Modul Bahasa Jawa Kelas X [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

MODUL BAHASA DAERAH SMA NEGERI 1 BERBEK TAHUN 2022 SEMESTER GANJIL



Disusun Oleh: NICHO ARGANATA, S.Pd



KELAS X 2022



Satuan Pendidikan Guru Mata pelajaran Jenjang Kelas Materi Ruang Lingkup Alokasi Waktu



: SMA Negei 1 Berbek : Bahasa Daerah : SMA :X : Artikel : 12 JP



B. KOMPETENSI AWAL: Peserta didik sudah memahami dasardasar Bahasa Daerah di SMP C. PROFIL PELAJAR PANCASILA - Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan YME dan berakhlak mulia - Mandiri - Bernalar Kritis - Kreatif D. SARANA DAN PRASARANA Video, laptop, LCD proyektor Papan Tulis E. MODEL PEMBELAJARAN (dilaksanakan secara blended learning) II. KOMPONEN INTI A. TUJUAN PEMBELAJARAN Setelah mempelajari materi ini diharap siswa dapat : - menjelaskan struktur artikel - menjelaskan jenis artikel - menganalisis isi artikel - membaca ekspresif teks artikel - meringkas artikel - menanggapi isi artikel - menulis artikel sederhana B. PEMAHAMAN BERMAKNA Penerapan materi ini mampu menerapkan tentang mengapresiasi sebuah karangan teks berbentuk artikel C. PERTANYAAN PEMANTIK - Mengapa kita harus belajar artikel? - Apa pentingnya penerapan artikel dalam kehidupan?



Kegiatan Pembelajaran Pendahuluan - Peserta didik berdoa. - Peserta didik diberi kesempatan melakukan refleksi awal terkait pemahaman awal materi yang akan dibahas, hal yang perlu dipersiapkanuntuk belajar dan hal yang harus dikembangkan. - Guru menyediakan daftar istilah penting dan pengertiannya pada bahan ajar untuk membantu peserta didik yang belum memiliki pengetahuan cukup terkait materi yang akan dibahas. - Peserta didik membaca tujuan pembelajaran/ petunjuk hand out/petunjuk kegiatan. Kegiatan Inti - mengamati - menanya - mengumpulkan informasi - mengomunikasikan Penutup - Melakukan refleksi pembelajaran. - Menyimpulkan pembelajaran. - Memberikan motivasi. - Menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan selanjutnya. - Berdoa D. ASESMEN -Asesmen diagnostik non kognitif dan kognitif sebelum pembelajaran - Asesmen Formatif tidak tertulis berupa laporan hasil kajian, observasi, jurnal anekdot serta performa saat pembelajaran - Asesmen sumatif tertulis pada akhir pembelajaran berupa soal pilihan ganda E. PENGAYAAN DAN REMEDIAL - Bagi peserta didik yang belum paham/belum terampil akan dilakukan pendampingan oleh guru - Bagi peserta didik yang sudah paham seutuhnya diberikan pengayaan dan melanjutkan ke tujuan pembelajaran berikutnya



F. REFLEKSI PESERTA DIDIK DAN GURU Bagi peserta didik: - Kendala apa yang dialami dalam proses pembelajaran? - Apa saja upaya yang kalian lakukan untuk mengatasi kendala tersebut? Bagi Guru: - Hal apa saja yang belum terlaksana dengan maksimal dalam pembelajaran? faktor apakah yang menyebabkannya? - Bagaimana upaya tindak lanjut untuk memaksimalkan pelaksanaan pembelajaran tersebut



MATERI AJAR Pangerten Artikel   Artikel yaiku karangan nyata kanthi dowo tertentu disebarake lewat koran, majalah, lan media massa liane. Tujuane wong kang nggawe artikel yaiku kanggo ngekek i tambahan ilmu pengetahuan ngeyakinake wong kang moco, lan gawe hiburan. Artikel bisa diartekake tulisan kang isine panemu, ide utawa fakta kang tarkadang nglelipur, ndhidik utawa nyaruwe sawijine babagan kang pinuju sinebar liwat medhia massa sacara online utawa offline. Struktur Artikel   Artikel iku nduweni 4 struktur yaiku : a)  Irah irahan : Irah irahan sajrone bahasa indonesia iku judul ,Irah irahan iku gawe ngewakilake isi ing sajrone artikel. b) Pambuka : Pambuka iku tugase gawe mbuka isi artikel. Yen pambuka ora menarik , wong kang maca males nerusake macane ing artikel iku mau. c) Isi : Isi tugase njlentrehno opo kang kape dijelasno. Inti saka artikel iku mau. d) Panutup : Panutup iku tugase kanggo nutup artikel. Jinis Jinise Artikel lan Tuladhane a) Artikel Eksploratif : Artikel kang tulisane ndungkapane fakta fakta miturut pamawase si penulis. Jenis artikel iki cocog kanggo maparake temon temon anyar. Tuladhane : Makalah paniliten, Nemokake fosil tinggalan jaman purba, lan sapiturute. b) Artikel Eksplanatif : Artikel iki tegese maparaken keterangan sawijine perkoro tuladhane : tawuran antar pelajar. c) Artikel Predhikatif : Artikel iki isine pitungan utawa ramalan miturut penulis tuladhane : ramalan cuaca. d) Artikel Preskriptif : Artikel sing ngekek i tuntunan agar pembaca mboten keliru. Tuladhane : cara nggae kripik. e) Artikel Argumentasi : Artikel kanggo mbuktiake kebenaran (pendapat e wong), tuladhane : mene sare miturut Sandy udan deres. f) Artikel Eksposisi : Artikel iki tegese njlentrehake sawijining topik kanggo tambahan ilmu. Tuladhane : Kenduren. Karakteristik artikel a) Di tulis karo jeneng b) Nduwe idea asline utawa kontrovèrsial c) Ing idea wis diangkat dadi kapentingan kanggo paling pirsawan. d) Ditulis ing buri karo intellectual sesanti e) Ditulis ing basa urip, seger, populer, lesan f) cepet lan pepek g) Original



Cara menulis artikel a) Nemtokake tema. b) Netepake tujuan nulis c) Ngramu idea utama utawa masalah ing wangun pitakonan. d) Mbangun tema lan diskusi miturut jinis article (agensi aku wis diterangake luwih ngisor) e) Priksa Serat. Gladhen Soal 1. Jinise karangan ana 5 yaiku.... a. narasi, dheskripsi, geguritan, argumentasi, lan persuasi b. narasi, dheskripsi, eksposisi, argumentasi, lan persuasi c. narasi, nasihat, crita, petuah, lan eksposisi d. narasi, dheskripsi, eksposisi, argumentasi, lan legendha  e. eksposisi, legendha, mitos, narasi, persuasi a. Fiksi b. Non fiksi c. Rekan d. Imajinatif e. khayalan 3. Perangan ing ngisor iki sing ora kalebu strukture artikel yaiku... a. Pada pambuka b. Pada isi c. Pada jangkepan d. Irah-irahan e. Salam   4. Bab kang diandharake sajrone artikel yaiku bab kang gegayutan karo.... a. Crita rakyat b. Crita fiksi/imajinatif c. Crita Kanyatan/ fakta d. Crita carangan e. Crita mitos   5. Reriptan ing ngisor iki kang kalebu artikel yaiku.... a. Pawarta b. Fabel c. Crita babad d. Ramalan e. Primbon



  6. Karangan narasi nduweni teges.... a. Karangan kang isine menehi gambaran kahanan samubarang. b. Karangan kang isine menehi katrangan salah sijine masalah. c. Karangan kang nyritakake samubarang kanthi runtut.  d. Karangan kang tujuwane mbuktekake samubarang kanthi menehi argumen. e. Karangan kang ngrembug khayalane crita 7. Karangan kang tujuwane mbuktekake samubarang kanthi menehi argumen minangka tandha bukti saengga sing padha maca ngakoni yen samubarang mau bener kaya sing dikandhakake. Katrangan kasebut kalebu tegese karangan.... a. narasi b. dheskripsi c. persuasi d. argumentasi e. eksposisi



a. Irah-irahan b. Pada pamungkas c. Pada isi/panjelas d. Pada panutup/dudutan e. Pada panutup



a. Kanggo hiburan b. Kanggo seneng-seneng c. Menehi informasi utawa katrangan ngenani sawijine bab d. Kanggo sarana medharake imajinasi e. Kanggo gegojegan 10. Mula saiki ayo padha mbrantas lan nyegah nyamuk demam berdarah kanthi njaga reresikan. Sabab penyakit demam berdarah iki bisa nuwuhake bebaya kang gedhe. Akeh wong gedhe-cilik padha ninggal donya amarga iki. Gatekna unen-unen iki. “Luwih becik nyegah, tinimbang ngobati”. Saka wacan kasebut ana unen-unen “luwih becik nyegah, tinimbang ngobati”, unenunen kasebut nduweni teges....



a. Nduwe luwih apik tinimbang ora nduwe. b. Luwih apik nduwe obat timbang ora lara. c. Luwih becik mangan timbang luwe. d. Nyegah luwih apik timbang nambani.  e. Nyegah ora apik, luwih apik ditambani



Satuan Pendidikan Guru Mata pelajaran Jenjang Kelas Materi Ruang Lingkup Alokasi Waktu



: SMA Negei 1 Berbek : Bahasa Daerah : SMA :X : Wayang : 12 JP



B. KOMPETENSI AWAL Peserta didik sudah memahami dasar- dasar Bahasa Daerah di SMP, C. PROFIL PELAJAR PANCASILA - Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan YME dan berakhlak mulia - Mandiri - Bernalar Kritis - Kreatif D. SARANA DAN PRASARANA Video, laptop, LCD proyektor Papan tulis E. MODEL PEMBELAJARAN Dilaksanakan secara blended learning II. KOMPONEN INTI A. TUJUAN PEMBELAJARAN Setelah mempelajari materi ini diharapkan siswa dapat : - menganalisis unsur intrinsik cerita wayang - menganalisis unsur ekstrinsik wayang - menganalisis relevansi isi cerita wayang dengan zaman sekarang - menceritakan isi cerita wayang - menanggapi isi cerita wayang - membaca indah dialog cerita wayang B. PEMAHAMAN BERMAKNA Penerapan metode ilmiah tentang permasalahan pada obyek bahasa daerah yaitu wayang dalam kehidupan sehari-hari. C. PERTANYAAN PEMANTIK - Mengapa kita harus belajar wayang? - Apa pentingnya penerapan wayang dalam kehidupan?



