Sarip Tambak Oso [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Sarip Tambak Oso PARAGA : 1. SARIP : WILDAN JOVIAN WAHYU T. S. 2. MBOK SARIP : SAFIRA HERIAN FIRDAUS 3. PAMAN SARIP : AHMAD FIKRI RAMADHANI A. 4. PAK LURAH GEDANGAN : SURYA IZKANDAR Z. 5. BU LURAH GEDANGAN : VANNYA SALSABILA 6. MENER HANSEN : ALIF EDIVA C. BINTANG 7. LETNAN KLOWOR : ANYSA NADYA WARDANI 8. KOPRAL LUMUT : TALITHA AMALIA H. 9. PAIDI : AKMAL MUBARAK KARTIKA 10. NARATOR : LAILY PUTRI MASITA



URUTANE BABAK : BABAK I



: Sarip diuber karo kompeni Belanda amarga njupuki barang - barang uwong Londo.



BABAK II : Mener Hansen Ngengken Pak Lurah Gedangan narik i pajak tambake Sarip. BABAK III



: Sarip karo Paidi Tukaran bagean ke-1 akhir e Sarip Mati.



BABAK IV



: Sarip urip maneh lan tukaran karo Paidi bagean ke-2.



BABAK I # Narator : ' Sarip tambak oso yaiku pendekar kang paling disegani karo wong-wong ing wetan kali amarga dheweke sering banget nyolong barang-barange uwong Londo gawe diwenehi ing rakyat pribumi kang mbutuhake lan ora tau kapok bola-bali dikejer karo antek-anteke bangsa Walanda ' ( Narator keluar... )



* Backsound : Maling... Maling... Maling...* ( Sarip masuk sambil sedikit berlari dan kelelahan krn dikejar warga ... ) Sarip



: " Hadoh cek kurang ajare antek-anteke wong Londo iku guduke ngerewangi ngusir Londo malah aku diber-uber sampek kejer ngene. Babah aku diilokno maling.. Sing penting hasil colonganku digawe mbantu uripe wong sing ora nduwe..!!!!" * Backsound : Maling... Maling... Maling...* Sarip



: " Heeee wong Londo..!! Iki lho Sarip Tambak Oso, jagoan wetane kali..!! Ayoo ndang cekelen!!! Lek kepingin nyekel sing jenenge Sarip.. Ayoo uberen aku iki…Tak enteni nang ngisore penduso….!! "



sak



* Backsound : lha lak aku gak kepingin? * Sarip : " Yo ora apa - apa.______. " ( Sarip metuu ... ) ------------------------------------------------------------------------------------------- (Dudung tek dudung tek jozzz )



( nang samping panggung ae yoo ... ) #Narator : ' Ing salah sijine omah pejabat Londo, yaiku Mener Hansen lagek bingung nggoleki uwong sing jenenge Sarip kuwi. Mener Hansen banjur nggongkon anak buahe gawe nggoleki Sarip. ' ( Muter-muter nggoleki Sarip lan anak-anak buahe ... ) Mener : " Overdomse….!! Kemana itu orang yang bernama Sarip..? Ehm.. tadi kelihatan bengak-bengok di sini kok sekarang sudah tidak ada.. Itu orang apa hantu sih cepat sekai sembunyina.. Letnan Klowor.. Kopral Lumut cepat kemari……!!” Letnan + Kopral



: " Siaaap Mener...!! "



Mener



: " Kamu orang berdua apa tahu.. Kemana itu orang yang bernama Surip lha, Sirap, Sarip itu hah….?!! "



Letnan



: " Lho, bukanne itu tadi clingak-clinguk di bawah pohon ini Mener..?? "



Mener



: " Cepat yu berdua cari di sekitar sini itu orang?!”



Letnan



: " Mboten wonten Mener.. "



Kopral



: " Inggih Mener..!! Tadi Sarip sudah saya tembak kena kakinya Mener….!!”



Letnan



: " Betul Mener….!! Tembakan Kopral Lumut ora tau meleset….!! "



Mener



: " Overdomse…..!! Kamu orang nembak manuk emprit saja nggak ada yang kena.. Apalagi menembak itu orang yang bernama Sarip….!! "



Kopral



: " Hehehehe…… pelurunya sudah habis Mener….!! "



Mener



: " Overdomse….!! Peluru banyaknya segudang kamu orang buat apa….??”



