Bab 3 Xi SMT GSL - Teks Sesorah [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

BAB III SESORAH Tembung medhar sabda tegese sesorah utawa pidhato (Poerwadarminta ing Sutardjo, 108: 2013), yaiku medharake utawa njlentrehake/ngandharake pangandikan utawa kawigaten marang sesame/wong liya. Dene wong kang nindakake medhar sabda diarani pamedharsabda. Medhar sabda (sesorah) iku ngendika ing sangarepe wong akeh kanthi ancas kang gumathok. Dene kang diarani wong akeh iku ora ana wates cacahe, udakara luwih saka lima. Medhar sabda iku ana maneka wara jinise, ana kang umum, rowa, ringkes, ana kang prasaja, rinengga, manut kabutuhan lan kahanan sarta ancasing rembug. Upamane medhar sabda ing upacara manton, supitan utawa tetesan, sepasaran bayi, kesripahan, lan sapanunggalane. Mula pawongan kang kerep kajibah ngaturake sesorah kudu gelem; nyinau unggah-ungguhing basa, trapsila ing patrap, ora perlu kemrungsung, lan sapiturute. Cak-cakan utawa dhapukaning sesorah iku maneka warna, ana kang mung kaleksanaake, kaleksanaake kanthi adhedhasar bakuning surasa, kanthi cathetan cengkorongan, ana kang ditulis ganep banjur diwacake; lan uga ana kang resmi utawa ora resmi. Basa sajroning sesorah kaudiya supaya bisa: trep, tumrap pamilihe tembung, laras, cetha lan becik dhapukane ukara jumbuh karo kahanan lan nyenengake, bener, iketaning tembung-tembung manut paugeraning paramasastra. Mula kanthi ancas kasebut ing wulangan iki para siswa bakal nyinau babagan sesorah. Dene ancas kang katuju yaiku supaya bisa nindakake sesorah kanthi becik. Tundhone bisa migunani tumrap dhiri pribadi. Amarga ing kene ora mung nyinau sesorah, nanging mesthine uga nyinau babagan basal an subasitane. Kanthi undhake subasita bisa mahami rikala sesrawungan karo pawongan liya iku kudu ngecakake pakarti kang luruh lan urmat. Lamun sesrawungan dikantheni luruh lan urmat ndadekake rukun lan tentrem. Kanthi urip rukun lan tentrem bakal ner anggone nindakake kuwajiban minangka titahing Gusti.



Pakaryan 1 Sadurunge ngancik ing materi sesorah, kanggo ngukur sepira pangertene babagan sesorah siswa dijaluk mangsuli pitakon-pitakon iki. Pakaryan iki ditindakake amarga ana sesambungane karo ancas pungkasaning wulangan. 1. Apa para siswa ngerti apa kang diarani sesorah iku? 2. Apa para siswa tau nindakake sesorah? 3. Apa gunane bisa sesorah tumrap dhiri pribadimu? Pakaryan 2 Kanggo nambahi wawasan lan pengerten, ing ngisor iki bakal diandharake pangerten sesorah. Ing trap iki siswa dijaluk nyinau lan mahami perangan-perangan kang ana sesambungane karo sesorah, kalebu sikep lan kawruh basane. 1. Pangertene sesorah/pidhato Sesorah yaiku rembugan ana ing sangarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijining gagasan, panemu, pamikir, lan sapanunggalane Tujuwan baku medhar pangandikan yaiku kanggo ngaturake panguneg-uneg utawa mratelakake informasi kanthi medhar pangandikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha mangreteni sing diwedharake. Peprincening medhar pangandikan iku kaperang dadi pirang-pirang perangan. a. Hamedhar pangandikan kang asipat mratelakaken informasi. b. Hamedhar pangandikan kang asipat hiburan. c. Hamedhar pangandikan ingkang asipat hamemilut marang para pamyarsa. 2. Perangan sesorah/pidhato Perangan sesorah/pidhato ing antarane yaiku : a. Pambuka Surasane ngandharake salam, mbagekake kang padha rawuh, lan ngucapke syukur marang Gusti. b. Surasa/isi Perangan iki ngemot andharan wigatining sesorah. c. Wasana/Panutup Ing babagan iki diandharake wos wigatining sesorah lan dudutane. Sabanjure ngaturake pangajak marang kabecikan, banjur dipungkasi ngaturake kaluputan anggone ngandharake lan salam panutup. 3. Unsur-unsur sesorah/pidhato Unsur-unsur kang kudu ana ing sesorah/pidhato yaiku 5W + 1H. 1



