UKBM 3.1 UNGGAH UNGGUH BASA (Auva Nurhaliza XII MIPA 2) [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Unit Kegiatan Belajar Mandiri (UKBM) Mata Pelajaran Bahasa Jawa



Jeneng : Auva Nurhaliza Kelas : XII-MIPA 2 No.Absen : 07



Unggah-Ungguh Basa



SMAN 2 SIDOARJO Untuk Kelas XII/1 Tahun Pelajaran 2021-2022



KATA PENGANTAR



1



Puji dan syukur kehadirat Allah SWT, dengan Ilmu- Nya yang Maha Luas serta kemurahan hatinya, hingga UKBM Bahasa Jawa untuk Siswa SMA kelas XII ini dapat diselesaikan. UKBM Bahasa Jawa SMA Kelas XII ini disusun sesuai dengan Kompetensi Inti dan Kompetensi Dasar Kurikulum 2013 Mata Pelajaran Bahasa Jawa untuk Sekolah menengah Atas (SMA). Materi dalam UKBM Bahasa Jawa SMA Kelas XII ini disajikan dengan seringkas dan sejelas mungkin dengan melibatkan keaktifan siswa dalam kegiatan pembelajaran. Hal ini dimaksudkan agar siswa bisa lebih cepat menangkap inti dari materi yang sedang dipelajari. Kritik dan saran sangat Penulis harapkan demi kesempurnaan modul ini. Semoga modul ini dapat menghantarkan Siswa SMA menuju sukses.



Sidoarjo, Juli 2021



Penulis



LEMBAR PENGESAHAN 1. Judul Mata Pelajaran Kelas/Semester Program Tahun Pelajaran



: Unit Kegiatan Belajar Mandiri (UKBM) : Bahasa Jawa : XII/1 : Semua Program :2021-2022



2. Identitas Guru Mata Pelajaran Nama : Siti Patimah, S. Pd 2



NIP



:-



3. Identitas Sekolah Nama Sekolah



: SMA Negeri 2 Sidoarjo



Disetujui dan disahkan pada : Tanggal Di



: 09 Juli 2021 : Sidoarjo



Sidoarjo, 09 Juli 2021 Kepala SMA Negeri 2 Sidoarjo



Drs. H. FA. Nurseno, M.Pd Pembina Utama Muda NIP. 19631020 198903 1 012



Luhuring Drajat Gumantung ing lathi



A.



PENDAHULUAN



Kompetensi Dasar 3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis penggunaan bahasa lisan dalam berbagai situasi sesuai tatakrama 4.1 Melakukan simulasi penggunaan bahasa daerah dalam berbagai konteks sesuai



3



Indikator Pencapaian Kompetensi 3.1.1 3.1.2 3.1.3 3.1.4



Menjelaskan unggah – ungguh basa Menjelaskan karakteristik unggah – ungguh basa Menjelaskan penggunaan unggah – ungguh basa dalam teks pacelathon Menjelaskan isi teks drama



4.1.1 Menulis teks percakapan sesuai dengan kaidah 4.1.2 Mendramatisasikan teks percakapan yang telah ditulis 4.1.3 Memberi komentar atau tanggapan tentang penampulan temannya dalam bermain teks pacelahton.



Tujuan Pembelajaran



Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan berbasis genre teks. Peserta didik dapat menjelaskan unggah-ungguh basa sesuai kaidah dengan baik, Menjelaskan karakteristik unggah-ungguh sesuai kaidah dengan baik dan menumbuhkan rasa ingin tahu dan mandiri, Menjelaskan penggunaan unggah-ungguh basa dalam teks drama sesuai kaidah dengan baik dan mandiri. menganalisis isi teks drama sesuai kaidah dengan benar. Menulis teks percakapan sesuai dengan kaidah dengan benar secara mandiri.



PEMBAHASAN



B.



1. Identitas a. b. c. d. e. f.



Nama Mata Pelajaran Semester Kompetensi Dasar Materi Pokok Alokasi Waktu Materi Pasinaon :



: Basa Jawa : 5 (Lima) : 3.1 – 4.1 : Unggah -Ungguh Basa : 2 JP x 6 Pertemuan



4



Supaya konsep lan teori kang bakal disinaoni ing UKBM iki bisa mangerteni kanthi apik, mula luwih dhisik semaken lan gatekna Buku Teks Pelajaran (BTP) ksebut: Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas XII. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur. Referensi buku liyane saka materi unggah-ungguh basa uga ana ing buku: 1) Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas XII. Surabaya: Penerbit Duta; 2) Hidayah, Nurul dan Umi Nayirotin. 2015. Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas XII. Jakarta: Penerbit Erlangga; lan sumber liyane sing kira-kira bisa ditemokake sesambungan karo materi unggah ungguh basa, kanggo iki bisa maos wacan sing ana ing internet



