Liturgi Ibadah Minggu Transfigurasi 14 Februari Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

TATA PANGABEKTI GKJ KARANGDOWO KLATEN RAHAYU TIYANG INGKANG NYUMEREPI KAMULYANING ALLAH



Minggu Transfigurasi, 14 Februari 2021 (Putih)



PECAWISAN PANGIBADAH 1. Pandonga Pecawisan Pangibadah 2. Pamaosing Pawartos Pasamuwan kalajengaken panyumeting lilin



(Liturgos 1) pasamuwan jumeneng



14. KULA SAMYA TETUNGGILAN   1) Kula samya tetunggilan, ngabekti mring Pangèran wit sinungan kacekapan wah bagaskasarasan Reff: Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti, wit ing ayoming sihira sèstu tentrem raharja --- Arak-arakan para pelados ibadah lumebet dhateng papan pangibadah --2) Kula rimoban ing begja rinten-dalu tan kendhat, ing lelampahan prasaja dalah surna mukjijat LITURGI PAMBUKA VOTUM LAN SALAM a. Votum PS : Pitulungan kita punika pinangkanipun saking Sang Yéhuwah ingkang nitahaken langit, bumi, saganten tuwin saisinipun sadaya. U :5 7 1 . ‖ 5 7 1 . ‖ 5 4 3 . ‖ A-min, A-min, A-min. b. Salam PS : Sih-rahmat lan tentrem rahayu saking Gusti Allah, Rama kita, tuwin saking Gusti Yésus Kristus, wontena ing (kita) panjenengan sadaya. U : Nunggila ing panjenengan ugi. PAMUJI DHUMATENG GUSTI (Liturgos 1, pasamuwan lenggah) KPJ 59. PINUJIA TANSAH ALLAH MAMIRAH 1. Pinujia tansah Mallah Mamirah, kanggung tresnnira mring salir titah. Tyang dosa duraka sinung apura, tinebus sing pati temah basuki Reff:



1



Luhurna, mulyakna Gusti Sang Pamarta! Luhurna, mulyakna Pangruwat ing dosa. Pasrah maring Allah srana pracaya margining waluya tentrem raharja. PANGAKENING DOSA Umat kasuwun sami ndedonga nyuwun pangapuntening dosa sacara pribadi. (Liturgos 1 mungkasi kanthi pandonga) SIH RAHMATING GUSTI PS : Sami nampenana sih nugrahanipun Allah ingkang sampun ngapunteni dosa kita lumantar pangandika ing kitab 1 Korinta 1:30 “Nanging awit saka Panjenengane kowe wus padha ana ing Sang Kristus kang marga saka Gusti Allah wus dadi kawasisan tumrap kita. Panjenengane wus ngleresake, nucekake sarta nebus kita...”



U



Makaten pawartos sih-rahmat saking Gusti Allah. : Puji sokur konjuk Gusti Allah! Kidung Sukarena/Pangucap Sokur



96. TYAS KITA DIMÉN SLAMANYA BUNGAH  1. Tyas kita dimén slamanya bungah lan sukarena, déné Sang Rama ing swarga nganggep putra mring kita. Reff: Mara tansah abebungah saben dina antuk trang, Dalaning urip éndah apadhang, mara tansah dén girang 2. Hyang Agung kang njangkung kita, angreksa sing panggoda Sih-rahmatnya kang anglipur paring kuwat-santosa Reff: LITURGI SABDA PELADOSAN PAMEDHARING SABDA a. Pandonga Epiklese b. Waosan Injil Markus 9:2-9.  Dipunpungkasi kanthi pangandika: ”Rahayu sedaya tiyang ingkang tansah mirengaken pangandikanipun Gusti lan nindakaken ing gesang sapadintenan. Haleluya!”  Pasamuwan ngidungaken “Haléluya, Haléluya, Haléluya (KPJ 468)” c. Pamedharing Sabda “RAHAYU TIYANG INGKANG KAMULYANING ALLAH” d. Wekdal Ening (swasana ening, tanpa musik/kidung) e. Pandonga Syafaat



2



NYUMEREPI



PANGAKEN PITADOS RASULI



(Liturgos 2, pasamuwan jumeneng)



Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, Ingkang Mahakawasa, Ingkang nitahaken langit kaliyan bumi. Inggih pitados dhateng Yesus Kristus Ingkang Putra ontang-anting, Gusti kawula Ingkang kobobotaken dening Roh Suci, miyos saking prawan Maryam. Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus, kasalib nglampahi seda, lajeng kasarekaken, tumedhak dhateng ing teleng palimengan. Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun Allah Sang Rama Ingkang Mahakawasa Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah Kawula pitados dhateng Roh Suci Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal ingkang suci sarta wradin, inggih patunggilanipun para suci Punapa-dene pangapuntening dosa Tanginipun raga Sarta gesang langgeng



LITURGI PANGUCAP SOKUR PANGUCAP SOKUR ( Liturgos 3, pasamuwan lenggah) a. Ayat Pangatag Sumangga kita nélakaken sokur kita dhumateng Gusti Allah kanthi ngèngeti Sabdanipun Gusti ing Jabur/Mazmur 50:23 ingkang makaten suraosipun: Sapa kang ngaturake pamuji minangka kurban, iku ngluhurake Ingsun; sapa kang jujur lakune, karahayon peparinge Gusti Allah bakal Suntedahake.” Sesarengan kita ngaturaken pisungsung, kita ngidungaken KPJ 171 b. Ngempalaken Pisungsung KPJ 165. KONJUK MRING KANG MAAGUNG 1. Konjuk mring Kang Maagung, kula saos pisungsung; cihnaning bungah ing manah, wit berkahing Allah; sumengka wah sineng-kera, lan temen rineksa, dadya srana munpangati, mrih kamulyaning Gusti c. Pandonga Pangucap Sokur, kalajengaken Pandonga Rama Kawula Dhuh Rama kawula ingkang wonten swarga Asma Paduka mugi kasucekaken Kraton Paduka mugi rawuha Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdene wonten ing swarga. Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika. Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng panggodho, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon.



3



Awitdene Paduka ingkang kagungan kraton saha wisesa tuwin kamulyan salamilaminipun. Amin.



LITURGI PANUTUP PANGUTUSANING GUSTI (pasamuwan jumeneng) PS : Sumangga kita tansah pitados bilih Gusti Allah tansah mitulungi, ngiyataken kita martosaken Injilipun Gusti Yesus. U



: (Ngidungaken) KPJ 158. DITANSAH PADHA BEBUNGAH 



1. Ditansah padha bebungah-a nampèni kabegjan swarga, karana kita wong dosa ingentas saking antaka Reff: Tansah bungah ing patunggilané Gusti tansah bungah, wit sinung gesang sejati BERKAHIPUN GUSTI KABABAR PS : Mengkera kanthi tentrem rahayu. Panjenengan èstokna dhawuhipun Gusti, tuwin gesanga kagem Panjenenganipun. Awit saking punika, sami nampènana berkahipun Gusti Allah: Pangéran Yéhuwah muga maringana berkah marang (kita) kowé, lan ngayomana (kita) kowé; Pangéran Yéhuwah muga nyunarna cahyaning wadanané marang (kita) kowé, lan maringana sihrahmat; Pangéran Yéhuwah muga karsaa nungkulaké wadanané marang (kita) kowé, lan maringana tentrem rahayu (Wilangan 6:24-26). U : (ngidungaken) Haleluya! (5x), Amin! (2x) (kpj 472)



4