Cerkak [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

JAKET ASMARA Bola-bali wanita kuwi ndhingkluk sajak lingsem. Anake sing umure kira-kira petang taun lungguh anteng ing pangkone. Sirahe sengaja kanggo amping-amping praupane ibune sing katon semburat abang nalika aku lungguh ing jejere. “Tindak ngendi, Mas?” pitakone wanita kuwi keprungu lirih kairing swarane mesin bis antarkota. Sanalika aku noleh ngulati wanita kuwi. Bareng irung, lambe lan janggute katon komplit atiku dadi ora karuan rasane. “Heni?” “Iya, Mas,” pocape kanthi esem merak ati, esem sing tau gawe ngalad-alading tresnaku, gawe sumedhoting atiku, lan gawe morak-mariking panjangkahku. Karo nata ati sing sanalika gumregah binarung sadhengah panggraita kang ngulandara aku gedhed-gedheg nyingkirake saklentheng ati cuwa. Pawakane Heni saiki kuru, pipine katon rada kempot, sorot mripate sing saiki kaya dimar mbleret kentekan lenga nambah praupane sansaya katon alum. “Kok dhewekan, Mas? Garwane endi?” pitakone Heni. Aku mung mesem kecut kanggo njawab pitakone. Embuh aku ora ngerti apa sing ana ing pikiran lan atine marang aku saiki. “Dhasar, wanita!” pocapku nggugah pitakone. “Apa, Mas?” “Wanita, wani ditata, wani mranata,” pocapku njarwa dhosok. “Saiki luwih komplit, Mas. Sakliyane kuwi uga wani ora tumata, wani ora tatan, wani totoan, wani dienggo totoan,” ujare. Sawetara aku mung mesem nanggapi ukarane. “Arep tindak ngendi, Mas?” “Sowan Ibu, silaturahmi kaluwarga. Bojoku wis ana kana wiwit wingi, saiki aku lagi bisa nusul merga kantor akeh gawean sing kudu dilembur,” jawabku. Sawise mbenakake lungguhe bocah ing pangkone, Heni njupuk jaket sing kasimpen ing njero tase. Nalika jaket kuwi kajereng dienggo ngemuli anake, atiku dadi tambah ora karuan. “Lho! Jaket kuwi jaketku! Bener!” pocapku jroning ati. Nanging genea saiki digawa Heni, kanggo kemul anake? Sawetara rasa gumun nggrayang ing pikiranku. Ah, mesthine jaket sing dienggo kemul kuwi mung siji-sijine ing donya iki, awit gambar lan tulisan sing kacithak digital printing kaya mengkono iku hasil disainku, mung dakcithak siji dadi jaket klangenanku. Jaket gambar siluet wit klapa ing pesisir kanthi warna gradasi putih kuning oranye gegambaraning srengenge angslup kuwi katon endah. Apa maneh tulisan kacithak cillik-cilik nanging cetha kawaka: “tresnaku saambaning segara, marang sliramu kangenku ngulandara, gumantia jaman gumantia kalamangsa, manawa katresnan isih duwe pangaribawa, sumandhinge wulan-bagaskara bakal tumeka.” Aku kelingan jaket kuwi biyen dakjenengi jaket asmara, seprene mesti ora ana tunggale. Nanging genea bisa ana ing tangane Heni? Dhetik-dhetik sabanjure aku ngeling-eling lelakone jaket asmara iku.



Aku kelingan jaket kuwi dakgawe kira-kira pitung taun kepungkur, nalika aku kelangan lacak ing ngendi Heni sing daktresnani wektu kuwi. Wong tuwane ngomong yen Heni nyambut gawe ing Malaysia, nanging kancane ana sing ngerti yen dheweke ana ing Surabaya, malah kabar liya ngandhakake yen Heni wis krama karo juragan bathik ing Ngayogjakarta, kabar liya ngandhakake dheweke dimaru karo dosen ing Solo. Uwis! Uwis! Aku pancen ngedheg pangareparepku marang dheweke. Mesthi dheweke wis ora tresna maneh marang aku, kasunyatan akeh priya liya kang sarwa linuwih tinimbang aku. Tresnaku melik-melik tanpa pangaribawa maneh wektu kuwi. O, iya! Kelinganku nalika jaket kuwi lagi dakenggo ping pindho, banjur ana kenya liya sing gawe tentreming atiku, sing nyatane nganti seprene dadi bojoku. O, iya! Aku kelingan uga nalika merapi njeblug nggegirisi kurang luwih petang taun kepungkur. Ora let suwe bojoku ngimpun dhana liwat ibu-ibu PKK kanggo tuku sembako, bubar kuwi banjur dhudah-dhudah lemari nggoleki sandhangan sing isih pantes dienggo banjur dilebokake kerdus, diangkut tumuju salah sijining pos pangungsen nganggo colt pruthul. Aku kelingan nalika bojoku nyritakake kahanane pengungsi kang banget nrenyuhake wektu kuwi. “Kepriye kabare panjenengan, Mas?” pitakone Heni gawe buyar wewayangan ing mripatku. “Apik. Kepriye kabarmu, Hen? Ngerti-ngerti kok ilang tanpa kabar, ketemu-ketemu wis duwe momongan.” Ora dakkira pocapanku gawe kembeng-kembeng mripate Heni. Ora suwe ilining waspa ing mripate enggal-enggal diusap nganggo jaket iku. “Ngapuranen aku, Mas. Aku wis khianat marang panjenengan,” ujare kanthi sedhih. Dheweke banjur crita lelakon kepungkur, nalika komunikasi antarane aku lan dheweke wis ora sambung nganti njebluge merapi, jebul Heni kalebu salah sijining pengungsi sing wis ora duwe apa-apa wektu kuwi. Omah saisine dilalap lahar, bojone melu dadi korban pangamuke merapi. “Apa aku kuwalat karo panjenengan, ya, Mas? Apa aku ngundhuh karma?” “Wis-wis, ora sah kaya mengkono. Awake dhewe pancen ginaris kudu pisah. Aku lan kowe kudu tabah.” Dhetik-dhetik sabanjure lumaku tanpa ukara. Aku mung mbatin mesthi Heni ora ngerti manawa jaket sing diduweni saiki ewasemana jaket asmara klangenanku. “Jaketmu apik,” ujarku. Nanging dheweke mung meneng, katon sedhih. Wektu kuwi dakdeleng isih ana sisa-sisa tresnane marang aku. Ora let suwe dheweke siap-siap arep mudhun. Dheweke ngandhakake manawa saiki saomah maneh karo wong tuwane. “Salam kagem Ibu, kanggo garwa panjenengan,” pocape nalika arep mudhun saka bis antarkota. Kira-kira sakjam sabanjure aku tekan daleme Ibu. Sawise uluk salam aku langsung nemoni Ibu lan bojoku sing lagi jagongan ing teras. “Dhik, kowe kelingan apa ora, karo jaketku biyen?” “Jaket sing endi, ta, Mas? Apa sing ireng, sing ana tulisane kae?” “Iya. Ana gambare siluet wit klapa.” “Genah ndhisik dakgawa karo sandhangan liyane kanggo pengungsi merapi ngono, kok. Lha ana apa, ta, Mas?”



