Makalah Bahasa Jawa Kelompok 1 [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

MAKALAH PAMILIHAN TEMA-TEMA KANGGE NINGKATAKEN KEPRIGELAN BASA LAN SASTRA JAWI KANTHI TERPADU KANGGE KELAS NGANDAP LAN KELAS NGINGGIL



Kasusun kagem tugas Mata Kuliah Pembelajaran Bahasa Jawa Dosen Pengampu : Drs. Sukardi, M.Pd



Dipun damel kaliyan : 1. Eva Sherina Zumrotun Faizah



1401418005



2. Aisya Puspa Anggita



1401418025



3. Akhmad Toriqul Ikhsani



1401418119



Rombel J



PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG 2020



ATUR SAPALA



Ingkang sepindah, kula kaliyan sedherek tiyang ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT kagem sedaya nikmat lan rahmatipun saengga kulo sedherek saged ngrampungaken makalah punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken makalah punika. Wonten makalah punika kulo kula nyariosaken babagan Pamilihan Tema-Tema Kangge Ningkataken Keprigelan Basa Lan Sastra Jawi Kanthi Terpadu Kangge Kelas Ngandap Lan Kelas Nginggil Mugi-mugi tulisan punika saged kagem renungan kula kaliyan panjenengan sedaya. Bener punika saking Allah SWT, ananging menawi lepat punika saking kula, nyuwun pangapunten. Matur nuwun,



Semarang, 15 Maret 2021



Panyerat



BAB I PURWAKA



A. PANCADAN PRAKAWIS Kemajengan jaman ingkang sansaya ngrembaka njalari sedaya peranganing ngagesang saged owah gingsir, kalebet unggah-ungguh basa putra dhatengtiyang sepuh. Tiyang sepuh rumaos kuwalahan anggenipun nggulawentah kapribaden ingkang pinuji sarta anggenipun ndhawuhi pendhidhikan budi pakarti dhumateng para generasi ingkang tansaya mlorot. Guru ugi kedah ngegulang budi pakartinipun generasi mudhaingsekolah. Pramila, satunggaling cara kangge ndandosaken budi pakarti kasebat lumantar pendhidhikan wonten ing Sekolah Dasar (SD), mliginipun lumantar piwulang basa Jawa. Wonten salebetipun piwulang basa Jawi, para siswa diparingi piwulang unggahungguh, subasita saha watak ingkang luhung ingkang sampun kabekten saged maringi daya pangaribawa sarta ningkataken moral para siswa.Wonten ing makalah punika, badhe dipunrembag babagan pamilihan tema ingkang trep kangge ningkataken keprigelan micara basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap lan kelas nginggil. B. MOMOTANING PRAKAWIS 1. Punapa kemawon caraingkangsagedngindhakaken katrampilan gineman basa Jawi terpadu kangge kelas ngandap lan kelas nginggil ? 2. Punapa kemawon tema-tema ingkang saged ningkataken katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap? 3. Punapa kemawon tema-tema ingkang saged ningkataken keatrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas nginggil? C. ANCAS 1. Mangertosi cara ingkang saged kangge ngindhakake katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap lan kelas nginggil 2. Njlentrehaken tema - tema ingkang saged ningkataken katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap 3. Njlentrehaken tema - tema ingkang saged ningkataken katrampilan ginemanbasa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap



BAB II SURASA



A. Cara ingkang saged kangge ngindhakake katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap lan kelas nginggil 1. Kangge kelas ngandap (1, 2, 3) a. Siswa saged njlentrehaken cara damel lan meragakaken dolanan b. Nglakokaken pacelathon lumantar telepon c. Nyariosaken identitas pribadi wonten ngajeng kelas 2. Kangge kelas nginggil (4, 5, 6) a. Mentasaken sandiwara cekak ingkang trep kangge siswa SD b. Nyariosaken pengalaman pribadi ingkang nyengsemake ngangge basanipun piyambak c. Gladhen miginakaken basa krama alus antawisipun guru lan siswa Sak liyane iku, wonten cara liya yaiku model belajar main peran ingkang dirasakaken saged nambah katrampilan gineman kagem siswa. Niki amarga main peran ing sekolah dhasar tujuane yaiku supaya siswa bisa peran kanthi intonasi, pocapan, lan ekspresi ingkang cocog. Ing tujuan iki ana pangembangan katrampilan gineman lan pangembangan bebasan, yaiku kanthi latihan dialog ngagem pocapan lan intonasi ingkang becik minangka upaya kagem latihan lan praktik migunakaken basa minangka sarana komunikasi ing lingkungan. (Supriyadi, 2006: 123). Umume, model belajar main peran cukup efektif kagem nambah kaprigelan gineman basa Jawa siswa SD Negeri Sorobayan. Niki saged ditingal saking paningkatan asil pretest, siklus posttest I, lan siklus posttest II. Paningkatan ingkang cukup pinunjul katon ing aspek level pidhato Basa Jawa, lancar lan pocapan. Adhedasar dhata ingkang kapikolehi saged disimpulaken yen lumantar model belajar main peran ing riset iki saged nambah katrampilan gineman siswa SD Negeri Sorobayan, Sanden, Bantul.