Letnan



: " Dijual ke rombeng karo Kopral Lumut, Mener….!! ”



Kopral



: " Heheheh.. Lumayan Mener uange digawe tuku panganan di depan pos.. ”



Mener



: " hahehaheh! Ayoo yu orang berdua cepat kejar itu Sarip sekarang dan bawa ke sini hidup - hidup !! ”



Letnan



: " Sekarang, Mener?? "



Mener



: " Sekarang, now, saiki!! "



Letnal + Kopral : " Siaaaap Mener..!! "



( Metu kabeh gantian Narator Masuk... ) #Narator : ' Amarga anak buahe kabeh ora isok nemoni Sarip, Maner banjur ngongkon Pak Lurah Gedangan kanggo nariki pajak ing Kampunge Sarip, Tambak Oso. ' ( Narator metu manehh... ) ------------------------------------------------------------------------------------------ (Dudung tek dudung tek jozzz)



BABAK II ( Pak Lurah gedangan mblebu karo sok-sok mikir... ) P. Lurah : " Uhuk….uhuk…..hem……!! Tak rasak-rasakno urip tambah suwe tambah soro.. Umur tambah tuwo gak tambah enak..!! Opo maneh dadi Lurah koyok aku iki. Sak ben ndino disambate penduduk wae isine….!! Sing njaluk beras…., njaluk lengo gas….. sampek tekan njaluk brambang-bawang….!! Dipikir Pak Lurah iki bakulan nang pasar….!!”



( Bu Lurah tiba-tiba muncul sambil bawak kopi... ) B. Lurah : " Iki lho Cak wedhang kopine…..!! Ndang diombe….!! Ora usah athek dideleh….!! Ngekok koyok wingi…..!!” P. Lurah



: " Koyok wingi opok’o…..?!”



B. Lurah



: " Wedhang sampeyan ombe oleh separo.. Terus mbok dekek ndukure mejo gak mbok tutupi.. Yoo..disruput karo cecek separone…Ngono yoo isik wae sampeyan ombe sisane….!!”



P. Lurah



B. Lurah



: “Mangkane kroso gurih……!! Lha wong katutan telek sak cecek-cecek’e sing kecemplung njero kopi !! ” : “Pancene sampeyan ngragas Cak….!!”



P. Lurah : “Wis…., sak iki sampeyan nang omah wae….!! Aku apene budhal maneh….!!” B. Lurah



: “Arepe ocol nang endi maneh sampeyan iku….??“



P. Lurah



: “Oleh tugas teko Ndoro Kompeni….!!Dikongkon narik’i pajak nang Deso Tambak Oso….!!Penduduk’e mokong kabeh ora gelem mbayar pajak...!!! "



B. Lurah



: “Ojok gelem Cak…..!! Iku ngono duduk wilayah kelurahane dewe Cak…..!! Isok geger karo penduduk kono Cak…!!”



P. Lurah



: “Sak jane aku yoo ora gelem….!! Tapi dipekso karo Mener Hansen…..!! Isok dilereni jabatanku dadi Lurah….., mangan opo koen engkok…!!”



B. Lurah



: “Oaallaaah….., sing ati-ati Cak…..!! Ojok kereng-kereng karo penduduk Tambak Oso….!!”



P. Lurah : “Yo wis…., aku tak budhal saiki….. Engkok selak kebengen….!!” ( Pak Lurah metu ninggalake Bu Lurah nang omah ... )



B. Lurah



: “Atos-atos yoo Cak….!! Dungo slamet wae…Oalaah saknone bojoku.... Abot-abote nyambut gawe dadi dikongkon-kongkon Kompeni.... Wis timbangane pikiranku ora karuan.... Tak terusno penggaweanku sing nang mburi…. Umbah-umbah mau isik durung mari …..” ( Bu Lurah metuu... )



----------------------------------------------------------------------------------------------------tong)



(Dung



tak



( Narator di samping panggung... ) #Narator : ' Pak Lurah isih nariki pajak ing wong-wong lan kebetulan banget dheweke ketemu karo Paklike Sarip, yaiku Ridwan. Dheweke banjur nakoki pajak tambak sing telug taun durung tau dibayar. tapi Paklike iki malah ngongkon Pak Lurah nariki langsung nang Sarip. Apese pas ditekani ing omahe Sarip mung ana Ibuke Sarip, Ningsih. '



Mbok Sarip : “Huk...uhuk... Huk....!! Mak pyuh....!! Duwe anak lanang sing jenenge Sarip penggaweane mung keluyuran bengi terus.... Ora tau sobo omah....! Teko-teko isine mung turu.... Tangi-tangi....., sego sak wakol mung kari enthonge....!! Ora tau gelem mergawe...., tapi anehne kok yoo cekelan duit wae Sarip iku...? Mergawe opo lek bengi arek iku yoo....?!” *backsound : tok..tokk..tokkk...!!* Paklik Sarip



: “Assalamualaikum.. Ning.....!!!”



