/dhite Senin : Soma Selasa : Anggara Rebo : Budha Kemis : Respati Jumuah : Sukra Setu : Tumpak Arane Pasaran Pon : Palguna Wage : Cemengan Kliwon : Kasih Legi : Manis



Paing : Jenar Arane Sasi Jawa lan Sasi Arab Sura : Muharam Sapar : Syafar Mulud : Rabiul awal Bakdamulud : Rabiul akhir Jumadilawal : Jumadil ula Jumadilakhir : Jumadiltsani Rejeb : Rajab Ruwah : Sya’ban Pasa : Ramadhan Sawal : Syawal Dulkaidah/sela/apit : Zulkaidah Besar : Zulhijah Arane Taun 1. Alip 2. Ehe 3. Jimawal 4. Je 5. Dal 6. Be 7. Wawu 8. jumakir Arane Windu Adi : Linuwih Kunthara : Ulah Sangara : Banjir Sancaya : Srawung Arane Wilangan 1 : eka 2 : dwi 3 : tri 4 : catur 5 : panca 6 : sad 7 : sapta 8 : hastha 9 : nawa 10 : dasa 100 : satus 1.000 : sastra 10.000 : saleksa 100.000 : sakethi 1.000.000 : sayuta 1. Araning Warna abang : rekta



putih : seta/pinggul kuning : pita/jenar ijo : wilis ireng : langking/kresna biru : maya Tegese Tembung Kawi A  agni : geni aji : ratu akasa : langit amba : aku andaka : bantheng angga : awak angkara : srakah ardi : gunung aris : alon arsa : arep astha : wolu atmaja : anak aywa : aja B  bantala : lemah baskara : srengenge basuki : slamet brama : geni bramantya : nesu brastha : rusak C  cakara : rodha candra : rembulan caraka : utusan catur : papat cipta : pikir citra : rupa/gambar D  dahana : geni danawa : buta dasa : sepuluh datan : ora dirgantara : langit ditya/diyu : buta driya : ati duk : nalika duksina : kidul dulu : deleng duta : utusan duhkita : susah dwi : loro



dwi pangga : gajah dwija : guru E  eka : siji enu : dalan erawati : bledheg emawa : segara esa : siji esthi : karep G  gahana : jurang garba : weteng gapura : lawang gagana : langit giri : gunung gita : cepet/age gung : gedhe guntur : gludug guruh : bledheg gya : enggal gahana : jurang garba : weteng gapura : lawang gagana : langit giri : gunung gita : cepet/age gung : gedhe guntur : gludug guruh : bledheg gya : enggal J  jala : banyu jaladara : mendhung jaladri : segara janma : manungsa jaya : menang jenar : kuning K :  kaga : manu kadya : kaya kalbu : ati kalpika : ali-ali kapti : karep kapiyarsa : keprungu kardi/karya : gawe karta : aman kartika : lintang kayun : karep kencana : emas



kintaka : layang kisma : lemah kresna : ireng kukila : manuk kuncara : misuwur kusuma : kembang kuwawa : kuwat L  lampus : mati langking : ireng lastri : bengi laya : panggon lebda : pinter lena : mati lir : kaya loh jinawi : subur banget ludira : getih papan lumaksana : mlaku M  madya : tengah makarya : nyambut gawe manggala : panggede manjing : mlebu marga : dalan marta : sabar maruta : angin mijil : metu mina : iwak mitra : kanca miyarsa : krungu mudha : enom mulat : weruh murwani : miwiti murda : sirah muksa : ilang mustaka : sirah N  nala : ati narendra : ratu narmada : kali nata : ratu nawala : layang nendra : turu netra : mripat nuladha : niru/nyonto nuswa : pulo P  pabaratan : peperangan pada : sikil



