Modul Bahasa Jawa KL 7 k13 SMT Gasal Fik [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

MODUL BAHASA JAWA Berdasarkan Kurikulum 2013 Muatan Lokal Jawa Tengah



Penulis Dwi Ratna Listyaningrum, S. Pd



UNTUK SMP KELAS VII Semester Ganjil



SMP IT MTA KARANGANYAR YAYASAN MAJELIS TAFSIR AL-QUR’AN STANDAR ISI KURIKULUM 2013 BAHASA JAWA KELAS 7 K13



1



MATA PELAJARAN MUATAN LOKAL BAHASA JAWA SMP/SMPLB/MTs PROVINSI JAWA TENGAH TAHUN 2014 Kelas VII/ Semester Ganjil KOMPETENSI INTI Sikap Spiritual 1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya



KOMPETENSI DASAR 1.1 Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa sebagai bahasa Ibu untuk mendukung bahasa Indonesia sebagai bahasa persatuan dan kesatuan bangsa. 1.2 Menerima anugerah Tuhan Yang Maha Esa berupa bahasa Jawa dan memanfaatkannya sebagai sarana komunikasi masyarakat Jawa masyarakat Jawa.



Sikap Sosial 2. Menghargai dan menghayati 2.1 Menghargai dan menghayati perilaku jujur, perilaku jujur, disiplin, tanggung disiplin, bertanggung jawab, peduli (toleransi jawab, peduli (toleransi, gotong dan gotong royong), santun, percaya diri royong), santun, percaya diri, dalam dalam menyampaikan informasi atau berinteraksi secara efektif dengan anggapan berbagai hal/ keperluan sesuai lingkungan sosial dan alam dalam dengan tata krama Jawa. jangkauan pergaulan dan 2.2 Menunjukkan perilaku berbahasa yang santun keberadaannya. yang ditunjukkan dengan ketepatan penggunaan ragam bahasa (unggah ungguh basa). 2.3 Menunjukkan perilaku, tindakan, dan perbuatan yang mencerminkan kepribadian Jawa. Pengetahuan 3. Memahami dan menerapkan 3.1 Memahami isi teks narasi tentang peristiwa pengetahuan (faktual, konseptual, dan atau kejadian prosedural) berdasarkan rasa ingin 3.2 Mengapresiasi teks Serat Wulangreh Pupuh tahunya tentang ilmu pengetahuan, Pangkur teknologi, seni, budaya terkait dengan 3.3 Memahami isi teks cerita rakyat fenomena dan kejadian tampak mata. 3.4 Memahami isi teks cerita pengalaman yang mengesankan Keterampilan 4. Mengolah, menyaji, dan menalar 4.1 Meringkas isi teks narasi tentang peristiwa atau dalam ranah konkret (menggunakan, kejadian dengan ragam karma mengurai, merangkai, memodifikasi, 4.2 Menanggapi isi teks Serat Wulangreh Pupuh dan membuat) dan ranah abstrak Pangkur (menulis, membaca, menghitung, 4.3 Menceritakan kembali isi teks cerita rakyat menggambar, dan mengarang) sesuai dengan ragam ngoko dengan yang dipelajari di sekolah dan 4.4 Menulis teks cerita pengalaman yang sumber lain yang sama dalam sudut menyenangkan pandang/teori. 4.5 Membaca nyaring dan menulis teks 1 (satu) paragrap berhuruf Jawa TERUSA mlangkah sasuwene kita ana ing dalan kang becik, senajan kadhang kabecikan ora sateruse diajeni



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



2



Wulangan



1



Kompetensi Dasar 3.1 Memahami teks narasi tentang peristiwa atau kejadian. 4.1 Menangkap isi wacana narasi tentang peristiwa atau kejadian. Indikator 3.1.1 Mendengarkan dan mencatat kata-kata yang dianggap sulit yang terdapat dalam wacana narasi tentang peristiwa atau kejadian. 3.1.2 Mendiskusikan dan mengartikan kata-kata yang dianggap sulit dalam konteks kalimat. 3.1.3 Mengkklasifikasi bentuk kata yang dipakai dalam wacana. 3.1.4 Mengajukan dan menjawab pertanyaan wacana yang didengarkan dalam ragam krama. 3.1.5 Mendiskusikan isi wacana. 3.1.6. Mengungkapkan isi wacana yang didengarkan secara tertulis. 4.1.1 Membaca teks narasi 4.1.2 Menjawab dan mengajukan pertanyaan tentang isi bacaan dalam ragam krama 4.1.3 Menulis ringkasan. 4.1.4 Memberi tanggapan hasil diskusi berkaitan teks naratif tentang peristiwa atau kejadian



A. CAKUPAN MATERI Teks kuwi ana 6 jinise yaiku : 1. Teks Narasi 2. Teks Deskripsi 3. Teks Eksposisi 4. Teks Eksplanasi 5. Teks Persuasi 6. Teks Argumentasi Saka 6 jinis teks kuwi kang arep disinau yaiku teks narasi.  TEGESE TEKS NARASI Teks narasi yaiku teks kang nyritakake kadadeyan utawa prastawa sing ana ing sakiwa tengene awake dhewe kanthi alur wektu kang cetha.  SIFAT TEKS NARASI Sifat teks narasi yaiku : - Khayal/fiktif/ imajinasi, dadi isine ora nyata Tuladhane : cerkak, cerbung - Nyata/aktual, bisa diarani kadadeyan sanyatane Tuladhane : teks pawarta / berita



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



3







TUJUAN TEKS NARASI Teks narasi kuwi nduweni ancas/tujuan yaiku kanggo aweh pendidikan, menehi informasi, menehi refleksi marang para siswa, lan sapa wae kang maca teks mau, menehi daya imajinasi marang wong kang maca.  JINISING TEKS NARASI Teks narasi kuwi wujude ana 2 yaiku : a. Teks narasi awujud crita b. Teks narasi awujud pawarta utawa berita  Perangan teks narasi ing pawarta ana 6 yaiku : 5W1H 1. Apa : apa kang dikandhakake ing teks kuwi 2. Sapa : wong/ paraga kang ana ing pawarta kasebut 3. Kapan: wektu kadadeyan kuwi 4. Ing ngendi : papan kedadeyan prastawa iku 5. Kena apa : apa sebabe kadadeyan kuwi 6. Kepriye : lumakune crita utawa kadadeyan mau.  Perangan/bagian teks narasi ing crita yaiku : 1. Orientasi Perangan wiwit ngenalake paraga crita lan kapan dumadine crita utawa kadadeyan mau. Dadi perangan orientasi kuwi ngandhakake paraga lan alur wektu kadadeyan mau. 2. Komplikasi Paraga utama ing crita mau wiwit oleh godha, alangan, rintangan utawa konflik. 3. Resolusi Prakara kang diadhepi dening para paraga crita kasebut wiwit diudhari lan pungkasaning crita mau (akhir crita), dipungkasi kanthi rasa seneng (happy ending), apa kanthi sedhih (sad ending).  Sajroning crita iku ana unsur-unsur kang ndhapuk jenenge unsur intrinsik. Sing kalebu unsur intrinsik crita yaiku : a. Paraga, tegese wong kang ana ing crita, dibedakake dadi 3 yaiku : 1. Paraga protagonis yaiku paraga sing nduweni ati kang becik. 2. Paraga antagonis yaiku paraga sing nduweni sifat kang ala, biasane dadi mungsuhe paraga protagonis 3. Paraga tritagonis, yaiku paraga penengah antarane paraga protagonis lan paraga tritagonis b. Alur yaiku urutaning kadadean sing ana ing crita, ana alur maju, alur mundur, lan alur campuran. Kaperang dadi 3 yaiku : 1. Alur maju diwiwiti saka perkenalan, permasalahan, penyelesaian 2. Alur mundur diwiwiti saka penyelesaian, permasalahan, perkenalan 3. Alur canpur tegese bisa diwiwiti saka ngendi wae, biasane masalah utawa konflik luwih saka 1. c. Latar 1. Latar panggonan yaiku samubarang sing nggambarake papan kadadeane crita. 2. Latar wektu yaiku wektu sing nggambarake kadadean iku dumadi. Ana wektu gumathok (jam, dina,sasi) lan ana wektu kang ora gumathok (dhek samana, biyen) BAHASA JAWA KELAS 7 K13