Mbok Sarip



: “Kowe toh Ridwan.....!!” Tumben dolan mrene....?! Onok perlu opo....?!”



Paklik Sarip



: “Iki lho Ning....!! Lurah Gedangan onok perlune karo sampeyan ?!”



P. Lurah



: “Sampeyan sing jenenge Mak Ningsih...?!”



Mbok Sarip : “Inggih leres Pak Lurah.... Monggo Pak, lenggah mawon.. Wonten wigatine menopo toh ?!” P. Lurah



: “Nggeh matur nuwun... Opo bener sampeyan sing nduwe Tambak wetane kali kono....????!!”



Mbok Sarip P. Lurah



: “Inggih pak.....!!”



: “Berarti sampeyan sing kudhu mbayar pajak’e tanah tambak iko....?! Wis telung taun durung tau dibayar....?!”



Mbok Sarip



: “Lho…., kok saget mekaten Pak Lurah….? Lha wong kulo sampun dangu mboten nate nggarap tambak…. Adik kulo meniko Ridwan kang ajeg garap tambak ipun….!!”



Paklik Sarip



: “Lho… Ning….!! Tambak iko isik atas namamu lho Ning….!! Berarti sampeyan sing kudhu mbayar pajak’e tanah tambak iku….!! Lak mekaten nggih Pak Lurah….??”



P. Lurah



: “Iyo….., bener !! Sing nduwe tanah iku sing kudhu mbayar…..!!”



Mbok Sarip : “Kowe ojok nakalan lho Wan….!! Hasil-le tambak koen sing ngerasakno…. Wayahe mbyar pajak’e kok malah mbakyu-mu sing dikongkon mbayar…. Berarti koen menangan dewe….!!” Paklik Sarip : “Ora ngurus…..!! Aku lak mbok kongkon nggarap tanah tambak iko thok…. Wis tak garap timbangane tambak iko nganggur…. Urusan pajak'e tambak…. aku yoo ora weruh…. Dikongkon mbayar….., aku yoo ora sudi Ning…..!!” Mbok Sarip : “Oaaalaaah….. cek kebacute kowe Wan….!! Golek kepenak’e dewe….. lek ngono koen iku….!! Tanah tambak sak ngono ombone….. mbok garap ijen…. Hasil-le mbok badhok ijen….. Gilirane mbayar pajak’e koen kok ora melu cawe-cawe…..!!” Paklik Sarip



: “Ora usah kathek nangis… Tambah tak jejek pisan sampeyan engkok….!!”



Mbok Sarip



: “Aduuuuh……!! Lapo aku mbok jejek koyok ngene Wan…..!! Cek tegone kowe karo aku sak iki Wan…. Ngene engkok lek kerungu ponakanmu Sarip isok dadi perkoro….!!”



Paklik Sarip



: “Opo urusane karo Sarip anakmu sing sak iki dadi bajingan….!! Mbok pikir aku wedhi tach….!! Tambah tak tunjek’i pisan iki engkok...!!!!”



Mbok Sarip : “Aduuuuh biyung…….!!” (Nangis …………) P. Lurah



: “Wah….Wah… wah…!! Malah dadi geger sak dulur…..!! Wis selesek’no dewe urusan iki …. antarane kowe Kaji Ridwan karo Mboke Sarip…. Aku isik akeh urusan narik pajak nang penduduk liyane.. Lek wis tuntas baru pajak isok dibayar nang Kelurahan Gedangan kono….!! Aku pamit sak iki…….!!”



Paklik Sarip



: “Nggeh Pak Lurah…..!!” ( Pak Lupah pun ngacirrr... )



-------------------------------------------------------------------------------------------( dudung tak dudung jozzz )



BABAK III



Paklik Sarip : “Wis menengo cangkem’mu iku…..!! Koyok arek cilik’ae kathek tangisan Pokok’e ndang digolekno duek….. gawe mbayar pajak’e tambak iku… Mboh… koyok opo carane aku ora ngurus…..!! Sampek meneh isuk isik during onok duwik’e…. Isok tak kaploki meneh sampeyan engkok …….!!” Mbok Sarip



: “Ojok kepenakmu dewe kowe Wan….Aku iki mbakyumu dewe…..!!”



Paklik Sarip



: “Wis gak ngurus……!! Pokok’e duwite meneh isuk kudhu onok…..!! Lek koen gak terimo…… kandakno Sarip… Kono kongkonen moro nang omah…. Engkok tak cepaki celurit……!!” (Paklik cabut tekan omahh...)



