Bahasa Jawa Geguritan [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

MATERI BAHASA JAWA GEGURITAN KELAS 4 A. APA IKU GEGURITAN? Geguritan, yaiku puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. Bebas jumlah larik ing saben pada (bait), bebas jumlahe pada, lan bebas pilihan tembung kang digunakake. Sing penting, isine mentes lan pantes. Nalika penulis utawa penggurit ngarang teks geguritan, penulis miwiti kanthi netepake tema karangan, yaiku gagasan pokok sing arep diandharake sajerone tulisan. Sabanjure, tema iku nduweni mupangat dadi wadhahe karangan. Tegese, karangan ora oleh metu utawa mlenceng saka tema (wadhah) sing wis ditetepake. Kanggone wong sing maca teks geguritan sing wis dadi, tema geguritan bisa ditemokake kanthi cara maca geguritan kang titi lan yen perlu dibolan-baleni. B. STRUKTUR TEKS GEGURITAN ana 5 perangan: 1. Tembung Pilihan tembung uga diarani dhiksi. Kanggo ngasilake geguritan kang trep, pengarang mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Tembung-tembung sing digunakake ana sing duwe teges lugu utawa apa anane (denotatif) lan ana sing duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif). Pamilihe tembung sing pantes lan mentes, ndadekake geguritan dadi endah lan aji. 2. Larik Larik utawa baris duwe teges sing beda yen kabandhingake karo ukara ing gancaran (prosa). Larik ing geguritan bisa mung wujud satembung, bisa wujud kumpulan tembung, utawa bisa uga wujud ukara. 3. Pada/Bait Pada mujudake kumpulan larik kang tumata kanthi laras (harmonis). Saben sapada dumadi saka siji gagasan utama sing beda karo pada liyane. 4. Uni/Swara Uni kawangun saka purwakanthi lan wirama. Purwakanthi yaiku runtute swara, sastra, utawa tembung kang ana ngarep karo swara, sastra, utawa tembung kang ana mburi. Wirama yaiku endhek-dhuwur, cendhak-dawa, utawa alus-kasare swara sing diucapake. Anane purwakanthi lan wirama ndadekake geguritan penak diwaca lan dirungokake. 5. Surasa/Makna Surasa mujudake tujuane pengarang utawa panggurit nalika nulis geguritan. Anggone panggurit milih tembung, nata larik, lan bait dilarasake karo tujuane. Surasa bisa wujud isi lan pesen (amanat) saka geguritan. (CONTOH PENGGUNAAN)



Dibawah ini akan dijelaskan apa itu tembung, larik, bait, swara, dan surasa. Dengan memakai contoh judul puisi gooong! Diatas. Manakah yang termasuk tembung, larik, bait, swara, dan surasa pada puisi goooong! Diatas?



No. Struktur Teks 1. Tembung



2.



Larik



3.



Pada/Bait



4.



Uni/Swara



5.