4



d. Tema yaiku bakune crita utawa bab sing wigati utawa bab sing akeh karembug ing crita digathukake alur sing ana. e. Watake paraga yaiku sipat-sipat sing diduweni saben paraga ing crita. Ana sing sipate apik ana ugasing nduweni sipat ala. Watak paraga iku mbedakake paraga siji lan sijine. f. Sudut pandang yaiku carane panulis utawa pangripta nyritakake crita iku. Ing legendha lumrahe ora dingerteni sapa pangriptane(anonim). Sudut pandang kaperang dadi 2 yaiku: 1. Sudut pandang ing njobo crito (orang ke 3) biasane sing dicritakake wong liya. 2. Sudut pandang ing njero crita (orang pertama) paraga gunakake tembung aku. g. Amanat yaiku pesan moral utawa piwulang becik saka crita. *nyimak video teks narasi pawarta kang irah-irahae “Gunung Kelud Njeblug Maneh” A. Wangsulana kanthi jangkep saha leres! 1. Apa penyebabe gunung Kelud njeblug? 2. Sapa kang kudu ngungsi nalika Gunung Kelud njeblug? 3. Ing ngendi papan dumununge Gunung Kelud? 4. kepriye akibate sawise Gunung Kelud njeblug? 5. kapan Gunung Kelud wiwit njeblug? 6. ping piro wae gempa kang ditimbulake Gunung Kelud Njeblug? Tembung Miturut wujude tembung utawa wangune tembung, tembung (kata) kapilah dadi loro yakuwi tembung lingga lan tembung andhahan. Tembung Lingga yaiku tembung sing durung owah Saka asale.Kabeh tembung mesthi ana tembung linggane Tuladha: adus, ombe, ambu, ilat, eling, ukara bagus, bingung, bocah, buwang, begal cukur, cangkir, ciyut, cokot, celeng pukul, pacul, pikir, peyok, pojok, gandhul Tembung andhahan yaiku tembung sing wis owah saka asale. Utawa tembung lingga sing wis diowahi. Carane ngowahi tembung lingga : 1. Diwuwuhi imbuhan 2. Dirangkep 3. Dicambor Ing kene iki sing diterangake mung carane gawe/ngrimbag tembung andhahan kanthi duwuwuhi imbuhan. Imbuhan kang:  Mapane ana ing ngarepe tembung lingga diarani ater-ater Tuladha ater-ater: m, n ng, ny, dak, ko, di, sa, pa, ka, lps.  Mapane ana ing tengahe tembung lingga diarani seselan Tuladha seselan: el, er, um, in  Mapane ana ing burine tembung lingga diarani panambang Tuladha panambang: i, e, ake, ne, an, en, a, na, ana, ku, mu Tembung andhahan kang mawa ater-ater, tuladha: mojok, nyokot, ngambu Tembung andhahan kang mawa seselan, tuladha: pinukul, gumandhul, gerandhul Tembung andhahan kang mawa panambang, tuladha: bingungan, pikirna, adusa BAHASA JAWA KELAS 7 K13



5



TEKS NARASI AWUJUD CRITA. Wacanen permati Kedadeyan ing Kamar Mandhi Sawise sawetara anggonku ngobrol karo Pak Jaya, aku banjur pamit menyang kamar mandhi. Aku kelingan yen durung sholat Isya. Aku mangkat wudhu. Nalika aku wudhu, krasa yen ana tangan kang ngelus-elus gegerku. Aku kaget banget. Batinku, iki mesthi Pak Jaya kang ngelus-elus, mulane dakjarke wae. Nanging… yen astane Pak Jaya kok kasar banget lan …abot banget kaya beras seket kilo. Atiku sansaya mrinding. Ora watara suwe, ana swara glodhak…aku kaget banget lan njumbul.Dakkira kucing utawa tikus, nanging kok ora wujude. Githokku mrinding lan anyep kabeh awakku. Aku arep mbengok mesthi sing padha sare kaget. Aku meneng wae, nanging … jantungku kaya-kaya copot. Watara samenit anggonku ngleremake rasa jirihku, aku banjur mbukak kran saprelu wudhu maneh. Kran dakbukak, banyu mili lan aku wudhu. Nalika aku masuh rai lan tangan, githokku mrinding lan mambu wangi-wangi. Kaya-kaya ana kang nyekeli gegerku maneh lan ngelus-elus sirahku. Aku tetep nerusake wudhu. Nanging… nalika aku arep nerusake ngusap setengah sirah, tanganku krasa yen ana kang nyekeli. Rasane abot banget. Sapa kang nyekeli, aku ora ngerti. Ora let suwe, lawang kamar mandhi mbukak dhewe ing mangka maune katutup rapet lan Pak Jaya isih ing kamar ngarep. Dher… dher, glodhak keprungu swara lawang dibalang wong. Ora let suwe nalika aku nyedhaki lawang mau, sirahku malah kathuthuk lawang sabanter-bantere. Mbok menawa iki mung perasaanku wae amarga wis kesel lan ngantuk.Senajan ngantuk kedadeyan iki bener-bener dakalami ing kamar mandhi mau. “ Bapak sampun wudhu?” Mangkono pitakonku. “ Sampun Mas. Wonten kran ngajeng.” Mangkono katrangane Pak Jaya. Wusana aku lan Pak Jaya sholat, denePak Jaya kang dadi imame. Atiku isih gumun karo kedadeyan kang nembe wae dakalami. Batinku muni, Pak Jaya jebule wudhu ing kran ngarep ora ing kran mburi cedhak kamar mandhi. Atiku sansaya wedi. Dadi piyayi sing ngelus-elus gegerku mau nalika aku wudhu dudu Pak Jaya. Lha terus sapa? Mangkono batinku takon. Sawise sholat rampung aku banjur lungguh maneh ing ruang tamu. Aku isih kelingan kadadeyan ing kamar mandhi. Jam wis nuduhake angka 1. Aku bola-bali angop pertandha ngantuk banget. Watara sedhela, Pak Jaya rawuh. “ Sampun ngantuk, Mas?” Pitakone Pak Jaya cekak. “ Sampun kok, Pak.” Wangsulanku kanthi ngenggoni subasita. “ Menawi sampun ngantuk, Mas tilem wonten kamar ngajeng menika, dene kula kamar sisihipun.” Mangkono Pak Jaya anggone nerangake marang aku. “ Kula…kula nyuwun wangsul kemawon, Pak.” Mangkono anggonku matur kanthi rasa wedi. “ Kok sajak ajrih wonten menapa, Mas?” Mangkono pitakone Pak Jaya maneh. “Boten… boten wonten menapa-menapa, Pak.” Wangsulanku ngemu rasa wedi kang ora bisa daktutupi. “Ajrih tilem piyambak nggih? Boten wonten menapa kok, Mas.” Mangkono panglipure mantan guruku kanthi alus lan tresna banget kaya dene marang putrane dhewe. “ Ng…nggih, Pak. Kula ajrih sanget.” “Wonten menapa. Mas? Griya kula boten wonten menapa-menapanipun.” Mangkono panglipure Pak Jaya. “ Nanging… “ “ Nanging kados pundi, Mas. Menapa dipunkancani Bapak?” “ Nggih, Pak. Kula saestu ajrih.” “ Manawi makaten, mangga kula kancani.” Aku banjur menyang kamar lan dikancani Pak Jaya. Mripatku ngantuk banget.Bolabali aku angop.Aku turu ing dhipan, Pak Jaya ora sare mung pinarak ing sisihku. Senajan aku ngantuk banget, nanging aku durung bisa turu amarga saking kesele lan kagawa rasa wedi ngelingi kadadeyan kang dumadi ing kamar mandhi. Aku meneng wae.Mripatku dakremake BAHASA JAWA KELAS 7 K13