palagan : peperangan palastra : mati pambayun : pembarep panca : lima pancakara : padu/perang panti : omah pangaksama : pangapura pangastuti : sembah pangupajiwa : panguripan paramarta : luhur pawiyatan : sekolah pindha : kaya pita : kuning padangga : gamelan praja : negara pralaya : mati prapta : teka pratiwi : lemah prawira : kendel priya : lanang priyangga : dhewe puma : rampung puspita : kembang R  rahayu : slamet raga : awak ratri : bengi rawi : srengenge rekta : abang rena : ibu roga : lara rukmi : emas S  samirana : angin samodra : segara sasana : papan/panggonan sanggraha : cawisan sardula : macan sarira : badan sarpa : ula sasangka : rembulan sasmita : tandha siswa : murid sitaresmi : rembulan siwi : anak soca : mripat sona : asu songsong : payung sotya : inten sudarma : bapak sudarsana : contoh



sato : kewan seta : putih segra : gelis/cepet sila : patrap sira : kowe sirna : ilang sudira : digdaya sungkawa : susah sunu, suta : anak sura : wani sweda : kringet T  tan : ora tanaya : anak taru : wit taruna : enom tinon : katon tirta : banyu trusta : seneng turangga : jaran tyas : ati U  upaya : golek upiksa : weruh usada : tamba utama : becik W  waluya : waras wana : alas wanara : kethek wardaya : ati warih/we : banyu warsa : taun wasana : pungkasan waspa : luh wastra : sandangan wibi : ibu wicara : gunem widya : pinter wil : buta wilis : ijo wira : prajurit wisma : omah wisuda : angkat wiyati : langit wredha : tuwa wukir : gunung wuyung : kasmaran Y 



yasa : gawe yayah : bapak yitna : ngati-ati yoga : anak yogya : becik yuda : perang yuwana : slamet ywa : aja I. TEMBUNG ENTAR Tembung entar yaiku tembung-tembung sing duwe teges ora sakbenere. Tuladha: abang-abang lambe : ora temenan utawa mung lelamisan. abang raine : wirang, isin. adol bagus, adol ayu : mamerake baguse, mamerake ayune. adus kringet : nyambut gawe abot, mempeng ala jenenge : ora dipercaya awong liya alus tembunge : omongane kepenak dirungokake atine ana wulune : duwe kekarepan ala, drengki srei bau suku : tenaga, abdi mbukak wadi : ngandhakake wewadine/rahasiane mbuwang tilas : nutupi tumindake sing ala cagak elek : srana supaya betah melek cagak urip : srana kanggo nyukupi kebutuhane urip cepak rejekine : gampang golek rejeki cilik atine : sumelang, kuwatir cupet nalare : ora bisa mikir dadi gawe : ngrepotake wong liya dawa tangane : seneng colong jupuk ndhedher kabecikan : tumindak becik dhuwur pangkate : dadi panguwasa enetk atine : keweden, kuwatir banget entheng tangane : seneng milara, cengkiling enthenge tangan : seneng nyambut gawe gedhe atine : tatag, ora gampang sumelang gedhe endhase : sumanagkean, gumedhe gedhe omonge : seneng umuk nggedhekake puluk : ora gelem prihatin nggenggem tangan : ora gelem nyambut gawe, kesed golek urip : nyambut gawe kanggo nyukupi urip idu geni : kabeh guneme kudu bisa klakon jembar kawruhe : akeh ngelmune jembar segarane : sugih pangapurane kandel kulite : digdaya, sekti kaku atine : tansah sulaya, nesu wae kembang lambe : tansah dadi pocapan, gunem kulak warta : golek kabar kuwat drajad : cocog dadi panguwasa, pemimpin lambe tipis : akeh omonge, criwis landhep dhengkul : bodho banget landhep pikire : pinter lara ati : serik