4. Ancas sesorah Ancase wong sesorah iku adhakane duwe pangajab kaya ing ngisor iki: a. Paring (nyaosi) andharan lan pangerten marang wong liya kang padha rawuh ngrungokake. b. Paring (nyaosi) andharan kang nyenengake kang padha midhangetake, jalaran basane ketok edi lan peni kanthi nggunakake unggah-ungguh basa Jawa. c. Kanggo milut panemune wong liya sawise gelem midhangetake, lan sabanjure gelem manut lan percaya karo wose andharan kang kababar utawa katurake. d. Paring (nyaosi) andharan utawa pangerten marang wong kanthi lelewaning basa kang becik, nyenengake, lan kepenak dirungokake, lan kepengin milut panemune wong liya kang padha midhangetake. (Sutardjo, 2013: 108-112) 5. Patrap nalika sesorah a. Sarira kang kurang mranani (sikap) Pawongan kang lagi sesorah prayogane ninggalake sakabehe patrap utawa lageyan kang ora becik, yaiku ngadeg kanthi : - lelambaran sikil siji - sikil rapet utawa mbegagah banget - loyo/ora ana semangat - ora jejeg utawa dhoyong - lendhehan papan micara/mimbar/meja - kaku, kaya wong baris - ora nggatekake tamu - nyekel cagak mike b. Owah-owahan praen kang kurang mranani (ekspresi wajah) - guyu kang digawe-gawe - kerep mesem kang digawe-gawe, mula kaya-kaya cengengesan - tansah mbesengut - tansah ndhingkluk utawa mengo - gugup c. Owah-owahan sarira kang ora mranani (gerak) - kerep mbanda tangan - kerep kukur-kukur, ngukur kuping utawa bathuk, lsp - kerep nginguk cathetan - kerep nyekel mike, nyoba mike kanthi disebul - tangan ana ing sajroning sak (clana, klambi) Supaya pamiyarsa anggone midhangetake wedharan bisa seneng, jenjem, pamedhar kudu nggatekake bab-bab kang becik, kayata: a. Pangrasa disarehake dhisik, supaya swara ora keprungu ndhredheg. b. Menawa ngecek mike aja nganti disebul, cukup dikethuk. c. Nganggo basa kang alus, nanging ora perlu kang muluk-muluk, supaya gampang ditampa dening kang padha midhangetake. d. Pangandikan ora perlu mubeng-mubeng, kang cekak aos. e. Wiramaning wicara kang cetha sarta kajumbuhake karo kahanan. f. Tutuk aja cedhak-cedhak banget karo mike, mundhak nuwuhake swara kemresek. g. Swara ora perlu seru-seru, kang cukupan wae nanging cetha tur wijang. 6. Teknik maca sesorah/pidhato Nalika nindakake sesorah saliyane perangane kudu ganep, uga kudu nggatekake: a. Sikep nalika sesorah. Yen nalika sesorah kudu ngadeg jejeg, ora mingsat-mingset lan anteng. Dene yen sesorah kanthi lungguh kudu dhag dhadhane dijokake, aja mbungkuk utawa miring (mengkleng). Ing pahargyan adat Jawa nalika ngadeg luwih becik ngapurancang. b. Basa kang digunakake gampang dingreteni, tembunge saiki komunikatif. c. Swara kudu ngarah-arah. Upama ana ing njero klas aja seru-seru, watone ngarep ora kebrebegen sing ana mburi krungu. Beda maneh nalika ana ing lapangan utawa papan kang amba lan rame, kudu nyuwara kang seru, isa uga nggunakake panyora swara (sound system).