Kegiatan Pembelajaran Pendahuluan - Peserta didik berdoa. - Peserta didik diberi kesempatan melakukan refleksi awal terkait pemahaman awal materi yang akan dibahas, hal yang perlu dipersiapkanuntuk belajar dan hal yang harus dikembangkan. - Guru menyediakan daftar istilah penting dan pengertiannya pada bahan ajar untuk membantu peserta didik yang belum memiliki pengetahuan cukup terkait materi yang akan dibahas. - Peserta didik membaca tujuan pembelajaran/ petunjuk hand out/petunjuk kegiatan. Kegiatan Inti - mengamati - menanya - mengumpulkan informasi - mengomunikasikan Penutup - Melakukan refleksi pembelajaran. - Menyimpulkan pembelajaran. - Memberikan motivasi. - Menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan selanjutnya. - Berdoa D. ASESMEN -Asesmen diagnostik non kognitif dan kognitif sebelum pembelajaran - Asesmen Formatif tidak tertulis berupa laporan hasil kajian, observasi, jurnal anekdot serta performa saat pembelajaran - Asesmen sumatif tertulis pada akhir pembelajaran berupa soal pilihan ganda E. PENGAYAAN DAN REMEDIAL - Bagi peserta didik yang belum paham/belum terampil akan dilakukan pendampingan oleh guru - Bagi peserta didik yang sudah paham seutuhnya diberikan pengayaan dan melanjutkan ke tujuan pembelajaran berikutnya F. REFLEKSI PESERTA DIDIK DAN GURU Bagi peserta didik: - Kendala apa yang dialami dalam proses pembelajaran?



- Apa saja upaya yang kalian lakukan untuk mengatasi kendala tersebut? Bagi Guru: - Hal apa saja yang belum terlaksana dengan maksimal dalam pembelajaran? faktor apakah yang menyebabkannya? - Bagaimana upaya tindak lanjut untuk memaksimalkan pelaksanaan pembelajaran tersebut?



MATERI AJAR



WAYANG



WAYANG dumadi saka tembung “Yang” utawa “Hyang” kang entuk  ater-ater  wa-, tembung “Yang” utawa “Hyang” duweni teges Roh ingkangdipun pepundhi lan dipercaya saged damel beja lan kacilakane manungsa. Wayang punika wewayangan utawa gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Crita Wayang kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa.  Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang kaya ngéné iki diarani Wayang Menak. Para ahli durung ana kang bisa masthèkaké kapan wayang wiwit ana ing Indonésia. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kana tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara. Unsur intrinsik lan ekstrinsik cerita wayang Unsur Intrinsik



unsur intrinsik wayang, yaiku unsur – unsur sing mangun karya sastra saka jero. Unsur – unsur intrinsik karya sastra, yaiku : 1. Tema, yaiku ide sawijining crita kang bisa makili isining crita (punjering crita). 2. Alur (plot), yaiku urutaning prastawa kang kedadeyan ing sajrone crita. Jinise alur ana 3, yaiku : alur maju, alur mundur, lan alur maju mundur ( flashback). 3. Watak wantune para paraga (penokohan), yaiku karakter utawa watak wantun kang diduweni dening saben – saben paraga. Cara kanggo nemtokake watak – wantune paraga bisa dideleng saka : a. Apa sing ditindakake paraga, b. Pocapan – pocapane paraga, c. Penggambaran fisik paraga dening pangripta, d. Katrangan langsung saka paraga liya. Jinis – jinise paraga : a. Paraga utama (dadi punjering crita), b. Paraga sampingan (dadi panyengkuyung crita) c. Paraga protagonis (paraga kang asipat apik) d. Paraga antagonis (paraga kang asipat jahat / ala). 4. Sudut pandang pengarang (Pamawase pangripta), yaiku sudut pandangan kang dijupuk saka pangripta kanggo ndeleng sawijining kedadeyan sajroning crita. 5. Pamawase pangripta (sudut pandang pengarang), yaiku sudut pandangan kang dijupuk saka pangripta kanggo ndeleng sawijining kedadeyan sajroning crita. 6. Latar (setting), yaiku katrangan kang nuduhake panggonan, wayah, lan swasana sajroning crita. Unsur ekstrinsik Unsur ekstrinsik, yaiku unsur kang mangun karya sastra saka njaba, kayata : 1. Latar belakang karya sastra diciptakake, yaiku kapan karya sastra kasebut ditulis. 2. Kahanan masyarakat nalika karya kasebut diciptakake, yaiku kahanan masyarakat saka ekonomi, sosial, budaya, politik, nalika karya sastra kasebut diciptakake. 3. Latar belakang utawa kahanan pangripta. Wujudipun Wayang dipun bagi 2, yaiku 1. Wayang kang awujud 2 dhimensi, yaiku wayang kang di gawe saka kulit / lulang



kewan.  2. Wayang kang awujud 3 dhimensi, yaiku wayang kang di gawe saka kayu. Manéka Warna Wayang 1. Wayang Bèbèr  Yaiku wayang kang digawè saka kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran (lembaran). Saben bèbèran kuwi nggambarakè sakadegan crita. Yen wis rampung dilakonkè, bèbèrane digulung manèh. Wayang iki digawè jaman krajaan Majapahit. Wayang iki asalè saka Pacitan lan Gunung Kidul. Wayang iki digawè kanthi kuwat ing bab rong dimensinè kanthi seni lukis ing kanvas.



Wujud Wayang Beber 2. Wayang Kulit Yaiku iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit kewan.



Pagelaran Wayang Kulit 3. Wayang Klitik Wayang Klitik sinebut uga Wayang Krucil yaiku wayang kang digawè saka kayu, kang wujudè padha karo wayang kulit. Wayang iki nduweni ciri khas yaiku yènditanggap ora nganggo gedhebog tancepanè nanging nganggo kayu kang wis dibolong-bolongi. Crita kang kerep ditanggapkè yaiku nyaritakakè Damarwulan lan Majapait.



wujud wayang Klitik



Wayang iki campurane wayang golek lan wayang kulit. Praupane kaya wayang kulit nanging digawe seka kayu. Amarga seka kayu, awake wayang tanpa cempurit. Pagelarane ora nganggo kelir/layar. Debog kanggo tancepan diganti nganggo kayu kang wis dibolongi, jenenge slanggan. Wayang iki wis arang digelar. 4. Wayang Golek Wayang Golèk uga akèh wong sing arani wayang tengul. Wayang iki digawè saka kayu lan diklambèni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka Sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya lsp.



Wujud Wayang Golek Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongéng nègara Arab. Yèn pèntas kang dadi ciri khasè wayang golék yaiku ora nganggo kelir utawa layar kayata wayang kulit. 5. WAYANG GEDHOG Wayang Gedhog :Wayang iki wujudè mèh padha karo wayang kulit. Kang digawè kurang luwih taun 1400-an. Sumbèring crita saka crita raja ing Jawa, antaranè Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki mung bisa ditemokakè ana musèum. 6. WAYANG DONGENG Wayang kang digawè saka dluwang kang digambari wayang awujud kèwan-kèwan. Wayang iki nyitakake babagan donyanè kèwan kang dadi sarana reflèksi saka donyanè manungsa.



Wujud Wayang Dongeng



Ana wayang iki disarujuki ora ana sing dadi dhalang kang lumrahè tunggal dadi sakabèhing paraga ana wayang, banjur sapa waè bisa dadi dhalang, kang bisa prasaja gunemanè. STRUKTUR TEKS CRITA WAYANG Lakoning crita sajerone wayang, bisa dingerteni lumantar lakoning paraga, watak, utawa sesambungane saben paraga, patrap lan pocape paraga. Sajrone lakon wayang, bab mau maujud lumantar aktivitas lan makna kang kohesif utawa trep. Sesambungan mau mangun sawijine struktur reriptan naratif. Sajrone reriptan fiksi Jawa kang jangkep, sesambungan mau arupa struktur tematik (underane prakara), struktur ruwang (papan tumindake lakon), struktur waktu (titi wancine sawijine lelakon kaleksanan), lan struktur wewatakan (naratif).



Ki Manteb Soedharsono | Adegan Bedhol Kayon



Peprincene struktur karya bisa uga kawawas saka struktur generik, uga bisa kaperang dadi papat; yaiku: orientasi, komplikasi, resolusi, dan koda. Kanggo niti struktur utawa wangunane teks wayang, para siswa migatekake urut-urutan critane. Banjur perangane teks wayang kang kowaca, pilah-pilahna adhedhasar perangan struktur generik urut-urutane caritane, kayata:



Pambuka (orientasi), arupa perangan pambukane carita. Perangan iki kawedhar kanggo nepungake para paragane, swasana kang dumadi, lan pamurwane lelakon, tumuju carita sabanjure.  Pasulayan utawa konflik (komplikasi), arupa perangan teks kang isine bab ngrembakane sakehe perkara. Perkara-perkara kang diadhepi dening para paragane carita wayang mau, lan, perangan  Pangudhare (resolusi), kabeh prakara kang dumadi mau. Perangan iki arupa pamungkasane pasulayan utawa dredah jrone carita.  Panutup (koda), arupa panintinge dudutan dening para pamaca atau pamiyarsa.   



UNSUR BASA TEKS CRITA WAYANG Pasinaon teks carita wayang iku kalebu pasinaon bab kasusastran. Teks carita wayang kang wis disinaoni mau, kalebu jinise teks sastra kang awujud gancaran. Kejaba awujud gancaran, ana teks carita wayang kang awujud tembang macapat, kaya kang katulis sajrone naskah lawas. Ana maneh teks kang isine uga sesambungan karo carita wayang, nanging beda wujud lan jinise sastrane. Teks mau awujud balungane carita utawa pakem wayang.  Teks pakem ngono kuwi, gunane kanggo modhel utawa cengkorongan tumrap para Dhalang, nalika makarya sajerone pagelaran wayang. Kabeh jinising teks carita wayang kaya kang kasebut mau, akeh-akehe mesthi nggunakake tembung-tembung Kawi utawa lelewaning basa minangka rerenggane basa pawayangan. Menawa katiti kanthi taliti, tuladha teks crita wayang iku nduweni basa sing beda karo antarane paraga siji lan liyane. Bedane basa iku mau diarani ragam basa arupa undha-usuke basa. Dene jinise ragam mau sajrone teks pacelathon mau ana loro, yaiku ragam ngoko lan ragam krama. Panggunane undha-usuke basa mau kudu laras karo pangetrape unggah-ungguhe basa Jawa.  Undha-usuke basa dhewe, tegese tatarane basa Jawa manut penganggone. Banjur kang diarani unggah-ungguhe basa iku panatane basa Jawa miturut lungguhe tatakrama. Sejatine pangetrape unggah-ungguh basa mau kanggo nglungguhake awake dhewe lan ngajeni wong-wong sing dijak guneman, sing pancen kudu diajeni.  TULADHA CRITA WAYANG  Petruk Dadi Ratu Kacarita, ing sacedhake tapel wates praja Ngastina madeg praja anyar kang aran Sonyawibawa. Ratune jejuluk Prabu Durtawarna ya Prabu Gurnadur ya Prabu



Thongthongsot ya Prabu Belgedhuwelbeh. Ratu mau sekti mandraguna lan bisa ngrubah kahanan kang maune para kawula padha kekurangan uripe dadi makmur. Akeh para kawula Ngastina kang padha pindhah menyang praja Sonyawibawa.



