Bahasa Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview





Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhur ing budi.







Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.







Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawulo dasih ingkang kinasih.







Para penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah …………………….. ugi para tamu undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.



Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis, saperlu Derek-derek mangestreni wontenipun acoro walimatul ‘urusy kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo. Sholatulloh wa salamuhu mugi katetepaken wonten ngersanipun junjungan kito Nabi Muhammad SAW. Lumebering domateng poro shohabat ipun, sageto mahanani domateng panjenengan ipun bapak…….dalah keluwargo, anggenipun ngentas pitulus amiwoho putro mahargiyo sisi putro putri ingkang asesilih Raden mas bagus………/roro diyah ayu……..ing pangajab,mugi-2 dados pinanganten ingkang barokah keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkan sakinah,wamadah warohmah,angsal pangestunipun poro rawuh ingkang sami lenggah, Amin……… Sagunging tamu undangan kakung sumawono putrid ingkang dahat kinurmatan. Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning penggali,anggen jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko,tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro,awit awrat pinatah anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah ing pawiwahan Walimatul urus sing/dalu puniko, Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik,rinampat soho rinumpoko. 1. Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih: atur pambuko 2. Kalajengaken wahosan ayat-2 suci Al qur an dumawah adicoro ongko kalih 3. adicoro ongko 3 dawuh-2 pangendikan a. saking dutaning besan minongko pasrah pinanganten b. Atur pambagyo soho panampi pinanganten ingkang mengku gati 4. Wondene adicoro ingkang ongko 4 nun inggih inti Walimatul ursy 5. Kalajengaken Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah 6. Wondene adicoro ingkang ongko 6 nun inggih do'a minongko panutuping adicoro. Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit lan mangga pawiwahan punika kita buka kanthi waosan umul kitab ing pangajab mugi-mugi pawiwahan siang/dalu punika purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala LI RIDLOLLOH WABI SYAFA'ATI ROSULILLAH WA'ALA HADIHIN NIYAT AL-FATIHAH Wahyanin mongso kapan wus ndungkap titi laksananing adicoro, sumonggo kito sigrak tumapak ing adicoro ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-2 suci Al qur an,ananging sak derengipun waosan ayat2 suci Alqur an kalaksanan,sakderengipun nyuwun sewu agungin aksomo,domateng poro rawuh ingkang taksih sami ngudut/rerembakan kasuwun kancendak sawatawis saperlu hormat soho mirengaken waosan ayat2 suci Al qur an ingkang bade kawahos dening sederek….……….saking……wekdal soho sasono kawulo aturaken Mekaten menggah waosan ayat-2 suci Al qur'an sinartan ing pamuji,mugi nampi imbalan nugroho saking ngersane Alloh SWT, Amin-3 x ‘’Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan !! Tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking kulawarga pinanganten kakung/putri pramila punika dumateng panjenenganipun bapak ingkang sampun kapiji hanjejeri minangka talang basa saking keluawarga pinanganten wekdal saha sasana kawula aturaken…… Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco Selajengipun inggih p[uniko atur pambagyo soho tampi pinanganten saking mengku gati, sejatosipun panjenenganipun bapak ……………..badhe marak ngbiyantara sami, saperlu nampi pasrah saking keluwarga pinanganten kakung/putri menika ananging nggih kabekto saking bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun hanjenengi saengga mboten kuwawi matur piyambak pramila menika badhe dipun sulih sarirani dening bapak ……… …….. pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula aturaken.



Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang sampun dipun aturaken. Lan mangga adicara wonten pawiwahan punika kita lajengaken. Minangka adicara ingkang angka sekawan nun inggih adicara inti walimatul ursy pramila dhumateng para kadang sinoman dipun suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken pasugatan twin dedaharan dumateng para tamu. Lan dumateng kadang juru pitha swara kasuwun muter lelagon ingkang cunduk kaliyan swasana wonten dalu/siang punika . sumangga…!!! Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo mulyaaken mboten ateges kawula angridu anggenipun panjenengan sami dahar ananging kaliyan ngrantos cekap enggenipun caos dedaharan mangga adicara wonten siang/dalu punika kita lajengaken. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Bilih pinanganten sarimbit anggen ipun bade nyilemi samudraning bebrayan,( bermasyarakat) ngatur bale wismo meniko mbetahaken lampu,pinongko pamdomeng lampah arupi piweling soho pitedah,ingkang meniko panjenengan ipun bapak………. Dalah gotrah keluwargo ngeryoso (mengharap) panjenengan ipun Romo kyai …………ingkang gambuh salwiring kaweruh,kersoho paringwarsitoworo utawi warsito adi dumateng pinanganten sarimbit khusus ipun, umum ipun dumateng kulo dalah panjenengan sedoyo.pramilo domateng panjenengan ipun Romo kyai………….wekdal soho sasono pangendikan kawulo aturaken. Pidato Bahasa Jawa Singkat : ATUR PASRAHAN PANGANTEN Bagi yang membutuhkan contoh pidato untuk bahasa jawa namun singkat, padat dan jelas, pidato dengan judul ATUR PASRAHAN PANGANTEN bisa dijadikan rujukan… Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang kinurmatan. Panjenenganipun Bapak………………………..(besan) ingkang dahat kula bekteni. Kula minangka tetalanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bapak………………..(ingkang mengku damel) kekalih. ingkang sepisan : ngaturaken salam taklimipun mugi kunjuk dhumateng bapak…………………(besan) sekaliyan, kanthi pepuji mugi-mugi Bapak saha ibu…………….(besan) sakaluwarga tansah pinaringan berkah rahmating Pangeran saha suka rahayu ingkang sami pinanggih. Kaping kalihipun : kula ugi tinanggenah masrahaken atmaja-nipun inggih Sri panganten kakung ingkang peparap bagus Kanthi panyuwunan mugi kaparenga kadhaupaken kaliyan pun rara……………….putra putrinipun Bapak………………….(besan). Kaping tiganipun: saderengipun calon panganten kula pasra-haken wonten ing ngarsa panjenengan, kula ngaturaken sesanti pujapuji pudyastuti ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, mugi-mugi upacara …………………. sageda kalampahan kanthi wilujeng kalis ing sambekala. Ing samangke calon panganten kula pasrahaken ing panjene-ngan, selajengipun sadaya kula sumanggakaken masa borong panjenengan. Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur saha mbok bilih wonten kirangi suba sita, tandhang-tandhuk tuwin tata krami, kula nyuwun pangaksama. Akhirulkalam billahit taufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun!



Pidato Bahasa Jawa Singkat : Atur Panampi Pasrahan



Dengan menggunakan bahasa yang singkat, pidato jawa ini memberikan contoh baik dalam pembuatan naskah yang seharusnya. Silahkan diisi saja titik-tiik sesuai dengan profil anda untuk acara Atur Panampi Pasrahan Assalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun, para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu, sadherek-sadherek saha dutaning besan ingkang dahat kinurmatan. Saderengipun kula nyuwun sih pangapunten ingkang agung awit kula jumeneng ing mriki. Panjenenganipun Bapak ………………………. (asmanipuningkang masrahaken) kula minangka wakilipun Bapak……………..sekaliyan ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi Bapak……………………….sekaliyan nembe ngeraosaken bombongin penggalih suka pari suka pikantuk sung-sung talining katresnan ingkang tanpa pepindhan. Sepindah, panjenenganipun Bapak,. …………… sarimbit ngaturaken puja-puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT. ingkang sampun ndhawahaken kanugrahan dhumateng Bapak saha Ibu…………………, katitik ing wekdal punika saged ngajangi pawiwahan upacara pasrah-pasrahan. Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bapak…………………. sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng rawuh panje-nengan sadaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki mlarapaken sarat sarana pasrahan saking dalem dumugining wisma mriki. Kaping tiganipun, atur salam taklimipun sampun dipun tampi dening Bapak………………….sekaliyan, ingkang lumantar Bapak …………………… (ingkang ngaturaken pasrahan) kala wau. Semanten ugi Bapak…………………. sekaliyan ngaturaken salam mugi katur wonten ngarsanipun bapak saha Ibu………………..kanthi pepuji mugi-mugi tansaha pinaringan sih kanugrahaning Pangeran, cinelakna ing suka rahayu lan tinebihna ing godha ren-cana. Kaping sekawan, Bapak…………………………..sekaliyan neda nerima ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa pepindhan, dene Bapak………………….sekaliyan kersa angenthengaken bot karepotaning Bapak…………………….. Pramila saking punika, pasrahan temanten kakung sampun dipun tampi kanthi suka renaning manah. Menawi sadayanipun sampun sumekta ing damel, Sri panganten kekalih badhe kadhau-paken . Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak……………………sarimbit mugi panjenenganipun dalah para pangaraking panganten sedaya kasuwun kanthi sanget kaparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan kanthi miranggan ngantos dumugi paripumaning pahargyan punika. Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kula nga-turaken atur panampi punika taksih kathah cicir-cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani penggalih, kula namung nyuwun gunging samodra pangaksama. Nuwun, Akhirulkalam, billahit taufik wal hidayah. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



