Modul Bahasa Jawa Kelas 12 - Genap [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



BAB I URAIAN MATERI TEKS EKSPOSISI WEWALER Kompetensi Dasar: 3.2 Memahami teks eksposisi budaya wewaler 4.2 Menanggapi isi teks eksposisi tentang budaya wewaler Indikator: 3.2.1 Mengidentifikasi struktur teks eksposisi tentang budaya wewaler 3.2.2 Menemukan isi yang terkandung dalam teks eksposisi tentang budaya wewaler. 3.2.3 Menganalisis pitutur luhur tentang budaya wewaler. 4.2.1 Menghubungkan relevansi nilai-nilai yang terkandung didalam teks budaya wewaler dengan kehidupan masa kini 4.2.2 Menanggapi isi teks budaya wewaler 4.2.3 Menyusun teks eksposisi tentang budaya wewaler Eksposisi Ing klas sadurunge, wis nate diandharake kanthi cetha ngenani wacan eksposisi. Ananging, kanggo pangeling-eling ing piwulang iki, diandharake ngenani wacana eskposisi. Pathokan panulise eksposisi. 1. Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan 2. Isi eksposisi ora duwe karep ngundang reaksi, ndayani sika plan panemune pamaos. 3. Gaya eksposisi kudu informatif lan ngyakinake 4. Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional 5. Ing eksposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi, maksude gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi bahan pambuktian) 6. Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangretene pawongan marang objek kang dirembug 7. Panulis eksposisi kudu ngreti prastawa kang diandharake 8. Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret. Struktur Teks Eksposisi 1) Tesis (pembuka)



: ngenalake isu, masalah utawa pandangan penulis bab topik



kang arep dibahas. 2) Rangkaian Argumen (isi)



: panemu utawa argumen penulis kanggo njelasake tesis



3) Penegasan Ulang (penutup) : dudutan Wewaler lan Gugon Tuhon Wewaler yaiku samubarang kang ora kena diterak, sesambungan karo kahanan ing sakiwa tengen kayata etika sesrawungan karo lingkungan, sesrawungan karo Gusti Allah sing nyipta. Wewaler menika salah satunggaling kabudayan jawi ingkang awujud pitutur luhur. Pitutur menika boten namung awujud ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging saged awujud menapa kemawon. Wonten ing gugon tuhon kathah ingkang awujud pitutur para tiyang



Ahsani Taqwim, S.Pd.



1



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



sepuh dhumateng putranipun. Wonten ing gugon tuhon yaiku kapercayan wong jawa marang sawenehing bab utawa prakara kang ora tinemu nalar. Tumrape wong Jawa kang percaya utawa ngandel tansah duwe rasa was sumelang menawa ora bisa nyranani utawa nyembadani prakara kang dianggep mbebayani iku. Kathah ingkang nggadhahi pamanggih ingkang beda babagan gugon tuhon, amargi gugon tuhon kemawon wujudipun warni-warni.



Tuladha : 1. Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut gawe lan ora soko ngrusak liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha soko colongan Harta benda yang bersih itu dihasilkan dari keringat sendiri dan tidak menyakiti orang lain. Sedangkan yang tidak bersih itu adalah hasil dari mencuri/kosupsi 2. Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya ora mikirake kiwa tengene, uga ira mikirake kahanan bathin Keduniaan yang tidak bersih itu dihasilkan dari nafsu yang mengesampingkan nurani bathin dan tidak memikirkan orang lain 3. Golek bandha iku sakmadya bae, udinen katentreman njaba njero Mencari harta itu yang sedang-sedang saja, yang diperlukan adalah kebahagiaan. Harta banyak disertai nafsu malah kadang tidak membahagiakan 4. Bandha iku bisa gawe mulya uga bisa gawe cilaka. Gawe mulya lamun barang kang becik, gawe cilaka lamun barang saka panggawe ala. Harta benda bisa membahagiakan dan menyengsarakan. Membahagiakan bila dihasilkan dengan yang sebenarnya (olah karsa) dan menyengsarakan bila dihasilkan dari perbuatan yang kurangbaik 5. Bandha iku anane mung aneng donya, mula yen mati ora digawa Ingatlah...bahwa harta benda itu cuma ada di dunia ini, bila meninggal tidak akan anda bawa Wewaler : 1. Bandha iku perlu , nanging aja umuk. Drajat lang pangkat iku perlu nanging aja di pamer-pamerake. Amarga bisa mlesedake awake dewe Harta benda itu diperlukan, namunbukan untuk diunggulkan, pangkat dan drajat itu diperlukan namun tidak untuk di sombongkan. Karena suatu saat bisa membuat kita tergelincir 2. Aja seneng marang wong kang nguja hawa nepsu marga akehing bandda driya. Jalaran bandha mau bisa gawe cilaka amarga durungmesthi bandha kang resik



3. 4. 5. 6. 7.