“O, ya bener yen ngono. Mau aku ketemu karo wong sing nggawa jaket kuwi, Dhik. Wanita karo anake. Jaket kuwi dienggo kemul anake sing liyer-liyer. Aku mung mbatin, ora wani takon.” Aku mung crita sithik bab wanita lan jaket asmara kuwi marang bojoku. Kapak-kapakna, kasetyaning bojoku luwih utama tinimbang dheweke sing tau cidra. Diceriosaken : Untung Sularno



CELENGAN JAGO Dina kuwi, Harun kaya adate disangoni ibune Rp2.000. Padatan dhuwit sangune kuwi uga ajeg entek kanggo jajan. Sing Rp1.000 dinggo jajan nalika ngaso lan turahane kanggo jajan nalika mulih sekolah. Kadhang kala sisane dhuwit mau kanggo tuku dolanan sing didhep bakul ideran ing ngarep SD-ne Harun. Satekane omah, ibune mesthi uga takon rena-rena. Komplit. Wiwit wulangan ing sekolahan, ana PR utawa ora, neng sekolahan mau jajan apa lan sapiturute. Nanging dina kuwi ana sing beda. Nalika ibune takon ngenani sangune, Harun mangsuli yen dhuwit sangune mau isih wutuh. “Hla kok isih wutuh ta Le? Apa kowe ora jajan?” “Mboten Buk. Niki nembe ajar nglumpukke dhuwit”. “Walalalah….anake Ibuk wis ajar nabung ta?” “Hehehe”. “Arep mbok nggo tuku apa Le?” “Nggih wonten Buk. Nanging sakniki Harun dereng saged matur”. “Ya wis. Ora apa-apa. Sing penting ora nganeh-anehi wae”. “Nggih Buk”.



*** Ora krasa wis seminggu Harun ngampet ora jajan. Kabeh sangune dicelengi ing celengan jago kang dituku nalika Sekaten mbiyen. Harun pilih sangu maem dhewe saka omah kanggo jaganjagan yen luwe ing sekolahan. Sawijining wengi, Ibune arep niti priksa kamare Harun. Padatan jam 19.30 WIB Harun wis turu angler. Mula anggone mbukak lawang kamare Harun kanthi alon-alon. Ibune samara yen Harun mengko keganggu turune. Nalika lawange dibukak sithik, ibune setengah kaget jalaran weruh Harun lagi ndonga ing ndhuwur sajadah. Ibune banjur masang kuping, kepengin krungu apa sing dadi pandongane Harun wengi kuwi. Lamat-lamat ibune mireng pandongane Harun. Kurang luwih kaya mangkene:



Ya Allah Nyuwun pangapunten menawi kula mboten blaka kaliyan Ibuk Sapunika kula nembe nglumpukaken arta Mboten ajeng kula kangge napa-napa Kula kepengin numbaske tas enggal kangge Jono Kula mesakne kalih Jono Saben dinten sekolahe mboten mbetha tas Bukune amung dicangking ngangge kresek Ya Allah Kula kepengin nulungi Jono Nanging arta kula nembe angsal Rp12.000 Kamangka regi tas paling murah Rp30.000 Nyuwun tulung Ya Allah…



Sadurunge Harun ngrampungi pandongane, ibune wis ora tekan atine. Ibune trenyuh banget karo isi pandongane Harun. Dheweke ora ngira yen anake kuwi nduweni rasa welas asih kang ngluwihi bocah sakumurane. Ora krasa netes luh ing pipine. Mula, ibune enggal nyingkir supaya ora konangan Harun. Ing batine, ibune rumangsa mongkog atine marang Harun. Sanajan isih kelas V SD nanging wus duwe kawigaten marang sepadhane. Mligine marang wong sing ora duwe utawa lagi nandhang kasusahan. Ibune dhewe ora pirsa sapa kuwi Jono sing disebutke Harun ing pandongane. Nanging saka isi dongane Harun mau, ibune langsung nyandhak manawa Jono kuwi kanca sekolahe Harun. Bocahe saka kulawarga ora duwe. Lha wong sekolah wae ora duwe tas. Bukubukune dicangking nganggo kresek. Jan nggrantes tenan. Udakara setengah jam candhake, ibune banjur nyoba mlebu kamare Harun maneh. Ibune kepengin weruh apa sing saiki dilakoni Harun. Kanthi alon-alon, ibune mbukak lawang kamare Harun. Diinguk separo, jebul Harun wis krubutan kemul ing ndhuwur amben. Sajake wis angler tenan. Ibune marani Harun sing wis nglipus kuwi. Rambute banjur dielus-elus lan bathuke diambung kanthi asih. Nalika arep mbenakke kemule Harun, tangane ibune nyenggol barang atos ing njero kemul. Nalika dipriksa, jebul celengan jago. Celengan iku dikekep Harun sinambi mapan turu.



