Cerkak [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

REUNIAN Wektu cilik aku duwe kanca jenenge Apri, Vita, Vira, Salma lan Nuri. Aku karo kanca-kancaku kuwi wis kenal awit mbiyen aku mlebu TK. Jaman mbiyen aku ro kancakanca sak sekolahan bareng seka wektu Tk lan neng SD. Aku ro kanca-kanca kulina dolan bareng lan gojekan bareng menawi ana neng sekolahan. Kui sing marake kangen umpama aku pisah karo kanca-kancaku kui. Ananging pas lulusan kelas 6 aku kudu pisah ro kancakanca. Pas SMP aku mung sak sekolahan karo Apri, dadi aku jarang ketemu karo kancaku sik liyane. Pas sakbubare Ujian Nasional kelas 9 aku ro Apri duwe rencanane ameh ngadake acara reunian SD. Soale wis 3 tahun iki aku ora tau dolan bareng meneh karo kanca-kanca lan jarang komunikasi lewat Hp, amarga wis podo sibuk karo urusane dewe-dewe. Mula iku aku duwe rencana reunian ben bisa ngakrapke kekancanan kaya mbiyen meneh. Aku duwe rencana reunian dolan menyang jembatan gantung. Rencana kui asline wis suwe banget pingin di lakoni nanging durung isoh kelakon. Aku lan Apri banjur ngandani rencana iku neng kanca-kanca lewat SMS. Vita, Vira lan Nuri sarujuk karo rencana kui ananging Salma durung bisa menehi keputusane amarga Salma lagi nunggoni simbahe sing lagi loro neng rumah sakit. Sakwise simbahe Salma mari, Salma banjur nelfon Apri ngandani nek Salma sarujuk karo rencanane iku. “ Pri, kepiye rencanane awakdewe sing ameh ngadakke acara reunian ? Wis sida kelakon opo hurung ?”. “Hurung, aku ro kanca-kanca nunggu keputusanmu Sal, wis suwe banget awakdewe ora kumpul-kumpul kaya mbiyen meneh“. “ Iyo Pri, aku wis sarujuk karo rencanamu kui. Alhamdulillah wingi simbah ya wis mari, mumpung iseh prei lan awakdewe mumpung iseh duwe wektu longgar “. Apri banjur ngabari kanca-kanca liyane nek Salma wis setuju karo rencana kui. Rencana reunian kui akhire kelakon. Lan rencana kui arep diadake dina Minggu esok. Aku ro kanca-kanca ngrencanake arep lunga menyang jembatan gantung. Pas dina Minggu aku lan kanca-kanca kumpul neng omahe Apri. Tekan kono aku seneng banget bolane wis pada ngumpul lan pada siap mangkat. Aku lan kanca-kanca banjur



mangkat menyang jembatan gantung. Pas neng perjalanan Vira lan Salma di salip montor sing numpake ugal-ugalan. Vira lan Salma tibo neng sawahan merga kesrempet montor iku. Aku ro kanca-kanca uga nulungi Vira lan Salma. Klambine Salma lan Vira kebeh reget amarga keno lendut, untung wae awake mung lecet sitik lan pite ra kenapo-napa sakbajure kui aku rokanca-kanca bali meneh neng ngomahe Apri kanggo ngresiki awake Salma lan Vira sing gupak lendut. Tekan omahe Apri,Salma lan Vira banjur salin nganggo klambine Apri. Aku ro kanca-kanca nunggu Salma ro Vira karo gojek-gojekan. reti-reti Vita takon ” lha trus rencana reuniane awakdewe piye, masak gagal meneh?” Salma ro Vira teka “ di teruske wae rencanane aku ra kenapa-napa kok”. Akhire aku lan kanca-kanca bali meneh neng jembatan gantung. Pas perjalanan aku meh tiba pas ketok tanjakan. Untung ae kanca-kanca langsung nulungi. Sakwise ketok jembatan gantung aku ro kanca-kaca banjur mlaku-mlaku ndeleng kesaenane jembatan gantung sing asri lan sejuk lan aku ro kanca-kanca foto-foto neng kono. Aku crita-crita menawa wektu SD, mbiyen sing iseh isin-isine, banjur nek ngaso seneng dolanan lompat tali bareng, bekelan lan sakpiturute. Aku ro kanca-kanca crita nganti lali wektu. Menawa arep bali mulih malah udan, aku lan kanca-kanca uga golek nggon dinggo ngeyup. Untung ae neng kono ana warung lan warung kui sepi. Aku lan kanca-kancaku uga moro neng warung kui ngeyup sisan maem uga nunggu udane terang. Sakbanjure udane terang aku lan kanca-kanca mulih, nanging pas neng ndalan ameh mulih reti-reti Salma ngajak mampir neng lapangan cedak ndesane Apri. Neng kono ono tontonan jatilan. Aku lan kanca-kanca banjur mampir nonton jatilan. Sing pertama njatil yaiku cah cilik-cilik nganti suwene 15 menitan, banjur kui sing njatil cah enom-enom. Penonton sing ndelok podo seneng. puncake tontonan yaiku metu jatilan intine yaiku sing njatil do dandan kaya buto-buto sing brangasan. Sing dandan koyo buto ana wong 5. Penonton kabeh do kaget pas metu buto-buto iku.



Pas neng tengah-tengah pertunjukan, buto-buto kui do ngamuk amargo ono penonton sing nyuraki buto-buto kui. Sing 2 butone ngamuk nganti metu seko area. kabeh penontone do mlayu tunggang langgang amarga wedi di oyak butone. Buto sing ngamuk kui mlayu ngoyak ketok adoh. Nganti let suwe lagi sadar, buto-butone. Aku pisah ro kanca-kanca pas butone ngoyak. Aku neng kono wedi nganti bengak-bengok nggoleki kancaku liyane. Retireti kancaku do nggoleki aku neng lapangan meneh. Pas ditinggal aku nganti bingung ameh mlayu nandi saking wedine. Kanca-kanca trus do nenangke aku men ora wedi meneh. Aku bar kui ngejak kancakanca mulih. Nanging aku yo seneng isoh ndelok tontonan jatilan. Soale pas nonton rasane seru lan nyenengke. Banjur tekan omahe Apri aku ro kanca-kanca pamit mulih. meskipun kudu pisah karo kanca-kanca meneh nanging aku lan kanca-kanca uwes seneng amarga bisa nganake acara reunian iki.