Cerkak Bahasa Jawa Direktur Anyar Format Ms Word Fileweb [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Cerkak Bahasa Jawa Direktur Anyar Perusahaan panggonane Kasmono nyambutgawe kahanane oling keterak krisis ekonomi sing ora rampung-rampung. Manut critane kanca-kanca bageyan keuangan, yen ora ana investor anyar mlebu, umure perusahaan mung kari ngetung wektu. Kabeh dalan wis dicoba amrih pabrik ora gulung kiasa, nanging ora ana tamba mujarab. Upama prau ngono, kahanane wis miring kaya kapal Titanic sakdurunge kerem. Kabeh pegawe wiwit goreh Ian sumelang. “Yen perusahaan kerem, arep nyambutgawe menyang ngendi maneh? Wong jaman saiki golek gaweyan ya angel tenan,” ujare Kasmono. Kanggone para pejabat manajemen, mbok menawa ora dadi perkara abot, jalaran tabungane wis akeh. Kanggone pegawe ngisoran, gonjang-ganjing perusahaan kuwi kayadene kiyamat cilik. Wong gaji wulanan sing saiki ditampa wae mung pas-pasan kanggo mangan, kok malah ditambahi perkara perusahaan sing arep kukut. Nanging seminggu candhake, ana kabar becik. Perusahaan ora sida kerem, jalaran ana investor saka Jakarta sing gelem nuku perusahaan iku. Sing gawe bungah maneh, kabeh pegawe tetep bisa nyambutgawe ing papan kono, kajaba para direktur kabeh diganti. Ora suwe nuli dileksanani rapat perusahaan. Pak Steven minangka pihak sing nyuntik modhal anyar, arep nepungake dhirektur utama marang para staf pegawe. Krungu-krungu dhirektur anyar kuwi priyayi putri saka Jakarta, nanging asline saka Jogja. Kasmono sing uga diutus melu rapat, wis samapta ing ruwang rapat. Pak Steven mlebu ruangan, nuli paring sesorah. Sakbanjure nepungake dhirektur anyar. “Dhirektur anyar iki asmane Bu Linda! Iseh ponakanku dhewe. Ayo Lin mlebu ruwang kene,” ujare Pak Steven. Nyawang priyayi putri sing lagi wae mlebu lawang kuwi, Kasmono nratab saknalika. Kasmono mung ndomblong tanpa bisa kumecap. Kasmono ora pangling. Dhirektur anyar kuwi pranyata Lindawati, kancane sekolah jaman SMA ing Jogja welasan taun kepungkur. Linda kuwi ora mung kanca biyasa nanging tilas pacare. “Tepungake aku Lindawati, dhirektur anyar ing perusahaan iki” ujare kanthi esem manis. Kabeh karyawan ing ruwangan kuwi disawang kanthi permana, klebu Kasmono. Nanging sajake Lindawati wis lali marang Kasmono. Wanci Lindawati sesorah, pikirane Kasmono nglambrang adoh menyang sejarah welasan tahun kepungkur. Isih keIingan,sakwise lulus Kasmono isih pengin nerusake tali katresnan, nanging bapake Linda ora sarujuk. Bapake Linda kepengin calon mantune kudu trah ngaluhur Ian wong pangkat.



