Materi Geguritan [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Materi Geguritan Author: Unknown |  13:55 |  2 Comments |  Pengertian Geguritan (Puisi Jawa): Miturut bausastra Jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang, ananging guru gatra, guru wilangan lan guru lagune ora ajeg. Geguritan kagolong karya sastra tulis. Tembung geguritan asale saka tembung "gurit". Gurit tegese kidung utawa tembang tulisan awujud tatahan kanthi paugeran tartamtu. Nggurit tegese ngarang tembang, kidung utawa rerepen. Sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku: 1. Wicara: pocapan 2. Wirama: irama/lagu 3. Wiraga: solahe raga, pasemon 4. Wirasa: pangrasa     Geguritan saiki wis ora jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis ana pangaribawaning jaman, saengga geguritan saiki wis beda karo giritan jaman biyen, tegese wis mardika. Titikane guritan yaiku ora kawengku ing pathokan, migunakake tembung-tembung kang pinilih, cacahe larik ora katemtokake, sajak pungkasane bebas mardika, ora nggunakake basa padinan, arng-arang nggunakake tembung pangiket, migunakake tembung kawi, isine mentes, lan migunakake purwakanthi basa, swara lan sastra.  Pituduh carane gawe geguritan:       1. nemtokake tema 2. milih tetembungan kang mentes, endah lan cekak,  3. paramasatra 4. menehi irah-irahan kang jumbuh karo isine geguritan, Guritan iku dibedakake dadi 2, yaiku : 1. Geguritan Gagrag Kuna/Lawas Titikane/pathokane: 1. cacahing gatrane ora ajeg, nanging sethitike papat 2. cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe 3. tibaning swara (guru lagune) kudu runtut 4. sangarepe geguritan, diwiwiti nganggo tembung "sun nggegurit"  Tuladha: sun nggegurit: Kahanan zaman saiki Sipat pemudha-pemudhi Srawunge saya ndadi Raket wewekane sepi Tan kadi zaman nguni Srawunge sarwa ngati-ati Yen manut wasiting kuna Priya srawung lan wanita Gampang ketaman panggodha Nerak ing laku susila Temah darbe jeneng ala Wusanane tibeng bapa.   2. Geguritan Gagrag Anyar Dene geguritan utawa guritan anyar nduweni pathokan : 1. Tembung-tembunge pilihan 2. Isine mentes  3. Cacahe gatra/larikan ora katemtokake 4. Arang nganggo tembung salugune/denotasi 5. Akeh nganggo tembung kiasan/konotasi 6. Ora nganggo tembung sun gegurit



Tuladha: RA MOKAL Ra mokal yen bocah-bocah takon aku Pak, angka jawa nggo ngetung apa Apa bisa dak nggo bakulan ula Apa bisa dak nggo tamba lara Lha yen pasar wis nganggo kalkulator pak dhokter wis sarwa komputer Dititul thet dadi mesin jet Diuntir-untir dadine nuklir Nganti ambune kiyamat wis krasa cedhak Katon tombole ing pangkalan-pangkalan Lan aku isih kok pleter carakaan Apa aku bisa balapan Le, thole Basa Jawa ra bisa dienggo golek bojo Angka Jawa ateges etung-etungan Ngeleluri satra Jawa ora ateges dodolan kewan Kuwi sawijining kabudayan Yen copot ateges awakmu ora kathokaan. Latihan soal: 1. Apa irah-irahan geguritan ing dhuwur? 2. Apa temane geguritan kasebut? 3. Nggunakake ragam basa apa ing geguritan iku? 4. Tulisna amanat kang kinandhut ing geguritan kasebut? 5. Terangna isine geguritan iku nganngo basamu dhewe sing penting cetha!