Materi Geguritan [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

MATERI BAB 1 GEGURITAN Geguritan utawa guritan yaiku sawijine karya sastra kang basane cekak, mentes lan endah. Guritan asale saka tembung “gurit”, kang ateges kidung. Guritan kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas lan geguritan gagrag anyar (puisi Jawa modern). Titikane geguritan gagrag lawas lan gagrag anyar: Geguritan Gagrag Lawas Cacahing



gatra



saben



sapada



Geguritan Gagrag Anyar ora Ora kaiket paugeran ngenani cacahe gatra



ajeg,anging sathithike ana patang gatra



utawa cacahe pada kaya geguritan gagrag lawas



Cacahing wanda saben gatrane ajeg Basane yaiku 8 wanda



kalebu



basa



endah



lan



migunakake tembung – tembung pilihan



Dhong dhinge swara saben pungkasane Dhong dhinge swara bebas / mardika gatra migunakake purwakanthi guru swara Lumrahe diwiwiti nganggo tembung Sun Nggegurit utawa Sun Anggegurit Geguritan gagrag lawas lumrahe isi piwulang



 Struktur Teks Geguritan 1. Struktur fisik a. Tipografi (Bentuke Guritan) Yaiku wewangunan guritan kang tinulis. Guritan bisa ngebaki larik utawa ora, kawiwitan aksara gedhe utawa ora, lan sapanunggalane. b. Diksi (Pilihan Tembung) Yaiku Pamilihe tetembungan kang bisa negesi tembung liyane supaya maknane dirasa luwih mentes. c. Imaji (Pangungkape Pengalaman Indrawi) Yaiku rerangken tetembungan ing guritan bisa medharake pengalaman indrawi. Kayata paningal, pangrungon lan pangrasa, saengga pamaos bisa kagawa ing swasana kaya sing dialami panggurit. Imaji kaperang dadi 3, yaiku: - Imaji swara - Imaji Paningal - Imaji raba/sentuh d. Tembung Konkret Yaiku tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa nuwuhake imaji. Tembung konkret bisa arupa pepindhan utawa pralambang. Tuladha : bun(embun) bisa dadi pralambang wening, niyat suci, tulus, endahing swasana esuk.



e. Busananing Basa / Lelewaning Basa Yaiku panganggone basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake rasa endah. Busanane basa bisa arupa basa rinengga kang maneka warna lan uga majas. f. Wirama (Rima) Yaiku runtuting swara ing geguritan kang bisa ing wiwitan, tengah utawa ing pungkasaning gatra. 2. Struktur Batin a. Tema Yaiku kekarepan utawa maksud tartamtu kang kinandhut ing saben tembung, gatra, pada lan sakabehe pada ing geguritan. b. Rasa Yaiku pandungkape rasa panggurit tumrap bakune pirembugan kang kinandhut ing geguritan kang ditulis. c. Nada Yaiku kekarepane panggurit marang pamaos salaras karo isine geguritan. Kekarepan iki bisa arupa pesen kang sipate ngguroni, ndhikte, ngudhari prakara lsp. d. Amanat Yaiku pesen kang kinandhut ing geguritan kang diandharake panggurit marang pamaos.



Ature Simbah Carang – carang kang aking Amarga tanpa tumuruning tirta amerta Nalika tiba ing titi wanci ketiga ngerak iki Jun – jun kang sumendhe wis asat kawit wingi – wingi Sambat tangis anggegirisi sumebar Ing salumahe bawana Jebul bener ature simbah wingi Aja kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi Banjur saiki coba delengen Ijo royone gunung kidul omah kae Kaganti dening jangkar – jangkar Kang ndadekake bumi mranggas kaya dina iki



Tuladha Analisis Struktur Fisik Guritan “ Ature Simbah” : a. Tipografi - Guritan “ature simbah” migunakake wewangunan rata kiri - Saben gatra diwiwiti aksara gedhe - Dumadi saka sapada cacahe 12 gatra/larik - Ing wiwitan saben gatra migunakake aksara gedhe - Panggurit ngrengga ukara ing gatra 4,8,12 luwih dawa tinimbang gatra liyane. b. Diksi - Tembung aking minangka gantine tembung garing - Tembung tirta minangka gantine tembung banyu - Tembung ketiga ngerak nggambarake mangsa ketiga kang panas banget - Tembung bawana minangka dasanamane lemah/bumi - Tembung rambute bumi tegese wit-witan ing alas - Tembung jangkar – jangkar tegese wesi – wesi minangka pondhasi bangunan c. Imaji Ing guritan “Ature Simbah” migunakake imaji pangrungu ing tetembungan Sambat tangis anggegirisi sumebar. d. Tembung Konkret Tetembungan kayata aking, asat, ketiga ngerak minangka pralambang mangsa ketiga e. Busananing Basa - Majas Personifikasi Tumuruning tirta amerta Jun-jun kang sumendhe Salumahe bawana - Majas Metafora Aja kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi f. Wirama ( Rima ) Geguritan “Ature Simbah” ora migunakake wirama tartamtu. ► TUGAS GEGURITAN



1. Gawea kelompok kanthi anggota 4 siswa saben kelompok. 2.



Materi Bab II UPACARA ADAT JAWA  Gegayutan karo manungsa a. Mbobot - Neloni - Matang wulan - Mitoni / Tingkeban - Procotan b. Lairan - Mendhem ari – ari - Brokohan - Sepasaran - Aqiqah - Puput Puser - Selapanan c. Bocah - Tedhak Siten - Nyapih d. Lajang - Khitan - Tetesan - Tarapan - Pangur e. Jaka lan Prawan - Mantenan f. Tilar / Seda -