Tembang Gambuh [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

MATERI AJAR A. Pangertene tembang macapat Gambuh Tembang macapat inggih menika wujud tembang Jawa ingkang ugi dipunsebat tembang alit. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. 1. Guru gatra yaiku cacahing gatra saben sapada. 2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra. 3. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra. Guru gatra, guru wilangan, dan guru lagu tembang macapat 1. Gambuh 4 gatra: 12u, 6a, 8i, 12a 2. Megatruh 5 gatra: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o 3. Durma 7 gatra:12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i 4. Pangkur 7 gatra: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i 5. Mijil 6 gatra: 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u 6. Sinom 9 gatra: 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a 7. Kinanthi 6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i 8. Asmarandhana 7 gatra: 8i, 8a, 8e, 8a, 8a, 8u, 8a 9. Dandhanggula 10 gatra: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a 10. Megatruh 5 gatra: 12u, 8i, 8u, 8i, 8o 11. Maskumambang 4 gatra: 12i, 6a, 8i, 8a



Gambuh iku tambuh, embuh, kambuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh. Tegese Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukane tembang iki lelagon gandarwa (raseksa) ing jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh (tegas/galak).



B. Pathokan tembang Gambuh GAMBUH Guru wilangan



Guru lagu



7



u



10



u



12



i



8



u



8



o



Guru gatra



5



C. Watak tembang Gambuh Watake tembang Gambuh iku grapyak, sumanak, mula cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.



D. Makna tembang Gambuh Miturut maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik dewasa utawa pribadi kang sansaya dewasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan batin, kluwarga lan masarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur, anggenah-nggenahake utawa tansah menehi pangerten. Pancen lumrahe piyayi sepuh tansah isa njumbuhake panguripane lan seneng aweh pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap isa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora bot sisih. Makna sawijine sawise omah-omah kudu padha ngertine, asah asih asuh marang sawenehe kabutuhan, tanggung jawab lan perkara ing sajroning kluwarga kang saya abot lan maneka warna.



E. Tuladha tembang Gambuh 3



5



5



5



5



3



56



sa-



mêng-



ko



ing-



sun



tu-



tur



6



5



3



2



2



3



5



5



3



56



sêm-



Bah



ca-



Tur



su-



pa-



ya



lu-



mun-



tur



3



2



6



12



2



2



2



2



3



1



6



1



dhi-



Ngin



ra-



Ga



cip-



ta



ji-



wa



ra-



sa



ka-



ki



1



2



2



2



3



1



2



3



Ing



ko-



no



la-



mun



kê-



tê-



mu



3



5



6



5



3



23



1



2



tan-



Dha



nu-



gra-



ha-



ning



Ma-



non



F. Teknik penulisan tembang Gambuh a. Temtokna lan tulisen ngenani gagasan apa sing arep kogawe tembang, saengga bisa mangerteni wewatakane. b. c. d. e.



Temtokno tembang apa sing arep kogawe. Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune. Gawea ukara-ukara (kalimat ) kang selaras karo paugerane tembang macapat. Titinen maneh tembung-tembunge, lan ukara-ukara kang kogawe mau kudu cocok karo paugerane tembang sing kokgawe