Teks MC Pengajian Bahasa Jawa  [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Assalamualaikum Wr.Wb Ingkang kinobekten panjenengan ipun Bapak Ustadz Ir. Nanung Danar Dono, S.pt., MP., Ph.D., IPM., ASEAN Eng. Ingkang kinobekten panjenengan ipun kepala dusun Tembi bapak ibnu sutopo Ingkang kinobekten panjenengan ipun Takmir Masjid Al-Huda Bapak Zuhri Muh. Tarom Soho poro bapak ibu Hadhirin Rokhimakumulloh. Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyen monggo kito panjatke raos puji syukur wonten Allah SWT ingkang sampon maringi kito pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ndalu puniko kito saget makempal wonten ing Masjid Al-Huda mriki kange mengeti pengaosan, kanti wilyjeng mboten woten halangan satunggal punopo.



Sholawat soho salam kator deneng Nabi Agung Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antuantu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah, Amiin.



Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh. Sak derengipun acoro kito bukak, kawolo minangkani pranotocoro bade maosaken acoro-acoro ingkang bade kalempahan meniko. Acara kaping satunggal inggeh puniko, pambuko Acara kaping kaleh inggeh puniko: Waosan ayat-ayat Suci Al-Qur’an



Acara kaping tigo inggeh puniko: sambutan-sambutan Acara kaping sekawan inggeh puniko: Tausyiah Acara kaping Gangsal inggeh puniko: Penutup



Acara kaping satunggal inggeh puniko pambuko, monggo Acoro wonten ing ndalu puniko kito bikak khanti waosan Basmallah sesarengan. Acara kaping kaleh inggeh puniko Waosan ayat-ayat Suci Al-Qur’an ingkang badhe dipun waos dining ……………………., wedal soho papan(panggenan) kulo sumanggaaken. Acara kaping tigo inggeh puniko,sambutan-sambutan: Sambutan ingkang kaping satunggal saking …Dukuh………………, wedal soho papan(panggenan) kulo sumanggaaken. Sambutan ingkang kaping kalih saking …Takmir………………, wedal soho papan(panggenan) kulo sumanggaaken. Sambutan ingkang kaping tigo saking …………………, wedal soho papan(panggenan) kulo sumanggaaken. Acara kaping sekawan inggeh puniko Tausyiah , dumateng panjenengan apak Bapak Ustadz Ir. Nanung Danar Dono, S.pt., MP., Ph.D., IPM., ASEAN Eng. Sakeng Kepuh GK Yogyakarta. wedal soho papan(panggenan) kulo sumanggaaken. Acara kaping Gangsal inggeh puniko Penutup, Monggo Acoro pengaosan wonten ing ndalu puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah. Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwon agunging pangapunten. Wassalamualaikum Wr.Wb.