Kanthi alon, ibune banjur ndhudhut celengan jago iku lan diselehake ing ndhuwur meja belajare Harun. Ibune mesem nyawang celengan jago kuwi. Let sedhela, ibune nglebokke arta Rp 10.000 cacah loro ing njero celengan kuwi. *** Esuk-esuk Harun tangi turu, langsung kaget jalaran ora nemokake celengan jagone sing ndhek mau bengi dikekep. Nanging Harun banjur ayem nalika meruhi celengane ana ing ndhuwur meja belajare. Apese, nalika diranggeh, celengan kuwi malah tiba lan ambyar. Byarrrrrr….!!!! “Ana apa Le!! Esuk-esuk kok wis rebut!” pambengoke ibune. “A..aa..anu Buk. Ngapunten, niki celengan kula dhawah. Ambyar,” semaure Harun karo isih ngucek-ucek mripate. “Owalah..Ya wis ayo gek ndhang diresiki”. “Nggih Buk”. Harun age-age njumputi cuwilan celengan sing ambyar tekan ngendi-endi kuwi. Ora lali, Harun uga njumputi dhuwit-dhuwit sing sumebar. Nalika nyambi ngetung gunggunge dhuwit iku, Harun kaget. “Hlo kok cacahe ana Rp32.000?” Harun nggumun. Sakelinge dhuwit ing celengane amung ana Rp12.000. Geneya saiki malih dadi Rp32.000. “Alhamdulillah. Aku bisa luwih cepet nukokake tas Jono,” batine Harun. Ndilalah wae saiki dina Minggu. Bubar adus, Harun banjur matur marang ibune. “Ibuk, kula nyuwun tulung diterke ten toko tas nggih? Kula kepengin tumbas tas”. “Oh…iya Le. Hla apa tasmu kuwi wis rusak, kok arep tuku tas anyar?” pitakone ibune ethokethok ora ngerti. “Anu Buk. Ngapunten. Kula sakniki jujur. Kula wingi nglumpukke dhuwit sangu sekolah, nggih kangge niki. Kangge tumbas tas. Nanging sanes kangge kula kok Buk. Niki dingge Jono. Kula mesakne kalih Jono. Mboten gadhah tas dingge sekolah,” piterange Harun. “Oh..iya Le. Ya wis yen ngono. Ibuk seneng yen kowe gelem tetulung kaya ngene iki. Ora marang Jono thok. Nanging marang sapa wae sing mbutuhake pitulungan. Tur, kowe ya aja meneng-menengan wae. Critaa karo Ibuk. Mbokmenawa Ibuk bisa mbiyantu. O iya. Lha apa dhuwitmu cukup Le?” “Hehehehe…Lha nggih niku Buk. Kula niki taksih nggumun. Wong saben dinten kula nyelengi Rp2.000. Jarak seminggu lak kudune nglumpuk Rp12.000. Nanging nalika celengan kula ambyar mau, kok arta kula malih wonten Rp32.000.” “Ya kuwi rejekine wong sing gelem tetulung marang liyan. Wis ora usah dipikir. Saiki ndhang mangkat tuku tas wae. Yen prelu, si Jono ditukokke buku lan piranti sekolah liyane. Ben dikompliti sisan wae. Mengko Ibu sing nambahi”.



“Wa…nggih Buk. Matur nuwun”.