2



d. Nggatekake tema kang jumbuh karo swasana. Tema iku baku banget dingreteni, amarga anggone ngandharake mengaruhi swara, nada, lan ekspresi. Upamane sesorah temane kamardikan beda karo tema bela sungkawa. e. Swasana utawa kahanan. Ing babagan iki sesorah kudu nulat wektu kahanan kang ana lan kang dibutuhake. Yen wektu kang disedhiyakake ora suwe anggone sesorah kudu cekak aos. Yen sesorah nalika usum udan ing papan kang tanpa payon kudu anut kahanane. f. Wayah/wektu. Wayah iki uga kudu digatekake, sesorah ing wayah awan kudu beda karo ing wayah bengi. Senajan kanthi tema kang padha, upamane sesorah pengetan dina kamardikan wayah awan lan bengi kudu dibedakake. Anggone nyuwara anut wayah, yen bengi aja seru-seru. g. Papan. Sesorah ing njero klas mesthi beda nalika sesorah ana ing papan ngibadah. Slaga lan tata carane kudu njumbuhake papane. Yen ing njero klas iku papan pendhidhikan dadi nalika sesorah ngara-arah babagan pendhidhikan. Beda nalika sesorah ing papan ngibadah, kang diandharake mesthine babagan kapitayan lan ibadah. h. Audience utawa pamireng. Nalika sesorah, pamicara uga kudu nggatekake sapa kang mirengake. Babagan iki gegayutan karo basa lan sastrane sesorah. Yen ing sangarepe warga masyarakat iku isa nggunakake basa kang gampang ditampa, tembunge liya komunikatif kang nganggo waton. Beda maneh nalika sesorah ing madyaning pawiyatan inggil, upamane ing lingkungan kampus prayogane nggunakake basa kang baku lan ilmiah.



Sesorah abasa Jawa iku umume tinulis nganggo ragam krama alus. Mula kanggo pengeling-eling setitekna andharan ing ngisor iki! - Krama alus Kang dikarepake krama alus yaiku wujud unggah-ungguh basa Jawa kang sakabehe tembunge dumadi saka tembung krama, krama inggil, utawa krama andhap. Nanging kang dadi tembung inti yaiku tembung krama. Tembung madya lan ngoko ora digunakake ing ragam iki. Saliyane iku tembung krama inggil utawa krama andhap kanthi ajeg tansah digunakake kanggo ngurmati marang kang diajak guneman. Wuwuhan (imbuhan/afiks) kang digunakake ing ragam iki kabeh uga awujud krama (dipun-, -en, -aken). Tuladha : 1. Katur dhumateng para sesepuh saha pinisepih ingkang satuhu kinabekten. 2. Nyuwun tulung kula dipuntumbasaken buku gladhen sesorah jangkep. 3. Simbah sampun paring pitutur dados siswa kedah miturut lan mituhu dhumateng pangandikanipun guru.



Pakaryan 3 Sawise mangsuli pitakon pakaryan 1 lan nyinau pakaryan 2, setitekna tuladha teks panatacara ing ngisor iki! Salah sawijining siswa bisa macakake lan siswa liyane ngrungokake. Tindakna kanthi gilir-gumanti! Tuladha teks sesorah Sesorah Nebihi Narkoba Assalamu’alaikum, Wr. Wb. Nuwun. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang winantu ing pakurmatan. Bapak ibu guru ingkang kula urmati. Ingkang winantu ing pakurmatan bapak ibu staf karyawan karyawati, dalasan kanca-kanca siswa siswi ingkang winantu ing kabagyan. Puji syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring rohmad dhateng panjenengan lan kula, satemah saged pinanggih ing papan ngriki kanthi wilujeng. Mugi kasarasan, kawilujengan, miwah kabahagyan katumrapan dhumateng panjenengan dalasan kula. Ing kalodhangan punika kangge mahargya dinten BEBAS NARKOBA, kula ngajak dhateng para tamu, mliginipun kanca-kanca siswa siswi, mangga sesarengan sami nyuksesaken program pamarentah ingkang gadhah pangajab BEBAS NARKOBA TAHUN 2014. Awit saking kathahing kedadosan ingkang sampun kaetang, sampun makapingkaping korban-korban ingkang ngginakaken narkoba tansaya mindhak. Langkung-langkung saking gunggung jiwa ingkang sampun kacathet, 80 % korban punika saking para mudha. Pramila wonten andharan punika, sekedhik badhe kula aturaken sesambetan kaliyan pirembagan ing ngajeng. Menawi dipungatosaken saking kedadosan ingkang sampun kelampahan, miturut saking kasunyatan ingkang cetha, kanca-kanca ingkang ngginakaken narkoba punika wiwitanipun namung nyobi-nyobi. Mirsani kanca ingkang