6



nanging angel banget.Sikilku krasa pegel banget amarga wiwit esuk nganti bengi tansah mubeng ngalor ngidul sakiwa tengene Malioboro. Gladhen  Tulisna unsur-unsur intrinsik sing ana ing crita Kadadeyan ing Kamar Mandhi!



UJI KOMPETENSI 1 



Soal angka 1 nganti 10 ing ngisor iki garapen kanthi milih wangsulan a, b, c, utawa d kang bener ! 1. Kapan anggenipun ngobrol kaliyan pak Jaya ? a. Jam 1 enjing c. Nalika kagodha makluk sanes b. Wekdal dalu wancinipun sholat Isya d. Nalika pak Jaya rampung makarya 2. Ana kadadeyan apa ing kamar mandi ? a. Lawang kamar mandi mbukak dhewe c. Pak Jaya ngelus-elus gegere ‘aku’ kamangka maune katutup rapet. b. Banyu kran mampet amarga d. Pak Jaya lan ‘aku’ padha jejagongan diganggu makluk liya 3. Wonten ing pundi pak Jaya nalika wonten kadadosan ing kamar mandi ? a. Wonten ing kran ngajeng, sholat c. Wonten ing kamar ngajeng. b. Wonten ing kran wingking celak d. Wonteng ing kamar sisihipun kamar kamar mandi ngajeng 4. Katerangan ing ngisor iki ora jumbuh karo kadadeyan ana ing kamar mandi, yakuwi... a. Ana swara glodhak kuwi jebul kucing c. ‘aku’ ketatap lawang kamar mandi utawa tikus nabrak lawang sabanter-bantere b. Jebul dudu pak Jaya sing ngelus-elus d. Ana ambu wangi-wangi gegere ‘aku’ 5. Apa buktine wong loro kuwi padha ajen-ingajenan ? a. Anggone padha rembugan nganggo c. Anggone padha rembugan nganggo basa Jawa Ngoko basa Krama b. ‘Aku’ ora gelem turu ing omahe pak d. Pak Jaya kaprenah luwih tuwa Jaya 6. “ Sampun ngantuk, Mas?” Pitakone Pak Jaya cekak. Kepiye dadine yen pethikan kuwi dingokokake ? a. “Mpun ngantuk, Mas?” Pitakone Pak c. “Wis arip, Mas?” Pitakone Pak Jaya Jaya cekak cekak b. “Wis angop, Mas?” Pitakone Pak d. “Wis ngantuk, Mas?” Pitakone Pak Jaya cekak Jaya cekak 7. Sawise sholat rampung aku banjur lungguh maneh ing ruang tamu. Aku isih kelingan kadadeyan ing kamar mandhi. Jam wis nuduhake angka 1. Aku bola-bali angop pertandha ngantuk banget. Watara sedhela, Pak Jaya rawuh. Kanthi nggatekake basa kang digunakake, mula angka 1 kudu diwaca... a. Angka siji c. Angka satunggil b. Angka satunggal d. Angka kapisan 8. Dudutane/kesimpulane, wacan kuwi mujudake kedadeyan kang... . a. Ngguyokake c. Mbungahake b. Medeni d. Nganyelake 9. Sapa sing crita ing wacan kuwi ? a. Pak Jaya c. Makluk aneh b. Aku d. Ora dingerteni 10. Waosan punika manawi karingkes ngangge tigang ukara inggih punika... .



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



7



a. Aku lan pak Jaya ngobrol. Pak Jaya wudhu ana ing kamar mandi. Pak Jaya lan aku sholat Isya bareng b. Pak Jaya ngobrol ing kamar ngarep. Pak Jaya diganggu makluk aneh. Pak Jaya pamit mulih



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



c. Aku wudhu ing kamar mandi. Ana sing ngganggu nalika aku wudhu. Aku pamit mulih d. Nalika wudhu ing kamar mandi sing diganggu ‘aku’. Ana ganda wangi nalika sholat. Saiki wis jam 1 awan.



8



Wulangan



2



Kompetensi Dasar 3.2 Menelaah teks Serat Piwulang Wulangreh pupuh Pangkur. .4.2 Menanggapi isi teks piwulang serat Wulangreh pupuh Pangkur. Indikator 3.2.1 Mencatat dan mengartikan kata-kata sulit yang ada didalam teks piwulang serat wulang reh pupuh Pangkur. 3.2.2 Mengajukan dan menjawab pertanyaan tentang isi teks piwulang serat wulang reh pupuh Pangkur. 3.2.3 Menuliskan isi teks piwulang serat wulang reh pupuh Pangkur. 3.2.4 Menulis pokok-pokok isi teks piwulang serat wulang reh pupuh Pangkur.



WULANGAN 2



A. CAKUPAN MATERI Serat Wulangreh iku anggitane Kanjeng Susuhunan Pakubuwono IV ing Surakarta Hadiningrat, nalika tahun 1768-1820 M , ing kraton Surakarta Hadiningrat . Serat Wulang Reh kasebut katulis kanthi migunakake Basa Jawa lan uga tinulis nganggo Basa Indonesia ing saben pada tembang. Karya sastra sing bentuke tembang lan diwiwiti pujian-pujian marang Gusti Allah. Nyritakake bab piwulang utawa ajaran kanggo putrane supaya nglatih jiwa lan pikirane. Kabeh kuwi bisa dilakoni lewat latihan-latihan fisik kanthi tenanan, kayata ngurangi mangan lan tilem, olah keprajuritan, lan ninggalake kabeh bab kasenengan. Uga dianjurake supaya golek ilmu lan nglakoni ajaran agama kanthi bener. Saben pupuh tembang isine piwulang sing banget migunani marang sing padha gelem maca. Ing antarane yaiku ing pupuh Dhandhanggula yaiku isi bab carane milih guru, ing pupuh Kinanthi yaiku carane milih kanca utawa srawung ing madyane bebrayan agung, Ing Pupuh Gambuh isine nyritakake bab larangan supaya wong iku ora duwe watak adigang adigung adiguna utawa ora ngendelake bab kekuwatan,kaluhuran lan kapinterane. Pupuh Pangkur isine bab tuntunan tatakrama tumindak ala lan becik uga sarta cara meruhi atakwataking manungsa, Pupuh Maskumambang isine bab tatacarane manembah, Pupuh Dhudhukwuluh isine bab carane ngabdi utawa ngawula marang raja, Pupuh Durma iku isine bab tatacarane manungsa iku bisa ngendhaleni hawa nepsu, Pupuh wirangrong nyritakake babagan ala lan becike tumindak, Pupuh Pocung iku isine babagan nyambung taline paseduluran, Pupuh Asmarandana iku isine babagan tatacara nindakake ajaran agama, Pupuh Sinom isine babagan dhasar-dhasare tingkah laku, dene Pupuh Girisa isine babagan pesen lan dongane sang Pujangga.