Surasa/Makna



Katrangan dengan memakai contoh pada kalimat di puisi Gooong! Pilihane tembung ana sing duwe teges lugu lan entar. (Tembung dalam bahasa Indonesia artinya kata, nah pilihan kata pada puisi ada yang memiliki teges lugu/kata sebenarnya. Dan teges entar/kata kiasan/bukan sebenarnya) Tuladha: -teges lugu : cilik, latar, lan montor (ini adalah contoh kata yang memiliki arti sebenarnya) -teges entar : cupet budine, meres kringet, meres pikir, lan adhem ayem (ini adalah contoh kata yang memiliki arti bukan sebenarnya. Misalkan arti dari meres pikir adalah memikirkan suatu hal yang berlebihan) Larik ing geguritan katon endah, sebab ana sing dawa lan ana sing cendhak. Iki nuduhake kebebasane, ora kudu padha dawane. (artinya: Baris pada puisi terlihat indah, karena ada baris yang dengan kalimat yang panjang, dan ada baris dengan kalimat yang pendek) Tuladha larik sing: -dawa :”Dak deleng gong gumantung ing gayor” (contoh kalimat dalam 1 baris yang panjang) -cendhak : ”dikuwalonake” (contoh kalimat dalam 1 baris yang pendek) Saben sapada ana sagagasan. (setiap satu bait ada satu gagasan/inti) Pada 1: Kahanane gong. (bait 1 gagasan pokok/intinya adalah “Kahanane gong”) Pada 2: Sipate (watake) gong. (bait 2 gagasan pokoknya adalah Sipate gong) Pada 3: Kahanan lan sipate kulawargaku sing padha karo gong (bait 3 gagasan pokoknya adalah kahanan lan sipate kulawargaku sing padha karo gong) Untuk menemukan gagasan pokok sama seperti pada materi Bahasa Indonesia Tema 1 Minangka purwakanthi, ing geguritan iki ana tembung sing unine runtut karo tembung mburine. (Purwakanthi dalam bahasa Indonesia adalah Rima. yaitu pengulangan bunyi kata) Tuladha: latar-dhahar, motor-kantor, lan ana Ana tembung sing dibolan-baleni Tuladha : ora ana sing ... . Anane purwakanthi ing geguritan iki, ndadekake geguritan kepenak yen diwaca kanthi wirama alus lan alon. (adanya Rima dalam puisi membuat puisi enak didengar, dibaca dengan irama halus dan pelan) Surasa atau makna dalam puisi. Dibawah ini adalah surasa dalam puisi gooong! “nerangake guyub rukune kulawarga iku kena kanggo (Kerukunan dalam keluarga pada puisi tersebut bisa kita contoh)



tepa



tuladha.”



BAGAIMANA CARA MEMAHAMI GEGURITAN? Artikan Kata Sulit dan Memparafrase Geguritan tersebut. C. Tembung sing Angel Dingerteni (Arti Kata Sulit) Basa sing dinggo ing geguritan, lumrahe dudu basa padinan. Supaya bisa ngerti isine geguritan bocahbocah kudu nindakake kaya ing ngisor iki: (Bahasa yang digunakan dalam puisi bukanlah bahasa seharihari. Supaya dapat dimengerti isi dari puisi, siswa harus: ) 1. Maca teks geguritan kanthi setiti. (membaca teks puisi dengan cermat) 2. Negesi tembung kang angel, yen perlu bisa nggunakake kamus. (Mencari arti dari kata sulit, bisa menggunakan kamus untuk mencari artinya) 3. Negesi tembung kang duwe teges entar, pasemon, utawa pralambang ing geguritan. (Mencari tahu kata yang termasuk kata kiasan/tidak sebenarnya, kata sebenarnya, kata perumpamaan, atau simbol pada puisi) Tuladhane, tembung ‟sapu sada‟ mujudake pralambang guyub rukun. Sada yen ijen gampang ditugel lan ora ana gunane, nanging sada yen akeh, ditaleni dadi siji malih kuwat lan dadi sapu sing ana gunane. (Misalkan, Kata „sapu sada‟ melambangkan Kerukunan/Persatuan. Sada (sapu ijuk) jika hanya 1 batang akan mudah dipatahkan, namun jika sada (sapu ijuk)nya banyak dan ditali menjadi satu akan menjadi kuat dan akan menjadi sapu yang dapat digunakan) Contoh kata sulit dan Artinya: No. Tembung (Kata) Tegese (artinya) 1. Asri Endah didulu (lingkungan yang indah) 2. Cancut Enggal-enggal (cepat-cepat) (tanggap dalam bekerja sama) 3. Kerjabakti Gotong royong



No. 4. 5. 6. 7. 8. 9. 10.



