Basa Rinengga Yaiku Karangan Kang Kalebu Susastra Rinacik Mawa Basa Kang Endah [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Basa rinengga yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta basa kang edi peni. Dadi ing kasusastran mesthine mugnakake basa kang edi peni / endah. Basa kang endah bisa dadi rerengganing (hiasan) basa. Tumraping basa Jawa kang bisa dadi rerengganing basa warna-warna kayata: purwakanthi, tembung saroja, parikan, pepindhan, wangsalan, tembung entar, lan sapiturute. Reriptan/karangan kang kalebu sastra basane direngga (dihias) nganggo basa kang endah. Rerenggan basa iku kudu ditrepake panggonane utawa sing empan papan’. Wong kang ora duwe rasa ing babagan endahing basa, lumrahe ora bisa ngetrepake rerengganing basa kanthi mapan empane. Basa rinengga bisa kita sumurupi nalika mirengake sesorah, ature pranata adicara, basane wong medhar sabda, utawa ing kagunan sastra liyane. Coba rasakna ukara iki, endi kang minangka rerenggane basa sing njalari ukara iki dadi apik utawa endah? 1. Dhasar putri wasis micara, susila tyase ngumala. (amarga ana purwakanthine “a”) 2. Bisa nggambang ora bisa nyuling, bisa nyawang ora bisa nyandhing. 3. Watak wantune pancen aneh, nyleneh, beneh karo sedulure sing akeh-akeh. 4. Pitik blorok manak papat, jare kapok malah nekat. 5. Iwak bandeng durung wayu, jare nggantheng kok durung payu. Tembung Saroja Tembung Saroja yaiku, tembung sing dirangkep. Tembung loro kang padha tegese utawa meh padha tegese dienggo bebarengan. Tuladha: Andhap asor Endah/edi/peni Tepa palupi Sabar drana Iguh pratikel Tepa tuladha Sayuk rukun Sato kewan sih tresna Tembung yogyaswara



Tembung yogyaswara yaiku tembung loro ateges lanang wadon beda wanda wekasan; bedane yaiku wanda sepisan mawa vokal “a” dene wanda mburi mawa vokal “I”. Tuladha: Gedhana - gedhini dewa – dewi bathara – bathari Yaksa – yaksi raseksa – raseksi gandarwa – gandarwi Tembung garba (sandi ) Tegese tembung gandhengan utawa tembung rerangken, yaiku tembung loro kang suda gungguning wandane. Ratu + agung, gunggunge wanda 4 → ratwagung, gunggunge wanda kari 3 Sesotya + adi, gungggune wanda 5 →sesotyadi, gunggunge wanda kari 4 Siti + inggil, gunggunge wanda 4 → sitinggil, gunggunge wanda kari 3 Ana + ing, gunggunge wanda 3 → aneng gunggunge wanda kari 2 Prapta + ing, gunggunge wanda 3 → prapteng gunggunge wanda kari 2 Tumuju + ing tumujweng Tembung Plutan Pluta tegese rangkep, dipluta tegese dirangkep, tumrap wandane tembung. Karepe dirangkep wandane, wanda 2 didadekake 1, didadekake sawanda. Tembung plutan tegese tembung kang duweni wanda loro banjur dirangkep didadekane sawanda. Tuladha: Murih →mrih kiyat →kyat suwanten →swanten suwiwi →swiwi sarana →srana kuluban →kluban Kerata Basa Dikerata tegese ditegesi miturut pepiridaning wandane utawa kecape (lafal), sarana digothak-gathukake lan diothak-athik supaya mathuk. Tualdha: Wedang = gawe kadang ; sing sapa kepingin duwe kadang akeh, yen ana wong teka ing omahe kudu nyuguhi wedang Tarub = ditata supaya murub Prawan = yen pepara (dolan) kudu wayah awan Garwa = sigaraning nyawa Guru = digugu lan ditiru Bocah = mangane kaya kebo, pagaweyane ora kecacah Gelas = yen tugel, ora bisa dilas



o o o o o o



Tembung entar Entar tegese 1. Silihan, 2 lunga (mentar) Tembung entar tegese tembung silihan, tembung kang ora kena mung ditegesi salugune wae (arti kiasan/figuratif). Tuladha: Ati kethul →tembung ‘kethul’ ditrapake ing gegaman kayata: pedhang, lading, arit, pemes, lsp. Kudune tembung kethul ditrapake karo gegaman, nanging iki ditrapake karo ‘ati’, kaya-kaya ati nyilih tembung ‘kethul’ marang gegaman. Tuladha liyane: Lobok atine = sabar, ora gampang muring lunyu ilate = omongane mencla-mencle Tipis lambene = seneng nyatur wong jembar segarane = sugih pangapura Entheng tangane = cengkiling, dhemen lelara



o ngatonake siyunge = nuduhake kuwanene o Gedhe endhase = angkuh o tembunge pedhes banget= tembunge gawe serik liyan