Ki Manteb Soedharsono | Adegan Gara-gara



Kahanan mau kang ndadekake nesune ratu Ngastina Prabu Duryudana. Ratu Sonyawibawa wis wani mbalela marang Ngastina. Mula Prabu Duryudana ngerigake prajurit saperlu nglurug perang Sonyawibawa. Nalika para prajurit Ngastina tekan tlatah Sonyawibawa padha kaget. Sawah kang maune cengkar dadi subur lan tandurane ijo royo-royo. Para kawula padha sengkut makarya, ana sing ngluku, macul, ngepeki pari, lan liya-liyane. Papan kang sadurunge rupa bangunan didadekake kandhang pitik, bebek, wedhus, sapi, kang diduweki rakyat. Pokoke, praja Sonyawibawa ngutamakake kesejahteraan rakyate. Nalika prajurit Ngastina mlebu kraton dipapag para punggawa praja Sonyawibawa. Dumadi perang rame. Prajurit Ngastina kasoran yuda padha mlayu. Prabu Duryudana kepikut dening Prabu Belgedhuwelbeh. Kanggo mbebasake Prabu Duryudana, patih Ngastina Harya Sengkuni golek bantuwan marang para Pandhawa. Senajan tansah mungsuhi Pandhawa, Prabu Puntadewa kersa bebantu. Putra Pandhawa, Gathotkaca, Antasena, lan Bratasena maju perang. Nanging ora bisa ngalahake. Kabeh padha keplayu.



Kresna kang titisane Wisnu, pretah marang Gareng lan Bagong ngadhepi raja Sonyawibawa. Klakon perang rame, ora ana sing kalah ora ana sing menang. Nalika bisa kepikut, raja Sonyawibawa diudhari busanane badhar dadi Petruk. Pranyata Prabu Belgedhuwelbeh iku sejatine Petruk. Nalika ditakoni Kresna kok bisa dadi ratu lan sekti, Petruk matur menawa dheweke nggawa pusaka Jamus Kalimasada. Pusaka mau ditemu merga ceblok nalika dicolong Mustakaweni kang perang karo Bambang Priyambada. Sadurunge dibalekake marang Prabu Puntadewa, pusaka Jamus Kalimasada dianggo ngedekake negara kang merjuwangake rakyat cilik. Crita Petruk dadi Ratu nduwenei pasemon kang akeh. Kayata: pasemone wong sugih ayaran, panguwasa anyaran, pasemone kawula cilik kang kepingin mulya, uga pasemone ratu adil iku asale saka kawula alit, lan kawula cilik yen dipercaya dadi panguwasa pranyata uga bias. Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen! 1. Nalika nonton pagelaran cerita wayang kulit, saben arep ganti adegan mesthi kawiwitan suluk lan janturan sing nyritakake papan panggonan. Mula saka iku pamirsa bisa ngreteni babagan .... a. tokoh   b. watak tokoh                       c. latar d. alur e. pesen/amanat 2. Ing cerita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka cerita kasebut pamireng ngreti yen karep saka cerita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku mapan ana ing cerita sing diarani .... a. tokoh   b. watak tokoh                       c. latar d. alur e. pesen/amanat



3. Sanajan Panakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya sing duwe tindak laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti sing ditindakake Panakawan sing jujur, prasaja, lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur cerita wayang sing diarani .... a. tokoh                                 b. watak tokoh                       c. latar d. alur e. pesen/amanat 4. Sasuwene ngrungokake cerita wayang ing radhio utawa CD, nalika ngancik pathet sanga, satriya sing sesirih ana ing satengahe alas sabubare rampung mesthi bandayuda karo rata denawa (buta, umume Cakil lan wadyabalane). Pitutur sing kamot ing lelakon iku yaiku .... a. satriya kudu wani perang b. wong sing bakal mulya gedhe pacobane c.  ing alas iku panggonane bebaya d. buta duwe watak seneng ganggu gawe e.  aja seneng mapan ing papan sepi 5. Ing cerita wayang Bharatayuda Jayabinangun, prang antarane Pandawa lan Kurawa iku tundhone dimenangake dening Pandawa. Sanajan cacahe mung lima, Pandawa isa ngasorake Kurawa sing cacah satus. Wis kaloka ing jagad Pandawa iku pralambang tindak utama, dene Kurawa iku pangawak kadurakan, mula ora mokal yen Pandawa iku menang ing yuda. Pitutur sing kamot sajronng cerita iku yen diparibasakake yaiku .... a. ing ngarsa sung tuladha b. teteken tekun bakal ketekan c.  titah tan kuwawa mbengkas pesthining Gusti d. rawe-rawe rantas, malang-malang putung e. becik ketitik ala ketara 



6. Rungokna cerita wayang ing ngisor iki! Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku sing pambareb Dhestrarastra, panengahe Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, Pandu Dewanata, lan Widura digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku sing bakal mbacutake keprabone dharah Kuru. Drestharastra nduwe kaluwihan prigel olah jaya kawijayan. Pandu prigel babagan olah kridhaning jemparing, dene Widura prigel babagan olah weliding pedhang lan sanjata. Nanging sing jumeneng nata ing Hastina iku Pandu, jalaran Dhestarastra cacat netra, dene Widura duwe cacat sukune dawa sesisih. Saka sarasehan agung netepake sing dijenengake nata Pandu. Dhestarastra lila yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu, amarga dheweke nglenggana nduwe kekurangan sing ginaris dening Gusti sing Murbeng Jagad. Miturut pemanggihe, nagara sing dipangarsani titah sing cacat bakal nuwuhake swasana sing ora becik. Dhestarastra krama karo Dewi Gendari (sedulure Sengkuni) putri ratu Basubala (Suwala) ing nagara Gandara duwe putra cacah satus sing diwastani Kurawa. Pandu krama karo putri loro, yaiku Dewi Kunti (Dewi Patra) putrine Prabu Kuntiboja peputra telu Yudhistira, Bima, lan Arjuna. Nanging sadurunge karo Prabu Pandu, Dewi Kunti wis kagungan putra sing arane Karna. Dene garwa Pandu sijine asesilih Dewi Madrim,  putri Ratu Mandrapati ing Nagara Mandrawisaya (Mandaraka), peputra loro kembar Nakula lan Sadewa. Widura krama karo Dewi Parasari, putra Maharaja Dewaka sarta kagungan putra kekasih Wiyansampana (Sunjaya). Paraga utama ing cerita kasebut yaiku .... a.  Prabu Pandu                                  b.  Prabu Sengku                                 c.  Arjuna d. Prabu Matswapati e. Prabu Salya 7. Latar cerita iku yaiku .... a. Mandaraka  b. Suwala 



c. Hastinapura d. Gandara e. Dewaka 8. Putrane Prabu Pandu karo Dewi Kunti yaiku .... a. Kurawa b.  Pandawa c.  Sunjaya lan Wiyansampana d. Yudhistira, Bima, lan Arjuna e.  Nakula lan Sadewa 9. Undherane cerita sing jumeneng nata Hastinapura yaiku .... a. Prabu Pandu b. Prabu Dhestarasta c. Widura d. Prabu Matswapati e. Prabu Salya 10. Saka cerita iku, miturut tata aturan ing sajroning karaton sing gumanti nata kudune putra jaler mbarep sang Nata. Nanging Dhestarastra ora gelem gumanti nata amarga ngrumangsani marang kekurangane. Lelakon iku ngemot pitutur sing becik yaiku .... a.       aja rebutan panguwasa b.      nglenggana marang kekurangane c.       negara sing adiluhung d.      ngalah dhuwur wekasane e.       nandur bakal ngundhuh



Satuan Pendidikan SMA Guru Mata pelajaran Jenjang Kelas Materi Ruang Lingkup Alokasi Waktu



: SMA Negeri 1 Berbek : Bahasa Daeah : SMA :X : Sandiwara : 12 JP



B. KOMPETENSI AWAL Peserta didik sudah memahami dasardasar Bahasa Inggris di SMP C. PROFIL PELAJAR PANCASILA - Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan YME dan berakhlak mulia - Mandiri - Bernalar Kritis - Kreatif D. SARANA DAN PRASARANA Video, laptop, LCD proyektor Papan tulis E. MODEL PEMBELAJARAN Dilaksanakan secara blended learning II. KOMPONEN INTI A. TUJUAN PEMBELAJARAN Setelah mempelajari materi ini diharapkan siswa dapat : - mengidentifikasi ciri ragam bahasa lisan dalam teks bermain drama - menganalisis karakteristik bahasa lisan dalam bermain peran - membaca naskah sesuai dengan peran dalam teks - memperagakan peran sesuai karakter tokoh dalam teks - menyusun teks drama sederhana B. PEMAHAMAN BERMAKNA Penerapan metode ilmiah tentang permasalahan pada obyek bahasa daerah yaitu sandiwara dalam kehidupan sehari-hari C. PERTANYAAN PEMANTIK - Mengapa kita harus belajar sandiwara? - Apa pentingnya penerapan sandiwara dalam kehidupan?