2. Peta Konsep



UNGGAH UNGGUH BASA Basa Ngoko Ngoko Alus



ngoko lugu



T.N. Lugu



Basa Krama



T.N. lugu



T. K. Inggil



Krama Lugu



T.K. Madya



Krama Alus



T.K. Madya



T.K. Inggil



A PEMBUKAAN



5



Gb.Unggah Ungguh Basa



Yen para siswa maspadakake gambar-gambar kasebut mesthine bisa nggraita, pawongan kang kacetha ing gambar kira-kira lagi nindakake apa? Wangsulane: jagongan, ana uga kang ngarani cangkrukan. Sajrone acara jagongan, lumrahe banjur padha imbal wacana. Ana jagong bayi, jagong manten, jagong boyongan omah, utawa mung waton jagongan/cangkrukan. Mesthiwae paraga sarta bab kang dirembug saben jagongan beda-beda. Kita, minangka Wong Jawa nduweni pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan. Ing endi, lan karo sapa kita rembugan kudu ana bedane. Jagongane wong ing warung kopi, ibu-ibu arisan, bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe, para intelek, apa dene politikus, mesthine beda babagan kang dirembug lan beda panganggone basa. Adhedhasar pamawasmu ngenani gambar ing dhuwur, pangetrape basa ing saben patemon, pacelathon, janggongan, utawa cangkrukan bedabeda. Miturut gunane, basa kaperang dadi telung golongan, yaiku:



BASA ILMU BASA IBU



BASA BUDAYA GUNAE BASA



Katrangan: Basa Jawa minangka basa ibu (jarwa bebas saka kamus basa Indonesia), jalaran basa Jawa minangka basa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair, awit saka sesambungan kulawarga utawa masyarakat sakiwa tengene. Lumrahe panganggone basa ibu kanthi lesan. Basa Jawa minangka basa ilmu, yaiku basa digunakake kanggo medharake sawenehe kawruh. Bisa awujud basa lesan lan basa tulis. Basa Jawa minangka basa budaya, jalaran basa Jawa mujudake salah sijine asil budaya Indonesia kang diakoni adiluhunge dening wong Jawa apadene wong-wong mancanegara



Sadurunge mangerteni babagan teks unggah-ungguh basa,wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1. Apa para siswa wis tau nindakake kegiyatan pacelathon? 2. Miturut pamawasmu, ragam basa apa kang kudu digunakake siswa nalika pacelathon karo wong sing luwih tuwa? 3. Miturut pamawasmu, ragam basa apa kang kudu digunakake siswa nalika pacelathon karo wong sing luwih enom? 4. Miturut pamawasmu, ragam basa apa kang kudu digunakake siswa nalika pacelathon karo wong sing durung akrab? 5. Apa saben pacelathon kudu nggunakake ragam basa sing beda?



Sawise ngrampungake soal- soal kasebut, para siswa kudu nglanjutake sabanjure adhedhasar pituduh sajrone UKBM iki Nah, kepriye? Wis siap nyinaoni materi sabanjure? Ayo, terusake maneh sinaune !



piwulangan



6



B KEGIATAN INTI 1) Pituduh UKBM a) Ing UKBM iki siswa bakal ngembangake kabisan pikiran kang luwih gamblang ngenani karakteristik unggah-ungguh basa lan pangetrapan unggah ungguh basa miturut lungguhing tatakrama supaya bisa ngrakit teks pacelathon kanthi apik lan nindakake kegiyatan pacelathon miturut lungguhing tata krama kanthi cara maragakake ing kelas saengga siswa bisa trampil anggone wicara. Kegiyatan kabisan pikiran kang bakal ditindakake dening siswa sajrone UKBM iki yaiku nganalisis karakteristik lan pangetrapan unggah-ungguh basa sarta nulis teks pacelathon kanthi apik miturut lungguhing tatakrama. Mula saka iku, siswa kudu nyinaoni kanthi sabar lan tekun saengga siswa bisa mangerteni, gelem lan mampu nindakake kegiyatan kabisan pikiran kasebut liwat kegiyatan pasinaon iki b) Waca lan mangerteni materi ing buku:  Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas XII. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.  Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W. 2014. Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas XII. Surabaya: Penerbit Duta;  Hidayah, Nurul dan Umi Nayirotin. 2015. Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas XII. Jakarta: Penerbit Erlangga; c) Garapen UKBM iki ing buku tulis utawa langsung ana ing papan wangsulan. Siswa bisa nggarap dhewe-dhewe, nanging amrih apike yen digarap kanthi cara kelompok utawa diskusi supaya bisa trampil anggone komunikasi marang kancane. d) Siswa bisa sinau kanthi cara mangsuli saben gladhen, saumpama siswa wis yakin lan mangertenisarta bisa nggarap gladhen 1, 2, lan 3 siswa bisa langsung melu lan nggarap tes formatif UKBM supaya bisa sinau maneh ing UKBM sabanjure.



2) Kegiayatan Pasinaon Ayo…… Sinau unggah-ungguh basa kanthi sabar lan patitis!!! Kegiyatan Sinau 1



Sajrone pasinaon iki para siswa diajak nljentrehake bab unggah-ungguh basa. Kanthi nyemak tuladha pacelathon para siswa diajab bakal mangerteni karakteristik unggah-ungguh basa. Unggah – ungguh basa yaiku tata pranataning / tata rakiting basa miturut lungguhing tatakrama, sopan santun utawa adat istiadat. Unggah-ungguh basa uga bisa diarani undak usuke basa (tingkatane basa adhedhasar carane ngetrapake). Sawijine pawongan kang arep ngetrapake unggah-ungguh ora bakal owah saka tata krama. Tata krama awujud solah bawa, tindak tanduk lan partap nalika sesambungan (komunikasi) marang sapa wae.