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



9



Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Pakubuwono IV ` Pupuh Tembang pangkur ing serat Wulangreh cacahe ana 17 pada. Dene mligi Pupuh pangkur iku isine bab tatakrama, mula cocok banget kanggo para siswa sing kudu nggladhi babagan unggah-ungguh lan tatakrama kang becik. Manawa para siswa bisa ngamalake lan nindakake jumbuh kaya kang cinetha ing serat Wulangreh bakal prayoga banget awit isi tembang kasebut pranyata isih jumbuh utawa cocog karo kahanan saiki. Kajaba isi babagan tatakrama tembang Pangkur ing serat Wulangreh uga ngemot babagan piwulang ala lan becik. Bab kang becik ditindakne dilakoni dene bab sing ala disingkiri. Manawa para siswa bisa nindakake samubarang kang kaya ing serat wulangreh kasebut, prasasat para siswa nduweni karakter kang luhur (Kapethik saka Buku Marsudi Basa lan Sastra Jawa kaca 20, kanthi kabesut sawetara). Serat wulangreh yaiku serat kang isine babagan pitutur utawa nasehat kang awujud tembang.  Serat Wulangreh Pupuh Pangkur cacahe ana 17 pupuh. LAKUNE PAMULANGAN B. Jumbuh karo isi Indikator nomer siji (1) ing ndhuwur, Ayo padha dijinggleng pupuh Tembang Pangkur ing serat Wulangreh ngisor iki ! Pupuh Pangkur Serat Wulangreh 1 3 Kang sekar pangkur winarna, Miwah ing sabarang karya, lalabuhan kang kanggo wong ngaurip, ing prakara gedhe kalawan cilik, ala lan becik puniku, papat iku datan kantun, prayoga kawruhana, kanggo sadina-dina, adat waton puniku dipunkadulu, rina wengi nagara muwah ing dhusun, miwah ingkang tata krama, kabeh kang padha ambegan, den kaesthi siyang ratri. papat iku nora kari. 2 4 Deduga lawan prayoga, Kalamaun ana manungsa, myang watara riringa awya lali, anyinggahi dugi lawan prayogi, iku parabot satuhu, iku watake tan patut, tan kena tininggala, awor lawan wong kathah, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, wong degsura ndaludur tan wruh ing edur, angucap meneng anendra, aja sira pedhak-pedhak, duga-duga nora kari. nora wurung neniwasi.



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



10



C. Mencatat dan mengartikan kata-kata sulit yang ada didalam teks piwulang serat wulangreh pupuh Pangkur. Sawise isi pupuh tembang pangkur ing ndhuwur kasebut rampung kog waca, coba saiki ayo dipahami isine salarik mbaka salarik, sapada mbaka sapada kanthi cara negesi tembung-tembung sing angel ing dhuwur ! tegesana kanthi bukak bausastra jawa, utawa nyuwuna ngampil bapak ibu gurumu ! Bisa uga kanggo gampangake olehmu sinau kanthi gawe cara kaya tabel ing ngisor iki ! PUPUH 1 Sekar pangkur kang winarna, lelabuhan kang kanggo wong ngaurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipun kadulu, miwah ta ing tatakrama, den kaesthi siyang ratri.



PUPUH 2 Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu, tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angucap meneng myang nendra, duga-duga aja keri.



Anggone mangerteni isine yaiku : 1. Nulis tembung-tembung kang angel 2. Banjur digoleki tegesi ing kamus 3. Disusun supaya dadi ukara kang trep



TEMBUNG Sekar Winarna Lelabuhan Prayoga Adat Kadulu Miwah Den kaesthi Siyang Ratri Deduga myang Watara



KAMUS KOSAKATA TEGES TEMBUNG Lagu/ tembang Lawan Pitutur/nasehat Reringa Perjuangan Aywa Becike Parabot Kebiasaan satuhu Digatekake Tuwin Lan/karo Lumaku Dipikir Nendra Awan Kari Bengi Karya Tetimbangan Datan Dening Kentun pedoman Praja



TEGES kudu kebiasaan Aja Piranti Kabecikan Karo Mlaku Turu Ditinggalne Nyambut gawe Ora entuk Lalu negara



A. PEMBAHASAN PADA 1 Terjemahan Mawa Basa Jawa Wewarah/piwulang iki kaemot/dimuat ing tembang Pangkur Luwih becik dimangerteni bab pengabdian/perjuangan marang panguripan Bab ala lan becik kudu dimangerteni Perlu uga dimangerteni bab adat lan aturan Babagan tata karma Saben dinane aja padha nglalekake



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



11



Terjemahan Basa Indonesia Nasehat ini dimuat dalam tembang pangkur Sebaiknya kamu memahami hakikat pengabdian bagi kehidupan Tentang baik dan buruk harus mengetahui Pahami pula adat dan aturan Tentang tata karma Siang malam jangan kau lupakan B. PEMBAHASAN PADA 2 Terjemahan Mawa Basa Jawa Aja padha nglalekake pertimbangan kuwi Akeh sithik padha curiga aja lali Amarga iku kudu Aja ditinggalna Nalika isih melek, lungguhan, Tangi turu, mlaku, meneng, ngomong lan nalika turu Kabeh iku aja nganti nglalekake nalar lan pikiran Terjemahan Basa Indonesia Jangan kau lupakan pertimbangan tersebut, Boleh sedikit curiga Karena itu keharusan Yang tidak boleh ditinggalkan Baik ketika sedang terjaga, duduk, bangun Maupun berjalan, diam, berbicara, maupun tidur Jangan lupakan nalar dan pikiranmu 



Gladhen nggoleki teges/isining tembang pangkur pada 3-4, kanthi ndeleng kamus



kosakata ing ngisor iki. Banjur digawe terjemahan basa Jawa lan basa Indonesia! KAMUS KOSAKATA TEMBUNG Miwah Sabarang karya Prakara Kalawan Datan kentun Rina Praja Dhusun ambegan Nora wurung neniwasi



ARTI Dan Segala sesuatu Masalah, urusan dan Tidak lupa Setiap Dusun Bernafas Tidak lain Merugikan, membahayakan



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



TEMBUNG Kalamun Tan anganggo Duga Prayogi Awor Lawan Degsura Andaludur Edur Wruh Sira



ARTI Kalau, jika Tidak menggunakan Melupakan Kebaikan Kumpul Dan Orang jahat Semaunya sendiri Tidak memiliki aturan mengetahui kamu