Tembung (Kata) Wiyata Disangga Crah Bubrah Rukun Santosa Guyub



Tegese (artinya) Lingkungan sekolah Diangkat dhuwur Tukar padu (bertengkar) Ilang tatanane (berpisah) Kuwat (solid) Urip sing selaras (hidup yang sejahtera) Greget tumindhak bebarengan (selalu berbuat bersama-sama dalam hal positif)



D. Njlentrehake Isine Geguritan (Menjelaskan Isi Geguritan) Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani parafrase. Parafrase katindakake kanthi ngowahi susunan pada (bait) dadi paragraf, nanging tanpa ngowahi isine. Awit basa ing geguritan iku basa sing mentes, mula tembung-tembunge akeh sing diilangi utawa dikurangi. Ukara ing basa padinan, umume jangkep tetembungane. Mula, nalika nggawe parafrase, para siswa bisa nambah tembung ing geguritan supaya dadi ukara sing sampurna lan gampang dingerteni. (Salah satu cara untuk memahami puisi adalah dengan memberikan tambahan kata pada puisi menjadi sebuah cerita/prosa. Menambahkan kata pada bait puisi sehingga menjadi cerita disebut Parafrase. Parafrase adalah memberikan tambahan kata pada bait menjadi sebuah paragraf, namun tanpa mengubah isi/makna dari bait tersebut. Dengan memparafrase, maka puisi lebih bisa dimengerti) Contoh Parafrase Pada 1



Parafrase Geguritan pada judul ‘Sapu Sada’ Teks Geguritan Teks Parafrase Jumat asri resik lan sehat (Saben dina) Jumat (,) (supaya sekolahan dadi) asri (,) resik lan cancut tali wanda nandur sehat (,) (para siswa) cancut tali wanda (padha tumandang nyambut kabecikan gawe.) (Kabeh) nandur kabecikan (.)(Tumindak becik marang (Jumat asri, bersih, dan lingkungan) sehat. Bekerja keras (setiap hari jumat, supaya sekolah menjadi asri, bersih, dan sehat, menanam kebaikan) para siswa berkerja keras dan gotong royong semua dengan menanam kebaikan. Kebaikan yang dimaksud adalah kebaikan menjaga lingkungan)



*) didalam kurung merupakan tambahan kata yang ditambahkan sendiri oleh siswa Dadine paragrap: (menjadi sebuah paragraf) Saben dina Jumat, supaya sekolahan dadi asri, resik lan sehat, para siswa cancut tali wanda padha tumandang nyambut gawe. Kabeh nandur kabecikan. Tumindak becik marang lingkungan. (setiap hari jumat, supaya sekolah menjadi asri, bersih, dan sehat, para siswa berkerja keras dan gotong royong semua dengan menanam kebaikan. Kebaikan yang dimaksud adalah kebaikan menjaga lingkungan) BAGAIMANA LANGKAH MENULIS PUISI? E. Nulis Teks Geguritan Kapisan: nemtokake tema (Pertama tentukan Tema) Tuladha: dolan bebarengan Kapindho: nemtokake gagasan pokok. Saben sapada mung momot siji gagasan utama! (Kedua: Tentukan Gagasan Pokok) Ingat! Setiap sapada/satu bait terdapat satu gagasan utama! Contoh membuat gagasan pokok: Bait 1: Minggu pagi berangkat memancing dengan teman Bait 2: Keadaan di kolam pancing Bait 3: Semua Senang memancing Setelah kamu membuat tema dan gagasan pokok setiap bait seperti contoh diatas, maka tinggal membuat puisinya seperti di bawah ini.



Bait 1 gagasan pokoknya adalah: Minggu esuk budhal mancing bareng kanca (minggu pagi berangkat memancing dengan teman) Bait 2 gagasan pokoknya adalah: Kahanan ing kolam pancing (keadaan di kolam pancing) Keadaan disini menggambarkan adanya ikan gurami, nila, dan emas. Cuacanya panas dan aku minum air sebotol sampai habis. Ketika senar pancing ditarik ikan, hatiku deg-deg an Bait 3 gagasan pokoknya adalah: Kabeh padha seneng (Aku dan teman-teman merasa senang)