Unggah – ungguh



7



Unggah ungguh basa kaperang dadi 2 yaiku basa ngoko lan basa krama kaya kang njlentrehake ing ngisor iki Basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing padinan lan watake rumaket. Yen tetembungane mung awujud ngoko lugu utawa wantah diarani basa ngoko lugu, menawa tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa ngoko alus. Dene yen tetembungane mligi krama kagolongake basa krama. Ragam basa krama utawa basa kurmat iku basa kang nduweni drajad sadhuwure basa ngoko. Basa krama luwih alus lan nduweni surasa luwih ngajeni. Mula saka iku unggah-ungguh basa dianggo pasrawungan manungsa kang ora owal saka tingkatan tata krama. Sadurunge nyinaoni babagan unggah – ungguh basa kudu mangerteni menawa enten kamus kagem tetembungan basa jawa, tuladhane, Tebung Ngoko Mangan Adus Awak Sikil Banyu Bali Dalan Deleng Cerita Iya



Tembung krama Nedha Adus Badan Suku Toya Mantuk Radina Ningali Cariyos Inggih



Tembung krama inggil Dahar Siram Salira Ampeyan Toya Kondur Margi Mriksani Cariyos Sendika



Bahasa Indonesia Makan Mandi Badan Kaki Air Pulang Jalan Melihat Cerita iya



Ing kene bakal dijlentrehake babagan paugeran lan tuladha basa ngoko lan krama. Basa ngoko kaperang dadi loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. 1. Ngoko lugu Ngoko lugu yaiku basa kang wujudte tembungane ngoko kabeh, ora kacampuran basa krama. Titikane basa ngoko lugu: a. Tembunge ngoko kabeh b. Tembung aku, kowe,lan ater-ater da-,ko-,di- lan panambang –ku, -mu, -e, -ake, -ne tetep ora owah c. Basa ngoko lugu kuwi kanggone ana ing pasrawungan kang kahanane raket banget, kayata: a) Pacelathon ing antarane sapadhane. b) Pacelathon karo wong sing drajate luwih endhek/asor c) Pacelathon wong tuwa marang bocah Tuladhane: 1. Mbak Maya, aku mbok diwarahi nggarap etung iki ! 2. Akhmad Masrur , mengko gawakna laptopku mrene ya! 3. Dhek kapan olehmu bali saka Surabaya ? 4. Saupama, kelasku sing dadi juara 1 lomba kebersihan SMA Negeri Sidoarjo. 5. PR TIK apa wis kokgarap mau bengi ? 2. Ngoko alus Ngoko alus yaiku basa kang wujud tetembungan ngoko kacampuran basa krama tumrape wong kang diajak guneman (wong kaloro) lan wong kang digunem (wong katelu) saperlu kanggo ngajeni/ngurmati. Kosok baline tumrap awake dhewe nganggo tembung ngoko utawa tembung krama andhap Titikan basa ngoko alus yaiku: a. Tembunge ana sing nggunakake basa ngoko lan ana sing nggunakake basa krama. Tembung sing kudu di krama inggil/ alus yaiku tembung kriya, perangane awak, lan panganggone awak. Tembung kriya kang digawe krama inggil iku tembung kriya tumrape wong kang diajak guneman (wong kaloro) lan wong kang digunem (wong katelu). Tembung kriya 8



tumrape wong kang guneman (wong kapisan) cukup nganggo tembung ngoko utawa tembung krama andhap Tuladhane: 1. Bapak tindak menyang Malang nitih sepur. 2. Pak Lurah ora sida rawuh ing kampungku. 3. Bu Dartik mundhut gula rong kilo. b. Ater-ater lan panambange tetep nggunakake basa ngoko Tuladhane : 1. Aku ditimbali bapak arep diutus resik-resik latar. 2. Dhekwingi Rini didukani ibune jalaran mulihe telat c. Tembung sesulih purusa loro kudu owah dadi basa krama yaiku tembung kowe owah dadi panjenengan (tumrap wong kang luwih tuwa) utawa sliramu (tumrap wong kang luwih enom), Tuladhane : 1. Saiki wis wengi panjenengan kondur sesuk wae! 2. Panjenengan dhahar dhisik yen arep tindak! 3. Nak Eko, sliramu kondur saka kantor jam pira?(luwih enom nanging dikurmati) Panganggone basa ngoko alus ing pasrawungan, yaiku: a) Wong tuwa marang wong enom kang perlu diajeni. b) Wong enom marang wong luwih tuwa sing wis raket. c) Ngajeni wong sing digunem. 3. Krama lugu Krama lugu yaiku basa kang tembung-tembunge kabeh ngganggo basa krama lan ater-ater sarta panambange kabeh kudu dikramakake. Ing pasrawungan nuduhake watak ngajeni nanging kurang alus marang wong sing diajak guneman. Panggangone basa krama lugu: a) Kanggo wong sing lagi tetepungan anyar b) Kanggo abdi marang bendara Tuladhane: 1. Kula badhe ningali sandiwara Nyi Roro Kidul 2. Sampeyan menapa purun tumut kula? 3. Udin kalih Rifqi ajeng ningali drama kalih sangu kripik pohung