Diceriosaken : Dini S.P



Kucung Ora Gelem Sekolah Sawijining dina, ana mbok randha kang duwe anak cilik kelas 2 SD arane Bejo. Ing dina Senen awan sawise Bejo mulih saka sekolah, katon rambute pating cowek gara-gara dicukur gurune ana ing sekolahan amarga rambute Bejo gondrong, wis nutupi kupinge. Sawise teka ngomah, Bejo katon sedhih. Amarga ing sekolahan padha diguyu kanca-kancane. Bareng mbokne Bejo weruh rambute anake pating cowek, banjur nimbali Bejo, “kowe kok katon sedhih lan rambutmu kaya mangkono ki geneya ta Le,” takone Simbok marang Bejo. Bejo ora semaur karo pitakone Simbok. “Ndang maem, mengko Simbok cukurne menyang nggone Mas Kancil,” ngendikane Simbok menyang Bejo, supaya ora katon sedhih maneh. Sinambi maem Bejo ngomong menyang Simbokne, dheweke kepengin cukur model kipli supaya bisa padha karo kanca-kancane. “Ya Le, Simbok nyarah karo kowe,” jawabe Simbok menyang Bejo. Sabubare mangan, Bejo lan Simbok mangkat menyang nggone Mas Kancil kang mapane rada adoh saka omahe Bejo. Ndilalah tekan nggone, antrine akeh banget. Nalika ngenteni giliran, Bejo keturon ing pangkone mbokne. Bareng tekan gilirane, Bejo isih turu. Setengahe isih turu, Bejo banjur dicukur karo dipangku mbokne. “Bejo dicukur model piye Mbok?” takone Mas Kancil menyang Simbok. Wangsule Simbok, “Nyarah Mas, sing penting ora pating cowek kaya ngene iki. Penting rapi wae Mas,” sambunge Simbok karo ngelus-elus sirahe Bejo sing pating cowek. “Rambute Bejo kok kaya ngene Mbok, kena apa iki?” takone Mas Kancil karo mesem. “Dicukur gurune ing sekolahan,” jawabe Simbok. Mas Kancil anyak nyukur rambute Bejo. Bareng Simbokne ngadeg saka kursi sing kanggo cukur, Bejo nglilir lan ngelus-elus sirahe sing wis ora gondrong maneh. Bareng Bejo ngaca ing kacane Mas Kancil, Bejo mbengok banter amarga nyawang cukurane kang ora padha karo sing dikarepake Bejo. Wong sing padha antri arep cukur padha kaget krungu jeritane Bejo. Bejo banjur nangis ora ketulungan, karo ngakon Mas Kancil mbalekake rambute maneh. Sawise mbayar ongkos cukur, Bejo digendhong mulih mboke. Neng dalan, Bejo tetep nangis kekejer. Simbokne banjur ngandhani Bejo supaya ora nangis terus. Amarga ana ing dalan saben wong sing ngerti Bejo nangis mesthi takon kena apa Bejo kok nangis. Salah sawijine pawongan tuwa, sing takon marang Simbokne Bejo. “Kena ngapa ta Dhe, Bejo kok nangis kekejer ki? ” Karo mesem Simbok mangsuli, “Iki lho Mbah rambute sing gondrong kae ilang.” “Meneng-meneng Le, malih bagus rambute sing gondrong kae dicukur. Rene mampir dakwenehi gethuk,” sambunge Mbah Karto, tanggane Bejo. Nanging Bejo ora nggagas, gur gela-gelo ana ing gendhongane Simbokne karo nangis. Satekane omah, Bejo langsung uwal saka gendhongane Simbok, nesu mapan turu. Sabubare tangi turu Bejo linggih ana ing kursi ngarep omah sinambi ngalamun lan ngelus-elus rambute sing kuncung. Simbokne banjur nyedhaki Bejo. Sawise Simbok linggih ana jejere Bejo, Bejo banjur ngomong menyang Simbok, manawa dheweke sesuk ora gelem mlebu sekolah, amarga



Bejo isin manawa diisin-isin kancane ing sekolahan. Krungu Bejo ngomong koyo mangkono Simbok kaget. Gara-gara olehe cukur ora kebeneran wae anake ora gelem sekolah. Simbok banjur ngandhani Bejo supaya gelem sekolah, nanging wis dikandhani Simbok, tetep wae Bejo ora gelem sekolah. Ing wayah esuk kancane padha mangkat sekolah liwat ngarep omahe Bejo. Simbok banjur nyedhaki Bejo ngakon supaya gelem mangkat sekolah. Nanging Bejo malah krubutan kemul ora nggagas guneme Simbokne. Sawetara ora mlebu sekolah telung dina, Bejo diparani gurune. Gurune kepengin weruh geneya kok Bejo ora mlebu telung dina tanpa katrangan. Ana ing omahe Bejo, Pak Guru banjur diterangke larah-larahe Bejo ora mlebu sekolah. “Lha jane cukur sing kepriye sing mbok karepake ta Jo?” pitakone pak guru marang Bejo. Nanging Bejo ora mangsuli. Sing mangsuli Simbokne karo mesem, “Kepengin kaya sing ing TV punika Pak.” “Wis ngene wae Jo, coba ngaca dhisik kana,” ature Pak Guru. Bejo banjur ngaca. “Coba, kowe tambah bagus ta Jo,” sambunge Pak Guru. “Cukur modhel kaya ing TV kae ya oleh-oleh wae, nanging kaya ngana kae disawang ora patut Jo. Kaya dudu cah sekolahan wae cukurane ora karuwan kaya mangkono. Cukur kaya kowe ngono kuwi malah sing rapi, katon patut,” ature Pak Guru marang Bejo. Bejo ngaca karo ngrungokake ngendikane pak gurune sinambi ngguya-ngguyu nyawang dheweke ana ing kaca, sing miturut ngendikane pak guru tambah bagus. Let sedhela Bejo ngomong marang pak guru lan Simbokne, manawa dheweke sesuk gelem sekolah maneh. Ora preduli manawa diguyu karo kanca-kancane ana ing sekolahan. Krungu kaya mangkono Simbok atine lega, anake wis gelem sekolah maneh. Pak Guru katon bungah ngreti muride gelem sekolah.