Kegiatan Pembelajaran Pendahuluan - Peserta didik berdoa. - Peserta didik diberi kesempatan melakukan refleksi awal terkait pemahaman awal materi yang akan dibahas, hal yang perlu dipersiapkan untuk belajar dan hal yang harus dikembangkan. - Guru menyediakan daftar istilah penting dan pengertiannya pada bahan ajar untuk membantu peserta didik yang belum memiliki pengetahuan cukup terkait materi yang akan dibahas. - Peserta didik membaca tujuan pembelajaran/ petunjuk hand out/petunjuk kegiatan. Kegiatan Inti - mengamati - menanya - mengumpulkan informasi - mengomunikasikan Penutup - Melakukan refleksi pembelajaran. - Menyimpulkan pembelajaran. - Memberikan motivasi. - Menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan selanjutnya. - Berdoa D. ASESMEN - Asesmen diagnostik non kognitif dan kognitif sebelum pembelajaran - Asesmen Formatif tidak tertulis berupa laporan hasil kajian, observasi, jurnal anekdot serta performa saat pembelajaran - Asesmen sumatif tertulis pada akhir pembelajaran berupa soal pilihan ganda E. PENGAYAAN DAN REMEDIAL - Bagi peserta didik yang belum paham/belum terampil akan dilakukan pendampingan oleh guru - Bagi peserta didik yang sudah paham seutuhnya diberikan pengayaan dan melanjutkan ke tujuan pembelajaran berikutnya



F. REFLEKSI PESERTA DIDIK DAN GURU Bagi peserta didik: - Kendala apa yang dialami dalam proses pembelajaran? - Apa saja upaya yang kalian lakukan untuk mengatasi kendala tersebut? Bagi Guru: - Hal apa saja yang belum terlaksana dengan maksimal dalam pembelajaran? faktor apakah yang menyebabkannya? - Bagaimana upaya tindak lanjut untuk memaksimalkan pelaksanaan pembelajaran tersebut



MATERI AJAR Pangertene Sandiwara Sandiwara yaiku nyetakake utawa maragake paraga ana ing sandiwara kuwi dhasare numindakake utawa maragakake watak lan tindak-tanduk pawongan liya. Sandiwara (drama) sawijining karya sastra kang wujude pecelathon (dialog) lan solah bawane awak. Tembung sandiwara kuwi asale saka tembung sandi lan warah. Sandi kuwi tegese sinamun, samar utawa ora langsung (rahasia), dene warah tegese piwulang utawa pitutur. Dadi sandiwara tegese piwulang kang nggunakake cara ora langsung utawa ora terang-terangan merga nganggo crita kang wujude pacelathon.  Sandiwara kuwi wujude pacelathon utawa omong-omongan antara wong siji lan sijine. Ning anggone ngomong ora sakarepe dhewe, kudu manut naskah sing wis digawe dening skenario utawa naskah. Ing crita sajrone pacelathon kuwi ngandhut piwulang utawa pitutur kanggo pamiarsa. Sandiwara  kaya dene karya sastra liyane, yakuwe  duweni perangan-perangan kang mapan ing sajroning karya. Peranganperangan sandiwara  kuwi kabangun seka unsur-unsur intrinsik kayata : tema, watak, setting, plot, lan amanat. Unsur Intrinsik Sandiwara Unsur-unsur ingkang kasusun ana ing njerone sandiwara yaiku: a.   Tema yaiku uderaning perkara kang arupa ide dhasar crita, tema sing dianggo ana ing sandiwara dumadi saka bab-bab kerep diprangguli ana bebrayan. b.   Purusa/Paraga (tokoh) lan watake –      Purusa utama yaiku paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya. –      Purusa pambiyatu yaiku parga kang mbiyatu paraga utama. –      Watakwatune yaiku ciri-ciri utawa karakter paraga. c.   Alur (dalaning crita) yaiku urut-urutan lakune crita. d. Amanat yaiku pesen moral kang ana ing njerone crita. e. Gaya bahasa yaiku tata cara panganggone basa kang bisa awujud dialek, tata ukara lan majas. Unsur Ekstrinsik Sandiwara Unsur ekstrinsik sandiwara jawa yaiku unsur kang ana ing sakjabane karya sastra, ananging unsur samenika gadahi pengaruh ing sistem organisme karya sastra.



Wujude Sandiwara –      Dramatikal yaiku sandiwara kang diparagakake karo saperangan wong utawa paraga kang dibarengi salah bawa. –      Pantomin yaiku sandiwara kang diperagakake kaliyan gerak-gerik ananging boten wonten dialog namung wonten musik  lan ekspresi saking rupane lakon. –      Komedi yaiku sandiwara kang diperagakake karo geguyonan kang sifate nyindir lan pungkasane seneng-seneng. –      Parodi yaiku salah satunggaling wujud dialog antarane naskah saha oposisi (kontras). Sandiwara kudu migatekake babagan ing ngoisor iki: 1. 2. 3. 4.



Nduweni kreasi nalikaning nindakake paraga Maragakake kanthi wajar ora digawe-gawe Paraga kang ditindhakake dipadhake kalawan tipe, gaya,34 jiwa lan ancas pementasane. Paraga kang ditindhakake nganggo periode wektu lan watak.



Cara ingkang bisa ditindhakake nalikaning dadi paraga ana sawenehing lakon sandiwara: 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7.



Gladen olah watak Gladen swara Gladen observasi lan imajinasi Gladen konsentrasi Gladen teknik pementasan Gladen sistem akting Nglancarake keprigelan lan gladen



    Miturut alat utawa piranti kang digunakake, sandiwara kaperang dadi 6! 1.  Sandiwara panggung, diparagakake ing panggung pertunjukan lan penonton wonten ing sakiwa tengene panggung saengga penonton saged mirsani, mirengake, lan ngraba para paragane. Sacara langsung. 2.   Sandiwara radio, pagelaran ingkang namung saget dipun mirengaken ananging boten saget dipunpirsani. 3.   Sandiwara TV, drama TV sadet dimirengake lan dipersani nanging boten saged dipunraba. Pamentasanipun saget sacara langsung lan uga saged sacara rekaman.



4.    Sandiwara Film, drama kang migunakake layar lebar lan pertunjukane biasane digelar ing jero bioskop. 5.   Sandiwara wayang, ciri khas tontonan drama inggih punika wonten cerita lan dialog. Para paraga digambarake nganggo wayang. Lan biasane dimainake dening dhalang. 6.    Sandiwara boneka, Miturut arane naskah kaperang dadi loro yaiku : 1.   Sandiwara tradisional, yaiku tontonan sandiwara kang tanpa migunakake naskah. Watak, tokoh, dialog, lan gerak-gerik kaserahake kabeh tumrap para paraga.ex. kethoprak (Jateng), Ludruk (Jatim), Lenong (Betawi) 2.   Sandiwara modern, yaiku sandiwara kang migunakake naskah, naskah kang isine dialog lan gerak-gerike para paraga. Tegese para paraga ngapalake dialog lan paraga/gerak-gerik kang ditampilake padha karo naskah kang diapalake. Unsur pementasan drama 1.      naskah drama 2.      pemain 3.      sutradara 4.      tata rias 5.      tata busana 6.      tata panggung 7.      tata lampu 8.      tata suara 9.      penonton Tuladha pacelathon utawa sandiwara ing ngisor iki kanthi patitis! Dheka : “Assalamualikum” Pak Jono : “Wa’alaikum salam. Oh Mas Dheka ana kersa apa, Mas?” Dheka : ”Makaten, Pak Jono, sowan kula dhateng mriki, ingkang angka sepisan badhe silaturahim, ingkang angka kalih, kula dipunutus Bapak, menawi Pak Jono wonten wekdal saha lodhang ing penggalih, kaaturan rawuh dhateng dalemipun Bapak saprelu hangestreni adicara tasyakuran benjang dinten Setu, 29 Nopember 2014 wanci tabuh 19.00 (pitu dalu).” Pak Jono : “Oh, mangkono, Mas. Syukurane sapa, Mas?” Dheka : “Syukuranipun Ibu. Samenika, Ibu anggenipun ngasta sampun celak, sampun mutasi utawi pindhah dhateng SMP ingkang celak griya.” Pak Jono : “Oh ngono. Dadi sesuk sore ya Mas Dheka?” Dheka : “Inggih, leres, Pak Jono.” Pak Jono : “Ya, Mas. Matur nuwun, aturke Bapak lan Ibu.” Dheka : “Kula kinten sowan kula sampun cekap, kula nyuwun pamit. Matur nuwun.” Pak Jono : “Ya, Mas, ngati-ati. Dheka : “Assalamualikum.” Pak Jono : “Wa’alaikumsalam wr.wb.”



Gladhen siswa 1. Kang diarani pacelathon,yaiku… a. Guneman ing sajroning ati b. Aweh informasi ing sangarepe wong akeh c. Guneman utawa omong-omongan kang ditindakake wong loro utawa luwih d. Nitipaken pesen marang wong liya Teks pacelathon iki kanggo no. 2-4 Sarah : “Mbak Rani, Aku ditimbali Pak Slamet supaya menyang kantor sesuk esuk.” Rani : “Aku sisan titip atur ya, matura menawa laporan keuangan kantor wis beres.” Sarah : “Ya, dak aturne, wingi Pancen Pak Slamet ngendika marang Tini menawa laporan keuangan kuwi kudu dirampungna.” Rani : “Sesuk sore bae arep dakcaosake dhewe menyang Pak Slamet.” 2. Kang arep titip pesen miturut pethikan teks pacelathon ing dhuwur, yaiku… a. Sarah b. Pak Slamet c. Tini d. Rani 3. Paraga kang ditimbali pimpinane, yaiku… a. Sarah b. Pak Slamet 20 c. Tini d. Rani 4. Wosing teks pacelathon ing dhuwur, yaiku… a. Rani titip pesen b. Laporan keuangan kang kudu rampung c. Rani arep nyaosake laporan keuangan d. Sarah ditimbali Pak Slamet menyang kantor sesuk esuk 5. Pesene Rani kang kudu diaturaken Pak Salmet lumantar Sarah, yaiku… a. Laporan keuangan kantor wis beres b. Kudu ngadhep Pak Slamet ngesuk esuk c. Tini dikonrampungake laporan keuangan d. Laporan keuangan arep diaturake Rani Teks pacelathon ing ngisor iki kanggo no. 6-8 Pak Munir : “Don, Don…mrenea Ben, Bapak arep prelu karo kowe!” Doni : “Inggih, Pak. Wonten perkawis punapa?” Pak Munir : “sawise tampa rapot, kowe prei pirang dina, Don?” Doni : “Kirang langkung antawis tigang minggu, Pak.”



6. Ragam basa kang digunakake dening Doni, yaiku… a. Krama alus b. Krama lugu c. Ngoko alus d. Ngoko lugu 7. Pak Munir nggunakake ragam basa ngoko amarga… a. Wong enom marang wong tua b. Pak guru marang muride c. Murid marang gurune d. Pak Munir wis kenal Doni 8. Ukara ing ngisor iki kang nganggo basa krama lugu, yaiku… a. Sampeyan mau wis sare durung? b. Sampeyan kala wau sampun tilem dereng? c. Panjenengan mau wis dhahar durung? d. Kowe mau wis dhahar durung? 9. Pak Lurah ora sida lunga, amarga sikile lara. Ukara iku yen didadekna krama alus, yaiku… a. Pak Lurah ora sida tindak, amarga sukune sakit. b. Pak Lurah mboten sida tindak, amargi sukunipun sakit. c. Pak Lurah mboten siyos tindak, amarga sukunipun gerah. d. Pak Lurah mboten siyos tindak, amargi samparanipun gerah. 10. Menawi panjengan badhe tindak dhateng Jakarta, kula dherek. Ukara kasebut yen didadekake ngoko alus, yaiku… a. Menawa panjenengan arep tindak menyang Jakarta, aku melu. b. Menawa sampeyan arep tindak dhateng Jakarata, kula dherek. c. Menawa sampeyan badhe kesah dhateng Jakarta, kula dherek. d. Menawi sampeyan badhe kesah menyang Jakarta, aku melu.