4. Krama alus Basa krama alus iku basa kang ngajeni banget. Kadhang ana sing ngarani basa krama inggil. Kamangka istilah kasebut sejatine keliru. Krama inggil iku sing ana mung tumrap tembung, yaiku tembung krama inggil. Tembung krama inggil iku tembung kang digunakake kanggo nginggilake utawa ngajeni wong sing diajak guneman, utawa wong sing digunem. Kosok baline tembung krama andhap, yaiku tembung kang digunakake kanggo ngandhapake awake dhewe. Wujude krama alus dumadi saka tembung-tembung krama kecampuran tembung krama inggil utawa tembung krama andhap, basane luwih alus lan ngajeni banget. Kayadene basa ngoko andhap, sing nganggo tembung krama inggil yaiku tembung sesulih purusa, tembung kriya (panindake) lan barang kaluwihane. Yen tumrap awake dhewe ora kena nganggo tembung krama inggil (ora kena ngramakake awake dhewe), kapara yen ana kudu nganggo tembung krama andhap. Tembung krama inggil sing digunakake iku tujuane kanggo ngurmati wong sing diajak guneman. Kosok baline tembung krama andhap iku kanggo ngandhapake awake dhew Basa krama alus bisa digunakake kanggo guneman marang sapa wae sing pancen kudu dihur mati. Tuladha: 9



a. Manawi Ibu badhe dhahar, mangga kula ladosi! b. Bapak badhe tindak dhateng Jakarta. c. Punapa Rini sampun panjenengan pundhutaken obat?



PEPELING Tumrape wong Jawa duwe pakulinan menawa ngajak utawa diajak guneman, awake dhewe diasorak, dene sing diajak guneman luwih diajeni. Aja pisan pisan ngramakake awake dhewe. Bab kang kaya mangkono iku kudu digatekake awit menawa ana wong sing krungu lan ngerti marang unggah-ungguh basa, bisa-bisa awakedhewe diarani ora ngerti tata krama utawa ora ngerti unggah-ungguh. Basa Salah Kula sampun dhahar. Aku tindak dhisik, ya. Kula sampun siram. Saenipun bapak wangsul kemawon



Basa Bener Kula sampun nedha. Aku lunga dhisik, ya. Kula sampun adus. Saenipun bapak kondur kemawon.



Basa ngoko alus lan basa krama alus iku basa sing universal. bisa digunakake guneman dening sapa bae lan marang sapa bae, amarga wis samesthine marang sapada padhane iku tansah ajening ajenan.



Gladhen



Sawise siswa mangerteni andharan singkat materi lan tuladhane, coba garapen gladhen ing ngisor iki! Wacanen tabel perangan tembung manut unggah-ungguh basa (BTP Bahasa Jawa Kelas XII kaca 6). Adhedhasar tabel kasebut, coba jangkepana tabel ing ngisor iki!



Tembung Ngoko



Tembung Krama Lugu



Tembung Krama Alus



10



mlaku



mlampah



tindak



arep



ajeng



badhe



numpak



nitih



nitih



duwe



gadhah



kagungan



ngerti



ngertos



priksa



nyekel



nyepeng



ngasta



krungu



mireng



midhanget



deleng, ndeleng



ningali



mriksani, mirsani



nganggo



ngangge



ngagem



tangi



tangi



wungu



tuku



tumbas



mundhut



anak



yoga



putra



nyambut



nyambut



ngasto



melek



tumut



ndherek



ngundang



nimbali



angsal



kepareng/pikantuk



undang oleh



Sawise nggarap tabel ing ndhuwur, kanggo sarana gladhen, rampungana garapan ing ngisor iki! 1) Gawea ukara nganggo tembung-tembung ngoko 10 wae! Wangsulan :          



Aku arep mangan sega karo iwak bakar ing restoran sesuk bengi. Kowe arep melu ora? Aku maca buku biologi saben tangi turu ben aku ngerti materine. Yuni ndeleng aku mari adus banjur takok, “Kowe adus nganggo sampo apa? Ambune ora enak. Sawise mulih sekolah pas aku mlaku, aku krungu swara anake tangga nangis amarga njaluk melek adhike tuku beras menyang Surabaya. Aku ora duwe buku tulis gawe sinau banjur dikongkon kancaku tuku buku menyang Sidoarjo numpak montor. Yen nyekel gelas sing temen, aja kanthi pecah! Kowe mau apa wis diundang Sari ing omahe? Kowe opo ndeleng jaketku? Wingi sawise disilih Rita banjur dak gawa mulih nanging saiki aku lali. He Bejo, Yen mlaku nganggo mata! Aja ana wong liwat ditabrak wae! Aja diolehi dolanan wae anake! Mengko yen ora tau sinau, bijine elek ing sekolah.



2) Gawe aukara nganggo tembung-tembung krama lugu 10 wae! Wangsulan :    



Sampun jam sedasa budhe dereng tangi lan nyambut damel. Kula lan Mas Budi dipuntumbasaken sepatu Simbah. Sesampune ningali sinetron “Ikatan Cinta”, Mbah kakung lan Bapak mirengaken siyaran wayang kulit. Mangke sonten Budhe kesah dhateng Sidoarjo nitih bis, Budhe ajeng tumbas rasukan. 11



     



Kula dikengken Budhe nyepeng piring nanging Bapak dikengken Budhe nyepeng vas keramik. Mas Rehan napa gadhah buku matematika? Kula ajeng nyambut. Bapak ngundang panjenengan tumut ningali Sandiwara Nyi Roro Wetan. Simbah angsal nedha permen amarga gadhah waja enggal. Aja nggunem! Mengko mboten ngertos napa materi kang disukani dening Pak Guru. Simbah ajeng mlampah ngangge tongkat mangke sonten sesampune ngangge kursi roda.