Diceriosaken : Ari Sriwanto



Dadi Manten



Wis suwe Suto melu urip ing Pecinan, dadi tukang resik-resik omahe kaluwarga-kaluwarga katurunan China. Kadhang kala Suto uga dikon ngecet pager, sulam-sulam kentheng utawa ngumbah pit motor lan mobil. Bayarane ditampa saben bubar nyambut gawene. Kabeh warga katurunan China ing Pecinan kuwi kaya wis dadi sanak kadange Suto. Kabeh padha sumeh marang Suto. Nalika Suto lagi ambruk jalaran kena memala saengga ora bisa nyambut gawe, akeh warga Pecinan banjur padha mara tilik Suto ing omahe sing ana ing desa. Saiki umure Suto wis ngancik 40 taun. Nanging dheweke isih jaka, ora tau yang-yangan. Yen ana sing takon geneya dheweke emoh rabi utawa yang-yangan, Suto ora mangsuli, mung mesem wae. Kamangka pawakane Suto kuwi gagah tur praupane ya bagus. Malah satenane akeh prawan ing Pecinan sing meneng-meneng kesengsem marang Suto, nanging kabeh ora wani blaka suta ngaku tresna jalaran wis kebacut ana sawijine tradhisi yen ana prawan ing Pecinan gelem dirabeni dening wong lanang Jawa mangka bakal dijothak selawase dening kaluwargane lan sanak kadange kabeh. Tradhisi kuwi ngemot kaweden yen wong wadon katurunan China dirabeni dening wong lanang Jawa bakal bisa nelangsa jalaran bisa pegatan utawa ditinggal rabi maneh. Ana sawijine prawan ing Pecinan sing wis suwe kesengsem marang Suto saengga emoh dirabeni dening wong lanang liya, banjur dadi prawan kasep. Jenenge Titin. Umure 38 taun. Sawijine sore nalika Suto lagi ambruk kena flu, Titin gelem tilik. Titin mara ing omahe Suto, mobile disupiri dhewe, ora ana kancane, saengga bisa guneman karo Suto sakloron wae jalaran Suto uga dhewekan manggon ing omahe wiwit bapak-ibune suwargi. Titin pancen sawijine warga ing Pecinan sing wis misuwur dadi prawan kasep sing urip dhewekan manggon ing omahe, jalaran papah lan mamahe uga wis suwargi. Titin banjur nekat takon marang Suto sing padha-padha urip lola. “Kang Suto. Aja nesu ya, Aku arep takon. Geneya Kang Suto ora rabi?” Suto mesem karo nyawang praupane prawan kasep sing ayu kuwi. Banjur Suto ganti takon marang Titin. “Lha geneya Cik Titin uga tetep isih legan?” Titin mesem sajak isin. Pipine banjur katon mbranang saengga dadi katon tambah ayune.



“Lho kok meneng wae? Aku ya njaluk ngapura yen pitakonku dianggep lancang.” Suto ngomong maneh karo nyawang praupane Titin sing katon tambah ayu lan manis. Suto kesengsem, nanging jalaran dheweke uga ngrumangsani dadi wong lanang sing mlarat mangka ora wani ngaku tresna marang Titin sing ayu tur sugih kuwi. Suto ngreti yen Titin sugih kuwi jalaran kerep resik-resik omahe sing tingkat loro katon magrong-magrong. Titin uga duweni omah maneh sing disewa kanggo kantor cabang sawijine bank swasta. Titin uga duwe mobil sing mulus kinclong-kinclong sing jarene regane meh tekan Rp1 miliar. Saben dina Titin nganggur wae neng omah. Suto rada gumun geneya Titin tetep legan kamangka ayu tur sugih? “Aku ora payu. Durung ana wong lanang sing ngarepake awakku.” Titin mangsuli pitakone Suto karo mesam-mesem sajak ngemot rasa tresna. “Aku uga durung tau duwe yang jalaran aku pancen mlarat kaya ngene. Pancen lumrah yen ora ana wong wadon sing gelem dijak urip mlarat.” Suto ngomong kanthi suwara abot jalaran ngemot rasa isin lan minder marang Titin. “Satemene wiwit biyen ana wong wadon sing kesengsem marang Kang Suto, uga gelem dirabeni.” Titin ngomong maneh sing sajak gawe mongkog atine Suto. “Ya nek ngono padha. Satenane uga ana wong lanang sing wiwit biyen kesengsem marang Cik Titin, nanging ora wani ngaku tresna, kuwatir nek ditampik.” Suto rumangsa saya wani nyamohi prawan kasep sing wis suwe kepengin dirabeni senajan beda suku lan beda kelas sosial ekonomikaro dheweke kuwi. Titin banjur wani tawa pijet marang Suto. “Kang Suto, aku mrene iki pancen kepengin tilik, uga nek bisa aku kepengin mijeti utawa ngeroki awakmu supaya cepet mari.” Atine Suto langsung saya mongkog. Suto banjur mengkureb ing amben supaya Titin bisa mijeti gegere. Titin banjur mijeti gegere Suto. Karo mijeti gegere Suto, Titin crita yen dheweke wis suwe kesengsem marang Suto. Yen saiki dheweke lagi wani ngomong jalaran papah lan mamahe wis suwargi lan kabeh sedulure wis padha omah-omah ing kutha liya. Kabeh sedulure bakal sarujuk yen dheweke bebojowan karo wong lanang sapa wae sing ditresnani lan uga tresna. Ora preduli beda suku lan beda kelas sosial ekonomi. Malah sedulure kabeh wis tau ngakon dheweke dadi manten karo Suto. Kabeh sedulure pancen wis ngreti sapa Suto kuwi jalaran nalika isih legan uga padha urip ing Pecinan kuwi. Pokoke kabeh warga sing urip ing Pecinan kuwi wis tau srawung karo Suto senajan amung nyapa aruh utawa guneman sakkecap rong kecap.