Mbok Sarip : “Oaalah Gusti Pangeran… Goro-goro bondo dunyo…..!! Dulur isok dadi wong liyo…..!! Kok… koyok ngene kedadeane sak iki….!!” Sarip



: “Mbok…….!! Onok opo omahe kok morat-marit koyok ngene…..?! Sampeyan lapo tangisan ngisor mejo iki…. Mari onok perkoro opo mbok…..?!”



Mbok Sarip



: “Oalaah Cong…..!! Nang endi’ae kowe kok gak moleh-moleh….!! Keluyuran ae penggaweanmu…. Delok’en dewe…. omah diorat-arit koyok ngene….?!”



Sarip : “Sopo sing wani ngorat-ngarit omahku iki …..?! Tak pathenane uwonge Mbok…..!!” Mbok Sarip : “Iki ngono goro-goro pajak’e Tambak wetan kali iko…. Paklikmu ora gelem mbayar pajak.. Padahal kono sing nggarap tambak karo ngepek hasille…. Malah si-mbok sing kudhu mbayar pajak’….!!” Sarip



: “Cek kurang ajare Paklik iku ... Dijar-jarno malah gak karuan……!!”



Mbok Sarip



: “Si-mbok mari diajar…..!! Dijejeki wetengku…. ambek di tunjeki, Rip…..!! Isine omah diorat-arit koyok ngene karo Paklikmu….!!”



Sarip



: “Wis mbok Sampeyan nang omah’ae sak iki…. Pokok’e aku gak terimo perkoro iki…… Tak budhal nang omah’e Paman sak iki….!!”



Mbok Sarip



: “Sariiiiiip……….!! Ojok Cong……, iku ngono isih Pamanmu dewe….!!!”



----------------------------------------------------------------------------------------------------- (Dung tak



tong)



( Narator di samping panggung.. Afro masuk sambil pura-pura nyari akmal.. setelah shita selese ngomong baru afro mulai ngomong..) #Narator: ' Keling wis duwe firasat yen Sarip katene nemoni de'e gawe ngebales tindakanne kuwi, Paklik Sarip banjur njaluk tolong karo Paidi, pendekar silat sing biyen tau saperguruan silat lan nesu banget karo si Sarip kang uga dadi tangan kanane Paklike Sarip gawe mateni si Sarip. ' Paklik Sarip Paidi



: “Di….Paidi…..!!” : “Nggih Juragan…..!! Wonten menopo….?



Paklik Sarip : “Engkok lek onok Sarip mrene….Ojok oleh mlebu omah….!! Lek wonge mekso mlebu…. pathenono wae….!!” Paidi



: “Lho…, Sarip lak keponaan Juragan dewe…. Nopo’o kudhu dipatheni….!!”



Paklik Sarip



: “Wis ora usah kakean takok….!! Awakmu nyambut gawe melu sopo….?!”



Paidi



: “Nggih tumut Juragan Ridwan….!!”



Paklik Sarip : “Lha wis ngerti ngono lho….!! Aku tak mlebu omah dhisik…. kepingin klesetan…..!! Rasane gegerku pegel kabeh….!!” Paidi



: “Monggo Juragan…..!!”



------------------------------------------------------------------------------------------------------------Sarip : “Lik….!! Paklik……!! Metuo lik…..!! Aku onok perlune….!!” Paidi : “Kon Rip…..!! Onok perlu opo nggoleki Paklikmu….?!” Sarip : “Kon Di…..!! Nang endi Paklikku aku onok perlune….!!” Paidi : “Perlu opo….?!” Sarip : “Yoo onok perlune….., urusan keluarga….!!” Paidi : “Kon gak oleh mlebu Rip….!! Paklikmu wis pesen karo aku….!!” Sarip : “Lek aku mekso mlebu terus apene mbok apakno aku iki….?!”



Paidi : “Kepekso tak kepruk endasmu….!!” Sarip : “Jangkriiik….!! Koen nantang karo aku ta Di….??!!! Kon sek ngganggep aku sainganmu hah…..?!! Tapi omongane cocotmu iku loo marai kupingku panas….!!” Paidi : “Sak karepmu Rip… koen njaluk opo tak ladeni…. Pancen wis suwe aku kepingin njajal sak piro dukure ilmu silatmu…..!!” Sarip



: “Jangkriik…..!! Njaluk geger iki ceritane…..!!”