MODUL BAHASA DAERAH SMA NEGEI 1 BERBEK SEMESTER GENAP TAHUN 2022



Disusun Oleh: NICHO ARGANATA, S.Pd



KELAS X 2022



Satuan Pendidikan Guru Mata pelajaran Jenjang Kelas Materi Ruang Lingkup Alokasi Waktu



: SMA Negeri 1 Berbek : Bahasa Daerah : SMA :X : Basa Rinengga : 12 JP



B. KOMPETENSI AWAL: Peserta didik sudah memahami dasardasar Bahasa Inggris di SMP C. PROFIL PELAJAR PANCASILA - Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan YME dan berakhlak mulia - Mandiri - Bernalar Kritis - Kreatif D. SARANA DAN PRASARANA Video, laptop, LCD proyektor Papan tulis E. MODEL PEMBELAJARAN dilaksanakan secara blended learning II. KOMPONEN INTI A. TUJUAN PEMBELAJARAN Setelah mempelajari materi ini, diharap siswa dapat : - Mengidentifikasi karakteristik bahasa dalam teks sastra - Mengidentifikasi karakteristik bahasa dalam teks non sastra - Mengklasifikasikan jenis basa rinengga dalam teks - Menjelaskan makna basa rinengga dalam teks - Mengaaisis panyandra dalam kegiatan budaya - Membuat kalimat yang memuat basa rinengga - Mendemontrasikan teks panyandra dalam kegiatan budaya B. PEMAHAMAN BERMAKNA Penerapan metode ilmiah tentang permasalahan pada obyek bahasa daerah yaitu basa rinengga dalam kehidupan sehari-hari C. PERTANYAAN PEMANTIK - Mengapa kita harus belajar basa rinengga? - Apa pentingnya penerapan basa rinengga dalam kehidupan?



Kegiatan Pembelajaran Pendahuluan - Peserta didik berdoa. - Peserta didik diberi kesempatan melakukan refleksi awal terkait pemahaman awal materi yang akan dibahas, hal yang perlu dipersiapkanuntuk belajar dan hal yang harus dikembangkan. - Guru menyediakan daftar istilah penting dan pengertiannya pada bahan ajar untuk membantu peserta didik yang belum memiliki pengetahuan cukup terkait materi yang akan dibahas. - Peserta didik membaca tujuan pembelajaran/ petunjuk hand out/petunjuk kegiatan. Kegiatan Inti  mengamati  menanya  mengumpulkan informasi  mengomunikasikan  kata yang terkait. Penutup - Melakukan refleksi pembelajaran. - Menyimpulkan pembelajaran. - Memberikan motivasi. - Menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan selanjutnya. - Berdoa D. ASESMEN -Asesmen diagnostik non kognitif dan kognitif sebelum pembelajaran - Asesmen Formatif tidak tertulis berupa laporan hasil kajian, observasi, jurnal anekdot serta performa saat pembelajaran - Asesmen sumatif tertulis pada akhir pembelajaran berupa soal pilihan ganda E. PENGAYAAN DAN REMEDIAL - Bagi peserta didik yang belum paham/belum terampil akan dilakukan pendampingan oleh guru - Bagi peserta didik yang sudah paham seutuhnya diberikan pengayaan dan melanjutkan ke tujuan pembelajaran berikutnya



F. REFLEKSI PESERTA DIDIK DAN GURU Bagi peserta didik: - Kendala apa yang dialami dalam proses pembelajaran? - Apa saja upaya yang kalian lakukan untuk mengatasi kendala tersebut? Bagi Guru: - Hal apa saja yang belum terlaksana dengan maksimal dalam pembelajaran? faktor apakah yang menyebabkannya? - Bagaimana upaya tindak lanjut untuk memaksimalkan pelaksanaan pembelajaran tersebut



MATERI AJAR Basa Rinengga A. Pangerten Basa Rinengga Basa Rinenga yaiku basa sing dirangkai kanthi cara tembunge digabung karo tembung liya saengga dadi basa sing endah lan nresepake ati. Basa Rinengga biasane digawe ana ing acara pedhalangan, pranata cara (sambutan temanten, pengetan taun anyar lsp).Utawa basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta basa kang edipeni. Edi penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapake. Racikaning basa kang edi peni karana rinengga-rengga lan warna-warna rerengganing basa. Kajaba marga endahing basa, karangan katon endah marga becik pangrakite, laras pangrumpakane. Iku katon ing prakara runtut lan mathis panataning tembung lan ukarane. Endahing karangan marga cocog pamilihing tembung. Upamane, bab anggone migunakake tembung camboran , dasanamaning tembung. Luwih-luwih bab pamilihing tembung lan kridhaning swara ing sajroning ukara. Kadhang kala endahing karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing busananing basa. Upamane, bab pangraciking swara lan pangrakiting tembung. Ing istilah Jawa ana kang ingaran purwakanthi. Istilah purwakanthi cupet banget pangertene, yaiku padha karo kang sinebut ing istilah Indonesia sajak utawa rima. B.  Tujuan Basa Rinengga : Kang dadi ancas (tujuan) digunakake basa rinengga yaiku kanggo nambahi kaendahaning ukara(pepaes). C.  Jinis-jinise Basa Rinengga : 1)    Tembung saroja, yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan. Tuladha: a. Wayang iku minangka budaya kang adi luhung.                b. Supaya Koperasi Sekolah maju, para pengurus kudu nggunakake akal budi. 2)    Tembung entar, yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan).Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan (kiasan). Tuladha : a. Para warga pada wedi amarga ana wong lara owah.



              b. Sanajan rupane ayu, akeh sing ora seneng amarga tipis lambene. 3)    Wangsalan, yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean utawa cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Tuladha : a. Sarung jagung, abot entheng ayo ditanggung (klobot)               b. Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek) 4)    Paribasan, unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Tuladha : a. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara              b. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake 5)    Bebasan, unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindaktanduke Tuladha : 1. Kocak tandha lukak     tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe. 2. Sedhakep ngawe-awe tegese : wis mareni marang tumindak ala  nanging ing bathin isih kepingin nindakake maneh. 3. Ngubak-ngubak banyu bening     tegese : gawe kerusuhan ing papan kang tentrem. 6)    Saloka, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan. Nanging kang dipindhakake wonge Tuladha : 1. Gajah ngidak rapah



    tegese : wong kang nglanggar wewalere dhewe 2. Sumur lumaku tinimba       tegese : wong kang kumudu-kudu dijaluki warah 3. Lahan karoban manis     tegese : wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene 7)    Purwakanthi, Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine. Tuladha : a. b. c. d.



Kudu jujur yen kowe kepingin makmur. Ana dina ana upa, ana awan ana pangan Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen kilen kula Pak Kreta, nunggang kreta mudhun kreteg Kertasana.



Purwakanthi ana werna telu yaiku : 1. Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut swarane. - Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati. - Yen gelem obah bakal mamah. 2. Purwakanthi guru sastra : yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane. - Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed. - Sing sapa salah bakale seleh. 3. Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa : yaiku purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake. Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan swara. Urip iki ora angel,



-



angele sok ginawe dhewe, dheweke tan ngrasa bisa, bisane mung nyadhong dhawuh,



-



dhawuhe Kang Murba Amasesa. Ngelmu iku luwih pangaji, ajine datanpa tandhing, tandhingna bandha lan arta, arta iku gampang sirna, sirnane tan petung wektu, wektune ilang saben mangsa, mangsa iku gunakna ngupadi ngelmu.



8)    Parikan, unen – unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi. Parikan iku kaya pantun nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara. Paugeran utawa pathokane parikan Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho. Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, wos. Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho. Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.



Tuladha parikan Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2 a. Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi b. Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing  prasaja. c. Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen. d. Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakehan ragat. e. Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu. Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2 Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung.



Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing. Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau.



Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2 Bayeme, wis kuning – kuning. Ayeme, yen wis nyandhing. Timune, diiris – iris. Gumune, ora uwis – uwis. Sirahe, dianguk –  anguk. senenge, yen wis kepethuk.



Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2 Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit. Kembang menur, sinebar den awur – awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur. Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong. Yen wis condhong, tindakena gotong royong. Tawon madu, ngisep sari kembang jambu.  Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu.



Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2 Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut  sinau. Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing rekasa. kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati



Parikan padinan Kece, ora enak. Melu kowe ora kepenak Ngetan, bali ngulon. Tuwas edan, ora klakon.



Peyek diremet – remet. Ngenyek, aja banget – banget. Pitik walik, jambu wulung. Dilirik, wadul mring kakung Pitik walik saba kebon. Ketoke cilik jebul babon. Manuk emprit nucuk pari, dadi murid bukune keri. 9)    Pepindhan, iku unèn-unèn jroning kang mindhakake barang, kahanan siji karo barang utawa kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng : kaya, lir, pindha, kadya, lir pendah. Pepindhan asring dipigunakaké ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara penganten, pagelaran wayang utawa jroning babagan sastra



Tuladhané Pepindhan Pepindhan kanggo nyandra putri kang sulistya.



-



Ayune kaya dewi Ratih Dedege ngringin sungsang Lembéyané mblarak sempal Kulite kuning nemu giring pindha mas sinangling Lakuné putri Sala kaya macan luwé Luruhe pindha Dewi Sembadra Aluse kaya sutra Jogede kaya merak kesimpir Jogede mucang kanginan Kenese kaya Dewi Srikandi Janggute pindha tawon gumantung Antenge kaya temanten ditemokke Mendhak-mendhak kaya sata manggih karma.



Panyandra kanggo satriya utawa priya -



v  Baguse kaya bathara Kamajaya tumurun v  Brengose nglaler mencok v  Brengose nguler keket v  Dedeg piadege gagah prakosa kaya Raden Werkudara v  Tandangé cukat kaya jangkrik mambu kili v  Tandange kaya jangkrik mambu kili



-



v  Tandange kaya sikatan nyamber walang v  Tandange kaya banteng ketaton v  Tekade kaya geni lan urupe v  Lakune sang sinatriya nusup-nusup pindha ayam alas



Pepindhan kang kanggo nyandra kahanane wadyabala.