lara ayu : lara cacar lobok atine : sabar lumah tangan : ora gelem cawe-cawe lunyu ilate : gunemane mencla-mencle manis rembuge : omongane gawe seneng mata dhuwiten : petung banget, srakah marang dhuwit mati sandhang pangane : ora ana dalan kanggo golek sandhang pangan mati ilate : ora bisa ngrasakake gurihe pangan meres kringet : nyambut gawe nganthi peng-pengan mogel ilate : seneng mangan sarwa enak nandur kabecikan : tumindak, gawe becik ngangsu kawruh : sekolah, meguru ngatonake siyunge : nuduhake panguwasane ngatonake dhadhane : sumbar, umuk, pamer ngendhaleni hawa napsu : nyegah kekarepan ala nyolok mata : tumindake ketara banget, cetha banget oleh wirang : kisinan ora duwe ati : wedi, kuwatir banget padhang hawa : ndonya padhang pikirane : seneng padhang ulate : sumeh, grapyak panas atine : nesu banget papan kiwa : ora andhakan, nisih pedhes rembuge, tembunge : guneme gawe serik peteng atine, pikire : susah pingget atine : serik, gela rai gedheg : ora duwe isin rupak raine : cugetan rupak jagade : judheg, ora bisa lunga-lunga sepi kawruhe : bodho sepi ing pamrih : ora duwe pamrih, melik sesak dhadhane : mangkel, serik tadhah udan : lirangan gedhang sing ndhuwur dhewe tatu atine : serik banget tipis lambene : seneng nyatur wong liya, criwis thukul pikire : akeh akale thukul turune : duwe turun/anak udan tangis : akeh sing padha nangis ulate peteng : nesu utang nyawa, pati : gawe pepati utang wirang : gawe wirange wong liya weteng kadut, karet : akeh pagane/tadhahe wedi getih : jirih wedi kangelan : ora gelem rekasa, kesed J. TEMBUNG KOSOK BALEN Tembung kosok balen yaiku tembung sing tegese lelawanan. Tuladha A  abot >< entheng andhap asor >< degsura, murang tata adhem >< panas adol >< tuku agung >< asat akeh >< sethithik ala >< becik angel >< gampang angok >< rob anggak >< grapyak apal >< lali atos >< empuk B bagus >< ala bandel >< gembeng banter >< rindhing/ alon bathi >< tuna/ rugi