Pedhak-pedhak



dekati



12



D. Menjawab pertanyaan dan mengajukan pertanyaan tentang isi teks piwulang serat wulangreh pupuh pangkur. Pitakonan ing ngisor iki wangsulana kanthi patitis ! 1. Serat Wulangreh kang kowaca ing dhuwur iku anggitane sapa ? 2. Serat wulang reh dumadi saka pupuh apa wae ? 3. Pupuh Pangkur ing Serat Wulangreh iku dumadi saka pirang pada ? 4. Apa sing diarani pupuh iku ? 5. Apa sing diarani pada iku? 6. Apa sing diarani guru gatra, wilangan lan guru lagu iku ? 7. Apa isine pupuh pangkur kang kowaca ing ndhuwur ? 8. Pakarti utawa tumindak apa wae sing bisa dituladha saka isie pupuh Pangkur ing ndhuwur ? 9. Sekar pangkur kang winarna, apa tegese tembung Winarna iku? 10. Miturut panemumu kepriye isi serat Wulangreh perlu dingerteni lan ditindakake apa ora, apa alesanmu ? E. Parafrase/Menuliskan kembali isi teks piwulang serat Wulangreh pupuh Pangkur. Sawise para siswa bisa negesi tembung angel ing pupuh tembang Pangkur ing dnhuwur mau, saiki ayo padha ditegesi lan dingerteni isi pupuh pangkur sapada mbaka sapada kanthi utuh supaya para siswa bisa njupuk piwulang luhur lan mangerteni kanthi becik. Pada 1 Tembang Pangkur Kang sekar pangkur winarna, lalabuhan kang kanggo wong ngaurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipunkadulu, miwah ingkang tata krama, den kaesthi siyang ratri. Tuladha Basa Gancaran (parafrase) babagan isi pada tembang Pangkur ing dhuwur yaiku : 1. Gancaran abasa jawa ngoko : Wewarah utawa piwulang sing diemot ana ing tembang Pangkur yaiku, prayogane dimangerteni, babagan pengabdiane utawa tumindak becik marang wong urip, bab sing apik lan ala uga perlu dimangerteni, bab adat lan waton/tatanan perlu uga mangerteni, aturan lan tatakrama kudu tansah diesthi dpersudi ditindakake awan lan bengi. 2. Gancaran abasa jawa krama : Wewarah utawi piwucal ingkang kaemot ing sekar pangkur inggihmenika, prayoginipun dipunmangertosi,babagan pengabdian tumindakingkang sae dhateng tiyang gesang, babagan ingang sae lan awon ugi kedang dipunmangertosi, adat saha tatanan perlu dipunmangertosi, tatanan saha tatakrami kedah tansah dipunasthi dipuntindakaken siyang lan dalu. 3. Gancaran abasa Indonesia Nasehat yang dimuat pada tembang pangkur ini adalah, sebaiknya ketahuilah, pengabdian tentang perilaku baik bagi kehidupan, tentang perilaku baik dan buruk perlu kamu ketahui, ketahuilah juga adat istiadat dan aturan serta tatakrama selalu diparhatikan dilaksanakan siang dan malam. BAHASA JAWA KELAS 7 K13



13



Tembang iku klebu basa pinathok. Basa pinathok iku beda karo basa kang ora kaiket dening wewaton. Basa kang ora kaiket dening wewaton iku diarani basa gancaran. Saka basa pinathok (contone tembang macapat) bisa diowahi dadi basa gancaran. Carane nggancarake tembang iku mangkene : 1. Yen gatra-gatrane tembang ana ukarane baliswara kudu diwalik. 2. Yen gatra-gatrane ana tembunge kawi kudu diganti nganggo tembung sing kulina dianggo ing bebrayan. 3. Yen ana tembunge garba kudu diudhari. 4. Kena mbuwang lan nambahi tembung amrih karepe cetha 5. Tulisane wis ora kaya tembang maneh, nanging kaya karangan gancaran.



UJI KOMPETENSI 2 Wenehana tandha ping (X) ana ing aksara a, b, c, utawa d kanggo wangsulan sing paling bener ana ing lembar jawaban kang cumawis! 1. Serat Wulangreh iku anggitane Kanjeng ….. ing Surakarta Hadiningrat nalika tahun 17681820 M. a. Sunan Pakubuwono III b. Sunan Pakubuwono IV c. Sunan Pakubuwono V d. Sunan Pakubuwono VI 2. Gatekna cakepan tembang iki ! Kang sekar pangkur winarna, lalabuhan kang kanggo wong ngaurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipunkadulu, miwah ingkang tata krama, den kaesthi siyang ratri Miturut cakepan tembang ing dhuwur, sing kudu diweruhi dening wong urip yaiku : a. tembang pangkur b. siyang ratri c. lelabuhane wong urip d. tumindak ala lan becik 3. Tembang pangkur iku cacahe guru gatra ana .. a. 6 gatra b. 7 gatra c. 8 gatra d. 9 gatra 4. Gatekna cakepan tembang iki ! Deduga lawan prayoga, Myang watara riringa awya lali, Iku parabot satuhu, Tan kena tininggala, Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, BAHASA JAWA KELAS 7 K13



14



Angucap meneng anendra, Duga-duga nora kari. Tembung tininggala lan duduga, ing ndhuwur rimbage diarani … a. Rimbag tanggap na lan dwipurwa b. Rimbag tanggap ni lan dwipurwa c. Rimbag tanggap ka lan dwilingga d. Rimbag tanggap na lan dwilingga 5. Pratelan ing ngisor iki jumbuh karo isi cakepan tembang Nomer 4 ing dhuwur, Kajaba … a. Wong urip kudu tansah nindakake deduga prayoga lan reringa b. Deduga prayoga reringa iku piranti sing penting ora kena ditinggal c. Deduga prayoga reringa ditindakake nalika ana ing ngomahe dhewe wae d. Deduga prayoga reringa ditindakake nalika ngapa wae, kapan wae, neng ngendi wae 6. Tembung deduga iku tegese padha utawa meh padha karo tembung ing ngisor iki, kajaba .. a. Pangati-ati b. sembrono c. Pangira-kira d. Pantes 7. Serat Wulangreh ing dhuwur dumadi saka 13 pupuh, tembung pupuh tegese .. a. Kumpulan saka pirang-pirang pada b. Kumpulan saka pirang-pirang gatra c. Kumpulan saka pirang-pirang wanda d. Cacahe wanda saben sagatra 8. Miturut panemumu kepiye mungguh isi serat wulangreh ing dhuwur ? a. Isih piwulange wis kuno ora jumbuh karo kahanan saiki b. Isine ora perlu disinau sebabe wis kedaluwarsa. c. Isine isih jumbuh karo kahanan saiki lan perlu ditindakake para siswa d. Sing baku para siswa ngerti isi piwulang Serat Wulangreh 9. Sri Susuhunan Pakubuwana IV ing saka keraton.. a. Surakarta Hadiningrat b. Ngayogyakarta Hadiningrat c. Pura Mangkunegaran d. Pura Pakualaman 10. Guru wilangan lan guru lagu gatra sepisan tembang macapat Pangkur yaiku… a. 8 – a b. 8 – i c. 8 – e d. 8 – o



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



15



Wulangan



3



Kompetensi Dasar 3.3 Memahami cerita rakyat 4.3 Membaca nyaring teks ceritarakyat Indikator 3.3.1 Mendengarkan wacana cerita rakyat 3.3.2 Mengartikan kata-kata yang dianggap sulit 3.3.3 Mengajukan dan menjawab pertanyaan tentang isi wacana yang didengarkan dalam ragam krama 3.3.4 Menceritakan kembali isi/amanat cerita secara tertulis 4.3.1 Melafalkan teks cerita rakyat dengan benar 4.3.2 Membaca nyaring teks cerita rakyat