Nalika sakmana, akeh priya bagus sing pengin mengku Lindawati. Ewasemono Linda malah milih Kasmono dadi pacare. Rupane Kasmono pancen nggantheng, nanging prasaja. “Aku rumangsa adhem, ayem, yen ana kowe Kas,” ujare Linda nalika kuwi. Pungkasane sesambungan rasa sing wis karonce rong taun kuwi ambyar dadi sawalang-walang. Linda kuliah ing Jakarta. Dene Kasmono nyambut gawe ing kutha iki. Kanthi ijasah SMA, Kasmono miwiti nyambut gawe saka trap paling ngisor. Sakwise rampung sesorah, kabeh pegawe nuli salaman karo dhirektur anyar. Gilirane Kasmono salaman, dheweke mung mesem, semono uga Lindawati. Kasmono ora wani takon rena-rena. Linda katone ora nggatekake Kasmono. Nganti lumaku sewulan, Kasmono ora nate rembugan karo dhirektur kuwi, kajaba yen diprentah. “Ah wong dheweke dhirektur kok, mesthine rembugane ya karo bos-bos, ora karo ngisoran kaya aku iki,” batine Kasmono. Kasmono sajake wis ngrumangsani dene kahanane wis beda adoh tinimbang welasan taun kepungkur. Nalika semana dheweke pancen pacaran karo Linda, nanging saiki tilas pacare kuwi wis dadi bos. Kasmono ora bisa lancang ngajak ngobrol kaya biyen. “Mesthine saiki dheweke wis urip kepenak karo bojone. Bojone Linda mesthi wong sugih. Wong ibu dhirektur mesthine ya garwane level-e uga direktur,” batine Kasmono. Mula sing ditindakake ya mung kerja kanthi sengkud, ora perlu duwe pangangen-angen sing ora-ora. Nganti sawijining sore, Kasmono diprentah Kepala Bagian Personalia supaya kerja lembur. “Aneh. Biyasane sing lembur kuwi bageyan prodhuksi Ian keuangan. Lha kok saiki aku sing lembur?” ujare Kasmono ing njero ati kanthi kebak pitakonan. Sore kuwi kabeh pegawe ing ruwangane Kasmono wis bali, kajaba Kasmono sing isih sengkud makarya. Dumadakan lawang ruwangan ana sing ndhodhog. “Ya mlebu wae!” kandhane Kasmono. Lawang mbukak alon. Kasmono nratab. Jebul bu direktur Lindawati sing mertamu ing ruwangane kuwi. “Sugeng sonten bu. Punapa ingkang saged kula biyantu?” pitakone Kasmono. “Halah karo tilas pacar kok ndadak nganggo basa krama,” ujare Linda. Mesthi wae Kasmono kaged krungu omongan kuwi. “Lha pantes-pantese ngajeni atasan,” kandhane Kasmono. “Sing prentah sliramu lembur iki mau pancen aku. Wis suwe aku pengin omongan karo kowe Kas. Ning kowe sajak ora kenal aku. Mula tak gawe cara kaya ngene iki,” Linda mesem. “Nggih Bu Dhirektur,” kandhane Kasmono. “l-Ialah ora perlu dhirektur-dhirekturan. Undangen wae aku Lindawati mantan pacare Kasmono,” ujare kanthi ngguyu. Guyu renyah sing ora owah wiwit jaman sekolah biyen.



“Seneng banget aku Kas ketemu kowe maneh. Aku isih kelingan nalika kowe mbopong aku wektu ing Kaliurang,” bacute. Ah nalika kuwi pancen kaya sinetron. Sewulan sakdurunge pepisahan, Lindawati dibopong Kasmono amarga sikile kesleo. “Saiki anakmu wis pira?” pitakone Linda mecah lamunane Kasmono. “Bojo siji anak loro. Lha sliramu?” Kasmono balik takon. Linda ora mangsuli. Dheweke nuli nyawang Kasmono. Praupane owah dadi melankolis, sedih. “Durung Kas. Aku durung omah-omah,” ujare alon nuli meneng. Kasmono dadi rumangsa salah, dene takon bab sing pribadi banget. “Oh iya Kas, minggu ngarep sliramu bakal dak kirim melu pelatihan mesin industri ing Bali. Iki kabeh kanggo kemajuan perusahaan. Dakjaluk sliramu gelem,” pratelane Lindawati. Kasmono mung bisa sendika dhawuh. Baca Juga : Cerkak Bahasa Jawa "Kidung Guru Anyaran" Seminggu candhake Kasmono budhal menyang Bali numpak montor mabur. Sak umur-umur ya nembe iki lunga numpak pesawat terbang. Biyasane mung numpak bis AC. Ora mung kuwi sing gawe kaget. Kasmono ndomblong nalikane nyawang hotel panggonane nginep. Hotel bintang lima’ Kamare luks. Panganan cumepak sarwa enak. Menu Eropa, ayam betutu Bali, Ian mangsakan Bali liyane kari nyidhuk. Kasmono isih durung ngerti geneya dheweke oleh fasilitas mewah. Kasmono uga durung ngerti, ing papan ngendi bakal melu pelatihan mesin industri. Welinge bagian personalia wingi, pokoke mas Kasmono kudu budhal. Dene papan pelatihan, bakal dijientrehake sakwise tekan Bali. Wekasane bengi kuwi Kasmono bisa turu angler ing hotel super mewah kuwi. Isuk dina candhake Kasmono wis sumadya sarapan ing ruwang makan hotel. Sakwise riyidhuk sega goreng spesial Bali Ian njupuk juice, Kasmono enggal lungguh dhewekan ing meja makan paling pojok sinambi nonton TV sing lagi nggiyarake warta isuk. Dumadakan ana swara wanita uluk salam. “Piye Kas? Rak bisa turu angler ta?” ujare swara wanita kuwi. Lindawati’ Mesthi wae Kasmono kaget saknalika. Bisa-bisane isuk kuwi Lindawati wis tekan Bali “Lho kok wis tekan kene?” pitakone Kasmono isih durung rampung kagete. “Iya. Iki mau aku Iangsung saka Bandara Ngurah Rai,” kandhane Linda kanthi esem ngujiwat. Wekasane Lindawati uga melu sarapan sakmeja dadi siji karo Kasmono. Rampung mangan Lindawati ngelungi kapsul. “Ombenen amrih awakmu seger. Supaya kowe dadi wong lanang sing prakosa,”ujare Linda mesem.