3



ngginakaken punika sajak remen kawontenanipun. Kabithung saking kawontenan kanca ingkang makaten, lajeng boten kiyat imanipun, mlajengipun ketut tumindak kados ngaten. Kajawi saking punika, kanca-kanca ingkang ngginakaken narkoba punika kajawi kaglithuk dening lingkungan, wingkingipun ugi kathah ingkang saking kluwarga ingkang risak. Awit salebetipun kluwarga boten wonten raos njagi setunggal tumrap setunggalipun. Sedaya anggota kluwarga namung nuruti hardaning kanepson, namung menggalihaken karemenanipun kiyambak. Antawisipun tiyang sepuh kaliyan putra boten wonten raos tresna lan asihipun. Bapak ibu ingkang kula urmati, dalasan kanca-kanca ingkang winantu ing kabahagyan. Kajawi saking kados perangan ing nginggil. Lare ingkang kados mekaten punika wingkingipun ugi kathah ingkang saking kluwarga ingkang cekap, langkung-langkung saking kluwarga ingkang tirah. Tiyang punika menawi gadhah arta tirah umumipun bingung anggenipun ngecakaken. Pramila lajeng mlajar dhateng tumindak ingkang boten sae. Pramila saking punika panjenengan lan kula kedah saged nebihi tumindak awon ingkang kados mekaten. Mliginipun tumrap kanca-kanca siswa siswi sedayanipun, lare ingkang sampun kecanduan narkoba punika mesthi risak nalaripun. Titikanipun sedaya ingkang dipuntindakaken tansah sulaya. Gampil kesenggol raosipun, nganggep tiyang sanes punika mengsahipun. Boten purun manunggal kaliyan kanca sanesipun. Sampun ketingal nglokro, gampil kesel, gampil sakit, tansah uring-uringan, lan sapanunggalanipun. Malah ingkang sampun mlebet tataran kecanduan, rumaos remen menawi saged milara dhateng dhiri pribadinipun piyambak. Ngengeti kawontenan ingkang kados mekaten, menapa boten miris menawi dipunraosaken. Ningali kemawon sajak boten mentala. Pramila mangga nebihi tumindak ingkang ngginakaken narkoba jinis punapa kemawon. Awit menapa kemawon wujudipun narkoba punika boten prayogi tumrap dhiri pribadi. Ingkang saged ngendhaleni sedayanipun punika kawiwitan dhiri pribadinipun kiyambak. Langkung prayogi ingkang dereng kenging narkoba, ampun ngantos nyobi-nyobi ngangge. Ingkang sampun kelajeng, saged nebihi kanthi ngginakaken cara : 1) Tansah eling dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung. 2) Mungkasi sedaya tumindak ingkang ngosumsi narkoba. 3) Menawi boten saged ngendhaleni kiyambakan, saged pasrah dhateng dokter, supados mangke saged dipundandosi. 4) Tumrapipun kluwarga kedah saged maringi panyengkuyung ingkang awujud materi punapa dene spiritual. Kanthi nindakaken cara ingkang kados mekaten, mugi-mugi saged minangka satunggaling pambudidaya kangge nebihi sarta ngusadani lare ingkang kenging narkoba. Pramila kula ngemutaken dhateng dhiri pribadi kula kiyambak, lan dhumateng kanca-kanca, ampun ngantos dados satunggaling pengguna narkoba, awit narkoba punika pancen ngrisak panjangka lan sedaya kekajengan ingkang badhe dipungayuh. Bapak ibu ingkang kula urmati, dalasan kanca-kanca siswa-siswi ingkang winantu ing suka basuki. Cekap semanten atur kula. Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan kula, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten. Nuwun. Wasalamu;alaikum, Wr. Wb. Pakaryan 4 Sawise ngrungokake pamacane sesorah, siswa dikarepake bisa mahami surasane. Mula saka iku wangsulana pitakon ing ngisor iki! Pakaryan iki bisa digarap kanthi klompok. Mula saka iku nglumpuka dadi klompok-klompok. Cacah siswa saben klompok ukara 4 – 6. a. Sebutna perangan pambuka sesorah ing dhuwur! b. Jlentrehna perangan surasane! c. Andharna perangan panutupe! d. Apa kang dadi wos surasane sesorah? e. Jlentrehna sapa kang sesorah, ana ngendi, lan kapan ditindakake! f. Golekana tembung-tembung kang miturut panemumu ora trep penganganggone! Pakaryan 5 Ing pakaryan iki siswa kadhawuhan gawe sesorah kanthi tema tinamtu. Mula saka iku ngadanana rerembugan karo klompokmu! 1. Temtokna tema sesorah, banjur gawenen irah-irahane (judul)! 2. Gawenen cengkorongane! - Pambuka - Surasa 4