Pidato Bahasa Jawa : Atur Pambagyo Wilujeng Ing Temantenan Pidato dengan Bahasa jawa mengangkat tema Atur Pambagyo Wilujeng Ing Temantenan, yang membutuhkan teks-nya, contoh bisa dilihat dibawah, silahkan dibaca dan dipraktekkan pada acara pengantenan Assalamu’alaikura Wr. Wb. Nuwun, para pinisepuh ingkang satuhu dahat kula bekteni. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya. Mugi rahayu saha winantu sagunging karaharjan mugi kasarira ing para tamu sadaya. Keparengan kula sumela atur nggempil kamardikan panjene-ngan sekaliyan, kalanipun sakeca wawan pangandika. Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh sadaya, bilih saking keparengipun Bapak………………. sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya. Ingkang dingin : ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah wonten ing ngarsaning Gusti Allah SWT. dene hajatipun Bapak tuwin Ibu …………….. anggenipun gadhah damel ndaupaken putra putri ingkang nami ………………… sampun kalampahan daup kaliyan ………………………… rikala dinten ………………. tanggai kaping………………..wanci jam……………….wonten ing……………..kanthiwilujeng nir ing sambikala. Kaping kalihipun Bapak saha Ibu…………………..sakulawarga kanthi bebeg birawaning manah, ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sadaya ingkang sampun kersa rawuh, saperlu paring berkah wilujeng dumateng Sri pangan-ten sekaliyan, sumrambah dumateng sanak saderek sadaya. Boten kasupen Bapak saha Ibu…………………….ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sadherek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para mudamudi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon, Sarehning Bapak saha Ibu …………… sakulawarga mboten saged ngatun piwales punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken puja-pudyastuti, mugi-mugi panjenengan sadaya angsala sih kautaman saking ngarsaning Gusti Allah SWT. sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel saha mawantu-wan-tu. Kaping tiganipun, Bapak saha Ibu ……………. sakulawarganyuwun sih panarima panjenengan sadaya, kersaha paring berkah pangestu puja pangastuti, mugi-mugi Sri panganten sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para pinisepuh sadaya. Sageda Sri panganten sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen, rahayu, widodo kalis ing sambekala. Saha mugi-mugi enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT., bekti dhumateng rama ibunipun saha para pinisepuhipun, sageda mikul duwur mendhem jero, labuh labet dateng nagari saha bangsanipun, sageda murakabi dhateng bebrayan agung. Kaping sekawanipun, mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani, bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu saha kirang mranani anggenipun mapanaken palenggahan, ugi kirangipun trapsila anggenipun para kaneman nyaosaken pasugatan, mugi kersaha para tamu angluntu-raken samodra pangaksami. Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mirunggan. suka manggung, suka murakabi sedaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis ngantosa dumugi sak paripumaning pawiwahan punika. Minangka panutuping atur. mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara punika kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, kersaha para tamu anglunturaken samodra pangaksama. Akhirulkalam, billahit taufik wal hidaya, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.