3) Gawea ukara nganggo tembung-tembung krama alus (inggil) 10 wae! Wangsulan :          



Panjenengan wau punapa sampun mundhut ageman ngagem ndherek Romo mirsani Sandiwara Nyu Roro Wetan? Panjenengan punapa dados ngasto putranipun tindak dhateng Sidoarjo nitih sepur? Panjenengan wau tindak mriki kale sinten? Kolowingi Eyang badhe mapag panjenengan nitih bis. Kolowingi Ibu nembe dugi ten Sidoarjo tumbas ageman kale Mas Rehan. Punapa panjengan dados dipundhutaken sandal enggal kale Romo kolowingi? Nuwun sewu, kulo badhe nyuwun pirsa, sekolah putranipun Mas Rehan punika, wonten pundi? Nuwun sewu, ingkang pundhi nggeh Mas Rehan? Menopo dereng wungu? Kados pundhi Eyang saged ngasto gendhis kalehdoso satunggal kilo? Eyang mboten kepareng dhahar sate lan rendang amargi wajanipun gerah. Eyang kula saben enjang mirsani Sinetron “Tukang Haji Naik Bubur” kalihan ngasta tasbih.



4) Gawea ukara nganggo tembung ngoko kacampur tembung krama alus 10 wae! Wangsulan :          



Panjenengan apa wis kagungan sekolah? kok mau awan aku ndeleng sepedhah motore isih ana ing omah? Rina arep menyang pasar, panjenengan ndherek mboten? Simbah lagi ngagem ageman, entenana dhisik ya! Mas Rehan wis kepareng nitih sepedhah motor napa dereng, yen dereng aku dak budhal bareng Rimbi. Budhe badhe tindak mundhut gula lan beras, kowe arep nitip apa? Ibu lagi ngasto damel, aja kok rusuhi dhik! Dhuwite mau wis diasta apa durung ta, Mas Rehan? Aku ora duwe dhuwit loh ing dompet Panjenengan kok ora wungu Mbak, saiki wis jam pitu lo! Bapak mengko arep tindak mirasani Sandiwara Nyi Roro Wetan nitih apa? Aku lan Adhik ditimbali Ibuk arep diutus resik-resik omah lan ngumbah klambi.



Yen siswa wis rampung nggarap analisis tembung manut unggah-ungguh basane ing ndhuwur, banjur siswa bisa nerusake ing kegiyatan sinau 2



Kegiyatan Sinau 2 Ing dhuwur wis kok sinaoni bab tembung-tembung manut unggah ungguhe basa. Ing kegiyatan sabanjure bakal dijlentrehake babagan pangganggone basa ngoko lan basa krama sajrone teks , Wacanen teks pacelathon ing ngisor iki!



12



a.



Basa ngoko ana ing lingkungan sekolah Arimbi : “Bim, kowe mau apa wis grap tugas basa jawa?” Bima : “Durung ki, ana apa? Arimbi : “Ndang digarap, soale dikumpulke sok senin lo.” Bima : “Santai, engo mulih sekolah bakal langsung tak garap, trus tugasmu matematika apa uwis kok garap? Arimbu : “Uwis lah, aku yen enek tugas langsung tak garap dadi ora duwe tanggungan.” Bima : “pancene kowe bocah pinter, yo ora maido....”



b.



Basa ngoko lan Krama alus ana ing jero omah Darmi : “Buk Nembe napa Buk?” Ibuk : “Lagi ndondomi klambine bapakmu sing suwek, ana apa?” Darmi : “Boten buk, Kula nggih kepingin saget njahit, menawi wonten sekolahan mangke wonten tugas kerajinan dadose kula sampun saget,” Ibuk : “Ow....ya rene nduk tak ajari supaya kowe bisa (karo nuduhke klambi sing dicekel) Darmi : “Buk, nanging kula wedi menawi mangke kenekan dom sing lincip niku.” Ibuk : “Wis, ora usah wedi ngene lo carane, dilebokne alon – alon aja nganti nyubles tanganmu, trus dibaleni nganti brukut, ndang cobanen! (karo ngelungke garapan jaitan iku mau) Darmi: “ngeten nggih buk,......jebulane namung gampil nggih buk. Ibuk : “La...dala....gampang to?



c.



Basa krana ing lingkungan sekolah Murid anyar : “Sugeng injing.” Ananda : “Sugeng injing.” Dinda : “Sugeng injing.” Murid anyar:“kula anjani, kula siswa enggal wonten kelas niki, kula pindahan sakin SMA Bakti Mulya.” Ananda : “Ow alah...nggih mangga pinarak lenggah mriki mbak.” Murid anyar : “Nggih maturnuwun mbak.” Dinda : “Mangga mbak pinarak, nedho jajan bareng bareng.” Murid anyar : “Nggih mbak....”



d.