- Panutup 3. Tulisen sesorah! Pakaryan 6  Sawise sesorah wis katulis, ijolna karo klompok liyane supaya disemak mbok menawa ana tulisan kang kleru! Bisa ing babagan tembung utawa ukarane.  Tugase klompok liyane njingglengi asiling sesorah kang ditulis dening klompok liya!  Menawa wis rampung anggone njingglengi, banjur tulisen bab-bab kang narik kawigatenmu, bisa awujud panemu utawa panyaruwe (kritik/saran)!  Banjur dhiskusekna!



Pakaryan 7  Magepokan karo pakaryan 4, ing pakaryan iki siswa dikarepake bisa prigel nindakake sesorah. Mula gladhena luwih dhisik. Yen wis prigel bisa dicoba kanthi macakake gilir gumati. Banjur kanggo siswa liyane aweh pambiji. Asil lan pambijine sepira kaprigelane ngandharake sesorah ing babagan lafal, intonasi, lan penghayatan. Siswa bisa sesorah kanthi tema liyane! No Lafal Intonasi Penghayatan Gunggung biji 1 2 3 4 …. lan sateruse Pakaryan sabacute Sawise ngrampungake saperangan gladhen kang cumawis, ing trap iki para siswa wis kaanggep ngerteni babagan sesorah. Mula saka iku, supaya nambahi pangerten lan kaprigelane kanthi mandhiri siswa kadhawuhan : 1. Goleka teks/tuladha sesorah saka media liyane, kayata ariwarti (koran), kalawarti (majalah), internet, buku,lan sapiturute! 2. Sawise wis bisa nemokake sesorah saka media liyane, banjur oncekana strukture! 3. Gaweya sesorah kanthi tema ulang taun sekolahmu! 4. Garapan ditumpuk ing pasatemon candhake! 5. Pakaryan kasebut wartakna marang kanca-kancamu ing papan liya bisa lumantar sinau klompok, madding utawa internet!



Wimbuh kawruh Cak-cakan lan Piandel Sesorah Sesorah iku pagaweyan kang nggunakake lesan, mula carane kudu nggatekake pangolahing swara supaya leres lan laras, kedale, pangucap lan wiramane. Mula diusahake supaya bisa becik ora ana saru siku. Sajroning sesorah kuwi kudu kawawas lan kajumbuhake karo: (a) sapa kang sesorah, (b) sapa kang tumanggap, (c) sapa lan apa kang kawedhar, (d) kepiye swasanane (wektu, papan, kahanan), (e) apa ancas sesorahe. (Sutardjo, 2013: 111). Pamedhar sesorah supaya bisa nyenengake marang kang duwe gawe lan kang padha rawuh, pilihen piyayi kang wis lantip ing ngelmu lan yuswane, jembar pangertene, wibawa, sarta wasis micara ngracik lelewaning basa. Dene piandele yaiku: 1. Tatag: ora wedi, ora ndhredheg. Kanggo ngilangi rasa wedi/ndhredheg iku kudu ngulinakake ngadhepi wong akeh ana ing pasamuwan-pasamuwan, gelem ngudi undhaking kawruh lan kagunan supaya luwih prigel basa Jawa. 2. Teteg: kukuh, tajem, ora kemrungsung. Tansah njembarake kawruh lan kagunan apa wae kanggo dhasar utawa paugeran sawayah-wayah sesorah. 3. Tanggap: ngerti kang dikarepake dening para rawuh kanthi ngungak swasana, supaya ora nuwuhake rasa jengkel. Upamane swasana mendhung, wis bengi, wektu mundur/molor banget. 4. Tanggon: nyenengake lan maremake marang para tamu, amarga basane leres, laras, ringkes, lan gampang ditampa. 5. Titis: bisa njumbuhake apa kang kudu diaturake sajroning sesorah. Luwih-luwih kang kajibah sesorah babagan sabdatama (pitutur), kudu bisa njumbuhake karo wigatining karsa; mula seserepane kudu jembar.



