Sesorahan Siswa Kelas Xii [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

SESORAH PERPISAHAN SISWA KELAS XII Assalamu’alaikum Wr. Wb.



Alhamdulillah ing enjing menika kita sedaya saged kempal sesarengan ing kampus SMA N 1 XXX ingkang kita remeni menika. Kita sedaya ngempal ing kampus menika nggadahi maksud utawi tujuan ingkang pokok, yaiku ngundhuraken para siswa kelas XII menika sampun ngrampungaken UNAS ingkang dados syarat utama kangge siswa SMA kangge ngelanjutaken ing jenjang luwih dhuwur.  Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan, Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kula urmati, sumawana para putra-putra mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Saderengipun kula matur wonten ing ngarsa panjenengan, langkung rumiyin kula nyuwun agunging sih samodra pangaksama, awit kula kumawantun, ngadeg ing ngarsa panjenengan sami. Para rawuh, mangga kita sesarengan mucap padya puja padyastuti wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, inggih menika Gusti Allah SWT. Ingkang sampun paring taufik walhidayahipun dumateng panjenengan sedaya dalasan kula. Enjing menika, enjing ingkang ngerenyuhaken sanget kangge kita sedaya para hadirin. Menapa boten, ingkang slamanipun kita utawi teseh dados siswa mriki, kita kerep pethukan, sinau sareng, diskusi sareng, ing wayah sekedhap melih kita badhe pisahan. Nanging, kita kagungan pangajeng-ajeng supados perpisahan menika boten kita banjur “pedhot kekancan”. Supados kita teseh wonten rerembagan ingkang ageng kayata sakderengipun kita pisah. Para rencang ingkang sedaya maksud lan tujuan dianaaken perpisahan menika botenn namung ngunduraken rencang-rencang kelas XII mawon, ananging luwih saking menika supados rencang-rencang tetep eling lan terus njagi rerencangan, inggih menika ing proses sinau utawi mlebet ing kegiatan sanes-sanesipun. Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih abot maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula kita kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para erncang cita-citaaken saged dipungayuh. Boten namung kita mawon ingkang



bangga menawi sukses, nanging Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga. Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya saged kempal ing acara menika. Nanging wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged mbales nggangge do’a mugi-mugi sukses lan slamet lan mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para Bapak lan Ibu guru katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.   Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.