Pidato Basa Jawi [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Pisungsung para mudha tumrap adeging Basa, Sastra lan Budaya Jawa ing jaman modern Bismillahirochmanirohim.



Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokhatuh. Bapak-bapak/ibu-ibu saha para rawuh ingkang dahat kinurmatan, Bapak/ibu pandhemen Budaya Jawi ingkang satuhuluhuring budi, para kadang mudhataruna ingkang kula tresnani. Bapak/ibu parampara pangembating praja ingkang satuhu pantes nampi kurmat kula. Saderengipun kula matur wigatosing gati, monggo panjenengan sami kula dherekaken ngaturaken puji syukur pangalembana wonten ing ngarso Dalem Alloh sbukana Wata’ala ingkang sampun paring barokah lan inayah sarta sampun paring mapinten-pinten kanikmatan antawisipun nikmat sehat ugi sempat saengga saget ngrawuhi pepanggihan ing ri kalenggahan punika. Bapak/ibu ingkang kula urmati, perlu kawuningan bilih kula kumawani cumanthaka ngadeg ing ngarsanipun bapak/ibu awit kula kumedah-kedah kepingin ndherek mupu sayembara sesorah Basa Jawi tataran SMK se Kabupaten Sleman saking Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Kabupeten Sleman, Pramila saking menika sakamad kamau kula badhe nuhoni dhawuh. Wondene dhawuh ing kaparingaken kula, kula kadhawuhan ngaturaken “Pisungsung para mudha tumrap adeging Basa, Sastra lan Budaya Jawa ing jaman modern” Bapak/ibu ingkang satuhu kinormatan Basa mujudaken sarana, inggih pirantos ing pasrawungan padintenan langkung-langkung wonten ing pawiyatan. Pirembagan, gineman mesti migunakaken basa. Basa mratelakaken subasita, unggah-ungguh inggih tatakrama. Ajining bangsa amargi basa. Tumrap negari kita Republik Indonesia pinanggih mawarni-warni Basa, antawisipun, Basa Indonesia, Basa Melayu, Basa Sunda, Basa Jawi, Basa Madura lan taksih wonten sanesipun. Wonten ing babagan sastra utawi basa ingkang kaserat, kathah awujud bukubuku, cariyos, babad, dongeng lan sanes-sanesipun. Sedaya piwucal menopo kemawon mesthi manggihi seratan-seratan. Wonten malih ingkang arupi serat kabar utawi majalah upaminipun : Kedaulatan Rakyat, Bernas, Tribun Yogya, Jaka Lodhang lan sanessanesipun.



Dene ingkang arupi Budaya Jawi Ugi pinanggih mawarni-warni, antawisipun : sesaji, kendhuri, sadranan, bersih desa lan sapiturutipun. Budaya ingkang saged kangge pangupajiwa antawisipun : bathik, ukir, kerajinan perak lan taksih kathah malih sanesipun. Wonten malih budaya adhat, umpaminipun : Bekakak Gamping, Saparan Pondhok Wonolelo, Rasulan Gunung Kidul lan sanesipun. Wonten ing jaman modern samangke sumangga Basa, Sastra lan Budaya Jawi kajogia amrih tansah lestari widada. Tumrap para mudha minangka panerusing bangsa kedah purun ngupakara lan sumangga katingkatna. Bapak-bapak / ibu-ibu namun menika wau ingkang saged kula aturaken amargi cubluking pangertosan ugi karana cupeting nalar. Pramila saking menika saestu kanthi andhap asoring manah keparenga kula nyuwun agungingpangaksama awit saking lepat lan kirang kula. Kupat janure tuwa sagung lepat nyuwun ngapura. Bilahitaufik wal hidayah assalamu’alaikum Warohmatullohi Wabarokhatuh. Nuwun, nuwun, nuwun.



Nama



: Fransiska



Sekolah



: SMK Hamong Putera II Pakem



Kelas



: X