A. CAKUPAN MATERI Crita rakyat yaiku crita kanga sale saka rakyat. Jinise maneka warna yaiku : a. Legendha b. Fable c. Mithe d. Sage e. Dongeng Crita rakyat iku titikane ora ana pengarange (anonim), jaman mbiyen anggone nyebarake kanthi lisan lan turun temurun. Nanging saiki crita rakyat akeh kang awujud tulisan. *Maca teks crita Rakyat kang irah-irahane Dumadine Rawa Pening (ing buku paket Widya Adi Basa Jawi) banjur golekana piwulang sajroning crita 3 wae! B. UNGGAH-UNGGUH BASA Sebutan unggah-ungguh basa iku padha karepe karo undha usuke basa.Mligi tumrap basa Jawa, unggah-ungguhe cetha banget. Cetha beda titikane, cetha beda panganggone, lan cetha beda rasa basane. Kanggo nggampangake sinau tumrap siswa SMP, unggahungguh basa Jawa mangkene: 1. Basa Ngoko a. Ngoko Lugu b. Ngoko Alus 2. Basa Krama a. Krama Lugu b. Krama Alus



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



16



Ing wektu pasinaon iki, para siswa mung njinggleng (nyimak) basa Ngoko bae. Ngoko Lugu iku basa kang tembung-tembunge ngoko kabeh lan imbuhane iya ngoko. Ngoko Lugu digunakake dening: a. Siswa marang kancane sing wis raket, b. Atasan marang sor-sorane, c. Wong tuwa marang anake, d. Guru marang siswane. Basa ngoko alus iku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni Basa Ngoko Alus iku nggunakake tembung-tembung ngoko lan tembung krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman). Ukarane nganggo tembung-tembung ngoko diwenehi tembung Krama inggil, ing kene imbuhane ora dikramakake (di-, -e, -ne, -ake). Tumrap awake dhewe nganggo tembung ngoko bae, dene wong sing dihurmati nganggo tembung krama inggil (kowe dadi panjenengan, tembung kriyane dikramakake inggil). Ngoko Alus digunakake dening: a. Sanak tua marang sanak enom kang luwih dhuwur drajade, b. Bojoning priyayi marang sing lanang, yen wis nganggo basa ngoko, c. Priyayi padha-padha priyayi yen wis ngoko-ngokonan, Panganggone Ngoko Alus kajaba kaya ing dhuwur iki, uga perlu digatekake nalika gawe crita utawa gawe ukara kang mawa basa Ngoko. Yen nyritakake wong kang dihurmati , tembung sesulihe, tembung kriyane, lan tembung aran kang dadi duweke kudu dikramakake inggil. Kanggo wuwuhing kawruh bab basa Ngoko, ayo gatekna tuladhane: Angka Ngoko Lugu Ngoko Alus 1. Kowe mau apa wis madhang Panjenengan mau apa wis dhahar tenan saestu? 2. Aku mau ya wis mara mrene, Aku mau ya wis sowan mrene nanging nanging kowe ora ana. panjenengan ora ana 3. Darsono durung turu, Darsono durung turu, kamangka bapake kamangka kanca-kancane wis sare wis turu. 4. Aku ora bisa dolan, amarga Aku ora bisa dolan, amarga ibu lagi adhiku lagi lara. gerah. 5. Wetengmu saiki katon Padharan panjenengan saiki katon mblendher. mblendher. Gladhen. Isenana titik-titik ing ngisor iki kanthi ngetrapake unggah-ungguhing basa Ngoko ! a. Aku ora kena turu, yen simbah durung… b. Pardi wis mangan dene bapake durung… c. Aku diwenehi buku kancaku, uga pakdhe ya…. d. Murid-murid lungguh nglesot, bu guru…ing kursi e. Adhiku seneng nonton kartun, nanging ibuku seneng…..pawarta. f. Yen bapakmu … kowe ya kudu mulih mundhak digoleki. g. Bapak Drs. H. Yuliatmono, M.M., Bupati Karanganyar arep rawuh ing desamu. Apa kowe mengko … ana ing adicara kuwi ? h. Geneya panjenengan ……dhahar sate wedhus, kamagka aku wis emoh. i. Apa omahmu cedhak karo …….e pakdhe Reksa ? j. Aku ndeleng tulisan kae wis blawur, nanging bapakku yen ….tulisan kae isih cetha.



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



17



UJI KOMPETENSI 3 Wenehana tandha ping (X) ana ing aksara a, b, c, utawa d kanggo wangsulan sing paling bener ana ing lembar jawaban kang cumawis! 1. Bapak ngandika marang putrane nganggo basa Jawa… . a. Krama Alus c. Krama Lugu b. Ngoko Alus d. Krama Lugu 2. Titikane Ngoko Alus yakuwi… . a. imbuhane dikramakake c. kabeh tembunge ngoko b. tumrap wong sing dihurmati, d. tumrap awake dhewe, tembunge perlu tembunge dikramakake inggil dikramakake inggil. 3. Kowe dhewe guneman karo kanca sekolah nganggo basa… . a. Ngoko Lugu c. Krama Lugu b. Ngoko Alus d. Krama Alus 4. Tembung ing ngisor iki klebu krama inggil, yakuwi… . a. dipunparingi c. semahipun b. sampeyan d. manahipun 5. Imbuhan ora kena dikramakake iku dadi titikane basa… . a. Ngoko Lugu c. Ngoko Lugu lan Ngoko Alus b. Krama Lugu d. Krama Lugu lan Krama Alus 6. Lemah sing dilungguhi Mbok Tumi obah. Saya suwe kaya bumine lindhu. Iku tandha jangkahe… . a. Jaka Tarub c. memedi kamar mandhi b. Buta Ijo d. lemah longsor 7. Priyayi padhapadha priyayi yen wis ngoko-ngokonan, becike yen padha ngandikan nganggo basa… . a. Ngoko Lugu c. Krama Lugu b. Ngoko Alus d. Krama Alus 8. Nawang Wulan mirsani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa kala wau, piyambakipun kaget lajeng duka dhumateng sisihanipun amargi rumaos sampun dipunapusi/dipunpaeka. Dasanamane sisihan yakuwi… . a. sadulur c. jeneng b. garwa d. mitra 9. Piwulang kang tinemu ing crita Jaka Tarub yakuwi kajaba… . a. Tumindak ala bakal ngundhuh ala c. Kasengsaraning urip bisa saka polahe wong liya. b. wong lanang bisa tumindak apa d. Nampa kahanane urip kanthi iklas bae. 10. Pokok pikiran paragraf 1 crita ‘Jaka Tarub yakuwi… . a. uripe Jaka Tarub mlarat c. Jaka Tarub nerak piwelinge bojo b. Jaka Tarub nyolong slendhang d. Jaka Tarub nginjen lelumbane para widadari widadari.