Suto kepengin nangis nalika ngrungokake critane Titin sing blaka suta kuwi. Banjur Suto wani ngaku yen dheweke uga satenane wiwit biyen tresna marang Titin. Malah Suto ora bakal rabi yen ora karo Titin. “Nek ngono awake dhewe pancen wis jodho, Kang Suto. Mula katresnan iki kudune cepet-cepet diresmekake. Prakara agama kita ora padha, ora usah dadi alangan. Sing penting tansah rukun lan padha-padha duweni pangerten.” Titin sajak bungah atine jalaran Suto uga wis wani blaka suta ngaku tresna. Suto banjur tangi njenggirat. Rasa lesu greges-greges lan ngelune langsung ilang blas. Ora mamang maneh, Suto banjur wani ngrangkul Titin, lan ngesun pipine prawan kasep sing kinyiskinyis kuwi. Titin uga banjur wani ngelus-elus gulune Suto nalika pipine disun dening jaka sing wis suwe ditresnani kuwi. “Kapan awake dhewe ningkah?” Suto takon kaya ngono jalaran dheweke rumangsa kalah sakabehane ing ngarepe Titin. Titin mangsuli kanthi swara sing tandhes. “Suk ngepasi Cap Go Meh!” *** Ing dina kaping 15 sabubare Taun Anyar Imlek sing misuwur disebut Cap Go Meh kuwi, Suto lan Titin dadi manten. Resepsi-ne digelar ing plataran omahe Titin sing jembare kaya lapangan tenis. Kabeh warga ing Pecinan diundang. Semono uga tangga teparone Suto ing pelosok desa uga padha diundang. Pasugatan sajrone resepsi manten kuwi digelar kanthi cara prasmanan. Menune macem-macem. Ana lonthong opor ayam sing wis kondhang dadi menu khas prayaan Cap Go Meh. Ana sega gurih, sate ayam, sate wedhus, sate kerang, soto, bakso lan liya-liyane. Seni barongsai lan campursari digelar kanggo ngramekake resepsimanten. Jebule kabeh warga ing Pecinan padha sarujuk lan gelem paring pangestu marang manten loro sing beda suku lan beda kelas sosial ekonomi kuwi. Kabeh warga padha ngreti yen katresnan kang sejati pancen bisa ngasorake samubarang prakara sing maune dadi alangan utawa ngalang-alangi katresnan. Malah akeh sing padha bungah jalaran mantene Suto lan Titin bisa gawe guyub rukun kabeh warga Pecinan karo warga ing kampung liyane. Akeh sing kandha yen tradhisi nyegah lan nampik jejodhowan beda suku lan beda kelas sosial ekonomi ing mangsa saiki wis ora mathuk maneh. Suto lan Titin lungguh jejer, tansah mesem-mesem, katon bungah banget.



Diceriosaken : Maria Magdalena Bhoernomo



TELA Kagem Jeng Agnes Dewi ing Pajang Witing tresna jalaran saka tela. Ngono kuwi tetembungan kang dadislogan sawijining panganan saka bahan tela. Tela rambat lan tela pendhem utawa puhung. Sing genah dudu tela gumantung. Sanadyan wis kerja mapan lan kerep nampa bonus saka pabrik, nanging aku isih seneng panganan lan jajanan pasar, apa maneh mangsakan asli dhaerah. Kanca-kanca lan sedulursedulurku tansah nganggep aku ikikatrok lan ora gaul. Nanging kabeh anggepan iku mau ora bisa gawe mogeling ilatku iki selak marang tela godhog, goreng lan tela bakar. Ilatku krasa teles lan luwe nalika ngerti tela jalaran panganan iku ngelingake aku marang Dhik Menok, wanodya sing kaping pisan dak rangkul saka mburi kanthi cara sengaja ana saktengahe panggung festivalteater. Owalah tela-tela, ngono celathuku nalika nyamiki panganan sing digawe saka tela. Kayata ceriping tela, gethuk tela, tela goreng lan sakliyane. Tela pendhem lan tela rambat dadi seksi nalika aku nembung Dhik Menok. Tela kang mateng jalaran dak obong karo Dhik Menok nalika melu kemah Latsar Teater ana alas Pringgondani, Kalisoro, Karanganyar. Tela kang gawe aku sansaya cedhak marang Dhik Menok nalika ndhepipis kadhemen ing saktengahe rerumbyunge cemara lan pinus, ing saktengahe gunung sing ngelunjak mendhunge langit, ing saktengahe keteling pedhut kang mudun iku nelesi godhonggodhong, lemah lan suket. *** Nanging Dhik Menok ora gelem tak pek bojo. Dheweke blakasutha marang aku manawa luwih seneng yen bebojowan karo tentara utawa pulisi. Mula aku ndaftar ana lowongan taruna. Rambutku sing sakdurunge gondrong rhewo-rhewo kaya macan gondrong, kapeksa dak potong bros ana salon Medura Kaya dene wanodya sing dadi kriteria-ku, Dhik Menok iku uga telaten ngancani aku ajar nglangi, fitnes lan jajan omben-omben soda gembira kanggo ngresiki paruparuku saka bledug kenalpot, pabrik lan kebul rokok sing kerep dak sedhot. Aku tansah kelingan nalika Dhik Menok ngeterke aku ing terminal nalika mangkat menyang kutha kanggo melu tes dadi tentara. Saka cendhela bis sing dak tumpaki iki, Dhik Menok ora mandheg-mandheg anggone neteske ilu ing pipine. *** “Wis ta Le. Ora usah dipikir abot abot!” “Pancen nasibku Mbok.” “Iya Simbok mudheng, nanging ora usah kejeron anggonmu susah! Mengko yen kesambet lho!” Aku pancen nggugu welinge Simbok. Aku pengen gage nglalekake kepinginan klebu dadi tentara, ateges ya kudu kelangan Dhik Menok. Kaya kang wis diblakakake marang awakku, yen dheweke mung gelem bebrayan karo tentara. Mbuh apa wae pangkate.



