Materi BASA RINENGGA [PDF]

  • Author / Uploaded
  • Mas X
  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

ENY LESTARI, S.Pd. / SMKN 3 JOMBANG



BASA RINENGGA



BASA RINENGGA yaiku Karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah (dalam bahasa indonesia "basa rinengga" adalah sastra bahasa yang dirangkai dengan cara menggabungkan kata - kata yang berbeda sehingga menjadi bahasa atau kalimat yang indah). Basa Rinega biasane digawe ana ing acara pedhalangan, pranata cara (sambutan temanten, pengetan taun anyar lan sak liyane). Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan



nyenengake, sarta basa kang edi peni. Basa rinengga tersusun dari dua kata, yakni Basa dan Rinengga, dimana Basa memiliki arti bahasa dan rinengga berarti dihias. Basa rinengga adalah bahasa yang disusun dengan indah atau penggabungan kata yang berbeda  menjadi sebuah kalimat yang cantik dan menarik dan agar meresap di dalam hati.



TUJUANE Basa Rinengga Tujuan penggunaan basa rinengga adalah untuk menambah keindahan suatu kalimat atau membuat indah suatu perkara. Seperti dalam peribahasa atau pantun yang terdapat kata kias sehingga membuatnya indah dan meresap di hati.



JENISE Basa Rinengga 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8. 9.



Tembung saroja Tembung entar Wangsalan Paribasa Bebasan Saloka Purwakanthi Parikan Pepindhan



1. Tembung saroja Tembung saroja yaiku tembung loro kang nduweni padha tegese utawa meh padha tegese dianggo bebarengan. Penggunaan tembung saroja untuk menegaskan atau menguatkan suatu perkara, atau lebih sederhananya memberi kesan “sangat”. Tuladha tembung saroja :  Ayem tentrem : ayem banget  Gagah prakosa : gagah perkasa  Babak belur : bundas kabeh



B.JAWA’ 2020



ENY LESTARI, S.Pd. / SMKN 3 JOMBANG 2. Tembung Entar Tembung entar yaiku tembung loro utawa luwih sing dirangkep lan nduweni teges ora kaya makna salugune utawa tembung kang ora keno ditegesi sawantahe, ing basa Indonesia kata kiasan. Dalam bahasa Indonesia, tembung entar ini digunakan sebagai ungkapan atau kata kiasan. Tuladha tembung entar :  Abot sanggane : rekasa  Ati kethul :   ora bisa mikir  Gedhe atine :  tatag



3. Wangsalan Wangsalan yaiku unen unen Jawa utawa tetembungan Jawa sing padha cangkriman, nanging batangane  wis dikandhakake (dibethek) dewe.  Ukarane ora persis, nanging memper wae. Dalam bahasa Indonesia, wangsalan merupakan kalimat yang berupa permainan teka teki, seperti halnya cangkriman. Namun perbedaannya adalah dalam  sebuah wangsalan, jawaban dari teka teki tersebut telah disebut dalam bentuk suku kata yang mirip. Tuladha wangsalan :  Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti ( balung klapa : bathok)  Njanur gunung, kadingaren dolan mrene (njanur gunung : aren)  Kapi jarwa, dakpethek mangsa wurunga ( kapi jarwa : kethek)



4. Paribasan Paribasan, yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane, lan mawa teges tartentu. Racikane tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, kaya ateges entar. Dhapukaning paribasan awujud ukara kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok.  Paribasan uga ngemu teges : tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan. Tuladha :  Ana gula ana semut ( Panggonan sing ngrezekeni mesti okeh sing nekani)  Becik ketitik ala ketara (becik utawa ala bakal ketara ing tembe burine)  Anak polah Bapa kepradah ( tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa)



5. Bebasan Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar lan ngemu surasa pepindhan. Kang dipindhakake yaiku kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga melu ing sajrone ing pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanan utawa tindak tanduke. Sehingga perbedaan BEBASAN dengan PARIBASAN yaitu pada bebasan lebih menggambarkan ke keadaan dan perumpamaan sifat manusia. Tuladha bebasan :  Ana catur mungkur ( Ora gelem ngrungokake rerasan seng ora becik)  Ngubak-ngubak banyu bening (gawe kerusuhan ing papan kang tentrem)  Njagakake endhoke si blorok (njagakake barang sing durung mesti)



B.JAWA’ 2020



ENY LESTARI, S.Pd. / SMKN 3 JOMBANG 6. Saloka Saloka yaiku unen-unen kang ajeg panggonane mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan, ananging kang dipindhakake wonge. Jadi bila pada bebasan menggambarkan perumpamaan keadaan atau sifat manusia, maka pada saloka ini menggambarkan manusianya atau subjeknya. Tuladha saloka :  Ancik ancik pucuking eri (wong kang tansah sumelang yen keluputan)  Gajah ngidak rapah ( wong kang nglanggar wewalere dhewe)  Bebek mungsuh mliwis ( wong pinter mungsuh wong pinter)



7. Purwakanthi Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine. Tuladha purwakanthi :  Ana awan, ana pangan  Ati karep, bandha cupet  Gelem obah, mesti mamah  Wong bungah sok nemu susah



8. Parikan Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara, ukara kapisan kanggo narik kawigaten, nalika ukara kapindho minangka isi. Dalam bahasa Indonesia, parikan seperti halnya pantun. Yang mana terdiri dari dua kalimat, dimana kalimat pertama dan kalimat kedua memiliiki jumlah suku kata yang sama. Tuladha parikan :  Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi  Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.  Ngasah arit nganthi landhep, dadi murid kudu sregep.



9. Pepindhan Pepindhan yaiku tembung utawa unen-unen seng ora ngemu surasa sejatine.  Pepindhan uga kasebut unen-unen jroning kang mindhakake barang, kahanan siji karo barang utawa kahanan liyane. Pepindhan lumrahe kanggo tembung panggandheng : kaya, lir, pindha, kadya, lir pendah. Pepindhan dapat diartikan sebagai kalimat yang tidak memiliki arti yang sebenarnya, dimana banyak digunakan untuk perumpamaan atau pengandaian warna, sifat, tingkah laku dan rupa. Tuladha pepindhan :  Ayune kaya dewi Ratih  Aluse kaya sutra  Brengose nguler keket  Tekade kaya geni lan urupe



B.JAWA’ 2020