barang para >< barang pengaji becik >< ala begja >< cilaka bener >< luput bening >< butheg brangasan >< sabar boros >< irit buneg >< lejar bungah >< susah C cedhak >< adoh cendhak >< dawa cethek >< jero cethil >< loma ciut >< amba crah >< rukun culika >< jujur cuwa >< lega D dawa >< cendhak dhuwur >< cendhek duka >< rena dursila >< susila E eling >< lali entek >< isih G gabug >< mentes gedhe >< cilik gela >< marem, lega gemi >< boros gething >< seneng goroh >< jujur grapyak >< anggak gundhul >< ketel J jago >< babon jembar >< ciyut jero >< cethek jirih >< kendel jujur >< culika K kaku >< lemes kalah >< menang kalis >< nandhang/ketaman kandel >< tipis kasar >< alus ketiga >< rendheng kemproh >< resikan kendel >< jirih kepenak >< rekasa kerep >< arang kereng >< sabar kesusu >< sareh kladuk >< kurang kuru >< lemu L lali >< eling landhep >< kethul lantip >< bodho larang >< murah lega >< gela lembut >< agal lemu >< kuru loh >< cengkar longgar >< sesak luhur >< asor lumrah >< aneh M mapag >< ngeterake marem >< gela mencutake >< nyebahi mentah >< mateng mentereng >< prasaja miris >< tatag mukti/mulya >< sengsara mursal >< bekti muspra >< guna murah >< larang mungsuh >< kanca/bala N nacad >< ngalem nesu >< rena nistha >< utama ngajeni >< ngina ngakoni >< nyelaki ngati-ati >< sembrana ngebreh >< ngirit ngebon >< kontan P padhang >< peteng padu >< rukun prasaja >< mubra-mubru pungkasan >< wiwitan purwa >< pracima R rame >< sepi rampung >< wiwit rancag >< rendhet rekasa >< kepenak resikan >< kemproh rikat >< alon S sabar >< brangasan sareh >< kesusu satru >< kanca sedhep >< cemplang sedih >< seneng sleder >< tliti semanak >< anggak sengsara >< mulya sepele >< wigati sregep >< kesed subur/loh >< cengkar suda >< tambah susah >< bungah T tabah >< kuwatir tanpa >< nganggo takon >< mangsuli teka >< lunga temen >< cidra tipis >< kandel tradhisional >< moderen tuku >< adol turah >< kurang/cumpen U ukuman >< ganjaran umuk >< nyata urip >< mati W wareg >< ngelih/luwe wetan >< kulon wedi >< wani wigati >< sepele wuled >< mbedhel wudhu >< payu/laris wuragil >< pembarep wutuh >< suda/kalong Y yekti/nyata >< goroh/apus-apusK. TEMBUNG GARBA Tembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda cacahing wandane,  lumrahe tinemu ing tembang, minangka kanggo njumbuhake guru wilangan. Tuladha ana + ing dadi aneng tegese ana (manggon) ing arane + iki dadi aranireki tegese jenenge iki dadi + ewuh dadi dadyewuh tegese ora gampang, sarwa ewuh dhemen + anyar dadi dhemenyar tegese senenge yen isih anyar dupi + arsa dadi dupyarsa tegese nalika arep jalu + estri dadi jalwestri tegese lanang wadon kajuwara + ing dadi kajwareng tegese kondhang ing kapireng + arsa dadi kapyarsa tegese keprungu lagi + antuk dadi lagyantuk tegese lagi antuk/oleh lagi+ana + ing dadi lagyaning tegese lagi ana ing lebda + ing dadi lebdeng tegese mumpuni, pinter ing lumaku + ing adi lumakweng tegese mlaku ing lumebu + ing dadi lumebeng tegese mlebu ing maha + raja dadi maharja tegese ratu linuwih maha + resi dadi maharsi tegese pendhita linuwih malebu + ing dadi malebeng tegese mlebu ing mardika + ing+rat dadi mardikengrat tegese ing jagad/donya murba + ing dadi murbeng tegese kuwasa ing nara + indra dadi narendra tegese ratuning jalma narpa + endah dadi narpendah tegese ratu sing ayu nata + ing dadi nateng tegese ratu ing nuju + ari dadi nujwari tegese sawijining dina prapta + ing dadi prapteng tegese teka ing prawira + utama dadi prawiratama tegese prajurit utama/senapati priya + agung dadi ratwagung tegese ratu binathara/ratu utama



ratu + agung dadi ratwagung tegese panah utama sami + arsa dadi samyarsa tegese padha arep sira + iku dadi sireku tegese kowe iku siti + inggil dadi sitinggil tegese lemah sing dhuwur papane siniwaka + ing dadi siniwakeng tegese diadhep dening sumbang + asih dadi sumbangsih tegese weweh kanggo tandha asih sura + ing+yuda dadi surengyuda tegese wani perang/dewaning perang taksih + alit dadi taksyalit tegese isih cilik tumenga + ing dadi tumengeng tegese madhep ing (mendhuwur) tumeka + ing dadi tumekeng tegese tekan ing tumuju + ing dadi tumujweng tegese marani/tumuju ing wira + utama dadi wiratama tegese prajurit utama/senapati L. TEMBUNG SAROJA Tembung saroja yaiku tembung loro utawa lewih padha tegese dirangkep dadi siji, nduweni  teges mbangetake. Tuladha A  abang branang angkara murka adhem ayem ajur jejer adi luhung akal budi apes krama akal budi arum wangi amrik angambar atut runtut ndhap asor ayem trentem B  babak bundhas bibit kawit bagas waras blaka suta bala kuswa bot repot bau suku budi pekerti baya pekewuh  C  campur bawur colong jupuk ciri wanci  D  dana driyah dhawuh pangandika darma bekti dhodhok seleh E  edi peni ewuh pakewuh G  gagah prakosa gilir gumanti galap gangsul girang gumuyu gandes luwes guna sarana gemah ripah guyup rukun gemi setiti godha rencana gethok tular  J 