-



v  Abang kumpul padha abang kaya alas kobong v  Dawane barisan anglur selur pindha sela brakithi v  Ijo kumpul padha ijo kaya bethet sayuta v  Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton v  Kuning kumpul padha kuning kaya podhang reraton v  Ramen suraking wadyabala ambata rubuh v  Swarane kaya mbelahna bumi v  Wangsulane saur manuk v  Akehe pepati ing prang Baratayuda kaya babadan pacing v  Akehe pepati kaya sulung lumebu geni v  Untabe wadyabala kaya samodra rob v  Ramene lir prahara nempuh wukir v  Polahé wadyabala Ngastina tinrajang prajurit Pandhawa kaya gabah diinteri



Pepindhan kanggo nyandra wong nesu utawa nantang perang



-



v  Soca bang angatirah v  Jaja bang mawinga-winga sinabet merang sagedheng bel mubal dahana. v  Sang Prabu duka yayah sinipi lir sinebit talingane. v  Sumbaré kaya bisa mutungna wesi gligèn v  Kekejera kaya manuk branjangan v  Kopat-kapita kaya buntut ula tapak angin v  Pintera kaya bisa njara langit



Pepindhan kanggo nyandra kahanan



-



v  Abote kaya watu



-



v  Adheme kaya es v  Antepe kaya wesi v  Anyepe kaya gedebog v  Asine kaya uyah v  Atose kaya wesi v  Bantere kaya angin v  Dhuwure kaya othak-othak méga v  Empuke kaya gudir v  Enthenge kaya kapuk v  Gampang kaya empol pinecok v  Gelise kaya banyu sinaring v  Kaku kaya kena nggo pikulan v  Kesite kaya kadhal v  Kesité kaya laler v  Klular-klulur kaya tuma kathok v  Landhepe pitung penyukur v  Padhangé kaya rina v  Panase kaya mecah-mecahna sirah v  Petenge ndumuk irung v  Polahe ngaru napung v  Rikate kaya angin



Pepindhan liya-liyane



-



v  Akehe lelara kaya kena pageblug v  Ali-aliné nggunung sapikul v  Bebedané ngadhal mèlèt v  Bedane kaya bumi karo langit v  Begjane kaya nemu cempaka sawakul v  Begjane kaya nemu emas sakebo v  Begjane kaya nemu emas salaka v  Begjane pindha karubuhan gunung menyan karoban segara madu. v  Bungahe kaya ketiban ndaru v  Cahyane bingar kaya lintang johar



-



v  Cahyane nglentrih kaya rembulan karahinan v  Cep klekep kaya orong-orong kepidak v  Cethile kaya cina craki v  Cumlorot kaya lintang alihan v  Cumlorot kaya ndaru v  Dalane nggeger sapi v  Domblong kaya sapi ompong v  Dondomane kaya tutus kajang v  Galake kaya buta v  Galake kaya macan manak



Gladhen siswa 1. Ulenging ketawang puspawarna, kinarya sasmita jengkring sri penganten mijil tepas wangi, tepas mengku werdi papan, ingkang wangi wus hangarani, ateges medal saking panti busana nedya marak wonten ngarsani pun para rawuh ingkang kinurmatan manjing salebeting sasana rinengga. Pethilan teks ing dhuwur tuladhane panyandra tumrap….. a. Penganten Kakung b. Putri Dhomas c. Patah sakembaran d. Penganten Putri e. Satriya Bagus 2. Ing ngisor iki kang kalebu teks sastra yaiku ..... a. Cerkak, geguritan, artikel b. Panyandra, cerkak, tembang macapat c. Artikel, tembang campursari, panyandra d. Geguritan, laporan, cerkak e. Artikel, laporan, karya tulis ilmiah 3. Ing ngisor iki kalebu jenise basa rinengga kang awujud kasusastran, yaiku ..... a. Parikan, wangsalan, pepindhan b. Tembung entar, tembung saroja, dasanama c. Cangkriman, purwakanthi, tembung yogaswara d. Paribasan, cangkriman, dasanama e. Tembung rangkep, cangkriman, paribasan 4. Ing ngisor iki paugeran utawa pathokane parikan, kajaba ..... a. Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho b. Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi c. Ukara sing ngarep minangka isi dene ukara sabanjure kanggo bebuka d. Tibaning ukara sing kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho e. Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra 5. Kautamaning sang suba manggala saya ngalela, kacihna lebda ing adi endahing badaya, katitik nggenira mangarsani kirabing panganten, tumapaking pada tinata runtut nut iramaning gendhing. Sinawung ebahing asta mangulah langen mataya. Kawurya wadana madhep pandulu tumungkul ing bantala. sakedhap-sakhedap asta angapurancang, anteng jatmika Tembung pandulu tegese ..... a. Mripat b. Tangan c. Sikil d. Ati e. Awak



6. Semaken pethilan teks geguritan ing ngisor iki ! Eklasna aku lunga biyung Sanadyan ing dhuwur langite katon mendhung Eklasna aku lunga bapa Lungaku sangu ati lapis waja Ora perlu panjenengan galih Ing para aku ora bakal mati amarga ngelih Pethilan teks geguritan ing ndhuwur kadunungan jenise basa rinengga ..... a. Purwakanthi guru swara b. Purwakanthi guru sastra c. Purwakanthi guru basa d. Parikan e. Wangsalan 7. Semaken pethilan teks tembang campursari ing ngisor iki ! Klapa mudha enak e kanggo rujakan Leganana aku kang nandang kasmaran Mbalung janur wong bagus takanti-anti Ngusadani wong kangen kang antuk jampi Jenise basa rinengga kang katon ing pethilan tembang campursari ing dhuwur yaiku ..... a. Parikan lan purwakanthi swara b. Wangsalan lan purwakanthi swara c. Cangkriman lan wangsalan d. Parikan lan wangsalan e. Dasanama lan parikan 8. Samubarang panggaweyan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane, iku paribasane ..... a. Mikul dhuwur mendhem jero b. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh c. Kalah cacak menang d. cacak Entek ngamek kurang golek e. Lahang karoban manis 9. Watake wong enom kang grusa-grusu kurang petung, iku paribasabe ..… a. Kebat kliwat gancang pincang b. Kaduk wani kurang deduga c. Kalah cacak menang cacak d. Kadang konang e. Kacang mangsa ninggal lanjaran



10. Sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet, iku paribasane ….. a. Yitna yuwana mati lena b. Madu balung tanpa isi c. Sluman slumun slamet d. Ulat madhep ati karep e. Kadang konang 11. Ing ngisor iki kalebu karakteristik teks sastra, kajaba ..… a. Nduweni sifat imajinatif b. Nduweni makna konotatif c. Nuwuhake kesan kuat lan endah ing batine sing maca d. Nuwuhake kesan logis ing batine sing maca e. Nyentuh ing rasa 12. Senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan kekarepane, iki paribasane ..… a. Durung pecus keselak besus b. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh c. Kalah cacak menang cacak d. Entek ngamek kurang golek e. Sabar sareh mesthi bakal pikoleh 13. Tembung-tembung Ing ngisor iki kang kalebu tembung yogaswara, yaiku ….. a. Wira wiri b. Lumebeng c. Dewa dewi d. Ayem tentrem e. Padhang jagade 14. Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula Welingku mring para mudha, .... Ganepe kang trep parikan kasebut yaiku ….. a. Aja seneng tumindak ala b. Aja wedi ing rekasa c. Aja sakarepe dhewe d. Aja sak senengmu dhewe e. Aja ninggalake tatakrama 15. Rerenggan janur kuning kang ana ing gapuraning pahargyan upacara adat temanten Jawa nduweni pasemon ….. a. Nyuwun wonten ngarsanipun Gusti, mugi tansah paring nur cahya kawilujengan, tinebihaken mring sukerta b. Mugi penganten sarimbit manggih gesang mukti wibawa mulya luhur budinipun pindha narendra



c. Menawi anggadhahi gegadhangan punika kedah limpahan kanthi kencenging pikir d. Sadaya gegayuhan kedah ginayuh kanthi antebing kalbu ing pangajab sageda manggih gesang ingkang eca sarwi sekeca e. Mugi ing tembe tansah kacekapan ing boga saha mugi tansah kacekapan sandhang panganipun 16. Gatekna pratelan ing ngisor iki. Temtokna bener utawa salah ing kolom sing wis disediakake kanthi menehi tanda (v)!



17. Kang kalebu purwakanthi guru basa ing ngisor iki yaiku ….. (Wangsulane/jawabane ana 3) 🗌Ana awan ana pangan 🗌Asung bekti, bektine kawula marang Gusti 🗌Bobot, bibit, bebet 🗌Rujak degan, degane kambil ijo 🗌Mangan ati, atine sing kelara-lara



18. Gatekna pratelan ing ngisor iki. Tentokna bener utawa salah ing kolom sing wis disediakake kanthi menehi tanda ( v ) !



19. Pitakonan nyocokake (menjodohkan) paribasan. Gatekake pratelan 1 lan pratelan 2 ing ngisor iki ! Tentokake pasangan pratelan 1 saka pratelan 2 kanthi bener / trep !



Gatekna teks Panyandra Temanten ing ngisor iki! Panyandra Kirab Kananrendran Kumandhange Gendhing Ketawang Langen Gita Sri Narendra ingkang ngrenggani sasana pahargyan, nun inggih rampak runtut swarane angayut-ayut, lah menika wau swaraning pradangga, ambahar Ketawang Langen Gita Sri Narendra, umiring tindakira sekaring pawiwahan, inggih sang pinanganten kekalih, ingkang asra kirab, nuladhani endahing budaya, adi luhunging kagunan, luhuring kagunan. Sinten ta ingkang sinaraya anawung kridha minangka pangarsaning lampah ingkang sinebat Suba Manggala. Satuhu menika panjenenganipun Bapak Siswa Sutarno. Dhasar dedeg pidegsa apangawak prabata, sembada ing driya tan amingkuh saliring kewuh, bangkit angentasi karya. Kasembuh wiwit nalika timure mula anggung ginunggung ginanggala ingulig marang pepayuning kautamen, mila mboten nama mokal kalamun ta anggenira kapiji minangka Suba Manggala, anggung anengenaken mring kasusilan miwah subasita, sopan santun anoraga.



20. Basa kang digunakake jroning teks Panyandra ing dhuwur, dituduhake ing tabel yaiku nomer …..



Satuan Pendidikan Guru Mata pelajaran Jenjang Kelas Materi Ruang Lingkup Alokasi Waktu



: SMA Negei 1 Berbek : Bahasa Daerah : SMA :X : Tembang macapat : 12 JP



B. KOMPETENSI AWAL: Peserta didik sudah memahami dasardasar Bahasa Inggris di SMP C. PROFIL PELAJAR PANCASILA - Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan YME dan berakhlak mulia - Mandiri - Bernalar Kritis - Kreatif D. SARANA DAN PRASARANA Video, laptop, LCD proyektor, speaker Boardmarker, whiteboard, print out material E. MODEL PEMBELAJARAN Dilaksanakan secara blended learning II. KOMPONEN INTI A. TUJUAN PEMBELAJARAN Setelah mempelajari materi ini, diharapkan siswa dapat : - menjelaskan jenis tembang macapat - menjelaskan ciri-ciri tembang macapat - .menjelaskan isi tembang macapat - Mem[publikasikan tembang macapat karya sendiri didepaan kelas - Menceritakan isi tembang macapat B. PEMAHAMAN BERMAKNA Penerapan metode ilmiah tentang permasalahan pada obyek Bahasa daerah yaitu tembang macapat dalam kehidupan sehari-hari C. PERTANYAAN PEMANTIK - Mengapa kita harus belajar tembang macapat? - Apa pentingnya penerapan tembang macapat dalam kehidupan?