B. Tema-tema ingkang saged ngindhakake katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap (kelas 1, 2, 3)



Katrampilan gineman menika kemampuan ngudharaken pikiran utawi ide lumantar lambang-lambang swanten. Tema-tema ingkang saged ningkataken katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap inggihpunika : 1. Njlentrehaken cara damel lan meragakaken dolanan Dolanan inggih menika salah satunggaling kegiatan utami kangge pertumbuhan lan perkembangan sosial, fisik, emosi, spiritual lan intelektual siswa SD. Lumantar dolanan, para siswa saged mangertosi kahanan sekitaripun, interaksi ugi imajinasi ingkang becik. Amargi siswa SD remen dolanan, polah, nyanyi, nari ingkang ditindakaken piyambakpiyambak utawi kelompok,siswa SD boten bakal rumaos kepeksa, nanging para siswa bakal pikantuk kasenengan, imajinasi, kreativitas lan motivasi kangge sosialisasi dumateng tiyang sanesipun. Dados, lumantar dolanan punika, saged nggladhen katrampilan gineman siswa. 2. Nglakokaken pacelathon lumantar telepon Kemajengan jaman sapunika sampun ngrembaka, telepon dados salah satunggaling media ingkang asring diginakaken ing padintenan kaliyan bebrayan, mliginipun para siswa ing jaman sapunika. Telepon saged dados cara ingkang efektif kangge ngembangaken katrampilan gineman para siswa. Lumantar pachelaton ing telepon, siswa saged nglatih kemampuan gineman/micara. Siswa saged ginemankaliyan kancanipun babagan piwulang wonten sekolah, dolanan lan sapanunggalanipun. 3. Nepangaken identitasipun siswa ngangggebasa Jawi sederhana Lumantar perkenalan siswa wonten ngajeng kelas, siswa bakal kegladhen mentalipun kangge gineman wonten ngajengipun liyan. Perkenalanipun ngangge basa Jawi sederhana ingkang dipunginakaken siswa ing bebrayan. Siswa bakal kalatih kendel lan fasih gineman basa Jawi. 4. Keterampilan Maca ingkang Saged Dipunkembangaken ing Kelas Andhap a. Kelas 1,



➢ Tema “Aku” Materi : Kenalan karo kanca Pasinaon iki ngrembug bab kenalan karo kanca, bab perangane awak, uga gunane perangane awak. Bocah-bocah bakal sinau kanthi bimbingane Ibu utawa Bapak Guru. Gambar-gambar sing cumepak bisa mbantu bocah-bocah



supaya luwih gampang olehe sinau. Saben bocah bisa maragakake carane kenalan, maragakake perangane awake dhewe-dhewe, lan nerangake gunane perangan awak. Kanthi mangkono ateges wis klakon anane pembelajaran kontekstual. Ibu utawa Bapak Guru bakal paring arahan kepriye carane supaya bocah-bocah dadi luwih gampang olehe mangerteni pasinaon iki. ➢ Tema “Pengalamanku” Materi : Pengalaman liburan Ing wulangan “Pengalamanku” ngrembug babagan pengalaman liburan. Biasanipun pengalamipun yaiku: plesiran ing pesisir, tindak wonten daleme simbah. Ing wulangan niki, siswa saged nyariosake pengalaman liburan ingkang nate dipunalami dening siswa ing ngarep kelas. ➢ TEMA “Lingkungan Resik, Sehat, Lan Asri” Materi : Kerja Bakti Ing Sekolahan Lingkungan ingkang resik anggadhahi kabecikan lan miguna ing badan lan sanesipun. Kagem njogo lingkungan tetep resik saged dibiyasake tumeka resik – resik ing ligkungan rumah yakuwi sregep nyapu lan mbuwang sampah ing tempate, saking kabiyasan niku saged diterapake ing ingkungan ekolah lan lingkungan masyarakat. Ing wulangan niki bapak utawi ibu guru mbimbing siswa kagem maos wacan carios, saklajengipun siswa saged nyariosake wacan carios ingkang sampun diwaos wonten ing ngajeng kelas. b. Kelas 2