5



Pikolehing pasinaon 1. Siswa bisa jlentrehake struktur lan kaidah sesorah. 2. Siswa bisa ngandharake wos surasane sesorah. 3. Siswa bisa nindakake sesorah kanthi trep lan bener. 4. Kanthi nyinau sesorah bisa ningkatake budi pekerti lan solah bawa dadi luwih becik lan njawani.



Pakaryan 8 Gladhen kompetensi I. Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen! 1. Khotbah iku sawijining jinis sesorah kang surasane ngenani kapitayan utawa agama, kang dimirengake dening wong akeh. Kanggo kang ngrungokake ana bab-bab kang isa dipamahami, kajaba …. a. sapa sing ngendika. b. apa sing dirembug. c. ana ing ngendi. d. bayarane pira. e. kapan ditindakake. 2. Nalika mirengake sesorah, pamedhar sabda ngandharake wigatining rembug kang dadi wos ngendikane. Perangan mirengake iku diarani … a. sapa sing ngendika. b. apa sing dirembug. c. ana ing ngendi. d. bayarane pira. e. kapan ditindakake. 3. Palapuran mirengake sesorah biyasane ana kolom utawa prentah ngenani papan nindakake. Mula perangan kaprigelan mirengake kang kudu kokcathet yaiku …. a. sapa sing ngendika. b. apa sing dirembug. c. ana ing ngendi. d. bayarane pira. e. kapan ditindakake. 4. Supaya bisa sesorah kanthi becik, para siswa perlu ngrancang sesorah, kanthi nggatekake bab-bab ngisor iki, kajaba …. a. nggunakake basa kang angel b. gawe cengkorongan (kerangka) sesorah, c. mekarake cengkorongan sesorah iku kanthi milih tembung-tembung kang pener, d. nggatekake unggah ungguh (sesorah marang sapa), e. maragakake utawa mraktekake kanthi kedal (lafal), wirama (tempo), wirasa (intonasi), lan patrap (sikap kang pener). 5. Isa dipahami lan orane sesorah iku yen sing ngandharake cetha dirungokake saka basa lan swarane. Saliyane iku yen nindakake kanthi tata cara kang bener mesthi diajeni dening pamirenge. Bab kasebut dadi salah sijining tata cara nalika sesorah kang diarani …. a. nggunakake basa kang angel b. gawe cengkorongan (kerangka) sesorah, c. mekarake cengkorongan sesorah iku kanthi milih tembung-tembung kang pener, d. nggatekake unggah ungguh (sesorah marang sapa), e. maragakake utawa mraktekake kanthi kedal (lafal), wirama (tempo), wirasa (intonasi), lan patrap (sikap kang pener). 6. Perangan sesorah kang diandharake nalika mbuka pangandikan yaiku ….. a. pangarep-arep b. ngaturake panuwun c. mungkasi kanthi ngaturake dudutan/kesimpulan 6



