Cerkak [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Kanca SMA N 10 Malang, salah sijisekolah negeri ing kutha Malang. Sekolah kanggo nimba ilmu siswa SMA ing Malang. Sekolah iku ora mengkono wiyar. Tapi sekolah iku isih layak lan nyaman kanggo tempat sinau. Semester keloro wes dimulai, saiki kabeh murid sekolah mulai kegiatan belajar mengajar maneh sawise preian. Ora suwi suwi waktu kag dibutuhake kanggo nyesuaike diri, kajaba siswa anyar siji iki. Jenenge Regina Ridha Ananda tekan pindahan sekolah liya. Kaya biasane, ing dina pertamane sekolah guru pelajaran pertama ngongkon dheweke perkenalan ing ngarep kelas. Dheweke mung nyebutake jenenge lan asal sekolahe wae. Alasane pindah yaiku amarga pekerjaan wong tuane sing kudu pindah pindah kota. Sawise perkenalan, Regina lunggu ing bangku sebelahe siswa berkacamata lan berkrudung. “Hai, aku Azizah” ucap siswa berkrudung iku mau. Regina mung angguk-angguk wae. Dheweke ora bermaksud ngabaiake Azizah, nanging sifate sing pendiam kuwi nggarai sikape kaya ngono. Azizah wes nyoba ngajak Regina ngobrol, nanging Regina mung njawab nggawe bahasa tubuh wae. Akhire Azizah menghentikan niate gawe koncoan karo Regina, Azizah wedi menawi sikape nggannggu Regina.. Wes seminggu berlalu nanging keadaane ora berubah. Azizah isih berusaha ngajak ngobrol Regina, nanging Regina isih kaya ngono, ora ngomong opo-opo. Azizah sing ngerasa kesal iku curhat menyang Nadya lan Fanny. Nadya lan Fanny pancen kanca cedeke Azizah, dheweke ora sungkan cerita apa wae menyang Fanny lan Nadya iki. Azizah cerita yen Regina iku arek sing meneng, angel diajak ngomong, cuek. Akhire Fanny lan Nadya mbantu Azizah supaya Regina iso terbuka. Akeh cara sing dilakoake Fanny, Nadya, lan Azizah. Mulai tekan ngajak nang kantin bareng lan liya liyane, nanging dheweke ora gelem. Sampai akhire ana tugas kelompok sing kudu dikerjakane berempat. Regina setuju, nanging Regina ora tau berpendapat. Fanny waktu iku sing dadi ketua kelopoke mung menehi pembagian tugas gawe Regina. Regina mung ngerjakake tugase wae, ora diskusiaken dhisik menyang kelompoke. Fanny nyoba negur, nanging Regina wes ngerampungake bagian tugase, dadi selama tugase wes dirampungne Fanny ora keberatan. Wis seminggu lebih mereka ora iso nggawe Regina terbuka. Sampai akhirnya mereka bertiga ngerencanaake gawe negur Regina. Sesuke pas pulang sekolah mereka mencegah Regina pulang dhisik sampai kelas sepi. Sawise kelas sepi, merekapun mulai menegur Regina. “Heh, awakmu yen diajak ngomong kok gak tau njawab seh?!” “Awake kan wes baik a nang awakmu” “Awakmu gak seneng a karo awake dewe” Mereka bergatian ngomong karo Regina. Nanging Regina mung meneng wae. Dheweke nyoba ngabaine mereka bertiga dengan metu tekan kelas. Nanging Regina ditahan. “Kok awakmu nyuekin awake se?!” “Awake salah apa nang awakmu?” “Jawab a!!!” Mereka bertiga nyoba nggawe Regina mau njawab pitakone. “awakmu gak gelem koncoan karo awake?” “Ya” Regina nyentak



“Kenapa?” pitakone bertiga bareng-bareng. Mereka kaget lan kesal amarga mereka ora salah apa-apa nanging wes dimusuhi karo Regina. “Wes sore, aku pingin moleh” jawab Regina karo nunduake kepalane. “Jawaben sek pertayaane awake iki” ucape Azizah karo nyekel tangane Regina, nanging Regina cepat-cepat menepisnya. “Awakmu kok jahat seh...” ucap Fanny kecewa. Dengan matane sing berkaca-kaca akhire Regina mau bercerita. “Percuma aku duwe konco yen gak suwi maneh aku bakal pindah maneh, bakal ninggalno kalian, bakalan gak ngobrol ngobrol maneh. Engko yo kalian bakal ngelupain aku padha kaya kanca-kancaku sadurunge.” Suasanane dadi hening. Nanging keheningan iku mau pecah amarga ucapane Azizah “awake gak bakal ngelupain awakmu” “Iyo, kan ana medsos. Awake iso ngobrol ngobrol ing medsos kuwi” tambah Fanny “kanca-kancaku kabeh padha ngomong ngono. Tapi iku mung waacana wae.” Jawab Regina “Awak e janji ora bakal kaya ngono. ” ucap Nadya “yen awake kaya ngono, hajar ae awake.” Tambah Nadya karo bercanda. Fanny, Azizah, Regina lan Nadya ketawa. “swuwun yo rek” ucap Regina. Pas iku pertama kaline Regina nunjukake seyumane. Sesuke Regina mulai ngerubah sikape, dheweke dadi lebih terbuka lan cerita macemmacem menyang kanca kancane. Nanging dheweke tetep dadi Regina sing pendiam.