Jangan suka ikut-ikutan mengumbar hawa nafsu pada orangyangpunya banyak harta. Karena belum tentu harta tersebut didapat dari hasil yang benar, yangnantinya bisa membuat anda celaka Aja melik darbeking liyan Jangan menginginkan milik oranglain Aja nglugguhi kijing ing kuburan, mengko ndak kuwalat Ora entuk nyuwil gedhang ing kondangan sadurunge diujubake lan didongani Yen gawe ingkung kudu pitik jago Yen kondangan kudu ana gedhang setangkep



Ahsani Taqwim, S.Pd.



2



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



8. Bocah sukerta kudu diruwat 9. Yen guneman karo wong tuwa aja ngangklak sadhuwure tenggak 10. Aja dhahwen ati open Wujuding gugon tuhon saged awujud tembang, parikan, geguritan, ugi pitutur punapa kemawon. Wonten ing masyarakat Jawa nyawisaken bilih Etika dipundadosaken salag satunggaling tonggak menawi tiyang Jawi saged dipunwastani wong Jawa ingkang satuhu utawi tenan wong Jawa. Ingkang dados tandha bilih wong Jawa mangertosi punapa babagan etika jawa. Wujud etika menika salah satunggaling kabudayan ingkang sampun dipunajaraken dhumateng anak putu. Ingkang dipunparingaken dhumateng anak putu mawi cara punapa kemawon. Saged awujud cerita, peninggalan, tembang, lsp. Salah satunggaling wujud kabudayan kagem paring wulangan babagan etika jawa awujud gugon tuhon. Gugon tuhon, utawi ingkang asring dipunsebat pamali, salah satunggaling budaya wewarah dhumateng tiyang jawi. Gugon tuhon menika saged kagem ajaran saking tiyang sepuh dhumateng putranipun, utawi para guru dhumaten muridipun. gugon tuhon menika awujud pitutur ingkang boten pantes menawi dipunlakoni wonten ing gesang bebrayan, ugi saged dadosaken cilaka dhumateng sinten kemawon ingkang glanggar wewarah saking pitutur gugon tuhon menika. Awit saking menika para putra kedah nyingkiri punapa ingkang sampun diparingaken wonten ing gugon tuhon menika, meski kadang ugi boten saged dipunnalar pikiran kita. Gugon tuhon utawi wewarah menika kathah ingkang dipunparingaken dhumateng para putra mawi langsung lisan utawi pitutur kemawon, utawi saged awujud cerita, legenda, tembang, ugi punapa kemawon. Kathah cariyos ingkang mratelakaken babagan gugon tuhon. biasane gugon tuhon menika ingkang wonten ing cariyos bakal bakal dipatuhi dening masyarakat. Meskipun kathah cariyong utawi pitutur ingkang boten masuk akal pikiran kita. Nanging menika salah satunggaling wujud kearifan lokal ingkang kedah dipunlestarekaken. Dene tembung Gugon tuhon asale saka tembung ‘Gugu’ dene Tuhon asale saka tembung ”Tuhu’. Bilih gugon tuhon menika kedah disingkiri kathi satuhu. Sinten kemawon ingkang boten sarujuk kaliyan wewarah menika saged nemu kacilakan. Katha sanged gugon tuhon wonting ing masyarakat jawi menika ingkang gunanipun kagem caos pitutur babagan etika tiyang jawi wonting ing gesang bebrayan.



Gugon Tuhon dibedakake dadi 3 perangan, yaiku Gugon Tuhon Salugu, Gugon Tuhon Isi Wasita Sinandi, lan Gugon Tuhon Klebu Wewaler. 1. Gugon Tuhon Salugu Bocah/kang dadi paragane bethara kala. Manut dedongengan yaiku bocah sukerta.



Ahsani Taqwim, S.Pd.



