Teks Sesorah Panawung Krida [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

TEKS SESORAH



Nama



: Arum Fadhilah



Kelas



: XII IIS 1



No.



: 02



Assalamualaikum Wr. Wb. Para pinisepuh, sepuhan, saha kadang kakung sumawana putri ngkang dahat kinurmatan. Mangga kula dherekaken manengku puja munjukaken puji syukur dhumateng Ngarsa Dalem Allah, Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat saha dihadahipun satemah kula lan panjenengan sedaya saget nglempak kanthi pinayungan karaharjan tinebihna ing sambekala. Wonten mriki kula minangka ketua panawung krida badhe ngaturaken agungin panuwun dhateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa rawuh wonten ing acara syawalan desa Sekarsari ing dinten menika. Kula minangka sulih salira saking sedaya panitia nyuwun agunging pangapunten mbok bilih anggenipun nyamektaaken acara syawalan menika taksih kathah kekiranganipun. Kula pribadhi ngaturaken panuwun dhateng sedaya mawon ingkang sampun urun pambiyantu saking tenaga menapa abdha, mugi-mugi amal kesaenan panejengan pinaringan piwales ingkang langkung kathah tuwin langkung sae saking Gusti Allah SWT. Amin. Mboten kesupen kula lan sedaya panitia ugi ngaturaken Sugeng riyadi, sedaya kalepatan nyuwun agunging pangapunten awit sedaya lepat ingkang kajarag menapa mboten. Kula suwun kanhti wulan ingkang sae menika bapak, ibu, saha para lenggah sedaya kersa paring pangapura. Mugi-mugi kathi wulan syawal menika dosa kula tuwin panjenengan sedaya saged lebur, tuwin saged dados tiyang ingkang fitri malih. Ing Wusananing atur, mangke mbok bilih acara syawalan menika sampun paripurna kula namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugya rahayu ingkang sami pinanggih. Cekap semanten atur saking kula, kanthah kekirangan anggeipun kula matur kula nyuwun pangapunten. Walaikumsalam, wr, wb.