Basa krama ing lingkungan kantor Sekertaris : “Sugeng injing pak,... Bos direktur : “Sugeng injing, wonten napa mbak?” Sekertaris : “Derek langkung pak, kula angsal mlebet?” Bos Direktur : “Nggih mbak mangga mlebet, wonten napa?” Sekertaris : “Niki pak kula badhe nyuwun tapak asta panjenengan.” Bos direktur : “Tapak asta saperlu kangge napa nggih mbak niki?” Sekertaris : “Menika surat pejalanan dinas pak, badhe mendhet dokumen wonten sidoarjo.” Bos Direktur : “Ow...nggih mpun pundi kula tapak astani, (kalih ngurek –urek kertas tandatangan), mangga mbak, ngatos2 menawi budhal mangke.” Sekertaris : “Nggih pak...”



sawise maca teks drama ing ndhuwur banjur wacanen maneh teks drama ing ngisor iki kanggo nemokake beda panganggone basa ngoko lan basa krama ............ Narwan : “Sugeng sonten Pak, badhe Matur sekedhap”. Pak Agung : “Iya-iya Le, kene pinarak mlebu dhisik”. Narwan : “Inggih Pak, matur nuwun”. Pak Agung : “Ana wigati apa?, dene sliramu sore-sore tekan kene”. Narwan : “Mekaten Pak, kula dipundhawuhi bapak supados matur kaliyan Pak Agung menawi benjing minggu, jam 07.00 dhusun mriki ngawontenaken kerja bakti sesarengan. Kanthi mekaten panjenengan umumaken dhateng warga sanesipun”. Pak Agung : “Apa maneh Le, welinge Bapak”? Narwan : “Sampun Pak, mekaten kemawon”. Pak Agung : “Matura bapak, menawi welingane wis dak tampa lan arep daktindakake saiki”. 13



Narwan



: “Inggih Pak, matur nuwun sanget. Menawi mekaten sampun cekap anggen kula sowan matur. Kula nyuwun pamit”. : “Ya Le, padha-padha. Ngati-ngati ya ana dalan”.



Pak Agung



Kapetik Saking Buku Ajar Basa Jawa ........... Saka teks drama kasebut bisa di deleng yen panganggone basa iku gumanthung wong sing diajak ngomong saengga anggone nerapake unggah-ungguh basa kudu digatekna, wong sing diajak ngomong. Yen wong sing di ajak ngomong iku luwih tuwa lan duwe drajat kang luwih dhuwur, basa sing kudu di gunakake yaiku basa krama alus. Nanging yen sing ajak ngomong iku padha karo awake dhewe utawa umure luwih enom mula kudu nggunakake basa ngoko lugu. Gladhen Sawise siswa mangerteni tuladhane pangganggone basa sajrone teks drama, coba garapen gladhen ingngisoriki! Wacanen teks drama ing ngisor iki banjur golekana ragam basa jawa ngoko lugu lan krama alus sawise iku tulisen wangsulanmu anak ing ngisor iki! ............ Rudi Bapak &Ibu Ibu Rudi Bapak Rudi



Bapak Ibu Rudi Bapak Rudi



Bapak Rudi Bapak



Ibu Bapak



Rudi Ibu Bapak



: : : : : :



Assalamu’alaikum…. (karo nguncalne tas ing kursi) Walaikumsalam…. (bingung) Ana apa ta,Rud? Teka kok muring-muring? (nyedhaki Rudi) Mboten napa-napa buk… Kula namung mangkel mawon kaliyan Antok. Wista Rud, cerita wae ora usah sungkan-sungkan. (unjal ambegan) Kula nembe mawon dipun awon-awonaken kaliyan Antok, Pak. Tirosipun kula niki anak ibu, boten gaul, damelanipun namung sinau kemawon. Lha menawi dipun awon-awonaken kados mekaten kula nggih lara ati ta, pak. : Oalah…Rud…Rud,ngono wae kok nganti muring-muring, sing wigati iku ya berprestasi ta? Lha yen kaya mengkono kudune kowe malah seneng! : Bener Rud, apa kandhane bapakmu iku. Kudune kowe malah seneng, coba delengen pialamu sapirang-pirang kae. : Dadosipun bapak kaliyan ibu seneng kaliyan prestasi kula? : Yajelas ta, Rud. Sapa ta sing ora seneng duwe bocah pinter lan sregep. : Pak, Rudi niki mboten natos nyuwun neka-neka dhateng bapak kaliyan ibu, Nanging wekdal niki Rudi kepengin nyuwun…he… he… (sungkan arep ngomong). : Arep nyuwun apa? Mumpung bapak isih ana ing omah. : (mesam-mesem) Kula ajeng nyuwun PS3pak. : Rud, yen njalukmu PS3 bapak ora gelem nukokake, PS3 iku larang regane. Saliyane kuwi, yen kowe bapak tukokake PS3 mengko malah ngganggu sinaumu. Apa maneh sedhela maneh kowe bakal ujian. : Bener iku Rud,saiki kowe konsentrasi ujian wae.Supaya mengko kowe Bisa lulus kanthi biji kang apik, syukur- syukur dhuwur dhewe sasekolahan. : Yen kowe bener-bener bisa dadi lulusan sing dhuwur dhewe sak sekolahan, Bapak janji bakal nukokake hadiah. Sak senengmu arep nyuwun apa? Sing Wigati aja PS3…bapak ora seneng. : Mboten-mboten…pokoke Rudi tetep pengin PS3, Pak (wiwit muring-muring). : Rud,njaluk barang iku sing ana paedahe ngono lho,mengko bakal mesthi Ditukokake bapakmu. : Yen kowe iki njaluke buku, komputer utawa laptop, ngono ya bakal bapak tukokake. Apa wae sing ana gegayutane karo pendhidhikan bakal bapak 14



tukokake, (meneng sedhela,banjur diterusake),nang ing yen sing kok jaluk iku dolanan, tur regane larang ya bapak ora gelem. : Pokoke kula pengin PS3. Rudi bosen pak, sinau terus (ngalih, mlayu menyang kamar, banjur keprungu suara lawang dibanting). : Kena apaya buk, Rudi kok dadi kaya ngono? : Aku ya ora ngerti pak…wong biasane ya ora tau njaluk barang sing nekaneka. : Oya…buk, iki wis jam setengah lima. Bapak ana perlu ing omahe kang Parmin (pamit ibu, banjur ngalih). : Ati-ati, pak! (mlebu omah, nututi Rudi ing kamar)