3



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



Manut kapercayan bisane waluya lan lestari uripe, kudu diruwat sarana ditanggapake wayang lakon “Amurwa Kala”. 2. Gugon Tuhon Isi Wasita Sinandi Pitutur kang ora dilairake kanthi melok / dikandhakake kanthi semestine. Sing akehakeh nganggo tembung ora ilok, kang setemene ora becik. Tuladha gugon tuhon isi wasita sinandi: Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene. Tegese idu kang tumiba ing sumur bisa njalari regede banyu, luwih-luwih idune wong kang duwe lelara nular. Aja nglungguhi bantal, mundhak wudunen. Bantal kuwi ganjel sirah, upama digawe ganjel bo**ng mesthi bae saru utawa ora becik. 3. Gugon Tuhon Kalebu Wewaler Yaiku kalebu wewaler saka sabdane utawa pangandikane leluhur / wong kang dadi bakal ing babagan iku. Tuladha: Wong ing Banyumas ora kena lelungan dina Setu Paing. Wong-wong ing Banyumas manggih cilaka nalika tindakan ing dina Setu Paing. •



Wonten kathah wujudipun gugon tuhon, salah satunggaling awujud cariyos gugon tuhon masyarakat ingkang boten pareng tindakan mawi dinten Setu paing. Gugon tuhon menika saking Adipati Banyumas ingkang kalah wonten ing perang pajang ing dinten Setu Pahing. Wonten ing tradisi Jawa bilih sedanipun leluhur menika dados dinten sangaran utawi kedah dipunsingkiri kagem ngawontenaken hajat punapa kemawon. Bilih sakderengipun Adipati Banyumas seda, penjenenganipun paring wewaler yaiku: Ora kena lunga ing dina Setu Pahing, Ora kena mangan daging banyak (angsa). Wewaler menika salah satunggaling gugon tuhon ingkang digugu dening masyarakat Banyumas ngantos dinten punika.







Wonten malih gugon tuhon saking masyarakat Bagelen, Jawa Tengah bilih wewaler menika saking Nyai Ageng Bagelen utawi Rara Bang Wetan. Wewaleripun inggih menika: (1) ora kena nganggo jarit gadhung mlathi, (2) ora kena nandur dhele, (3) ora kena mbeleh sapi, (4) ora kena lungan ing dina Slasa Wage.







Kathah sanget wewaler utawi wewarah gugon tuhon ingkang wonten ing masyarakat Jawa. Kadosta wewaler boten pareng besanan utawi nikah kaliyan tiyang ingkang saking arah lor mangulon. Wewaler menika saking sejarah ing Kraton Ngayogyakarta awit sedanipun Ki Ageng Mangir ingkang sedanipun saking tangan mara tuwanipun piyambak.







Ugi wonten wewaler ingkang awujud tembang. Salah satanggaling saking serat Pepali Ki Ageng Sela ingkang isinipun:



Ahsani Taqwim, S.Pd.



4



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK







Pepali-ku ajinen mbrekati/ Tur slamet sarta kuwarasan/ Pepali iku mangkene:/ Aja gawe angkuh/ Aja ladak lan aja jail/ Aja ati serakah/ Lan aja celimut/ Lan aja mburu aleman/ Aja ladak, wong ladak pan gelis mati/ Lan aja ati ngiwa//







Tembang menika awujud tembang Dhandhanggula. Wonten ing tembang menika sampun cetha punapa kemawon wewaler ingkang dipunsebataken wonten ing tembang menika.



Ahsani Taqwim, S.Pd.



5



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



Waosen teks eksposisi ing ngandhap menika!



