Liturgi Ibadah Minggu Paskah II, 11 April 2021 Bahasa Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

TATA PANGIBADAH MINGGU PASKAH II, 11 APRIL 2021



PATUNGGILANING TENTREM RAHAYU GKJ KARANGDOWO KLATEN-(PUITH)



PECAWISAN PANGIBADAH 1. Pandonga Pecawisan Pangibadah 2. Pamaosing Pawartos Pasamuwan, kalajengaken panyumeting lilin(Liturgos 1) (Pasamuwan jumeneng) KPJ 17: 1. MUGI RAWUHA, DHUH GUSTI 1) Mugi rawuha, dhuh Gusti! Mugi rawuha, dhuh Gusti! Mugi rawuha, dhuh Gusti! Mugi rawuh, dhuh Gusti! (Para pelados ing pangibadah lumebet ing papan pangibadah) I. LITURGI PAMBUKA 1. VOTUM LAN SALAM a. Votum PS : Pangibadah punika kalampahanipun wontening asmanipun Gusti Allah ingkang nitahaken langit lan bumi; ingkang dados tuking pitulungan kita. U :5 7 1 . ‖ 5 7 1 . ‖ 5 4 3 . ‖ A-min, A-min, A-min. b. Salam PS : Sih rahmat lan tentrem rahayu saking Allah Rama, Putra lan Sang Roh Suci wontening panjenengan (kita) sadaya. U : Ugi nunggila ing panjenengan! 2. PAMUJI DHUMATENG GUSTI (Liturgos 1, pasamuwan lenggah) PL : “Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Saiba prayoga lan endahe, manawa para sadulur kang manggon saomah padha rukun.” (Jabur 133:1) Gusti Yesus sampun wungu, paring dayaning gesang kangge kita saged nglampahi gesang ing salebeting karukunan. Sumangga kita gesang ing salebeting karukunan. U : (sesarengan ngidungaken KPJ 258:1, 2) 258. KPJ 258 GUSTI YESUS WUS WUNGU 1) Gusti Yesus wus wungu! Haleluya! Bumi swarga agirang! Haleluya! Samnya memuji sokur! Haleluya! Mring Gusti kang wus mimpang! Haleluya!



1



2) Katresnane sampurna! Haleluya! Kamenangane nyata! Haleluya! Sunaring surya padhang! Haleluya! Tinampi kanthi girang! Haleluya! PANGAKENING DOSA Umat kasuwun sami ndedonga nyuwun pangapuntening dosa sacara pribadi. (Liturgos 1 mungkasi kanthi pandonga) 3. SIH RAHMATING GUSTI



PS : Rahayu saben tiyang ingkang kaapura panerak tuwin dosadosanipun. Samangké, gesanga selaras kaliyan karsanipun Gusti Allah. U : Kawula samekta dhuh Gusti Allah. PS : “Kowe padha Daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem-rahayuKu Dakwenehake marang kowe, lan apa kang Dakwenehake iku ora kaya pawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang lan aja giris.” U



Makaten pawartos sih-rahmat saking Gusti Allah manut Injil Yohanes 14:27.



: Puji sokur konjuk Gusti Allah. KPJ 99. AKU DUWÉ PAMARTA



1) Aku duwé Pamarta, Yésus Kristus asmanya, kang wus ngurbanken sira, ngruwat aku sing dosa Reff: Satuhu Gustiku, Yésus Kristus Pamartaku dak puji trusing kalbu 2) Aku duwé Pamarta, satuhunung kasetyan Yén aku nyangga panandhang, pinaringan karosan Reff: Satuhu Gustiku, Yésus Kristus Pamartaku dak puji trusing kalbu LITURGI SABDA 1. PELADOSAN PAMEDHARING SABDA a. Pandonga Epiklese b. Waosan Yohanes



20:19-31.



2



 



Dipunpungkasi kanthi pangandika: ”Rahayu sedaya tiyang ingkang tansah mirengaken pangandikanipun Gusti lan nindakaken ing gesang sapadintenan. Haleluya!” Pasamuwan ngidungaken “Haleluya! Amin!”



c. Pamedharing Sabda “PATUNGGILANING TENTREM d. Wekdal Ening (swasana ening, tanpa musik/kidung) e. Pandonga Syafaat



RAHAYU”



2. PANGAKEN PITADOS RASULI (Liturgos 2, pasamuwan jumeneng)



Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, Ingkang Mahakawasa, Ingkang nitahaken langit kaliyan bumi. Inggih pitados dhateng Yesus Kristus Ingkang Putra ontang-anting, Gusti kawula Ingkang kobobotaken dening Roh Suci, miyos saking prawan Maryam. Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus, kasalib nglampahi seda, lajeng kasarekaken, tumedhak dhateng ing teleng palimengan. Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun Allah Sang Rama Ingkang Mahakawasa Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah Kawula pitados dhateng Roh Suci Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal ingkang suci sarta wradin, inggih patunggilanipun para suci Punapa-dene pangapuntening dosa Tanginipun raga Sarta gesang langgeng



III. LITURGI PANGUCAP SOKUR 1. PANGUCAP SOKUR ( Liturgos 3, pasamuwan lenggah) a. Ayat Pangatag Sumangga kita ngaturaken pisungsung minangka pratandhaning caos sokur awit saking kasaénanipun Gusti Allah wonten ing gesang kita. Sabdanipun Gusti ingkang nalesi anggèn kita nélakaken sokur kita punika kita waos sesarengan saking 1 Tesalonika 5:18 makaten, “Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang



dikarsakake dening Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus tumrap kowe.” b. Ngempalaken Pisungsung KPJ 161. JIWA-RAGA KAWULA 1) Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta, mugi dados lantaran kamulyaning Pangéran, kamulyaning Pangéran.



3



c. Pandonga Pangucap Sokur, kalajengaken Pandonga Rama Kawula Dhuh Rama kawula ingkang wonten swarga Asma Paduka mugi kasucekaken Kraton Paduka mugi rawuha Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdene wonten ing swarga. Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika. Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng panggodho, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. Awitdene Paduka ingkang kagungan kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.



IV. LITURGI PANUTUP 1. PANGUTUSANING GUSTI (pasamuwan jumeneng) KPJ 340. ING PAPRENTAHANING ALLAH 1) Ing paprentahaning Allah, sadaya nengsemken, Para titah samya rukun, nilar pasulayan; Reff.    Sumangga, gumregut makarya    kagem Gusti dados cihna,    mrih tentrem rahayu sejati    binabar aneng donya.



PS U PS U PS



: : : : :



Enerna manah panjenengan dhumateng Gusti Allah. Kawula ngeneraken manah dhumateng Gusti Allah! Mirengna suwantenipun Gusti Allah lumantar Sabdanipun. Kawula samekta mirengaken! Panjenengan tindakaken Sabdanipun Gusti Allah wonten ing tengahtengahing brayat. U : Kawula purun nindakaken Sabdanipun Gusti Allah. PS : Pinujia Gusti Allah kita. U : Samangké dumugi ing salami-laminipun. 2. BERKAHIPUN GUSTI KABABAR PS : Samangké, tampènana berkah saking Gusti Allah: Pangeran Yehuwah



maringi berkah dhateng panjenengan lan ngayomi panjenengan; Pangeran Yehuwah nyunaraken cahyaning wadananipun dhateng panjenengan lan maringi sih-rahmat; Pangeran Yehuwah nungkulaken wadananipun dhateng panjenengan lan maringi tentrem rahayu. Amin.“ U



: (ngidungaken) Haléluya (5x). Amin (3x).



4