Sarip + Paidi



: “Ciiiiaaaat……!!!!!!! ”



( Narator tetap di samping panggung... sambil Narator bercerita Akmla nggeret ceott ke pinggir panggung... ) #Narator : ' Akhire Paidi kasil mateni Sarip, mayate banjur diuncal ngunu wae ing kali. Tapi untunge Ibune Sarip kasil nyeluk Sarip ing mimpine lan gara-gara ilmu bapake,Sarip ora iso mati yen ibune isih urip. Sarip pun urip maneh krungu de'e diceluk ibunne. Dheweke banjur ngelanjutno janjine de'e gawe balas dendam karo Paklike lan bangsawan Londo. -----------------------------------------------------------------------------(Keduanya bertarung…..!!)



akhirnya



BABAK IV * backsound : “Sariiiiiip………!! 3x. Durung wayahe Cong patimu…..! Oaalah Rip nasibmu..Bathangmu ora diramut malah dibuak nang kali koyok ngene….?! Tapi dino iki koen durung wayahe mati Cong…..!!” *



Sarip : “Astaghfirullaah Gusti Pangeran…….!! Koyok kerungu swarane mbokku nyeluki jenengku….!! Lho…., aku mau rasane lak wis mati… Kalah tarung karo Paidi….!! Tapi kerungu swarane mbok…… Awakku koyok dibugah tangi turu….!!” Sarip



: “Kurang ajar temen Paidi…. Endasku dikepruk karo kayu onog ping pitu…. Rasane koyok ditibani watuendasku …Wis gak perlu kesuwen….. tak ubere playune Paidi saiki….!! Utang nyawo kudhu disaur nyawo……!!” -------------------------------------------------------------------------------------------------- (Dung Tak tong)



Paklik Sarip



: “Opo wis mbok buak bathange Sarip nang kali….Di….??”



Paidi



: “Sampun Juragan….!!”



Paklik Sarip



: "Pinter koen Di….!! Nyo….., duek limang atus ewu gawe persenmu…..!!”



Paidi



: “Matur nuwun Juragan….!!”



Paklik Sarip : “Mati’ne Sarip…., berarti wis gak onok maneh wong sing dadi penghalangku…. Gawe nggagahi tambakne mbakyuku…..!! Kosok baline…. Kon sak iki dadi jagoan kesohor sing ora onok tandinganne Di….!!” Paidi



: “Inggih Juragan….!!”



Sarip



: “Jarene sopo aku wis mati….!!”



Paidi + Paklik



: “Saaaariip…….!! Isik urip……?!”



Sarip



: “Yooo…..!! Aku isik urip….!! Ndelok kelakuanmu sing koyok ngono Man….!! Dadi wong serakah…., tego mentolo karo wong cilik….!! Wis gak ana ampun maneh…..!! Rasakno iki……!!”



Paklik Sarip



: “Aaaaaaaaaakkkkh…….!!”



Paidi



: “Juragan……….!!”



Sarip



: " Sak iki…., kari aku karo koen Di…..!! Ayok diterusno tarung maneh…..!! Mboh sing mati aku opo koen sak iki sing mati…..!!”



Paidi



: “Jangkriiik……!! " Koen durung kapok’ae Rip…..!! Tak kepruk endasmu pecah dadi sak walang-walang….!!”



Sarip



: “Ayo maju’o Di….!! Tak suduk wethengmu mbrodol ususmu….!! ”



Paidi + Sarip



: " Hiaaaaaaaatttt…….!! ”



----------------------------------------------------------------------------------------------------tong)



(Dung



tak



(sek pancet nang samping panggug yoo shit :)) ) # Narator ' Uwis suwi pertarungan anatranne si Sarip karo Paidi tapi loro karonne durung onok seng katene ngalam, malahan loro karonne ngetokno aji-ajinne '



Paidi



: "Panceni koen bener-bener jagoan Rip…!! Sak iki cobak tampanono aji-ajiku Rip……!! Aji Glodok Geni……!!”



Sarip : “Iyo…. tak tampani karo Aji-ajiku Di…. Aji Tapak Saketi…..!!” Paidi + Sarip : “Hiaaaaaaattt…….!!” * Backsound : DUAAAAAAAR!!! *



Sarip : " Paklik... Paidi... kabeh wis podho mati… Dadi antek-antek’ke bongso Londo pancene kudhu digawe bongko…Kari bongso kompeni londo sing durung tak basmi….Abot-abote mbelo bongso-negoro.. Tak rewangi awan bengi ora wedi mati.. Aku Sarip Tambak Oso.. Wong Londo kabeh kudhu minggat tekok Tanah Jawa iki….!!!!”



T



A



M



A



T