Wewaler Luhur Urip ing Madyaning Bebrayan Manungsa urip ing alam donya ora bisa uwal saka tepa slira lan samad sinamadan. Kudu nggatekake marang welinge para leluhur kang kebak ing kautaman. Para leluhur wis akeh paring patuladhan becik marang turune kang awujud wewaler utawa pitutur kabecikan. Minangka anak sakmesthine duwe rasa urmat marang wong tuwa kaya dene wewalere wong jawa ‘aja sira wani marang wong atuwanira, jalaran sira bakal kena bendu saka kang murbeng dumadi’. Saka andharan iku bisa dimangerteni menawa kanggone wong jawa, wong tuwa iku utama ateges kudu diajeni, diurmati kanthi gelem ngajeni lan ngurmati ateges diarani anak kang bekti. Menawa matur ana sangarepe wong tuwa prayogane kudu nganggo basa kang alus lan kepenak dirungokake, ya mesthine nganggo basa Jawa krama. Aja pisan-pisan wani marang wong tuwa amarga wani marang wong tuwa iku bisa diarani anak kang duraka lan bisa kuwala. Panganggepe wong Jawa wong tuwa kang nandhang tatu atine amarga saka tumindak duraka anake, apa kang kawetu saka pangucape bisa malati tumrap anak. Sajroning urip bebrayan prayogane aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis-uwise. Saka wewaler kasebut bisa dimangerteni menawa urip ing bebrayan kuwi bisa ana ing ngendi wae. Ana ing sekolahan minangka bocah sekolah sejatine aja nganti gehting, anyel, lan cubria marang kancane, amarga kanthi kawetuning rasa kang kaya mangkono kuwi bisa njalari cecongkrahan marang kancane dhewe. Ora kacipta urip bebrayan kang rukun, padha urmat lan ngurmati. Ana ing urip bebrayan prayogane aja lali marang ngelmu kang karya tentreming ati, jalaran kuwi bisa gawe tentreming bebrayan. Saka andharan kasebut bisa dimangerteni menawa elmu kuwi wigati kanggo gawe ati dadi ayem lan tentrem. Kapethik saka buku Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA kelas XII Pitakonan :



1. Sebutna perangan-peranganing (struktur) teks eksposisi adhedhasar waosan ing nginggil! 2. Andharna wos surasa waosan ingkang irah-irahanipun “Wewaler Luhur Urip ing Madyaning Bebrayan kasebut!” 3. Jlentrehna wewaler punapa kemawon ingkang kaandhut ing salebeting teks eksposisi kasebut! 4. Jlentrehna pitutur luhur budaya wewaler ingkang wonten ing teks kasebut ! 5. Sasampunipun manggihi pitutur luhur teks wewaler jumbuhaken nilai nilai kasebut kaliyan bebrayan ing jaman sakmenika!



Ahsani Taqwim, S.Pd.



6



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



BAB II URAIAN MATERI TEKS AKSARA JAWA (PADA) Kompetensi Dasar 3.3 Mengidentifikasi kaidah penulisan teks berhuruf Jawa lima paragraf yang menggunakan tanda baca (pada) 4.3 Menulis lima paragraf berhuruf Jawa yang menggunakan tanda baca (pada) Indikator: 3.3.1 3.3.2 3.3.3 4.3.1 4.3.2 4.3.3



Menyebutkan jenis- jenis aksara Mengidentifikasi kaidah penulisan aksara Jawa (pada) Menemukan aksara pada dalam paragraf berhuruf Jawa Menulis paragraf berhuruf Jawa dengan benar dengan menggunakan aksara pada Menampilkan secara lisan maupun tulisan paragraf berhuruf Jawa yang dibuat Menyunting paragraf beraksara Jawa pada karya teman



Huruf Carakan



ha



na



ca



ra



ka



da



ta



sa



wa



la



pa



dha



ja



ya



nya



ma



ga



ba



tha



nga



Pasangan



Ha



Na



Ca



Pa



Dha



Ja



Ra



Ya



Ka



Nya



Da



Ta



Sa



Ma



Ga



Ba



Wa



Ta



La



Nga



Pasangan nduweni piguna kangga mateni huruf ning ngarepe, biasane digunakake nalika ana huruf kang ing tengah-tengah tembung mati.



Ahsani Taqwim, S.Pd.



7



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



Tuladha: :tumbas tempe



1.



katrangan: pasangan ( aksara (



) kanggo mateni aksara (



), pasangan ( ) kanggo mateni



). : mangan pisang



2.



katrangan: pasangan ( ) kanggo mateni aksara (



).



Sandangan a. Sandangan Swara Taling...



= e, tuladha= (jahe =



Pepet...



= e, tuladha= (sega,



Wulu...



= i, tuladha = (



), (bebek =



)



)



, simbah)



Taling tarung ... = o, tuladha= (loro=



)



Suku... = u, tuladha= (tuku buku,



)



b. Sandangan panyigeg



Wigyan...



= h, tuladha



Cecak ... = ng, tuladha= (jeneng= Layar... = tuladha = (sekar=



)



) (bakar=



Pangkon... = kanggo mateni, tuladha= (mangan,



) )



Pada Lan Tetenger Liya-Liyane 1.