d. ngaturake kaluputan anggone matur e. salam panutup 7. Andharan kang minangka wosing sesorah iku ing perangan surasa/isi. Mula kang diandharake nalika perangan isi yaiku …. a. salam pambuka b. mbagekake para tamu c. ngucapake syukur d. ngaturake wose pahargyan e. ngaturake panuwun 8. Ing pahargyan apa wae, wong kang duwe gawe mesthi ora isa tumandang dhewe mbutuhake pambiyantuning liyan utawa gotong royong, mula nalika sesorah pambagyaharja kang becik diandharake yaiku …. a. ngaturke panuwun b. pangarep-arep c. ngaturke kawilujengan d. mbagekake e. ngucapake syukur 9. Ngandharake sesorah iku becike nggatekake tamu kang rawuh. Sabab status lan kalungguhan tamu iku uga nyebabake pamilihe tembung lan basa. Perangan iki bab-bab wigati amrih prayogane wedharan kang diarani …. a. ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacana. b. ngreteni wektu utawa durasi tanggap wacana kang diwenehake. c. ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara. d. nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacana. e. busana kang jumbuh karo swasana. 10. Ing desaku bapak kulina kadhapuk dadi sesulih piyayi kang duwe gawe, pakaryan iku atur pambagyaharja. Nalika pasamuwan ing desa bapak ngageme jas nasional, nanging nalika ana ing karaton ngagem kejawen jangkep. Perangan iki bab-bab wigati amrih prayogane wedharan kang diarani …. a. ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacana. b. ngreteni wektu utawa durasi tanggap wacana kang diwenehake. c. ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara. d. nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacana. e. busana kang jumbuh karo swasana. II. Essay Setitekna sesorah pambagyaharja iki banjur garapen gladhene! Assalamu’alaikum wr.wb. Kula Nuwun Dhumateng Bapak Ketua RT lan pengurus Pandanwangi ingkang winantu ing pakurmatan. Dhumateng Bapak ibu warga ageng Desa Pandanwangi ingkang ugi satuhu kinurmatan. Saha para kadang karang taruna “SEMBADA KARYA” Desa Pandanwangi ingkang winantu ing suka basuki. Saderengipun kula matur, sumangga tansah ngaruraken raos syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking peparingipun rohmat lan hidayah kita sedaya taksih pinaringan wekdal ingkang mirunggan ngempal manunggal wonten ing gedung pertemuan warga Desa Pandanwangi ngriki kanthi kasaran lan kawilujengan. Mugi Gusti Kang Maha Wikan tansah memayungi kita sedaya anggenipun ngadani kegiyatan ingkang prayogi punika. Keparenga kula matur, bilih minangka sesulih panitia pengetan warsa enggal 2013 ngaturaken agenging samodra pangaksami awit saking kiranganging suba sita lan tata krama anggen kula sakanca nampi karawuhan panjenengan sedaya, salajengipun ngaturaken agenging panuwun awit saking karawuhan panjenengan sedaya nuhoni sedhahan ingkang sampun kaaturaken. Salajengipun ngaturaken agenging panuwun inggih awit saking panyengkuyung saha iguh pretikelipun saengga paheman ing ari punika saged kasembadan kanthi sae. Bapak ibu warga ageng Desa Pandanwangi saha tamu undhangan ingkang kula urmati, pahargyan punika minangka pungkasaning pahargyan saking reroncening acara mengeti warsa enggal 2013 warga ageng Desa Pandanwangi. Wekdal punika pinungkasipun kanthi nggelar ajang seni lan kreasi putra-putri Desa Pandanwangi minangka papan kangge nedahaken saha ngrembakakaken kaprigelan seni. Eman-eman sanget menawi sakathahing kesagedan punika boten dipunajangi. Awit kula pitados Desa Pandanwangi punika kondhang boten naming saking kerukunan lan kekompakanipun, nanging ugi saking kesenian lan kaprigelan putra-putrinipun.



7



Para warga Desa Pandanwangi ingkang mastuti ing kautamen, bapak ibu tamu undhangan ingkang winantu ing suka basuki, kula kinten boten kathah atur ingkang katur, namung panuwun mugi panjenengan sedaya kersa mberkahi saha mriksani pasugatan punika dumugi ing purnaning gati. Saha nyuwun samodra pangaksami awit saking kiranging trapsila lan basa anggen kula matur. Nuwun . Wasalamualaikum wr.wb. a. Sapa kang ngandharake pambagyaharja iku? b. Kanggo sapa pambagyaharja iku diandharake? c. Ana ngendi lan kapan pahargyan iku diadani? d. Jlentrehna wos surasane pambagyaharja iku! e. Gancarna maneh nganggo basamu dhewe!



8