jalma manungsa jejel riyel japa mantra  K  kabur kanginan kebat kliwat kajen keringan kesampar kesandhung kepalu kepenthung kocap kacarita L  lagak lageyan lir pendah lega lila loh jinawi lila legawa  M  malang megung mukti wibawa mobah mosik mula buka mubeng minger murba wasesa mudha taruna murub mubyar N  nistha papa nungsang njempalik njarah rayah nyampar nyandhung O  owah gingsir  P  padhang njinglang polah tingkah papa cintraka pokal gawe perang tanding puji pandonga S  sabar drana sembah sungkem sabar narima sepi mamring salah kaprah sih kawelasan salang tunjang sih tresna sanak kadang sisik melik sanak sedulur solah bawa sapa aruh solah tingkah sato kewan suka rena sekti mandraguna sumbang surung seger kuwarsanae  T  tambal sulam tepa palupi tanem tuwuh tepa tuladha tapa brata terang terwaca tata cara tindak tanduk tata krama tukar padu tata trapsila tumpang tindhih tedheng aling-aling tumpuk undhung teguh santosa tutur sembur



U  uba rampe udha-usuk W  wadya bala welas asih was sumelang wor suh watak wantu  M.TEMBUNG CAMBORAN Tembung camboran yaiku tembung loro kang digandeng dadi siji. Tembung camboran diperang ana loro, yaiku: • Tembung camboran wutuh/tunggal Yaiku tembung loro digawe dadi siji nduwe teges anyar. Tuladha: anjani putra : anoman bala pecah : barang gamapang pecah bapa biyung : wong sing ngukir jiwa raga buntut urang : rambut ing githok gantung kepuh : ora tau ganti sandhangan gantung siwur : katurunan kang kaping pitu gotong mayit : anak 3 wadon kabeh gilir kacang : anak akeh giliran lanang lan wadon imagiri : araning panggonan (desa) ing bantul jaran kepang : wewangunan kaya jaran digawe saka kepang juru kunci : tukang ngrumat papan kramat, sareyan kacamata : tesmak, piranti kanggo ndeleng kadhal menek : araning gelung (pungkasaning gurung) kala menjing : jendholan ing gulu tumrap wong lanang karang malang : araning desa mata tuwa : wong tuwane bojo nagasari : araning panganan perang rusak : araning bathik randha royal : araning panganan semar mendem : araning panganan tutup keyong : peperangan omah kampung udan riris : corak bathik wanasaba : araning kutha • Tumbang camboran tugel/wudhar Yaiku tembung loro digandeng dadi siji kang tegese cedhak karo tembunge. Tuladha: bangjo : abang ijo bulik : ibu cilik dhelik : gedhe cilik dhengus : gedhe bagus dubang : idu abang kakkong : tungkak bokong kongel : bokong cengel kosik : mengko dhisik lunglit : balung kulit



pakdhe : bapak gedhe pakpuh : bapak sepuh perko : emper toko tingwe : nglinting dhewe thukmis : bathuk klimis N. TEMBUNG YOGYA SWARA Tembung yogya swara yaiku tembung loro sing meh padha pangucape, mung beda wanda  pungkasan, duwe teges lanang wadon. Tuladha 1. hapsara-hapsari 2. bathara-bathari 3. dewa-dewi 4. gandarwa-gandarwi 5. kedhana-kedhini 6. pemudha-pemudhi 7. putra-putri 8. raseksa-raseksi 9. widadara-widadari 10. yaksa-yaksi 1. Lembar Kerja Siswa