Pada lan tetenger liya-liyane kang kanggo ing sastra Jawa, wujude lan jenenge kaya kang kacetha ing ngisor iki : a. b. c.



Pada lingsa Pada lungsi Pada pangkat



Ahsani Taqwim, S.Pd.



8



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



2.



Gunane pada lan tetenger liya-liyane mangkene : a. Pada lingsa, gunane dienggo misah gatraning gatraning ukara. Yen ing wekasane gatra kang pancene kudu mawa pada lingsa wis ana pangkon, pangkon iku dadi lelirune pada lingsa. Tuladhane :



Aja dahwen, mundhak ora kajen. b. Pada lungsi, kanggone ana ing wekasaning ukara, dadi dienggo misah ukara. Manawa ing wekasane ukara ana pangkon, dadine pada lungsi mung kari muwuhi pada lingsa utawa pada siji. Tuladhane :



Cangkrimane Prabu Watugunung marang Bathara Wisnu mengakene : “Panase apa kang ngungkuli panasing geni?. Akeh endi wong lanang karo wong wadon?”. Pambatange Bathara Wisnu : “Panasing ati kang ngungkuli panasing geni. Mesthi luwih akeh wong wadon. Sabab, sanajan wujude lanang, manawa ora wani “berjuang” kudu dianggep wadon.” c. Pada pangkat, gunane werna-werna, kayata : a. Kanggo ngapit-apit angka Jawa b. Kanggo ngelet-eleti kandhane pangripta karo tembung / ukara kang ditirokake dening pangripta, kayata :



Marang Wibisana, Dasamuka mratelakake mangkene: “gabus bakal kumelem, watu item kumambang, manawa ingsun nganti kasoran lumawan si Rama” c. Ing saburine tembung “yaiku” utawa “kayata”, manawa sawise tembung iku banjur mratelakake bab utawa barang luwih saka loro. Tuladhane :



Ahsani Taqwim, S.Pd.



9



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



Pandhawa cacahe 5, yaiku : Yudhisthira, Bhima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa.



’ Garwane Arjuna akeh , kayata : Dewi Sumbadra, Dewi Srikandhi, Dewi Ulupi lanliyaliyane. d. Ing saburine tembung “mangkene”, kayata :



Eyang ngendika mangkene:”Ula dhahulu murka banget, yen mangan sarana cangkem lan dubure, iku pepindhane para koreptor e. Kanggo ngelet-eleti tembung utawa bab karo katrangane , supaya gampangdingerteni dingreteni maksude. Tuladhane :



Nagari pundi kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi : linuwih, dasa : sapuluh, purwa : wiwitan . f. Ing wekasaning gatraning tembang, Manawa tembung ing wiwitaning gatra candhake, pancene (mathuke) kudu dumunung ana ing wekasaning gatra iku. Tuladhane pada pangkat kang dumunung ing wekasane gatra kaping VIII ing tembang Sinom ing ngisor iki :



(Serat Abimanyu Kerem – M. Soekir) Wau ta Sri Naranata, miyos siniwakeng dasih, alenggah dhampar kencana, pinatik ing sesotyadi, pepak andher kang nangkil, sadaya amarikelu, kang munggwing byantarendra, putra Pangeran Dipati : anom Radyan Samba lelancuring praja.



Ahsani Taqwim, S.Pd.



10



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



Gatekna wacan aksara Jawa iki!



Ahsani Taqwim, S.Pd.



11



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



BAB III URAIAN MATERI SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA



Kompetensi Dasar 3.1 Menelaah teks serat Tripama pupuh Dhandhanggula 4.1 Menanggapi isi Serat Tripama pupuh dhandhanggula dan menulis,serta Menampilkan syair tembang Dhandhanggula karangan sendiri Indikator 3.1.1 Mengidentifikasi struktur teks tembang Dhandhanggula (Tripama) 3.1.2 Menganalisis isi dan amanat teks tembang Dhadhanggula (Tripama). 3.1.3 Menemukan pitutur luhur teks serat Tripama pupuh Dhandhanggula 4.1.1 Menanggapi tentang nilai-nilai luhur yang ada dalam tembang Dhandhanggula (Tripama). 4.1.2 Menyusun tembang macapat dhandhanggula. 4.1.3 Menampilkan tembang Dhandhanggula SERAT TRIPAMA Serat Tripama saking 3 tembung yaiku : a. Tri tegese telu b. Pa tegese patuladhan c. Ma tegese utama Serat Tripama iku dianggit dening KGPAA Sri Mangkunegara IV ing tahun (1809 - 1881 M) wonten Surakarta. Serat Tripama iku ditulis ing Tembang Dhandanggula kang nduweni 7 pada, kang nggambarake katuladanan Patih Suwanda (Bambang Sumantri), Kumbakarna dan Suryaputra (Adipati Karna). Dhandanggula iku kalebu serat tripama. Dhandanggula iku saking 2 tembang yaiku: a. Dhandang tegese cewe utawa seneng omong ing ngendi papan b. Gula tegese samubarang kang legi



Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula Anggitan : KGPAA Mangkunagara IV Dhandhanggula.



1. Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa samya anuladha, kadya nguni caritane, andelira sang Prabu, Sasrabau ing Maespati, aran Patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung tri prakara,



Ahsani Taqwim, S.Pd.



12



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



guna kaya purune kang den antepi, nuhoni trah utama. Terjemahan tembang Dhandhanggula :







(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama. Paugerane tembang Dhandhanggula: Guru gatra : 10 gatra Guru wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 Guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a



• Watak tembang Dhandanggula Manis, Luwes, Kesengsem TEMBANG MACAPAT Tembang Jawa tegese reriptan kanthi paugeran tertemtu kang pamacane kudu dilagokake, lan bisa diiringi wiramaning gendhing. Gendhing yaiku suwara lelagoning gamelan. Manut peprincene, tembang Jawa bisa kaperang dadi 3 golongan : 1. Tembang gedhé utawa sekar ageng, tuladhane : a. Kusumastuti b. Citramengeng c. Tepi Kawuri d. Kumudasmara e. Pamularsih 2. Tembang tengahan utawa sekar tengahan utawa sekar dhagelan, tuladhane : a. Wirangrong b. Pranasmara c. Balabak d. Palugon e. Juru Demung f. Pangajabsih Macapat kedadeyan sekang tembung maca sing tegese maca/nglagokaken lan tembung pat tegese papat, macapat tegese maca/nglagokaken papat-papat. Katrangan bab tembang macapat, bisa dipriksani kaya neng ngisor kiye : a. Tandha-tandhane tembang macapat. 1) Nganggo pathokan (paugeran) : guru wilangan, guru lagu, dhong-dhing, guru gatra, pada utawa pupuh. 2) Basane basa jawa anyar. 3) Bisa ngadheg dhewe tanpa iringan gendhing b. Gunane tembang macapat. 1) Kanggo kasusastran jaman saiki. 2) Kanggo mbawani utawa nggerongi gendhing.



Ahsani Taqwim, S.Pd.



13



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



3) Kanggo ngarang kapustakaan jawi. 4) Kanggo lagu-lagu kethoprak lan wayang wong. 5) Kanggo parikan lan dhagelan



Tembang-tembang sing kagolong macapat ana 11 warna , yakuwe : 1) Pocung. 7). Megatruh. 2) Maskumambang. 8). Kinanthi. 3) Gambuh. 9). Asmaradana. 4) Mijil. 10). Sinom. 5) Pangkur. 11). Dhandhanggula. 6) Durma. c. Kasusastran sing tinemu neng tembang macapat. 1) Pada : Yakuwe cacahing tembang macapat saben selagu, sekang wiwitan tekan pungkasan. 2) Guru gatra : Jenenge larikan neng tembang macapat, neng tembang gedhe diarani pada dirga, yakuwe cacahing gatra/larik saben sepada/selagu. 3) Guru wilangan : Yakuwe cacahing wanda (suku kata) saben sagatra. 4) Guru lagu : Tibaning swara saben pungkasaning gatra 5) Dhong-dhing : a) padha karo guru lagu. b) Guru lagu sing tiba swara “U” utawa “I” (aksara swara). d. Pathokan tembang macapat, bisa dipriksani ing tabel ngisor kiye : Guru Lagu lan Guru Wilangan ing Tembang Macapat Guru Gatra No Tembang I II III IV V VI VII VIII 1. Pocung 12u 6a 8i 12a 2. Maskumambang 12i 6a 8i 8a 3. Gambuh 7u 10u 12i 8u 8o 4. Megatruh 12u 8i 8u 8i 8o 5. Kinanthi 8u 8i 8a 8i 8a 8i 6. Asmaradana 8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a 7. Mijil 10i 6o 10e 10i 6i 6u 8. Pangkur 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i 9. Durma 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7a 10 Sinom 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 11 Dhandhanggula 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a



IX 12a 12i



X 7a



Makna Luhur Tembang Dhandhanggula Lelabuhan telung prakara ing tembang dhandhanggula ing dhuwur yaiku : 1. Guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul 2. Kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. Purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.)



