MC Acara Pengajian [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

PEMBAWA ACARA PENGAJIAN BAHASA JAWA Assalamu’alaikum Wr. wb ‫اجمعين وصحبه اله وعلى محمد سيدنا المرسلين و االنبياء اشرف على والسالم الصالة و العالمين رب هلل الحمد الرحيم الرحمن هللا بسم‬ ‫بعد اما‬ Khadrotil muhtaromin, dumateng poro alim, poro ulama, poro kyai, poro haji hajjah, poro ustadz ustadzah Ingkang kawulo hormati, wabil khusus dumateng panjenenganipun Almukarom KH. Saiful Anwar saking Harjowinangun Tersono ingkang kito mulyaaken lan kito tenggo2 punopo ingkang dados fatwa soho nasihatipun. Dumateng panjenenganipun Bapak Abdul Manan selaku Ketua Tanfidziyah NU Ranting Desa Tembok beserta banom-banomnya, GP. Ansor, Muslimat Fatayat, Rekan-rekanita IPNU-IPPNU Ranting Desa Tembok ingkang kawulo hormati.



Dumetang penjenenganipun Bapak H. Maryoso, S.Pd selaku kepala Desa Tembok beserta perangkatnya ingkang kito hormati. Hadirin-hadiro Rohimakumullah. Sepindah monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten2 kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget bertatap muka, bermuwajahah, bersilaturrakhim dalam kegiatan Selapanan Rutin Rebo Manisan NU Ranting Desa Tembok ingkang mboten wonten alangan setunggal punopo, kanti ngucap Alhamdulillahirobbil alamin. Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur deneng Nabi Agung Nabi Muhammad SAW, mugi2 kanthi kito ngrawuhi acara meniko saget dadosaken kito termasuk umat ingkang angsal syafaatipun, Amin2 ya robbal alamin. Hadirin-hadirot rohimakumullah Sak derengipun acara kito bukak, kawulo minangkani pranotocoro bade maosaken acara2 ingkang bade kalampah meniko. Acara ingkang sepindah, pembukaan Acara ingkang kaping kalih, waosan ayat-ayat suci al qur’an Acara ingkang kaping tigo, prakata panitia Acara ingkang kaping sekawan, sambutan-sambutan Acara ingkang kaping gangsal, istirahat Acara ingkang kaping enem, mauidloh khasanah sekaligus do’a Acara ingkang kaping pitu-penutup. Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Ummul Kitab. ‫وسلم عليه هللا صلى هللا رسول ولشفاعة تعالى هللا لرضا‬



Matur nuwun, mugi-2 kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal alaim. Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang bade di waos deneng Al Ustadz Ikrom, dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken. Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi2 saget mempertebal iman lan taqwa dumateng Allah SWT. Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko prakata panitia, ingkang bade dipun sampeaken deneng .......... dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken. Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun. Acara ingkang selajengipun, sambutan-sambutan Sambutan ingkang sepindah, saking Ketua Tanfidziyah NU Ranting Desa Tembok, Dumateng Penjenenganipun Bapak Abdul Manan kawulo summanggaaken. Maturnuwun kawulo sampeaken. Sambutan ingkang nomer kaleh, saking Kepala Desa Tembok, Dumateng Panjenenganipun Bapak H. Maryoso, S.Pd kawulo summanggaaken. Maturnuwun kawulo aturaken. Acara selajengipun, inggih meniko istirahat, Kangge ngisi wekdal istirahat, dumateng grup rebana Cagar Seno Istirahat kawulo cekapaken. Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng AlMukarom KH. Saiful Anwar saking Harjowinangun Tersono. Dumateng penjenengaipun wekdal sepepnuhnya kawulo summanggaaken. Maturnuwun kawulo aturaken, mugi2 punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat. Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging pangapunten. Akhiron, Wallahul Muwaafiq Iaa Aqwamith Thoriq Wassalamu’alaikum Wr. Wb