➢ TEMA “Urip Rukun” Materi : Urip rukun ing kaluwarga Urip rukun ing kaluarga dilakoni dening anggota keluarga. Tiyang sepuh tresno dumateng anak. Anak-anak ngurmati tiyang sepuh. Urip rukun ing kaluarga kayata urmati tiyang sepuh kalih, maem sareng-sareng, sinau sarengsareng, lan resik-resik omah sakaluarga. ➢ TEMA “Tugasku Saben Dina” Materi : Tugas ing omah Siswa gadhah kewajiban ingkang dilaksanakaken ing saben dinane ing lingkungan sekolah, kaluwarga, lan ing masyarakat. Ing wulangan niki, siswa



diajak ngunjukake ing kanca-kancane bab kewajiban ingkang saged dilaksanakaken ing saben dinane tuladhane, mbiantu Ibu, sinau, lan sakpanunggalanipun.



Siswa



nyritakaken



sekabehane



kewajiban



lan



mbiyasakaken anggadhahi kagiatan kang mugana. ➢ TEMA “Aku lan Sekolahanku” Materi : Lingkungan Sekolah Ing lingkungan sekolah guru tresno kaliayan murid, lan murid ngurmati dumateng guru. Urip rukun ing lingkungan sekolah kayata guru mbimbing murid sinau, murid ngatekke nalika guru nerangaken materi pelajaran, muridmurid urip rukun sareng-sareng, mbantu konco ingkang kesusahan, lan sinau sareng-sareng ing sekolahan. c. Kelas 3



➢ Tema “Welas Asih Marang Kewan lan Tetuwuhan” Materi : Kewan Ing Sekitar Kewan kang wonten ing sekitar kita dipun rumati kayata ngenei pangan kewan, ngrisiki kandang kewan 2 minggu pisan,lan ngedusi kewan supados mboten wonten kuman. ➢ Tema “ Pakulinan Becik” Materi : Pakulinan becik saged dilakoni ing sekolah, ngomah, masyarakat lan sakpiturute. Ing sekolah kayata sinau kang bener, nyapu lan ngresiki kelas, nurut kaliayn peraturan sekolah. Ing ngomah kayata nyapu, asah-asah, mbantu Ibu masak, sinau garap PR, pamit sakderenge mangkat sekolah. Ing masyarakay kayata ngurmati dumateng tiyang ingkang sepuh, nderek kerja bakti. ➢ Tema : “Pengalaman Kang Nyenengake” Materi : Kita sedaya gadhai pengalaman piyambak-piyembak ingkang nyenengake nalika tasih alit utawa pengalaman ingkang mboten saged dilaleaken. Pengalaman kang nyenengake inggih punika pengalaman kang nuwuhake kesan lan nalika kelingan saged nguyu lan nyenengake.