Ahsani Taqwim, S.Pd.



14



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



Watak-watake tembang Macapat Tembang macapat ndhuweni watak sing bisa kanggo nggambaraken manungsa. Watak tembang macapat kasebut, yakuwe: 1) Kinanthi, awatak : seneng, asih, tresna. Matuke kanggo medharake piwulang, cerita sing ngemu surasa asih tresna lan asmara, gandrung-gandrung. 2) Pocung, awatak : kendo, tanpa greget saut. Matuke kanggo neng cerita sing sajak mung sakepenake tanpa kemempengan. 3) Asmaradana, awatak : sengsem, sedih, prihatin. Nanging sedih utawa prihatin sing merga ketaman neng lara asmara. Matuke kanggo neng cerita sing isi surasa nawung asmara. 4) Mijil, awatak : wedaring rasa. Matuke kanggo neng cerita sing isi pitutur, nanging uga kena tumrap sing cerita gandrungan. 5) Maskumambang, awatak : nelangsa keranta-ranta. Matuke kanggo medaarake rasa – pangrasa sing nggereges, nelangsa keranta-ranta. 6) Pangkur, awatak : sereng. Kanggo neng cerita sing ngemu surasa sereng, sajak gregetan. Yen pitutur, ya pitutur sing serem semu srengen, yen gandrung, ya gandrung sing serem, gandrung-gandrung kapirangu. Lumrah uga kanggo neng cerita perang. 7) Sinom, awatak : grapyak, renyah, cocok karo jenenge sinom, sekang garbane tembung “si + enom”. Matuk kanggo sesorah, cerita sing isi pitutur. 8) Dandanggula, awatak : luwes, resep. Tumrap neng cerita sing ngemu surasa kepriwe bae bisa mlebu/pas, pancen luwesan. Kanggo neng bebuka prayoga, kanggo medharake piwulang ya kena, kanggo cerita sing isi gandrung-gandrungan uga kena, kanggo penutuping karangan ya lumrah. 9) Durma, awatak : galak, muntab. Mathuk kanggo medharake rasaning ati nepsu, ati kedereng sereng, utawa kanggo neng cerita perang. 10) Gambuh, awatak : rumaket, kulina, wanuh wani. Matuk kanggo medarake pitutur sing rada sereng merga wis keduga lan lumrahe nganggo basa ngoko, ya basane wong sing wis kulina raket sesrawungane. 11) Megatruh, awatak : sedih, kingkin kaworan nglokro (putus asa), kanggo medharake rasa gegetun pungun-pungun, nelangsa keranta-ranta. Tegese tembung : yogyanira = becike, sebaiknya. prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara. kadya = lir, pindha, kaya, seperti. nguni = jaman biyen, dahulu kala. andelira = andel-andele , andalan. lelabuhanipun = jasane, jasa. ginelung = diringkes, dipadukan. guna = kapinteran, kepandaian. kaya = bandha donya, kekayaan. purun = wani, gelem, keberanian. nuhoni = netepi, menepati. trah = turun, tedhak, keturunan utama = becik, apik, terbaik. lir = kaya, teges, makna, arti. saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang. karya = gawe, kardi, pekerjaan. binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan.



Ahsani Taqwim, S.Pd.



