Teks Pidato Bahasa Jawa Tembang Dolanan_082635 [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Assalamualaikum wr.wb Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sedaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo. Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita tengga-tengga syafa’atipun benjang ing dinten akhir, kanthi ucapan Allahumma sholli ala sayyidina Muhammad wa ala ali sayyidina Muhammad Kula Zahwa Mahira Kamil, wakil saking SD Islam Diponegoro Surakarta jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Pitutur luhur sajroning Tembang Dolanan Tembang dolanan yaiku tembang reriptan gagrak anyar ingkang mboten nagegm paugeran gatra, guru lagu, lan guru wilangan Tembang dolanan kulina ditembangake dening bocah-bocah cilik ing padesan, sinambi dolanan kaliyan rencang-rencange. Salah satunggaling tembang ingkang asring dipuntembangaken inggih menika Padhang bulan Kanggo rencang-rencang kang dereng mangertos, tembang padang bulan unine kados mangkene : Yo pra kanca dolanan ing njaba Padang bulan padhange kaya rina Rembulane e, sing ngawe-awe Ngelingake ojo padha turu sore Tembang dolanan iku nduweni makna ingkang religius. Tembang dolanan menika nggadahi teges bilih minangka, kita manungsa kedah muji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwasa amargi saged ngraosaken endahing alam, ugi dipunjab mboten sare satemah saged ngibadah ing wanci dalu Tembang menika nduweni nilai-nilai kang wigati sajroning urip, yaiku :  Gotong royong  Paseduluran, lan  Nilai agama ing ngibadah Sumangga sesarengan ngreksa lan nglestarikaken tembang dolanan. Amarga yen mboten kita minangka generasi muda ingkang bakal nerusake budaya, banjur sapa maneh? Wassalamualaikum wr.wb



Assalamualaikum wr.wb Ingkang dhahat kinurmatan Kepala Sekolah Ingkang kula kurmati Bapak-Ibu Guru Ingkang kaula tresnani rencang-rencang kelas 1 ngantos kelas 6 Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugerahan dhumateng kita sedaya, pramila saged makempal wonten ing papan menika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggalipun Tepangaken kula ten ngriki badhe njlentrehaken “Pentingipun tata karma ing jaman Globalisasi” Globalisasi yaiku proses kemajuan jaman ingkang langkung cepet kados perubahan teng bidang IPTEK, sosial budaya, ekonomi lan liyane. Globalisasi maringaken manfaat kanggo manungsa. Nanging, globalisasi uga maringi dampak negative salah satunggalipun yaiku icalipun identitas bangsa Indonesia Kaya dene sampun kathah tiang jawi nanging mboten saged basa jawi, kathah lare langkung seneng lan bangga migunakaken basa luar negeri, lan kathah lare ingkang mboten ngertos unggah-ungguh malih. Bapak ibu guru lan rencang-rencang Sanajan kita gesang ten jaman globalisasi, nanging kita mboten pikantuk nglalikaken tata kramanipun Bangsa Indonesia. Icalipun tata karma ndadosaken icalipun jati diri bangsa Indonesia. Migunaaken basa luar negeri ten jaman niki napa tata kramanipun mboten napa-napa, nanging kita kedah saged milih kabudayaan ingkang trep kalih bangsa Indonesia niki sampun andadosaken kita kedah kelangan identitas bangsa Wasana cekap semanten atur kula ngaturaken “pentingipun tata karma ten jaman globalisasi”, bilih anggen kula matur kathah kekirangipun, kula nyuwun agenging samudera pangaksami Wabillahitaufiq wal hidayah Wassalamualaikum wr.wb