Ora pisan-pindho, Dhik Menok SMS aku, nakokake asilku melu tes mlebu taruna. Embuh, saben ameh mbales SMS iku, aku katon dheg-dhegan dhewe. Sikilku ngewel, njur atiku kaya diiris-iris. Anggonku pengin nglalekake Dhik Menok malah sansaya abot jalaran dheweke yen dak etungetung wis SMS ping telung puluh. Apa maneh ana ing kafe iki grup musik top forti iku nglagokake tembang katresnan sing gawe nggrantesing atiku. Sirahku sansaya kliyengan wiwit limang sloki red label tak tenggak nganti krasa tekan telak panase. Owalah Dhik Menok, Dhik Menok. Rambutmu yen dicukur cendhak kaya dene Demy Moore gawe aku bola-bali ngeleg idu jalaran gulumu katon putih. Semana uga yen kowe nganggo tanktop, mak slentheng, lenga wangimu ambune sumebar nganti sepuluh meter adohe. Irungmu kuwi mbangir kaya dene irunge Nabila Syakieb. Mripatmu cemlorot ngucing kaya mripate Asmirandah. Lambemu tipis. Sapa sing ora kemecer yen ngajak bebrayan. Umure ya isih nom kinyis-kinyis. Wah sansaya suwe kok sansaya panas hawane? Wah malah maen musik dangdut. Wah jogedan wae ketimbang mumet. Lelakon kaya ngono kuwi kira-kira mlaku nganti patang tahun. Saben wengi aku tansah njaluk dhuwit Simbok kanggo ndem-deman. Yen dhuwite lagi akeh ya menyang kafe. Nanging yen lagi mepet yo mung cukup tuku ciu wae. Ora krasa sansaya suwe awakku dadi ora kapenak, jantungku dheg-dhegan saya suwe sansaya cepet. Nalika sikil iki ngidak lataran omah, awak iki rasane abot-abot entheng. Angel kanggo ngadeg. Banjur awakku ambruk. *** Awakku rasane isih kaya bar digebugi maling. Tangan, sikil, boyok, gulu lan balung rasane kaya bubar wae dienggo klothekan. Ealah Dhik Menok wis ana jejerku. “Wis mari Mas?” “Oh, uwis Dhik.” “Ngono wae mendem! Awakmu pancen gedhe Mas. Ning atimu ciut. Ora kuwat ngadhepi kahanan lan tantangan. Kaya ngono kok ngajak aku bebrayan,” ngono tembunge Dhik Menok sakdurunge pamit Simbok ameh kerja menyang Kalimantan, melu Kang Mase sing wis dadi pegawe negeri ing kana. Sakwise iku, aku babar blas ora tau ketemu dheweke. Nomer hapene wis diganti. Malah aku krungu dhewe saka bapake, Dhik Menok sesasi engkas ameh rabi. Ya nganti saiki aku durung bisa nglunturake katresnanku marang Dhik Menok. Mbuh nganti kapan. Apa maneh saben nyamiki tela godhog. Dhik Menok pancen wanodya sing gawe aku dadi gumbregah mbukak pikiranku sing cupet iki. Saumpamane Dhik Menok ora sida rabi karo calone kuwi, aku ya wani nembung dheweke. Wong ya aku saiki wis kerja mapan. Ora ketang isih dadi pegawe kontrak. “Mas?” Dhik Menok clingak-clinguk mbiyak korden cendhela kamarku. “Dhik? Kowe to Dhik?” ngono wangsulanku karo nguceki mripat sing isih krasa abot kanggo melek. Gusti Allah, ngimpi apa aku? Dhik Menok mara menyang njero kamar, sajak kabotan nggotong tela sakkarung.



Diceriosaken : Abednego Afriadi



Telung Taun Kepungkur



Senin esuk wulan Oktober ing mangsa rendheng. Mendung nggendhaweng nggawa hawa adhem. Udan grimis kang tanpa kendhat tumiba nelesi bumi. Aku makgregah tangi banjur mbukak candela. Njaba isih peteng, nanging aku banjur nekat adus. Aku uga wis nyiapake jaket kandel kanggo ngilangi adhem ing awakku. Jam enem pas, aku mlangkah saka lawang. Udan grimis ngancani anggonku mangkat kuliah. Nadyan udan, aku tetep mangkat menyang kampus. Amarga dina iki ana seminar jurnalistik. Aku banjur mlaku saka gang cilik, menyang dalan gedhe kang adohe rongatus meter. Aku lungguh ana ing halte bus ngarep kantor Koramil. Aku ngerti cah wadon uga nunggu bis. Dheweke nyekel buku ing tangan tengene. Tangan kiwane nyangking kresek sing isine sepatu. Merga ngerti kaya ngono, aku dadi kelingan apa kang daklakoni telung taun kepungkur. Aku isih kelingan saben esuk aku lungguh jejer karo Sinta ing halte iki. Nyegat bis mini nomer 11 jurusan kampus sinambi maca buku lan gojekan bareng. Dheweke kerep nyilihi aku buku. Amarga kuwi, aku bisa ngerti apa kang diarani mind map iku. Aku bisa seneng maca novele Andrea Hirata, JK Rowling lan CS Lewis lan novel liya-liyane. Lan aku uga bisa weruh, kepriye carane masak roti bolu, masak gule utawa nggawe rujak. Nganti aku bisa apal nggitar uga amarga Sinta. Kanca dolan kang wis tak anggep kaya sedulurku dhewe. Jenenge Sinta Auliasari, kanca dolanan wiwit aku isih cilik. Bocahe ayu, irunge mancung, kulite kuning mbranyak. Rambute ireng sepundhak, pawakane rada dhuwur. Saka SD, SMP lan SMA aku lungguh sebangku karo dheweke. Ngandhi-andi tansah bebarengan, mula akeh sing padha ngarani menawa aku karo Sinta kuwi kakang adhi. Ana uga sing ngrasani yen aku dadi pacare Sinta. Kamangka ora, sedulur ya ora, pacar ya ora. Aku mung kekancan karo Sinta. Sejatine aku rumangsa menawa ana rasa kang sinimpen ing atiku. Rasa tresna marang Sinta sangsaya gedhe sasuwene wektu iku. Rasa tresna kang ngerti-ngerti njedhul ing telenging ati nalika dheweke nyekel tanganku. Ananging, aku ora banjur percaya. Aku uga ngrumangsani, aku mung anake wong tani utun. Saben dinane gluprut endhut sawah. Beda karo dheweke sing sugih bandha. Saben dina mangan enak. Aku isin menawa Sinta ngerti yen aku tresna marang dheweke. Aku uga wedi yen rasa tresna iki malah dadi ngrusak tali kekancan antarane aku lan Sinta. Nalika mlaku bareng saka kuliah, Sinta tau takon karo aku. “Mas Andi, kowe kuwi diece kanca-kancamu lho.” “Lha aku dirasani piye dhik?” pitakonku. Dheweke banjur mangsuli. “Ngene Mas. Ngapa Mas Andi seprana-seprene kok durung duwe pacar. Kamangka kowe kuwi bagus, pinter tur gemati.” Aku mung mesem krungu tembung iku. Banjur dheweke uga mesem lan ngomong maneh marang aku. “Lha kowe kok mung mesem ta Mas? Wangsulana pitakonku,” ucape sambi mbenakke tase. “Apa wong kuwi mung anggere golek. Ya ora mung ditonton saka njabane, ning ya njerone kudu dingerteni. Apik apa ora dhik.”