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



18



Wulangan



4



Kompetensi Dasar 3.4 Memahami isi teks cerita pengalaman yang mengesankan. 4.4 Menulis teks cerita pengalaman yang mengesankan. 4.5 Membaca nyaring dan menulis teks 1 (satu) paragraf berhuruf Jawa. Indikator 3.4.1 Mendengarkan isi wacana teks cerita pengalaman mengesankan yang dibacakan. 3.4.2 Mencatat dan mengartikan kata-kata sulit dalam cerita 3.4.3 Mencatat pokok-pokok isi teks yang didengarkan. 3.4.4 Menuliskan isi teks pengalaman yang mengesankan 3.4.5 Menceritakan teks cerita pengalaman yang ditulis. 3.4.6 Menanggapi serita pengalaman mengesankan yang dibacakan



A. Pangerten Bab Pengalaman Pribadi Saben wong mesthi duwe pengalaman sing maneka warna, Ana pengalaman sing nyenengake, nyusahake, sing lucu utawa ngguyokake, ana maneh sing nganyelake. Pengalaman utawa kedadeyan sing wis kelakon kang endah nyenengake biasane tansah tumanem ing sajerone ati lan ora bakal gampang dilalekake. Pengalaman uga bisa dbedakake dadi loro, yaiku empiriklan khayal. Pengalaman Empirik iku miturut Slamet Mulyono tegese pengalaman sing nyata utawa tenan-tenan dialami. Dene Khayal iku amung ana ing pangangen angen wae utawa lamunan wae lan durung dadi kasunyatan. Para siswa kabeh ya mesthi wae duwe lan akeh pengalamane sing nyenengakelan ora bisa dilalekake. Nulis pengalaman pribadi satemene padha karo nulis jinis karangan liyane. Gampang utawa angele gumantung marang kekarepane sing nulis kepiye anggone ngrampungi bab kang angel mau. Ana saweneh wong kang rumangsa luwih gampang nulis pengalaman pribadi katimbang gawe tulisan kayata geguritan utawa karangan liyane. Coba lumantar pasinaon iki coba ayo para siswa ngeling eling pengalaman sing wis dialami Amarga apa sing ditulis iku sing wis dialami ing saben dinane, mula yo luwih gampang ditulis dadi sawijine tulisan karangan . Ana sawijine cara kanggo nggampangake nulis pengalaman pribadi. Kaya ing ngisor iki : a. nemtokake ancase panulisan b. nemtokake topik utawa tema karangan. Tema yaiku panemu, gagasan sing arep diwedharake utawa utawa pokok pikiran sing dadi landhesan. c. ngumpulake bahan lan ngeling-eling kedadeyan kang wis kelakon. d. gawe cengkorongan e. banjur naliti maneh manawa ana tulisan sing luput ejaan lan pilihane tembung, aja nganti lali tulisan kudu resik rapi endah supaya nyenengaken sing maca.



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



19



Tuladha Cengkorongan : 1. Limang tahun kepungkur aku pit-pitan ing Tegalmulya 2. Sesawangan ing pinggir ndalan akeh tanduran kambil 3. Wong-wong uga nandur pisang raja 4. Pak tani padha nggaru mluku sawahe 5. Aku lan kancaku mampir daleme pakdhe. Banjur cengkorongan ing dhuwur saben sapikiran baku dingrembakakne kanthi diwenehi katerangan sacukupe supaya bisa dadi sapargraf. Cathetan : Kanggo lanjaran nulis pengalaman bisa ngandharake wangsulan pitakonan iki : 1. Apa Topik / tema crita pengalaman iku. ( What ) 2. Sapa sing nglakoni pengalaman iku. ( who ) 3. Kapan wektu dumadine crita pengalaman iku. ( When ) 4. Ana ngendi dumadine crita pengalaman iku. ( Where ) 5. Sebab musababe crita pengalaman iku. ( Why ) 6. Kepriye prosese crita pengalaman iku mau. ( How )



B. Gladhen Nulis Karangan Bab Pengalaman Coba kanggo gladhen gawe tulisan kang isine bab pengalamanmu sing wis kelakon, bab apa wae bisa sing nyenengake, ngguyokake, lan sapiturute. Ora susah akeh-akeh, supaya luwih gampang anggonmu nulis gatekna maneh andharan ing dhuwur lan aja lali gawe cengkorongan dhisik, watara lima utawa enem ukara baku, banjur mengko saben saukara dikembangke dadi saparagraf ! C. MATERI SUPLEMEN Parikan Kang diarani parikan yaiku unen-unen mawa paugeran telung warna,yaiku: a. Kadadean saka rong ukara kang dapukane nganggo purwakanti guru-swara. b. Saben saukara kadadean saka 2 gatra. c. Ukara kapisan mung minangka purwaka ; dene ,,ngese” utawa ,,,wose” dumunung ing ukara kapindo. Tuladha : Tawon madu, ngisep sekar. (Ukara kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar.(Ukara kapindo, 2 gatra). d. Gunane purwaka (ukara kapisan) mung dianggo narik kawigatene wong kang nedya dikandani utawa dipituturi. Prelune, supaya ing sadurunge ukara kang isi, ”ngese” utawa ”wose” dikandakake, wong sing nedya dikandani wis ketarik atine, satemah banjur nggatekake marang, ” wose kang baku” (ukara kapindho) kang satemene lagi arep diucapake .Marga nggatekake, bisa ngreti temenan marang maksude ukara kang isi, ”ngese” (ukara kapindho). Manut cacahing wanda, parikan iku kena diperang dadi telu, yaiku : 1. Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 4 wanda ) X 2. Tuladha : Iwak bandeng, durung waju. (4 wanda + 4 wanda). ` Priya ngganteng, sugih ngelmu. (4 wanda + 4 wanda). BAHASA JAWA KELAS 7 K13



20



2. Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 8 wanda) X 2 Tuladha : Kembang adas, sumebar tengahing alas. (4 wanda + 8 wanda) Tuwas Tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda). 3. Parikan kang kadadean saka ( 8 wanda + 8 wanda ) X 2 Tuladha : Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga. Ingatase para siswa, wajib seneng nggubah basa. Parikan sing kadadean saka (8 wanda +8 wanda) X 2, sawaneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku kliru, sebab tembung, ”pada”¸ iku tumrap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Dene yen tembung, ”pada” iku sing dikarepake kudu ditegesi ”ukara” uga kliru, sebab parikan iku ora ana sing kadadean saka patang ukara. Parikan iku kudu mung rong ukara, siji-sijining ukara kadadean saka 2 gatra; dadi kabeh ana 4 gatra. Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae didadekake 4 larik. Tuladha ing aksara c, kang kasebut ing dhuwur iku kena katulis mangkene: Enting-enting gula jawa Sabungkus isine sanga Ingatase para siswa Wajib seneng nggubah basa Wong-wong utawa bocah-bocah kang ora kepetung ing golongane wong pasinaon (kayata: tukang becak,bocah angon.lsp) terkadang ngucapake parikan sing ora nglungguhi paugeran. Tuladha : Ngetan, bali ngulon. (2 wanda + 4 wanda). Tuwas edan, nora klakon. (4 wanda + 4 wanda). 5. Carane ngarang parikan Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku ukara sing isi, ”ngese” utawa, ”wose”. Ukarane kadadean saka 4 wanda + 4 wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda, utawa 8 wanda + 8 wanda. Sawise rampung pangarange ukara kapindho, banjur ngarang ukara kapisan , yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanti guru-swara karo ukara sing kapindho. GLADHEN NGARANG PARIKAN Coba , kowe gatekna babagan carane gawe parikan, banjur gawea parikan miturut cacahing wanda, saben jinis cukup 1 parikan wae ! Cathetan : Asiling karangan kudu orisinil asli gaweyane dhewe ora kena nurun ing buku sing wis ana. Manawa nurun jenenge plagiat iku ora becik, banjur suwuna pambiji marang ibu bapak gurumu ! Parikan kalebu Rerengganing Basa. Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa wong sing ngrungokake. Guneman mawa parikan bisa njalari rame



