Teks MC Bahasa Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Assalamualaikum wr.wb (muqodimah)



Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah. Dumateng bopo hery susanto selaku kepala desa jamus kauman ingkang kulo hurmati. Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom bopo kiyai ……………………….. Ingkang mijil saking………… ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah Ugi para kadang wira anem dusun jamus kulon ingkang cinaket ing manah.



Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja .ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun. Para tamu kakung saha putri ingkang tuhu kinurmatan. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Mrengeti 17 Agustus ingkang kaping 73 (pitung ndoso tigo), nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten : 1. Adicara ingkang sepisan inggih meniko pambuko. 2. Adicara angka kalih Menyanyikan lagu Indonesia raya dipun lajengaken lagu 17 agustus kalian bagimu negeri. 3. Wondene adicara angko tigo lan sekawan inggih puniko waosan pustaka suci al quran kalian waosan tahlil. 4. Atur pambagyoharjo kalembet wonten adicara ingkang angka gangsal. 1



5. Wondene adicara ingkang angka enem injih meniko hiburan ugi pembagian hadiah. 6. Adicara ingkang ongko pitu inggih punika mauhidhoh hasanan dipun lajengaken doa. 7. Pungkasing adicoro inggih puniko pembagian door price kalian penutup. Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Allah SWT bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara ndalu menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ummul kitab sesarengan. 



Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Nembangaken lagu Nasional ingkang badhe kasarirani dening sedherek ………… Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya para rawuh kepareng jumuneng sawetawis. Salajengipun, dhumateng sedherek …………… wekdal kasumanggaaken.  Maturnuwun dumateng sederek ………… para rawuh sedoyo kulo aturi lengah malih.







Adicoro salajengipun nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening sedherek ……………………. Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya para rawuh mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. dhumateng sedherek …………… wekdal kasumanggaaken.  Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.







Ndungkap adicara ingkang angka sekawan, nun inggih waosan Tahlil. Dhumateng Bapa ………. wekdal kasumanggaaken.  Kulo aturaken aggunging panuwun dumateng bapa…………. Ingkang sampun waos tahlil ngintun poro leluhur.



 



Adicara ingkang salajengipun, atur pambagyaharja. Pambagyaharja inggkang sepisan inggih punika pambgyaharja saking wakil panitia, Dhumateng rakamas wisnu pambudi wekdal kasumanggaaken. 2



















Matur nuwun dhumateng rakamas wisnu pambudi ingkang sampun paring pambagyo wakil saking panitia, salajengipun inggih puniko pambagyoharjo saking bopo kepala desa jamus kauman, Dhumateng Bapa hery susanto wekdal kasumanggaaken. Matur nuwun dumateng bopo hery susanto ingkang sampun paring pambagyo, Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun inggih meniko Hiburan kalian pembagian hadiah, ingkang bade dipun Derek aken kalian sederek …………., dumateng sederek……… kulo sumanggaken. Maturnuwun dumateng sederek ……….. ingkang sampun nderekaken adicara hiburan. ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka pitu, wedharing pangandikan saking panjenenganipun bopo kiyai………., dhumateng bopo kiyai…………………… wekdal kasumanggaaken.  Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bopo kiyai…………ingkang sampun kepareng paring pangandika. Pungkasing adicara inggih meniko pembagian doorprice kalian penutup ingkang bade dipun Derekaken kalian sederek……..,



Anannnnmung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nunju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami. Cekap semanten saking kawulo , bilahi taufik walhidayah wassalamualaikum wr.wb Dumateng sederek…..Kulo sumanggaaken



3