BAGAIMANA CARA MEMBACA PUISI? F. Maca Teks Geguritan kanthi Polatan kang Trep (membaca teks puisi dengan Ekspresi yang tepat) Maca geguritan iku satemene duwe tujuan supaya wong liya bisa ngrungokake kanthi ati sing tenang. Kanthi mangkono wong kang ngrungokake bisa ngrasakake lan ngreti isine geguritan kasebut. Mula, sapa wae sing arep maca geguritan becike bisa ngrasakake lan ngreti isine geguritan luwih dhisik. Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe. Ora niru solah bawa lan patrape wong liya, awit yen maca kanthi tiru-tiru wong liya bisa katon kaku lan ora wajar. (Membaca puisi haruslah memiliki tujuan agar orang lain dapat mendengarkan dengan hati yang tenang. Supaya orang yang mendengarkan dapat merasakan dan mengerti isi dari puisi tersebut. Namun, siapa saja yang akan membacakan puisi haruslah bisa merasakan dan mengerti isi dari puisi yang akan dibacakan. Orang membaca puisi yang paling bagus yaitu sikap percaya diri dan gayanya sendiri-sendiri. Bila meniru gaya orang lain akan menjadikan pembacaan puisi kita menjadi kaku) Cara membaca puisi yaitu: 1. Olah Swara/ Olah Vokal Kedaling lesan (banter-lirihing swara, endhek-dhuwuring swara, menga-mingkeme lambe), tata pangaturing napas, lan pamedhoting ukara kudu trep.) (Tinggi –rendahnya suara, ekspresi mulut, mengatur nafas, dan jeda kalimat yang dipilih harus tepat) 2. Patrap (Gerakan dan Ekspresi) Nalika maca geguritan, solah bawa lan polatan (ekspresi) kudu dislarasake karo jiwane geguritan. Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu ngrasakake kasedhihane. Semono uga yen isine bab semangat polatane sing maca kudu katon teges, mandhes, makantar-kantar, lan merbawani. (ketika membaca puisi, sikap percaya diri dan ekspresi harus disamakan dengan isi puisi. Jika isi puisi tersebut sedih, maka ekspresinya harus sedih supaya yang mendengarkan bisa ikut merasakan kesedihannya. Jika isi puisinya semangat maka ekspresi harus tegas dan berwibawa) 3. Nyawiji (menyatu) Antarane sing maca lan sing ngrungokake kudu nyawiji. Tegese, wiwit saka pamilihe geguritan, tata krama, nganti tata busanane sing maca kudu nggatekake kasenengan utawa kabutuhane sing ngrungokake. Semono uga sing nonton utawa ngrungokake kudu nyemak kanthi tenanan, supaya bisa methik manfaat saka nyemak geguritan. (Antara yang membaca puisi dengan yang mendengarkan harus menyatu. Misalnya, pemilihan puisi, sikap, hingga kostum(busana) yang digunakan harus disesuaikan) 4. Sarana (Alat) Sarana yaiku apa wae kang ndhukung supaya anggone maca geguritan tambah ”nges”. Sarana bisa awujud microphone, panggung, gendhing, podhium lan sapanunggale. (Sarana yaitu alat yang mendukung supaya membaca puisi bisa tambah „mantap‟ dan dapat terlaksana dengan lancar, misalnya dengan menggunakan microphone, panggung, lagu, dan lain sebagainya)



Kanggo tuntunan becike geguritan sing arep diwaca diwenehi tandha andhegan (jeda) mandheg utawa mbacut anggone maca. (Supaya membaca puisi terlaksana dengan lancar, haruslah diberi tanda jeda terlebih dahulu, supaya bisa mengatur nafas)



Katrangan: / tegese mandheg sadhela ( tanda / artinya berhenti sejenak) // tegese mandheg rada suwe (tanda // artinya berhenti agak lama) = tegese ana sesambungane karo larik ngisore (ora mandheg) (tanda = artinya terdapat sambungan dengan baris selanjutnya)



Gayor Ditabuh Meri Rahayu Komplek Crah Bubrah Rukun Santosa Guyub



: Cantholan gong : Dithutuk : Kepengin duweke wong liyo : Slamet : Kumpulan omah : Tukar Padu : Korat-karit : Kuwat : Urip sing salaras : Greget tumindhak bebarengan