Rudi Bapak Ibu Bapak Ibu



PAPAN GARAPAN



Ragam Basa Jawa Ngoko Lugu : Ibu



:



Ana apa ta,Rud? Teka kok muring-muring? (nyedhaki Rudi)



Bapak



:



Wista Rud, cerita wae ora usah sungkan-sungkan.



Bapak



:



Oalah…Rud…Rud,ngono wae kok nganti muring-muring, sing wigati iku ya berprestasi ta? Lha yen kaya mengkono kudune kowe malah seneng!



Ibu



:



Bener Rud, apa kandhane bapakmu iku. Kudune kowe malah seneng, coba delengen pialamu sapirang-pirang kae.



Bapak



:



Yajelas ta, Rud. Sapa ta sing ora seneng duwe bocah pinter lan sregep.



Bapak



: Rud, yen njalukmu PS3 bapak ora gelem nukokake, PS3 iku larang regane. Saliyane kuwi, yen kowe bapak tukokake PS3 mengko malah ngganggu sinaumu. Apa maneh sedhela maneh kowe bakal ujian.



Ibu :



Bener iku Rud,saiki kowe konsentrasi ujian wae.Supaya mengko kowe Bisa lulus kanthi biji kang apik, syukur- syukur dhuwur dhewe sasekolahan.



Bapak



: Yen kowe bener-bener bisa dadi lulusan sing dhuwur dhewe sak sekolahan, Bapak janji bakal nukokake hadiah. Sing Wigati aja PS3…bapak ora seneng.



Ibu



: Rud,njaluk barang iku sing ana paedahe ngono lho,mengko bakal mesthi Ditukokake bapakmu.



Bapak : Yen kowe iki njaluke buku, komputer utawa laptop, ngono ya bakal bapak tukokake. Apa wae sing ana gegayutane karo pendhidhikan bakal bapak tukokake, (meneng sedhela,banjur diterusake),nang ing yen sing kok jaluk iku dolanan, tur regane larang ya bapak ora gelem.



15



Bapak : Kena apaya buk, Rudi kok dadi kaya ngono? Bapak : Kena apaya buk, Rudi kok dadi kaya ngono? Ibu



: Aku ya ora ngerti pak…wong biasane ya ora tau njaluk barang sing neka-neka.



Bapak : Oya…buk, iki wis jam setengah lima. Bapak ana perlu ing omahe kang Parmin (pamit ibu, banjur ngalih). Ibu



: Ati-ati, pak! (mlebu omah, nututi Rudi ing kamar)



Ragam Basa Jawa Krama Alus :



Rudi



: Kula nembe mawon dipun awon-awonaken kaliyan Antok, Pak. Tirosipun kula niki anak ibu, boten gaul, damelanipun namung sinau kemawon. Lha menawi dipun awon-awonaken kados mekaten kula nggih lara ati ta, pak.



Rudi



: Dadosipun bapak kaliyan ibu seneng kaliyan prestasi kula?



Rudi



: Kula ajeng nyuwun PS3 pak.



Rudi



: Pokoke kula pengin PS3. Rudi bosen pak, sinau terus



Yen siswa wis rampung nggarap analisis teks drama ing ndhuwur, banjur siswa bisa nerusake ing kegiyatan sinau 3



Kegiyatan Sinau 3



Supaya pasinaon luwih greget, saiki para siswa kaajak makarya bebarengan sajroning klompok. Garapan kang awujud ngrakit teks pacelathon utawa teks drama lan maragakake teks drama kang wis 16



karakit. Para siswa kaajak ngrakit teks pacelathon kanthi makarya bebarengan ing saben klompok. Para siswa wis dicepaki ngeng ngrengan adegan kang mujudake alure crita. Kanthi rasa tanggung jawab andum agawe nulis pacela thone Dialog ing sajrone drama kudu nggambarake karakter (watak) paraga-paragane. Malahan paguneman ing drama duweni sipat estetis, tegese nduweni kaendahan basa. supaya penonton bisa ngrasakake dialek utawa ritem omongan saka para paraga kasebut, awake dhewe kudu gladhen supaya paguneman bisa nduweni sipat estetis yaiku kanthi olah vokal.



Gladhen Kanggo gladhenmu babagan nulis lan maragakake teks drama, gawea teks drama kethoprak kanthi tema cerita rakyat saka keraton jawa banjur pragakna karo klompok mu kanthi becik, bener, lan pener ing bab tata swara, olah awak, olah rasa lan panganggone unggah ungguh basa !



PAPAN GARAPAN



....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... .......................................................................................................................................................................