“Iya. Ning penginmu kuwi sing kepriye Mas?” Aku meneng, kepengin ngomong yen “sing kaya kowe” aku ora wani. Tutukku kaya dikunci, ilatku abot banget arep mangsuli. Sesek ambeganku, aku wedi. Durung wayahe Dhik, suk menawa wis titi wancine aku bakal ngomong karo kowe. Nanging, pangarep-arepku banjur ilang. Telung sasi sakbubare Sinta takok mengkono, ana prastawa kang nggawekake runtuking atiku. Ing salah sawijining dina sabubare kuliah, dheweke ngandhani aku. Sinta katon ora sumringah kaya biasane. “Mas, aku kepengin matur marang kowe. Bapakku pikantuk tugas ana Palembang. Wiwit minggu ngarep budhal mrana.” “Ya syukur Dhik yen mengkono. Nanging kowe ora melu Bapakmu ta?” “Lha ya kuwi Mas…” “Lha ya piye? Kowe uga melu menyang Palembang Dhik?” pitakonku marang Sinta. Dheweke among meneng wae. Deg-degan atiku nunggu wangsulane Sinta. “Dhik, wangsulana pitakonku. Sliramu uga melu menyang Palembang ta?” aku takok maneh. Tanganku nggepleki pundhake. Kanthi lirih-lirih dheweke mangsuli. “Iya Mas. Aku sesuk-esuk budhal mrana, arep ngurus pindhahe kuliahku ana kana.” Krungu tembung kuwi, aku nratab. Peteng delenganku, kaya ana bledheng ing mangsa ketiga. Aku sajak ora percaya yen bakal kaya ngene. Kamangka suk minggu ngarep aku arep ngomong blaka. Yen aku tresna banget marang dheweke. Aku bingung bakal kepriye maneh. Ora mungkin menawa aku nglakoni pacaran jarah jauh. Ora mungkin menawa aku ya melu mrana, aku ora tega marang wong tuwaku. “Apa ora bisa diundur rong dina telung dina Dhik?” pitakonku lirih-lirih, tanganku nyekel siset tangan tengene. Sinambi nyawang kendharaan pating sliwer, dheweke ngomong. “Ora bisa Mas. Aku kudu mangkat sesuk.” Tembunge Sinta sinambi netesake luh. Aku ngerti yen Sinta wegah pindhah menyang Palembang. Banjur dak usap luh dleweran ing pipine. “Menawa iki wis dadi lakonmu, lakonana Dhik. Aku mung memuji, muga-muga tansah lancar anggonmu ngangsu kawruh. Sing sregep sinau lan aja lali ngibadah marang kang Maha Kuwasa.” “Iya Mas. Menawa aku ana luput marang kowe, aku nyuwun pangapura. Muga-muga tali paseduluran iki tansah rinaket nganti mbesuk. Aku uga tansah ndedonga, muga-muga ndang rampung kuliahmu. Muga-muga awake dhewe bisa kapethuk maneh ya Mas.” “Iya dhik. Aku… aku…” aku banjur nangis kekejer. Aku ora bisa ngomong apa-apa maneh. Dheweke banjur ngrangkul aku, nyoba nglipur aku. Tangane kiwa ngelus-elus pundhakku. Aku kanthi kapeksa menggak apa kang ana ing njero atiku. Aku getun, ngapa kok ora wiwit dhekemben aku ngomong marang Sinta. Apa sing tak enteni? Tresnaku kang kadhung jero kudu dipunggel sadurunge mekar.



Sabubare kuwi aku pirang-pirang bengi ora bisa turu. Aku sedhih banget, atiku kelara-lara amarga saka awakku dhewe. Aku mikir lan terus mikir. Tengah wengi aku tansah tangi. Raine Sinta tansah mubeng-mubeng ing sirahku. Aku angel nglalekake Sinta. Bareng sesasi sabubare kuwi, aku kelingan apa kang dikandhakake kancaku. Menawa aku ngomong marang Sinta yen aku tresna, mesthi aku ya bakalan pisahan karo Sinta. Nanging, aku uga mikir yen iki wis dadi lakonku. Wis ginaris marang Gusti yen Sinta dudu jodhoku. Gusti maringi pacoban kaya mengkene supaya aku ora cuwa sing luwih jero amarga ditinggal Sinta. Dhuh Gusti, paringana sabar lan tawakal. Lamunanku ambyar amarga kancaku nggeplek aku, dheweke ngajak munggah bis sing mandheg ana ngarepku. Aku mung mesem lan aku krasa sumringah maneh nglakoni uripku.



Diceriosaken : Rury Arvianto