5 0 416 KB
Watak dan Tokoh Wayang Ramayana
RAMAWIJAYA Dasa nama : Rama Legawa Kasatriyane : Pancawati Gaman : Panah Gunawijaya Sifat : Bela kautaman, belani tumindak leres, jejegaken prakawis kanthi adil, ngayomi para brahmana miwah para kawula. Garwa : Dewi Shinta Patih : Narpati Sugriwa
DEWI SHINTA Dasa nama : Dewi Janaki Kasatriyane : Manthili Kadigdayan : Boten saged kobar ing dahana Sifat : Setya dhateng garwa, temen, prasaja, sabar, narima
HANOMAN Dasa nama : Anjani putra, Bayudara, Kapiwara, Palwaga Seta, Maruti, Ramanda, Dayapati, Bayusiwi, Guruputra, Yudawisma, Maruta, prabancana, Resi Mayangkara Kasatriyane : Kendhalisada Gaman : Aji sepiangin, aji pameling, aju Mundri Sifat : Santosa ing tekad, jujur, kendel, bekti lan setya dhateng Gusti Kadigdayan : Manawi mlampah kadi angin, gampil ngertos manawi dipun betahaken tiang, kekiyatanan astanipun ngedap-edapi.
DASAMUKA Dasa nama : Rahwana, wis-rawaputra, Sukesiputra, Dasawanda Kasatriyane : Alengka Gaman / Aji-aji : Pedhang ment-awa / Pancasona Sifat : Sumongah ses- ongaran, wengis lan kejem, licik Patih : Prahastha Kadigdayan : Angel pejahipun jalaran sirahipun sedasa boten saged pejah
LAKSMANA Dasa nama : Widagda, Sumitratmaja Kasatriyane : Girikastuba Gaman / Aji-aji : Jemparing Naracabala, Panah Banuwastra / Rajah Kalacakra, mantra Kalacakra. Sifat : Jujur, bekti dhateng sadherek sepuh, santosa ing tekad, tansah bela ingkang leres, jejegaken prakawis kanthi adil, remen ngayomi saha paring pitulungan dhateng tiyang sanes ingkang sangsaya saha kaaniaya. Garwa : Wadat
INDRAJIT Dasa nama : Megananda Kasatriyane : Bikukungpura Gaman / Aji-aji : Panah Wijalita saged ngedalaken latu, panah rante Wimahanasha saged ngedalaken wisa, panah Nagapasa saged dadi sawer maewu-ewu / Aji sirep Kadigdayan : Kekiyatanipun saged nelukaken ratu-ratu jajahan, saged mabur, saha nyipta kembranipun kathah sanget maewu-ewu Sifat : Sumonggah sesongaran, kendel, santosa ing tekad Rama : Prabu Dasamuka Ibu : Dewi Sumbagawati Garwa : Dewi Sumbagawati, Dewi Indraningrum
SUBALI Dasa nama : Guwarsi Kasatriyane : Sonyapringga Aji-aji : Aji Pancasina, nyawanipun rangkep gangsal Sifat : Santosa ing tekad, taberi teteki Rama : Resi Gohtama Ibu : Dewi Indradi Garwa : Dewi Tara nurunaken Jaya Anggada
SUGRIWA Dasa nama : Guwarsa Kasatriyane : Guwa Kiskendha Gaman / Aji-aji : – Sifat : Sentosa ing tekad, taberi ing teteki Patih : Jaya Anila Rama : Resi Gotama Ibu : Dewi Indradi Garwa : Dewi Tara nurunaken Raden Jaya Anggada tetilaranipun Resi Subali
KUMBAKARNA Dasa nama : Arya Lemburgangsa Kasatriyane : Panglebur gangsa Gaman : Gedhong menga, Pethakgelak Sakethi Sifat : Gadhah jiwa satriya, jujur, bela tumindak leres, tansah ngrungkepi pertiwi Kadigdayan : Saged numpes bala wanara
JAYA ANGGADA Dasa nama : – Kasatriyane : Kunthara Gaman / Aji-aji : – Sifat : Sentosa ing tekad Rama : Resi Subali Ibu : Dewi Tara
DASARATA Dasa nama : – Kasatriyane : Ayodya Rama : Prabu Wimasucandra Ibu : Tunjung Biru Garwa : Dewi Ragu, dewi Sumitra, dewi Kekayi Sifat : Sentosa ing tekad, jujur, berbudi bawa leksana
JAYA ANILA Dasa nama : – Kasatriyane : Kiskendha Rama : Resi Narada Sifat : Santosa ing tekad Aji-aji : Sepiangin, mlampahipun cepet kados angin
JEMBAWAN Dasa nama : – Kasatriyane : Gandamadana Rama : Resi Pulastya Garwa : Dewi Tri Jatha (Jembawati) Sifat : Setya tuhu dhateng Gustinipun, remen prihatos Kadigdayan : Dados senopati, Yuswa panjang Aji-aji : Aji pengasihan
DEWI SUMITRA Dasa nama : Dewi Priti Kasatriyane : Ayodya Rama : Bathara Hura / Prabu Ruryana Garwa : Prabu Dasarata Sifat : Setya bekti dhateng guru laki saha kadang sepuh
SARPAKENAKA Dasa nama : – Kasatriyane : Alengka Rama : Resi Wisrawa Ibu : Dewi Sukesi Garwa : Ditya Karadusana, Wirupaksa, Aanimpraba, Pratamadagni, wilugangga Sifat : Wengis, kejem, srakah, lemeran Kadigdayan : Trengginas, boten gadhah raos ajrih Aji-aji : Kuku asta ingkang mawa wisa
DEWI TRIJATHA Dasa nama : – Kasatriyane : Alengka Rama : Raden wibisana Ibu : Dewi Triwati Garwa : Kapi Jembawan nurunaken Jembawati Sifat : Setya bekti dhateng guru laki lan gusti, tanggel jawab, bela dhateng tindak leres lan kautamen