Kapsul nuli diombe. Sakwise ngombe, Kasmono ngrasakake awak Ian pikirane dadi seger trengginas kaya jaman enom. “Dina iki aku duwe acara ing Tanah Lot. Sliramu gelem ta ngancani aku,” kandhane Lindawati nanting. “Lha pelatihane kapan?” pitakone Kasmono. “Bab pelatihan kuwi gampang. Kapan-kapan wae. Sing penting kowe saiki plesiran karo aku,” ujare Lindawati entheng. “Gelem apa ora ngancani aku” Lindawati ngambali nanting. “Iya-iya nek ngono. Aku gelem,” wangsulane Kasmono. Rampung mangan lelorone enggal budhal ngarah Tabanan numpak mobil sewan. Kasmono sing nyopiri. Ing Tanah Lot jebule acarane mung mlaku-mlaku ing pantai. Wong loro runtang- runtung. Tangane Lindawati tansah cekelan Kasmono. Ah swasana kaya ngene iki mbaleni manéh memori jaman SMA, nalika kuwi ing Parangtritis Joqja. Bengine Lindawati ngajak mangan ing Jimbaran. Meja mangan ing pinggir segara sing dipadhangi lampu senthir cilik ndadekake kahanan mangan tambah romantis. Sing keprungu mung swara lirih kebak pangalembana Ian jumlegure ombak wengi segara kidul. Sawise kuwi kekarone mlaku-mlaku ing pantai sing wedhine alus Ian resik. Runtang-runtung mesra kayadene remaja sing lagi kasmaran. Ing panggonan sepi Lindawati ngajak mandheg. Llndawati nyekel tangane Kasmono, nuli nyawang Kasmono kanthi panyawang sing aneh. “Kas, aku arep njaluk tulung kowe. Aku pengin kowe dadi wakil direkturku. Mung kowe sing bisa dakpercaya. Mengko aku sing ngatur,” ujare Lindawati. Kasmono meneng tanpa kumecap, sinambi mikir mendah enake bisa dadi wakil direktur. Numpak mobil alus, duwe omah apik, Ian bisa mrentah pegawene sawanci-wanci. “Nanging ana syarate. Kowe kudu gelem dadi bojoku,” bacute Lindawati mesem. Dheg!’ Kasmono kaget kaya disamber bledheg. “Kowe ora perlu pegatan karo bojomu sing saiki. Dadekna aku bojomu sing kaloro,” kandhane Lindawati nrocos tanpa mandheg. “Sejatine tresnaku mung kanggo kowe. Mataun-taun tresnaku tetep thukul ngrembaka. Atiku adhem ing sisihmu,” Linda ngrangkul Kasmono. Embuh oleh bisikan saka ngendi, dumadakan ati lanange kroncalan. Kasmono dadi kendel kaya wong lanang sing seneng ngumbar ati baya. “Ya Lin, aku saguh dadi wakil direktur. Uga gelem dadi bojomu,” kandhane entheng. Tangkepe Kasmono sedina iki pancen kaya ora sabaene. Babar blas lali marang anak bojo. Kaya kebo dikeluh. Manut marang apa wae sing dikarepake Lindawati. Sawise cukup anggone langen asmara ing Jimbaran, lelorone bali menyang hotel.



Durung suwe mlebu kamar hotel, dumadakan bojone Kasmono telpon, ngabari yen anake ragil lara panas. Kasmono kaya ginugah kesadharane. Kelingan yen dheweke minangka wong lanang sing duwe tanggungjawab kulawarga. Dheg! Kasmono kaget marang apa wae sing mau diomongke marang Lindawati. Setemene Kasmono enggal pengin njabel ukara sing wis kewetu ing Jimbaran mau. Nanging mangu-mangu. Piye yen ora sida dadi wakil direktur? Piye yen dipecat? Kamangka Kasmono wis bosen nglakoni urip sing mung kaya ngene. Kasmono ngglethak ing tempat tidur. Donya rasane mubeng seser. Pikirane puyeng. (Cuthel)



Panjebar Semangat No.32-9 Agustus 2014