Pembawa Acara Tahlilan [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Assalamu'alaikum Wr. Wb.



Alhamdulillah, Alhamdulllahilladzi anzala sakinata fiiqulubil mu'minin liyazdaadu iimanan ma'aa immanihim. Asyhadu anlaa ilaaha ilallaah wahdahu laa syari kalah, wa asyhadu anna muhammadan 'abduhu warosulu la nabiyya ba'dah.a Allohumma sholli 'ala sayyidina Muhammad, wa'ala alihi wasohbihi waman tabi'ahum biihsanin ilaa yaumiddin.



qoolallahu ta'ala fil qur'anil kariim, a'udzubillaahi minashaitonirrojiim, bismillah hirrohmaanirrohiim : amma ba'du : almukarrom poro alim, poro kyai, soho poro ustadz, ingkang kawulo mulya aken poro sepuh pini sepuh, ingkang kawulo mulya aken poro hadirin sedoyo jamaah tahlil, wabil khusus shohibul bait, shohibul hajat, Bapak ..........sekeluarga alhamdulillah, monggo kito aturan puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT kanthi ucapan Alhamdulillahirobbil 'aalamiin, ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kulo panjenengan sedoyo, dene menopo kulo panjenengan sedoyo saget angrawuhi jamaah rutin wonten dalemipun Bapak ...... kanthi kawontenan sehat wal afiat mboten wonten rubedo menopo-menopo, Mugi-mugi kehadiran kulo panjenengan sedoyo estu-estu dicatet kalian Allah SWT dadoso amalan hasanah fiddini waddunya wal aakhirah, Amin 2X sak lajengipun sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng junjungan kito kanjeng nabi Muhammad SAW, biqouli Allahumma sholli 'alaa Muhammad... ingkang sampun paring pitedah dumateng kulo panjenengan sedoyo arupi diinul Islam, arupi agami Islam, Mugi2 dalu menika ngantos akhir hayat kulo panjenengan sedoyo tetep netepi agami Islam, lan mbenjang wonten yaumil qiyaamah, kulo panjenengan sedoyo dadoso umatipun Muhammad ingkang angsal syafaatipun kanjeng nabi Muhammad SAW. Amin 2X yaa robbal 'alamin ... Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika Bapak .... kagungan hajat inggih punika, kirim doa dumateng leluhuripun ingkang asma 1. Almarhum Bapak..... 2. Almarhum Bapak.....



3. Almarhumah Ibu..... 4. ................... lan 5. ................... Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika pembacaan yasin lan tahlil kulo pasrahaken dumateng panjenenganipun Bapak ..... lan mangke dipun tutup do'a kalian panjenenganipun Bapak ..... Monggo pakempalan dalu menika kito mulai kanthi pembukaan ummul qur'an shurotul fatihah... Bismillahirrohmaanirrohim, ila hadrotin nabi mustofa Muhammad shollallohu 'alaihi wasallam wa'ala alihi wasohbihi wa azwajihi wadhurriyya tihi ajma'in, ALFAATIHAH... Saklajengipun waosan yasin lan tahlilipun, dumateng panjenenganipun Bapak .... kawulo aturan..



PEMBACAAN YASIN DAN TAHLIL PEMBACAAN DOA ISTIRAHAT



Assalamu'alaikum Wr.Wb.



Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, mekaten kolo wau waosan yasin, tahlil, lan doa sampun kolo lan panjenengan lampahi kanthi lancar lan gangsar, Mugi-Mugi, menopo ingkang dados niat lan hajatipun Bapak ...... estu-estu dipun terami kalian Allah SWT. Amin ...



Atas Nami shohibul bait, shohibul hajat, Bapak ..... ngaturaken agunging panuwun atas kerawuhan lan doa kulo panjenengan sami, lan nyuwun ngapunten mbok bilih anggenipun paring panghormatan, pinaraan ugi hidangan mboten nocoki dumateng panjenengan jedoyo.



Kulo piyambak, selaku pranoto acoro, nyuwun pangapunten mbok bilih wonten kirang langkung atur kulo dumateng panjenengan sedoyo.



Akhiru kalam, billahi taufiq wal hidayah, Assalamu'alaikum Wr. Wb.



Allahumma sholli alaa Muhammad....



Astaghfirulloh Robbal baroyaah Astaghfirulloh Minal Khothoyah



Robbi zithni 'ilmannafii'aa Wawaffiqni 'Amalaan sholikha Ya roshulalloh salam mun'alaika Ya rofi'asyaaniwaddaarojii 'Athfataiyajii rotal'alaami Ya Uuhailaljudiwalkaromi Ya Uuhailaljudiwalkaromi



Ngawiti ingsun nglara syi'iran Kelawan muji pareng pengeran Kang paring rohmat lan kenikmatan Rino wengine tanpo pitungan Rino wengine tanpo pitungan Duh bolo konco prio wanito Ojo mung ngaji syare'at bloko Gur pinter dongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sangsoro Tembe mburine bakal sangsoro Akeh kang apal Qur'an Hadist e Seneng Ngafirkeh marang liyane Kafir e dewe Ga' di gatekke Yen isih kotor ati akale Yen isih kotor ati akale Gampang kabujuk Nafsu angkoro Ing pepaese Gebyare ndunyo



Iri lan meri sugi e tonggo Mulo atine peteng lan Nisto Mulo atine peteng lan Nisto Ayo sedulur Jo nglale ake Wajib e ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman Tauhid e Baguse sangu mulyo matine Baguse sangu mulyo matine Kang aran sholeh bagus atine Kerono mapan sari ilmune Laku torekot lan ma'rifate Ugo hakekot manjing rasane Ugo hakekot manjing rasane Alqur'an kodhim wahyu minulyo Tanpo tinulis iso diwoco Iku wejangan guru waskito Den tancep ake ing njero dodo Den tancep ake ing njero dodo Kumantel ati lan pikiran Mrasuk ing badan kabeh njeroan Mukjizat rosul dadi pedoman Minongko dalan manjing e iman Minongko dalan manjing e iman Kelawan Alloh Kang maha Suci Kuduh rangkulan rino lan wengi



Di tirakati di riadhoi Dzikir lan suluk jo nganti lali Dzikir lan suluk jo nganti lali Urip e ayem rumongso aman Dununge roso tondo yen iman Sabar nerimo snajan paspasan Kabeh tinakdir saking pengeran Kabeh tinakdir saking pengeran Kelawan konco dulur lan tonggo Kang podo rukun ojo daksio Iku sunnah e rosul kang mulyo Nabi muhammad panutan kito Nabi muhammad panutan kito Ayo nglakoni sekabeane Alloh kang bakal ngangkat drajate Senajan ashor toto dhohire Ananging mulyo makom drajat e Ananging mulyo makom drajat e Lamun palastro ing pungkasane Ora kesasar roh lan sukmane Den gadang Alloh syuargo manggone Utuh mayite ugo ules Utuh mayite ugo ules Ya roshulalloh salam mun'alaika Ya rofi'asyaaniwaddaarojii



'Athfataiyajii rotal'alaami Ya Uuhailaljudiwalkaromi Ya Uuhailaljudiwalkaromi