Kegiatan Pembelajaran Pendahuluan - Peserta didik berdoa. - Peserta didik diberi kesempatan melakukan refleksi awal terkait pemahaman awal materi yang akan dibahas, hal yang perlu dipersiapkanuntuk belajar dan hal yang harus dikembangkan. - Guru menyediakan daftar istilah penting dan pengertiannya pada bahan ajar untuk membantu peserta didik yang belum memiliki pengetahuan cukup terkait materi yang akan dibahas. - Peserta didik membaca tujuan pembelajaran/ petunjuk hand out/petunjuk kegiatan. Kegiatan Inti - mengamati - menanya - mengumpulkan informasi - mengomunikasikan Penutup - Melakukan refleksi pembelajaran. - Menyimpulkan pembelajaran. - Memberikan motivasi. - Menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan selanjutnya. - Berdoa D. ASESMEN -Asesmen diagnostik non kognitif dan kognitif sebelum pembelajaran - Asesmen Formatif tidak tertulis berupa laporan hasil kajian, observasi, jurnal anekdot serta performa saat pembelajaran - Asesmen sumatif tertulis pada akhir pembelajaran berupa soal pilihan ganda E. PENGAYAAN DAN REMEDIAL - Bagi peserta didik yang belum paham/belum terampil akan dilakukan pendampingan oleh guru



- Bagi peserta didik yang sudah paham seutuhnya diberikan pengayaan dan melanjutkan ke tujuan pembelajaran berikutnya



F. REFLEKSI PESERTA DIDIK DAN GURU Bagi peserta didik: - Kendala apa yang dialami dalam proses pembelajaran? - Apa saja upaya yang kalian lakukan untuk mengatasi kendala tersebut? Bagi Guru: - Hal apa saja yang belum terlaksana dengan maksimal dalam pembelajaran? faktor apakah yang menyebabkannya? - Bagaimana upaya tindak lanjut untuk memaksimalkan pelaksanaan pembelajaran tersebut



MATERI AJAR KAWRUH TEMBANG MACAPAT             Tembang/sekar  inggih  punika  reriptan  utawi dhapukaning  basa  mawi paugeran  tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken nganggé kagunan swanten (Padmosoekotjo,1960: 25). Macapat punika sekar tradhisional ing tlatah Jawa. Macapat ugi mrathah wonten ing kabudayan  Bali,  Madura, saha  Sunda.  Menawi  dipuntingali  saking  kérata  basa,  macapat  punika tegesipun  maca  papat-papat.   Maosipun  sekar  macapat  pancèn  wonten  ingkang  r inakit  saben sekawan wanda (suku kata). Nanging boten sedaya gatra sekar macapat saged kawaos papat-papat.             Sekar  punika  kinten-kinten  tembé  kémawon  wonten  ing   pungkasaning  ja man  Majapahit  saha wiwitan  wali sanga  nyepeng  kuwasa.  Nanging punika  ugi dèrèng  mesthi,  amargi boten  wonten ingkang  gathuk  saged  mesthèkakén.  Macapat  kathah  dipunanggé  ing  sapérangan   Sastra   Jawa Tengahan lan Sastra Jawa Énggal. Menawi dipunsandhingaken kaliyan Kakawin, paugeran-paugeran utawi  metrum  ing sekar macapat langkung gampil. Kitab-kitab jaman Mataram ènggal, kados déné Wédhatama,  Wulangrèh,   Serat  Wirid  Hidayat  Jati,  Kalatidha,  saha  sanèssanèsipun  dipunrakit nganggé sekar macapat. Paugeran-paugeran punika wonten ing: •   Guru gatra : cacahing wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait). •   Guru wilangan : cacahing wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra. •   Guru lagu : tibané swara ing pungkasaning saben gatra.             Panyekaring tembang macapat punika temtunipun kedah kaselarasaken kaliyan titilaras (notasi), laras, saha pathetipun gamelan. Déné urut-urutanipun sekar macapat punika sami kaliyan lampahing manungsa saking jabang bayi  abang dumugi tumekaning pejah. Saged ugi kababar kados mekaten:             Manungsa lair ing ngalam donya medal saking guwa garba (Mijil), nalika taksih alit kedah dipuntuntun utawi dipunkanthi (Kinanthi), bilih sampun mudha taruna (Sinom), gadhah raos tresna utawi  paring  katresnan   marang   tiyang  sanès  (Asmaradana).  Ingkang  saweg  nan dhang  asmara swasananipun ketingal éndah saha manis (Dhandhanggula). Sasampunipun mengku kulawarga kedah mangertos (Gambuh) marang prakaraning gesang. Menawi  sampun sepuh gesang bakal ngambang (Maskumambang) ménggalih donya saha akhérat. Tambah sansaya mundur  (Durma) mungkur ing kadonyan  (Pangkur)  ngadhepi akhérat  mula  gentur ngibadah.  Sasampunipun pejah  ateges  pegat ruhipun (Megatruh). Banjur dibuntel utawi dipunpocong (Pocung). Paugeran Tembang Macapat



No



Tembang



Guru gatra



Guru wilangan



Guru lagu



1



Maskumambang



4



12, 6, 8, 8



i,  a,  i, a



2



Pucung



4



12, 6, 8, 12



u, a, i, a



3



Kinanthi



6



8, 8, 8,  8, 8, 8



u, i, a, i, a, i



4



Asmaradana



7



8, 8, 8,  8, 7, 8, 8



i, a, e, a, a, u, a



5



Pangkur



7



8, 11, 8, 7, 12, 8, 8



a, i, u, a, u, a, i



6



Durma



7



12, 7, 6, 7, 8, 5, 7



a, i, a, a, i, a, i,



7



Mijil



6



10, 6, 10,10,6,6



i, o, e, i, i, u



8



Gambuh



5



7, 10, 12, 8, 8



u, u, i, u, o



9



Sinom



9



8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12



a, i, a, i, i, u, a, i, a



10



Megatruh



5



12, 8, 8, 8, 8



u, i, u, i, o



11



Dhandhanggula



10



10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7



i, a, e, u, i, a, u, a, i, a



Gunggungipun tembang macapat wonten 11, inggih menika: 1.    Mijil 2.    Kinanthi 3.    Sinom 4.    Asmarandana 5.    Dhandhanggula 6.    Gambuh 7.    Maskumambang 8.    Durma 9.    Pangkur 10.  Megatruh 11.  Pocung Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki: 1.        Maskumambang



Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné. Apan kaya mangkono wewatek neki (12 i) Sanadyan wong tuwa (6 a) Yen duwe watek tan becik (8 i) Miwah tindak tan prayoga (8 a) 2.        Mijil Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita. Lan dimantep mring panggawe becik (10 i) Lawan wekas ing  ngong (6 o) Aja kurang, iya panrimané (10 é) Yen wis tinitah marang Hyang widhi (10 i) Ing badan puniki (6 i) Wus pepancen ipun (6 u) 3.        Sinom Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé. Nulada laku utama (8 a) Tumrap ing wong tanah Jawi (8 i) Wong Agung ing Ngeksi Ganda (8 a) Panembahan senapati (8 i) Kepati amarsudi (7 i) Sudaning hawa lan nepsu (8 u) Pinesu tapa brata (7 a) Tanapi ing siyang ratri (8 i) Amemangun karye naktya sing sasama (12 a) 4.      Kinanthi Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya. Dadiya laku nireku (8 u) Cegah dhahar lawan guling (8 i) Lawan aja sukan sukan (8 a) Anganggowa sawatawis (8 i) Ala wateke wong suko(8 o) Nyuda prayitna ning batin(8i)



5.      Asmarandana Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi. Aja turu soré kaki (8 i) Ana Déwa nganglang jagad (8 a) Nyangking bokor kencanané (8 é) Isine donga tetulak (8 a) Sandhang kelawan pangan (7 a) Yaiku bagéyanipun (8 u) wong melek sabar narima (8 a) 6.      Gambuh Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan. Sekar gambuh ping catur (7 u) Kang cinatur polah kang kalantur (10 u) Tanpa tutur katula-tula katali (12 u)                   Kadaluwarso katutur (8 u) Kapatuh pan dadi awon (8 o) 7.      Dhandhanggula Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula. Lamun sira anggeguru kaki (10 i) Amiliha manungsa kang nyata (10 a) Ingkang becik martabate (8 é) Sarta kang wruh ing hukum (7 u) Kang ngibadah lan kang wirangi (9 i) Sokur oleh wong tapa (7 a) Ingkang wus amungkur (6 u) Tan mikir paweweh ing lyan (8 a) Iku pantes sira guranana kaki (12 i) Sartane kawruhana (7 a) 8.      Durma Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.