C. Tema-tema ingkang saged ngindhakake katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas nginggil (kelas 4, 5, 6) Salah satunggalipun kompetensi ingkang perlu dikembangke inggih menika ketrampilan gineman. Mbok bilih siswa saget terampil ginaman basa Jawi, siswa kasebut saget nggadahi budi pekerti lan sopan santun ingkang sae. Amergi basa Jawi kagungan tingkatan-tingkatan basa utawi undha usuk basa (Haryana haryjawiyana & TH. Supriya, 2001). Sumarlam (2011: 45) ngendika wontene tingkat tutur basa Jawi ndadosake siswa kesesahan gineman ngagem basa Jawa ingkang bener. Nopo maleh kelas inggil ingkang bocahe sampun gedhe njur kathah ingkang mboten saget gineman ngagem basa Jawi, Guru perlu ngewontenaken tema-tema pembelajaran ingkang saged ningkataken ketrampilan ginaman basa Jawi ingkang terpadu supados bocah-bocah wonten kelas inggil saget nguringuri basa jawi dan saget gineman lancar ngagem basa jawi, inggih menika : 1. Nyariosaken isi cerita ngangge basanipun siswa piambak Siswa mirengake salah satunggaling cerita ingkang dipuncariosaken guru. Lajeng siswa dipunutus nyariosaken cerita punika ngangge bahasanipun siswa piyambak wonten ngajeng kelas. 2. Mentasaken sandiwara cekak utawi babagan sandiwara ingkang trep kangge siswa Pamilihan tema kangge naskah sandiwara siswa SD mendet tema ingkang sederhana lan cekak aos sesambetan kaliyanpagiyatan padintenanipun para siswa. Siswa dipunutus ngapalaken pacelathon naskah punika lajeng dipunperagakaken wonten ngajeng kelas. Dados, siswa saged nglatih gineman basa Jawi amargi salebetipun naskah punika wonten pacelathon sederhana. Ugi nglatih ekspresinipun siswa kanthi mangertosi watakipun paraga ingkang dipunperagakaken. Penelitian ingkang dipun teilti dening Dwi Santoso tahun 2016, ngendika yen Model pembelajaran mentasaken sandiwara saget ningkatake ketrampilan gineman basa jawi siswa kelas V SD Negeri Sorobayan. Amargi wonten mentasaken sandiwara siswa saget magertosi lan praktik gineman basa jawi langsung nggunakaken unggah-ungguh basa ingkang tepat. 3. Gladhen miginakaken basa krama alus antawisipun guru kaliyan siswa



Salebetipun piwulangan mliginipun pelajaran basa Jawi, guru maringi tuladha dumateng siswa kepripun caranipun miginakaken basa krama ingkang trep. Guru maringi kawruh basa sederhana ingkang asring dipunginakaken ing padintenan. Dados, siswa saged nerapaken tuladha wau kangge gineman ndumateng liyan.



BAB III PANUTUP A. Dudutan Mata pelajaran basa Jawi nggadahi tujuan kagem ningkataken kemampuan intelektual, emosial, lan sosial kagem siswa. Mula basa jawi dados muatan lokal wajib wonten sedaya jenjang pendidikan dasar wonten DIY & Jawa Tengah. Basa Jawi wonten kabisan bebasa, nyemak, nyerat, lan ginaman. Katrampilan gineman menika kemampuan ngudharaken pikiran utawi ide lumantar lambang-lambang swanten. Tema-tema ingkang saged ningkataken katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas ngandap antawisipun njlentrehaken cara damel lan meragakaken dolanan, nglakokaken pacelathon lumantar telepon lan nepangaken identitasipun siswa ngangge basa Jawi



sederhana. Geneya tema-tema ingkang saged



ningkataken katrampilan gineman basa Jawi ingkang terpadu kangge kelas nginggil antawisipun nyariosaken isi cerita ngangge basanipun siswa piyambak, mentasaken sandiwara cekak utawi babagan sandiwara ingkang trep kanggemm siswa, gladhen miginakaken basa krama alus antawis guru kaliyan siswa. Dados, lumantar tema-tema punika katrampilan gineman siswa saged tuwuh.



B. Saran Tiyang sepuh lan guru supados nggladhen katrampilan gineman/micara siswa ingkang dipunwiwiti ngangge basa Jawi sederhana ingkang asring dipunginakaken ingpagiyatan padintenan. Siswa dipungladhen kanthi telaten, lan saged ngembangaken kegiatan pembelajaran basa jawi ingkang interaktif supados siswa seneng kalian basa jawi.



Daftar Pustaka Haryana Harjawiyana & Th. Supriya. (2001). Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Kanisius. Kadaryono, dkk. 2006. Remen Basa Jawa Kanggo Sekolah Dasar Kelas III. Semarang: Erlangga. Kadijo. 2005. Musthika Basa Jawa Anyar Kelas II. Semarang: PT.Remaja Rosdakarya. Trimo, dkk. 2006. Remen Basa Jawa Kanggo Sekolah Dasar Kelas VI. Semarang: Erlangga. Muhamad Rohmadi & Lili Hartono. (2011). “Paugeraning Ngoko Alus lan Krama Alus”. Kajian Bahasa Sastra dan Budaya Jawa: Teori dan Pembelajarannya. Surakarta: Pelangi Press.