C. PANUTUB Kepriye siswa saiki? Sawise siswa sinau kanthi sithik-sithik lan nerusake saka kagiyatan pasinaon 1, 2, lan 3, ing ngisor iki diwenehi tabel kanggo ngukur siswa dhewe-dhewe miturut materi sing wis disinaoni. Wangsulana kanthi jujur anggenmu nguwasani materi ing UKBM iki! Tabel Refleksi Diri Pemahaman Materi No Pertanyaan 1. Apa siswa wis mangerteni babagan jinise unggah-ungguh basa



Ya 



Boten



17



2. 3. 4.



Apa siswa wis bisa mangerteni karakteritik unggahungguh basa? Apa siswa wis bisa mbedakake panganggone basa krama lan ngoko sajrone pacelathon? Apa siswa wis bisa mragakake teks drama kanthi bener lan becik?



  



Menawi wangsulan “BOTEN” ing salah satunggaling pitakonan ing nginggil, banjur sinaunen malih materi kasebut ing Buku Teks Pelajaran (BTP) lan disinau malih gladhen 1,2 utawa 3 sing sekirane perlu kok baleni kanthi tunthunan Guru utawa kaca sakelas. Ampun putus asa kangge mbaleni malih! Lan menawi mangsuli “YA” ing kabeh pitakonan, mangga lajeng sakbanjure. Wonten Pundi Posisimu? Mangga diukur awake dhewe menawi sampun nguasai materi jenis, karakteristik lan panganggone unggah-ungguh basa ing teks drama, ing rentang 0—100, tulisen menyang kotang sing sampun disediakaken.



Sakbanjure kotulis panguasaanmu dhateng materi jenis, karakteristik lan pangganggone unggahungguh basa ing teks drama, lajeng kegiatan menika kangge mengevaluasi penguasaanmu!.



Yuk Cek Penguasaanmu terhadap Materi Jenis, Karakteristik dan Penggunaan UnggahUngguh Basa dalam Teks Drama! EVALUASI



Supaya iso dipastekne menawa sampun nguasai materi jenis, karakteristik lan panganggone unggah – ungguh basa ing teks drama. Mangga garapen gladhen ing ngisor iki kanthi mandhiri ing buku tulismu dhewe-dhewe!



1. Jlentrehna pangetrepane unggah-ungguh basa ! 2. Ibu : Aja kesusu turu, shalat dhisik Rin! Rina : ........ Ukara kang trep kanggo Rina wangsuli panyuwune ibune yaiku ... 3. Menawa guneman migunakake basa Jawa, kudu ngerti Unggah-ungguh miturut sing diajak guneman. Menawa kowe telat mlebet kelas, ukara kang trep kanggo ijin menyang gurumu yaiku…



18



Menawa hasil sinau sampun KKM (78) lan kalebu kategori A (85-100), mangga dipunkerjakake “Soal Pengayaan 1” iki supaya tambah gamblang babagan materine.



Soal Pengayaan 1



1. Gatekna ukara ing ngisor iki. “Dina iki aku pengin mangan sate karo ngombe es cao, menawa Kangmasku pengin mangan soto karo ngombe es degan.” Ukara ing dhuwur menawa diowahi menyang ukara Ngoko Alus sing trep yaiku … 2. “ Yen kowe mengko . . . dhuwit, dhuwite langsung . . . simbah.” Tembung kanggo njangkepi supaya trep karo unggah-ungguhe yaiku . . . 3. Nalika awakmu lagi teka ing desa anyar, banjur ora mudeng arah menyang omahe kancamu. Cara takon alamat sing bener menawa migunakake basa Krama Alus yaiku…



Menawa hasil sinau sampun KKM (78) lan kalebu kategori B (78-85), mangga dipunkerjakake “Soal Pengayaan 2” iki supaya tambah gamblang babagan materine.



Soal Pengayaan 2



1. Simbah : Kowe mengko menyang Surabaya arep numpak apa le? Andi : .......... Miturut pachelathon simbah marang putune kasebut, wangsulan kang trep kang diuacapake dening Andi yaiku ... 2. Nalika pembelajaran daring, ana siswa kang durung bisa ngumpulake tugas ing wektune. Nalika arep matur karo gurune, ukara sing trep yaiku ... 3. Unggah-ungguh basa duweni tata cara panganggone dhewe-dhewe, saiki andharna tata cara panganggone Basa Ngoko Alus ! 19



Menawa kasil para siswa durung KKM (78) lan isih kalebu kategori C (0-77), mangga dicoba ngambali malih pasinaon saking awal, sakmantune niku mangga dipunkerjakake “Soal Remidial” menika.



Soal Remidial



1. Dipun sekecakaken anggenipun .... , kula ugi nembe kemawon .... Tembung kanggo njangkepi ukara ing dhuwur supaya trep karo unggahungguhe yaiku ... 2. Aku mangan sega rawon lan ibuku mangan sega pecel. Ukara kasebut menawa diowahi miturut unggah-ungguhe sing trep yaiku ... 3. Basa krama lugu yaiku basa kang migunakake tembung krama lan ora kecampuran tembung krama inggil tumrap sing diajak guneman. Saiki gawea tuladha ukara Krama Lugu kang trep !



Niki bagian pungkasan saking UKBM materi jenis, karakteristik lan panganggone unggah ungguh basa ing teks drama, mangga nyuwun tes formatif dhateng Guru, sakderenge sinau lajeng UKBM saklajenge.



KAPUSTAKAN



Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas XII. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur. Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas XII. Surabaya: Penerbit Duta; Hidayah, Nurul dan Umi Nayirotin. 2015. Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas XII. Jakarta: Penerbit Erlangga;



20



21