Wusnya tibeng bentala prabu Rahwana (12 a) Pancasonane dadi  (7 i) Sirna tatu nira (6 a) Tung tumpulih sedaya (7 a) Nepak bau kradha angrik (8 i) Ndedel ngawiyat (5 a) Ngusir nanendra peksi (7 i) 9.      Pangkur Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha. Sekar Pangkur kang winarna (8 a)                              lelabuhan kang kanggo wong aurip (11 i) ala lan becik puniku (8 u) prayoga kawruhana  (7 a) adat waton puniku dipun kadulu (12 u)                            miwa ingkang tatakrama (8 a) den kaesthi siyang ratri (8 i) 10.  Megatruh Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa. Na ra kena sinelak selak pineluk (12 u)                 Mring kang ngadhang adhang sisip (8 i) Yen loro anggepi reku (8 u) Teman kether maring ngening (8 i) Adoh kae let tan adoh (8 o) 11.  Pocung Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur. Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12 u) Lekase lawan kas (6 a) Tegese kas nyantosani (8 i) setya budya pangekesing dur angkara (12 a)



Watak lan Gunane Tembang Macapat



Nama Sekar :Watak Ginanipun Mijil : asih, prihatin, pangajab mulang tiyang ingkang nembe prihatin Kinanthi : seneng, asih, kasmaran mituturi, pratelan tresna, mulang Sinom : ethes, prasaja piwulang, wewarah Asmaradana : tresna, sedhih, sengsem nggambaraken kakesitan, mulang, tresna Dhandhanggula : luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih nandhang tresna, mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa kemawon cocok Maskumambang : nelangsa, ngeres-ngeresi, sedhih mahyakaken raos panalangsa Durma :keras, nepsu, semangat nggambaraken tiyang nepsu, perang Pangkur : sereng, nepsu, gandrung pitutur radi srengen, gandrung Pocung : sembrana, parikena, lucu cangkriman, crita lucu, guyon Gambuh : sumanak, sumadulur mulang, pitutur Megatruh : prihatin, getun, keduwung, sedhih cariyos ingkang sedhih, getun Balabak : sembrana, saenake, lucu guyonan sakepenake, sembrana Wirangwong Wibawa :mahyakaken keagungan, kaendahan, piwulang Girisa : gagah, wibawa, wanti-wanti piwulang, kasepuhan Jurudemung : kenes (genit) mancing brahi



Gladhen siswa



I. Ing ngsior iki ana wangsulan sing bener, pilihen! 1.      Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben sapada yaiku … a.       guru sastra b.      guru wilangan  c.       guru basa d.      guru gatra e.       guru lagu jawaban: B 2.      Dene kang ngemot pathokan tibaning swara pungkasan (dhong dhing) saben sagatra yaiku … a.       guru sastra b.      guru wilangan  c.       guru basa d.      guru gatra e.       guru lagu Jawaban: E 3.      Pathokan tembang Mijil yaiku … a.       gatra : 6, wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, a, i, a, I, b.      gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a   c.       gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u d.      gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o e.       gatra : 6, wilangan : 10, 6, 10, 10, 6, 6, lagu : i, o, e, i, i, u Jawaban: E   4.      Pathokan tembang Asmarandana yaiku … a.       gatra : 6, wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, a, i, a, I,



b.      gatra : 4, wilangan : 12, 6, 8, 8, lagu : i, a, i, a   c.       gatra : 7, wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8, lagu : i, a, e, a, a, a, u d.      gatra : 5, wilangan : 12, 8, 8, 8, 8, lagu : u, i, u, i, o e.       gatra : 6, wilangan : 10, 6, 10, 10, 6, 6, lagu : i, o, e, i, i, u   Jawaban: C Nasihat lan pitutur Kang bener terapna nggo uripmu Kabeh eling–elingen ja nganthi lali Aja lali pituturku Merga sira isih enom 5.      Saka sasmita ing dhuwur, tembang kasebut diarani … a.    dhandhanggula                 b.    sinom c.     gambuh     d.    maskumambang   e.    mijil Jawaban: C   Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen den nuta 6.      Saka sasmita ing dhuwur, tembang kasebut diarani … a.    dhandhanggula                 b.    sinom



c.    gambuh d.    maskumambang  e.    mijil Jawaban: D   7.      Tembang macapat kang ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé sinebut … a.       dhandhanggula b.      pangkur c.       Sinom       d.      maskumambang   e.       mijil Jawaban: C   8.      Tembang macapat kang asale saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha diarani .... a.       dhandhanggula                b.      pangkur c.       Sinom       d.      maskumambang   e.       mijil Jawaban: B   9.      Nalika nembang macapat, ing sawijining gatra ditembangake ora kaya titi laras  asline, nanging bab iku ditindakake supaya nambah endahing tembang macapat. Kaprigelan iku kang diarani …. a.       cakepan b.      cengkok c.       laras d.      pathet



e.       pedhotan Jawaban: B   10.  Wos surasane tembang macapat iku isa dingreteni kanthi tenanan yen anggone ndunungake pedhotan iku pas. Amarga yen ora pas makna tembung utawa ukarane dadi slenca. Upamane tembang maskumambang gatra sepisan (12i) kudune anak pitik kuthuk//anak bebek meri nanging dipedhot anak pitik//kuthuk anak bebek meri. Pedhotan yaiku …. a.       syair, tetembungan kang dienggo ing tembang. b.      lak – luking swara kanggo nglagokake tembang. c.       rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur. d.      ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang. e.       pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik. Jawaban: E  II.    Essay  Wacan kanggo soal nomor 1-4 Dak krungu swarane kumbang Ana ning kumlawung kali Gegodhongan kuning surya Kembange wus layu mati Iki janjine bukti Bumine kang arep gugur Gugur kusuma bangsa Ngrumat donya ora dadi Mulane cah ayo padha suka donya 1.    Apa tema tembang ing duwur! 2.    Tuduhna tembung-tembung kang ngemot purwakanthi! 3.    Tulisen tembung-tembung kang ko anggep angel banjur golekana ing kamus Baoesastra! 4.    Coba parafrasekna/critakna nganggo basamu dhewe tegese tembang macapat kasebut!



Satuan Pendidikan Guru Mata pelajaran Jenjang Kelas Materi Ruang Lingkup Alokasi Waktu



: SMA Negeri 1 Berbek : Bahasa Daerah : SMA :X : Aksara Jawa : 12 JP



B. KOMPETENSI AWAL: Peserta didik sudah memahami dasardasar Bahasa Inggris di SMP C. PROFIL PELAJAR PANCASILA - Beriman dan bertaqwa kepada Tuhan YME dan berakhlak mulia - Mandiri - Bernalar Kritis - Kreatif D. SARANA DAN PRASARANA Video, laptop, LCD proyektor, speaker Papan tulis E. MODEL PEMBELAJARAN Dilaksanakan secara blended learning II. KOMPONEN INTI A. TUJUAN PEMBELAJARAN Setelah mempelajari materi ini, diharapkan siswa dapat : - Menjelaskan tata cara penulisan aksara murda - Menjelaskan penulisan aksara swara - Menjelaskan tata cara penulisan aksara rekan - Menulis kalimat mengandung aksara murda - Menulis kalimat mengandung aksara swara - Menulis kalimat mengandung aksara rekan B. PEMAHAMAN BERMAKNA Penerapan metode ilmiah tentang permasalahan pada obyek Bahasa daerah yaitu aksara jawa dalam kehidupan sehari-hari C. PERTANYAAN PEMANTIK - Mengapa kita harus belajar aksara jawa? - Apa pentingnya penerapan aksara jawa dalam kehidupan?



Kegiatan Pembelajaran Pendahuluan - Peserta didik berdoa. - Peserta didik diberi kesempatan melakukan refleksi awal terkait pemahaman awal materi yang akan dibahas, hal yang perlu dipersiapkanuntuk belajar dan hal yang harus dikembangkan. - Guru menyediakan daftar istilah penting dan pengertiannya pada bahan ajar untuk membantu peserta didik yang belum memiliki pengetahuan cukup terkait materi yang akan dibahas. - Peserta didik membaca tujuan pembelajaran/ petunjuk hand out/petunjuk kegiatan. Kegiatan Inti - mengamati - menanya - mengumpulkan informasi - mengomunikasikan Penutup - Melakukan refleksi pembelajaran. - Menyimpulkan pembelajaran. - Memberikan motivasi. - Menyampaikan rencana pembelajaran pada pertemuan selanjutnya. - Berdoa D. ASESMEN -Asesmen diagnostik non kognitif dan kognitif sebelum pembelajaran - Asesmen Formatif tidak tertulis berupa laporan hasil kajian, observasi, jurnal anekdot serta performa saat pembelajaran - Asesmen sumatif tertulis pada akhir pembelajaran berupa soal pilihan ganda E. PENGAYAAN DAN REMEDIAL - Bagi peserta didik yang belum paham/belum terampil akan dilakukan pendampingan oleh guru



- Bagi peserta didik yang sudah paham seutuhnya diberikan pengayaan dan melanjutkan ke tujuan pembelajaran berikutnya



F. REFLEKSI PESERTA DIDIK DAN GURU Bagi peserta didik: - Kendala apa yang dialami dalam proses pembelajaran? - Apa saja upaya yang kalian lakukan untuk mengatasi kendala tersebut? Bagi Guru: - Hal apa saja yang belum terlaksana dengan maksimal dalam pembelajaran? faktor apakah yang menyebabkannya? - Bagaimana upaya tindak lanjut untuk memaksimalkan pelaksanaan pembelajaran tersebut



MATERI AJAR 1. Aksara murda yaiku salah siji jinise aksara kang ana ing tata tulis aksara Jawa. Sajrone aksara murda ana 8 cacahe, yaiku        



Na Ka Ta Sa Pa Nya Ga Ba



Kagunakane aksara murda yaiku:      



Nulis jenenge manungsa Gelar Jabatan Jeneng panggonan Jenenge organisasi jeneng desa, kutha, kali, gunung, lsp.



2. Aksara Swara



Aksara swara yaiku aksara kang dinggo nulis unine swara vokal /a/, /i/, /u/, /e/, /o/. Miturut Padmosoekotjo, 1939: 40) Aksara swara digunakake kanggo nulis tembung manca. Tembung manca kang dimaksud ing kene yaiku tembung manca kang diwiwiti nganggo swara vokal /a/, /i/, /u/, /e/, lan /o/. 



TATA PANULISAN AKSARA SWARA Aksara swara ora kena dadi pasangan. Amarga ora bisa dadi panyigeg, mula aksara ing sangarepe kudu dipateni nganggo pangkon.  



Tuladha :



Aksara swara ora kena ditrapi sandhangan swara. Aksara swara bisa diwenehi sandhangan wignyan, layar, cecak.  



Tuladha : 



Aksara swara ora kanggo menehi pakurmatan. Menawa awake dhewe nulis tembung April nganggo aksara Swara, iki ora amarga awake dhewe ngajeni wulan april, nanging amarga tembung April asale saka tembung manca.  Wujude Aksara Swara : 



3. Aksara Rekan Aksara rekan yaiku aksara kang gunane kanggo njangkepi sajrone panulisan tembung-tembung kang asale saka basa mancanegara. Cacahe aksara rekan ana 5, yaiku 1. 2. 3. 4. 5.



Kha Dza Fa/ Va Za Gha



Tuladha : 1. 2. 3. 4. 5.



Ghaib Zakat Fajar Khotib Madzab



Wujude aksara rekan :



Gladhen siswa Salinana nganggo aksara Jawa! 1. Ari turu ana kamar 2. Bakul pitik cedhak omah jenenge Khotib 3. Saben dina sabtu lunga menyang Surabaya 4. Alas kuwi panggonane barang ghaib 5. Aku lan Ali dolan menyang Pasuruan ing Taman Safari



Mengetahui Kepala SMA Negeri 1 Berbek



Berbek, 18 Juli 2022 Guru Mata Pelajaran



Drs. GUNARDI, MM., M.MPd NIP. 19630121 198702 1 001



NICHO ARGANATA, S.Pd NIP.