15



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya. duk = nalika, ketika. dhomas = 800. samas = 400. tetela = cetha, terang, jelas. aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu. ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa. ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang. suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian. darbe = duwe, mempunyai. raka = kakang, kakak. raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera. de mung = dene mung , jalaran mung, hanya karena. wanara = kethek, kapi, rewanda, kera. kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah. mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga. sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia. lenggana = nolak, mbantah, menolak. datan = tan, ora, tidak. labuh = berjuang. yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu. myang = lan, dan arsa = arep, ayun, apti, akan. punagi = sumpah. palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh. narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja. kadang = sedulur, saudara. suwita = ngabdi, menghamba. kinarya = karya + in = digawe, dipakai. agul-agul = andel-andel, andalan. manggala = panglima senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang. manahe = atine, hatinya. pikantuk = oleh, mendapat. marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya. kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian. jinemparing = jemparing + in = dipanah. sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal. wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat. katri = katelu, ketiga. sudarsaneng = sudarsana + ing = conto. amirita = nirua, ikutilah. kongsi = nganti, sampai. dumadi = titah, makhluk. marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha. kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.



Ahsani Taqwim, S.Pd.



16



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



Tata carane nulis tembang macapat Tata carane gawe tembang macapat supaya gampang kudu ngertos urut-urutane.yaiku: 1. 2. 3. 4. 5.



Temtokna lan tulisen ngegani gagasan apa sing arek inggawe tembang. Temtokna tembang apa sing arep kogawe Tulisen guru gatra, guru wilangan lan guru lagune Gawea ukara-ukara (kalimat) kang salaras karo paugerane tembang macapat. Titinen maneh tembung-tembunge lan ukara-ukara kang kogawe mau, kudu cocok karo paugerane tembang sing kogawe. Tuladhane: Paugerane tembang Dhandhanggula: Guru gatra : 10 gatra (10i) …………………………. (10a) …………………………. (8e) …………………………. (7u) …………………………. (9i) …………………………. (7a) …………………………. (6u) …………………………. (8a) …………………………. (12i) …………………………. (7a) ………………………….



Cara nembangke tembang macapat Cara nembangake tembang macapat diarani dhendha kerata , tegese anggone nembangake kudu cetha sambungane, lugu lan bares, prasaja (ora kakehan luk, cengkok lan wilet kaya tembang gedhe), amarga kudu inget teges lan wose tembang kang diwaca. Babagan kang kudu dimangerteni lan dipahami kayata : 1. Pedhotan Pedhotan yaiku asone napas nalika nembangaake macapat, bisa mapan ana ing saben wanda ana ing tembung kang diarani pedhotan kendho, uga bisa ing pungkasane wanda kang diarani pedhotan kenceng 2. Andhegan Andhegan yaiku medhot anggone nembang, bedane yen pedhotan iku medhot ana ing tembung, manawa andhegan iku mandheging tembang ana pungkasaning ukara. Manawa mandhek ing pungkasaning ukara nanging tegese tembang during rampung diarani andhegan wantah ( medhot/mandheg ukara tekan koma). Andegan alit medhot ukara wus rampung tegese (titik) dene andhegan ageng yaiku mandhek ukara nanging tegese tembang sapada uwis rampung. 3. Wirama Wirama ing sajronie nembang macapat kudu ajeg, tegese anggone nembangake macapat bebas lan mardika anggone miramakake waton jumbuh karo kaendahane, trep karo titi laras, pedhotan lan sapanunggalane Babagan olah wirama diperang dadi 6 yaiku :



Ahsani Taqwim, S.Pd.



17



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



a. Wilet : variasi utawa kembangane ing babagan pangolahan cengkok b. Cengkok: rerengkaning titilaras uga gaya lagune/tembangane c. Laras : yaiku nadha utawa endhek dhuwur dawa lan cendhake swara kang jumbuh karo titi larase d. Luk : nglimput andhah swara lan anung swara e. Gregel : variasi luk kang dicepetake (fibrasi) f. Sliring : yaiku nyimpange swara saka laras (falsetto)



Ahsani Taqwim, S.Pd.



18



Modul Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap-SMK



KAPUSTAKAN



Widaryatmo, Gandung, dkk. 2014. Prigel Basa Jawa: kanggo SMA/SMK/MA Kelas XII. Jakarta: Penerbit Erlangga Setiyadi, Dwi Bambang Putut. 2012. Kajian Wacana Tembang Macapat: Struktur, Fungsi, Sasmita, Sisgem Kognisi, dan Kearifan Lokal Etnik Jawa. Yogyakarta: Media Perkasa. Tim. 2010. Tuntunan Tembang Macapat untuk SD/MI, SMP/MTs., SMA/SMK/MA dan Umum. Surakarta: disparbudpora dengan Yayasan Sastra Surakarta.



Ahsani Taqwim, S.Pd.



19