Tanggap Wacana Upacara Mitoni [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Tanggap Wacana Upacara Mitoni - Sesorah (pidato bahasa Jawa) Mahardhikeng tyas ring kamardhikan Nuwun Dhumateng para sesepuh saha pinisepuh ingkang dahat kinurmatan, Dhumateng pamangku gati ingkang kula urmati, Dhumateng para tamu undangan ingkang minulya. Langkung rumiyin sumangga kula lan penjenengan sedaya ngaturaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun maringi kasarasan sarta kalodhangan, saengga kita saged anjenengi acara ing wekdal menika inggih acara tingkepan utawi mitoni garwanipun bapak Zainul Ma’arif kanthi boten wonten alangan menapa-menapa. Mugi-mugi kemawon ing dalem kekempalan kita dinten samenika wonten manfaatipun. Amin. Para rawuh ingkang kula urmati. Panjenengan sedaya kaaturan rawuh ing wekdal menika, inggih boten sanes amargi raos syukuripun bapak Zainul Ma’arif dhumateng ngarsanipun Gusti, amargi sadangu mangun bale wisma sampun ngajeng-ajeng momongan utawi putra ing dalem kulawarganipun. Samenika pangajeng-ajeng menika sampun kalampah kanthi tetenger mbobotipun garwanipun ingkang sampun ngancik pitung sasi. Pramila saking menika Bapak Zainul Ma’arif sakulawarga nyuwun donga pangestunipun saking para rawuh, supados jabang bayi ingkang taksih wonten madaran menika pinaringan selamet, semanten ugi ibunipun. Lan mugi-mugi anggenipun lair dipunparingi gancar, lancar, sarta selamet kekalihipun. Para rawuh ingkang kinurmatan, Mugia kita sedaya dados tiyang ingkang estu-estu ngabekti dhumateng tiyang sepuh kalih. Semanten ugi, mugi-mugi Bapak Zainul Ma’arif sakulawarga benjang dipunparingi putra ingkang tansah ngabekti marang tiyang sepuhipun, migunani tumrap nusa, bangsa sarta agami. Amin. Cekap semanten saking kawula, minangka panutuping atur, Nuwun http://gema-budaya.blogspot.com/2013/03/tanggap-wacana-upacara-mitonisesorah.html



CONTOH SESORAH/PIDATO BAHASA JAWA [ACARA KEMERDEKAAN] Assalamualaikum wr. wb. Bapak Kepala Dhukuh ingkang tuhu kinurmatan.



Bapak Ketua RW ingkang kinurmatan Bapak Ketua RT ingkang kinurmatan Para Rawuh ingkang minulya. Puja puji pangalembana syukur kunjuk dumateng Allah SWT. ingkang tansah maringaken rokhmat lan hidayahipun, Satemah kula lan panjenengan saget kempal manunggal wonten ing adicara HUT RI Inkang kaping 69 kanthi kawilujengan lan kabagas warasan. Para Rawuh ingkang minulya, Menawi kita emut dhateng perjuangan para pahlawan tahun 1945, bilih semangat pertempuran kados geni ingkang makantar-kantar, kados nyawiji dhateng jiwa para pahlawan, ingkang sampun berjuang mbebasaken Indonesia saking Para Penjajah. Sumangga kita gesangaken jiwa lan semangat perjuangan, kanthi mujudaken jiwa pembangunan ingkang tangguh. Kemakmuran adedasar keadilan lan ketuhanan ingkang maha tunggal, dereng kasembadan. Kanthi menika tasih kathah ingkang kedah kita perjuangaken. Kamardikan minangka warisan para pahlawan kita menika, kedahipun kita isi kanthi jiwa pembangunan tanpa mentingaken kepentingan pribadi. Jiwa lan semangat 45, inggih menika, jiwa lan semangat kebersamaan. Jiwa ingkang langkung nengenaken kepentingan sesarengan, tinimbang kepentingan pribadi. Kanthi menika, kita kedah ningkataken raos solidaritas berbangsa lan bernegara. Tumbuhkan terus semangat kebersamaan nalika mujudaken cita-cita kamardikan. Insyaallah gegayuhan bangsa Indonesia mujudaken kawontenan masyarakat ingkang adil lan makmur, adidasar pancasila lan UUD 45 saget kasembadan kanthi nuwuhaken semangat persatuan lan kesatuan Indonesia. Amin, amin, yaa robbal ‘alamin Para Rawuh ingkang minulya, Mekaten atur kula, minangka Ketua Panitia. Menawi kathah kalepatan ing basa lan subasita, kula nyuwun agunging pangaksama. Nuwun Wassalamualaikum wr. wb. http://naufalpoenja.blogspot.com/2014/03/contoh-sesorahpidato-bahasa-jawaacara.html