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



21



anengsemake. Gendhing digerongi nganggo cakepan kang mawa parikan, bisa marakake saja gayeng. Tuladha parikan warna telu. 1. Parikan (4 wanda + 4 wanda )X 2 a. Wajik kletik, gula jawa Luwih becik, sing prasaja b. Wedang bubuk, tanpa gula Aja ngamuk, enggal tuwa. 2. Parikan (4 wanda + 8 wanda) X 2. a. Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur. Kudu jujur, yen kowe kepengin luhur. b. Kembang mlati, warna peni ngganda wangi. Watak putri, kudu gemi lan setiti. 3. Parikan ( 8 wanda + 8 wanda) X 2 a. Sega punar lawuh empal, segane panganten anyar. Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar. b. Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra muda, aja wedi ing rekasa. Parikan iku tutugna, miliha sing mathuk ing sisih tengene ! 1. Manuk emprit nucuk pari, dadi murid sing … . a. nyatane 2. Jemek-jemek gula Jawa, aja ngenyek padha … b. kowe 3. Wedang bubuk gula tebu, mata ngantuk njaluk … . c. ngibul 4. Abang-abang ora legi, tiwas nantang ora … . d. ati 5. Anak dara jare piyik, seneng nangga ora … . e. becik 6. Anak lutung jare kowe, bareng bingung gelem … . f. mrene 7. Jaran kepang mangan pari, klambi abang manas … . g. wani 8. Kali Praga mili ngidul, kabeh kandha ora … . h. turu 9. Kutha Sala dalane rame, aku gela amarga … . i. kanca 10. Sriwedari tengah prenahe, angger janji arang … . j. taberi.



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



22



D. Maca Lan Nulis Aksara Jawa Kang Mawa Pasangan Lan Sandhangan 1. Pasangan aksara Jawa kang mirip karo aksarane Pasangan Aksara Jawa.



Penget : Pasangan



…………



…….



…………



manawa kawuwuhan sandhangan suku



arep bali kaya asale.



Manawa ana tembung kang sigeg kawuwuhan panambang sigege mau ditulis rangkep Tuladha : Ngincup kupu



:



Nulis tumbu



:



Ngirim luhure



:



Jago kluruk



:



Sampun tutup



:



Gladhen Tulisen nganggo aksara jawa ! 1. Numpuk tugas Wangsulan :_______________________________________________________ 2. Nulis layang Wangsulan :_______________________________________________________ 3. Numpak kreta kencana Wangsulan :_______________________________________________________ 4. Sragam anyar Wangsulan :_______________________________________________________ 5. Segara anakan Wangsulan :_______________________________________________________



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



23



Tuladha teks sapargraf ing ngisor iki simaken!



GLADHEN : 1. Paragraf ing dhuwur wacanen kang patitis banjur tulisen latine ana ing buku tugasmu !



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



24



UJI KOMPETENSI 4 Wenehana tandha ping (X) ana ing aksara a, b, c, utawa d kanggo wangsulan sing paling bener ana ing lembar jawaban kang cumawis! 1. Bolah apa layangan, sekolah aja yangyangan. Unen-unen kasebut ing dhuwur iku kalebu jinise … . a. Paribasan b. Bebasan c. Parikan d. Wangsalan 2. Kang diarani parikan yaiku..... a. Unen-unen kang kudu dibatang b. Unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar c. Unen-unen kang runtut basa utawa sastrane d. Unen-unen dumadi saka rong ukara, ukara sepisan kanggo narik kawigaten, 3. Ing ngisor iki pilihen endi sing dudu tuladhane parikan..... a. Orak-arek orak-arek Cecak gedhe jenenge tekek Paku kayu iku pantek Kodhok muni jare ngorek b. Kutha sala jembar dalane Sriwedari tengah prenahe Aku gela amarga kowe Angger janji arang nyatane c. Iwak bandeng cacah telu, Bocah ganteng sugih ngelmu d. Ngasah arit nganti landhep, Dadi murid kudu sregep 4. Tuladha rumpakan ngisor iki kalebu jinising parikan, a. kali srayu banyune asat, urang tlaga dawa sapite kowe mau janji mertobat, kena apa nglanggar janjine b. aku bocah jawa aku rumangsa ora duwe apa-apa bandha donya, raja brana awit iku dudu ukuran c. ora cepet ora ngliwet, ora edan ora keduman d. tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati 5. Parikan iku duwe paugeran kaya ing ngisor iki kajaba…. a. bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra b. Manawa dumadi saka rong gatra gatra sepisan minangka purwaka, gatra kapindho minangka isi c. dhapukane nganggo purwakanthi guru swara d. Purwa kanthi iku unen-unen kang runtut basa lan sastrane 6. Gunane ukara sepisan (purwaka) ing ukara parikan yaiku minangka…. BAHASA JAWA KELAS 7 K13



25



a. karep utawa isi b. ngganepi guru wilangan c. kanggo narik kawigaten d. ngganepi jumlahe wanda (suku kata) 7. Kembang adas sumebar tengahing alas Tuwas-tuwas nglabuhi wong ora waras Tuladha parikan kasebut kanthi paugeran........ a. (4 wanda + 4 wanda ) c. (4 wanda + 4 wanda ) X 2 b. (4 wanda + 8 wanda ) X 2 d. (8 wanda + 8 wanda ) X 2 8. Yen kembang kembang lamtara, dudu kembang wora-wari Mumpung sira isih mudha, sing taberi ngudi ngelmi Tuladha parikan kasebut kanthi paugeran........ a. (4 wanda + 4 wanda ) c. (4 wanda + 4 wanda ) X 2 b. (4 wanda + 8 wanda ) X 2 d. (8 wanda + 8 wanda ) X 2 9. Nalika arep menehi tanggapan marang crita pengalamane kanca, bab sing kudu digatekake kaya ing ngisor iki, kajaba ... a. kudu nggatekane bab kesopanan, ora oleh nyepelekake lan maido b. Bisa menehi utawa nanggapi saksenenge sing nanggapi. c. Migunakake basa sing alus beciksupaya ora seling surup salah paham, d. Panemune kudu nalar logis lan obyektif kanthi dasar utawa alesan sing maton. 10.



tulisan kasebut kadunungan sandhangan … a. taling b. taling tarung c. pepet d. layar …



11. a. b. c. d.



12. Kabupaten Karanganyar, ukara kasebut manawa ditulis nganggo aksara Jaw sing bener .. a. b. c.



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



26



d. 13. Crita pengalaman iku pangertene kaya ing ngisor iki ... a. crita sing ana ing sajrone pangangen angen b. crita sing nyata ana ing sajrone lamunan c. sawijine crita kang mentas wae kelakon d. sawijine crita sing wis nate doalami utawa dilakoni 14. Guna paedahe cengkorongan utawa kerangka karangan yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba .. a. kanggo gampangake anggone gancarake panulisan b. supaya runtut anggone nulis crita, c. nyingkiri nggarap topik kang padha . d. supaya tulisane katon endah 15. lawa iku gumandhul ing pang kekayon. Tembung gumandhul’iku asale saka tembung lingga‘gandhul’oleh seselan –um-. Tembung kaya mangkana iku arane bawa ma. Ing ngisor iki tuladhane tembung rimbag bawa –ma-, kajaba … a. Gumandhul b. Gumuyu c. Lumutipun d. lumampah



BAHASA JAWA KELAS 7 K13



27