MC 17 Agustus Bahasa Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Pranata Adicara Tirakatan Pengkol Rt 03 Asalamualaikum wr.wb



Dumateng Bapak Rt ingkang kulo hormati, Bapak, Ibu, sesepuh ingkang kulo hormati, Lan rencang-rencang kawulo mudo ingkang kulo tresnani.. Langkung rumiyen keparengo angaturaken puji syukur kunjuk wonten ngarso dalem Alloh swt ingkang sampun kepareng paring pinten-pinten kanikmatan, karohmatan dumateng kulo lan panjenengan sami sahinggo kanti kawilujengan kasarasan saged angrawuhi panghargyan pengetan dinten kamardikan republik indonesia wonten ing dalu puniko. Sholawat sarto salam mugi tetep kacurahaken dumatheng Nabi Muhammad SAW ingkang tansah kita wantu-wantu syafaatipun benjing ing dinten kiamat. Dumateng ngarsanipun poro lenggah kakong miwah putri ingkang tansah kulo hormati, keparengo kulo wonten ing mriki derekaken lampahing adicoro ing dalu puniko. Nanging sakderengipun adicoro wonten ing dalu puniko dipun awiti keparengo kulo ngaturaken reroncining adicoro wanten ing dalu puniko. 1. Adicoro ingkang sepindah pambuko 2. adicoro ingkang kaping kalih upacara (Nembangake sesarengan tembang Indonesia Raya) 3. adicoro ingkang kaping tigo sambutan a) sambutan ingkang sepindah saking ketua panitia b) sambutan ingkang kaping kalih saking bapak Rt 03 Pengkol 4. adicoro ingkang kaping sekawan pembagian hadiah 5. adicoro ingkang kaping gangsal hiburan 6. adicoro ingkang pungkasan panutup Gemeni wekdal soho kawontenan monggo doyo-doyo adicara ing dalu punika pun kita wiwiti kanti waosan basmalah sesarengan. Bismillahirrohmanirrohimmm...... Poro tamu lenggah kakong miwah putri ingkang kulo hormati, kito lajenganken Adicoro inkang ongko kalih inggih puniko upacara (Nembangake sesarengan tembang Indonesia Raya) Poro rawuh kasuwun jumeneng Indonesia Raya......



Para Rawuh kahaturaken lenggah Ndungkap acara ingkang kaping tigo noinggih sambutan sambutan -



Sambutan ingkang sepindah saking ketua panitia, Dumatheng Sedherek Alan wedal soho panggenan kulo sumanggakaken.. Mekaten kolo wau sambutan sangking ketua panitia.. kalajengaken sambutan ingkang kaping kalih noninggih sambutan saking Bapak Rt 03 Pengkol Dumatheng Bapak Mustadi wedal soho panggenan kulo sumanggakaken. Mekaten kolo wau sambutan sangking Bapak Rt Kito lajengaken adicoro ongko gangsal engkang sampun ditenggo kalian adekadek injih meniko Pembagian Hadiah, acara badhe dipandu kalian ketua pemuda. Mekaten kolo wau pembagian hadiah ,mugi-mugi saget nambah semangat adekadek anggone sinau. Acara saklajengipun noninggih Hiburan, wekdal saha panggenan kulo aturaken dumateng rencang-rencang kawulo mudo.. Adicara ingkang pungkasan noninggih panutup. Monggo acara ing dalu puniko kito tutup kanti waosan Hamdallah.. Alhamdulillah.... Kulo minangka pambyawara menawi wonten klenta klentune atur kulo nyuwun agunging samudro pangaksami. Akhirul kalam Wassalamualaikum Wr Wb Nuwun..