Cerita Wayang Bahasa Cirebon [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

LAIRANE ABIMAYU Kisaeh, waktu prabu kresna olih undangan sing Arjuna soal lairane anake arjuna karo dewi wara subadra. Waktu kuwe, Negara dwarawati lagi olih ancaman peranag sing Prabu Jaya Murcita raja Plangkawati. Ancaman perang sing Raja Plangkawati iku, yaiku lantaran dendam waktu kakange Jaya Murcita yaiku Jaya Seti kudu mati ning tangane Arjuna sewise gagal ngawini Wara Subadra, Selain iku keding lantaran bukukane Jim Damdarat sing ngrasa dendam lantaran Rajanya, yaiku Jin Yudhistira kudu nyerah ning Puntadewa lan nyerahna kerajaan Amarta ning Pandawa. Ning waktu sing pada, Raden Werkudara lagi nginglang, sing nyatane lagi tetapa kanggo luruh wahyu Widayat sing ngrupakna Wahyuning Ratu lan lantaran susah payane, Werkudara berhasil olih Wahyu Ratu iku. Kresna lunga nggoleti Bima Di baturi ding Arjuna lan Setyaki. Ning sejerone alas, akhire ketemu Bima lagi tetapa, sing nyatane Bima wis olih Wahyu Widayat, akire kabeane balik, ning tengah dalan kresna pesen ning Bima. Sewise olih wahyu Widayat Bima blih olih hubungan karo wong wadon lan ora olih ndeleng bayi sampe 41 dina. Ning tengah dalan, Bima nakonaken keadaane Wara Sembrada ning Arjuna. Durung sempet njawab, Setyaki teka karo kabar seneng. Bahwa Wara sembadra wis lairan, krungu kabar kuwe Bima langsung anjlog karo kesaktiane, deweke klalen pesene kresna, (blih olih ndeleng bayi sampe 41 dina). Kresna weruh, tapiken mung mesem, Arjuna ngejar endah Wahyu ora ilang, tapiken ora kekejar.



1



Anjog Bima ning amarta, lan langsung ngemban Bayi (anake sembrodo karo Arjuna) langsung murub cahaya sing padang ning awake Bima sing pindah ning jabang bayi. Nyatane Wahyu Widayate pindag ning jabang bayi. Bima meneng , sadar Wahyu sing wis olih pindah ning jabang bayi, ora suwe teka Arjuna, Setyaki, kresna. Kresna : werkudoro, wes weruh Putrane Arjuno? [Bima meneng] Arjuna : Kakang Mas, wonten menopo kok namung kendhel? Bima : Jlamprong, iki Anakmu tak gendong, oleh tak pek anak ora? Arjuna: haduh kakang Mas, nembe menika kula badhe dados Bapak. Bima : ora oleh? Arjuna : Nyumun pangapunten Kakang Mas, Bima : Yohhh. Tak melu ngaku Bapak wae. Arjuna : Nyumun pangapunten Kakang Mas. Bima : tak melu ngopeni karo ngragati urip'e wae... Arjuna : Nyumun pangapunten Kakang Mas, kula taksih kiat. Bima : yohhh, yen enek opo" karoBayi iki jo njaluk tulung aku.... { Bima mlayu pamit.}



Bayi dibalekna ning Sembrada lan langsung nangis ora mandeg-mandeg. Langka sing bisa ngeneng-ngenengna nangise bayi, Kresna ngupaih weruh Arjuna. Kresna : Arjuna,,, Arjuna : Wonten dhawuh koko prabu... Kresna : kok Bodho temen to koe...!!! Arjuna : pripun? Kresna : Koe jik eling Bima kae soko ngendhi? 2



Arjuna : Saking nggayuh Wahyu Hidayat. Kresna : Mudeng salah mu? Arjuna : Duh .... kakang masssss.... [ Arjuna mlayu nggoleti Bima, deweke weruh bahwa kakange wis nglanggar pantangan lan weruh wahyune wis pindah ning bayi kae] Deweke ketemu karo Bima ning taman Amarta dipeluni Kresna sing ngembang jabang bayi.



Arjuna : Kakang Mas... Bima : Ngaliyooooooo.... Kresna : Bima... Reneo tak kek'i Anak sik mbuk Karepke... Bima : ora nompo wakilan, Kresna : arjuna, nyoh kekno Kakang mu [ karo nguwekna bayi ning pangkuane Arjuna] Arjuna : Kakang Mas kula aturi mendhet jabang bayi punika.



Bima pun menyahut Bayi bagai menarik pedang. Arjuna : ngatos-atos Kakang Mas. Bima : Sak karep ku. ki wes dadi anak ku. Bima katon ngetokna ajian sing dupaih ding Dewa Bayu, jabang bayi di gumbel lan nginum keringere werkudara, ndadak si bayi dadi wong lanang enom sing mbanteng. Langsun di emban di gawa marani Dwarawati. Ning kana bayine di kongkon maju perang nglawan Jaya Murcito lan akhire menang …



Sumber



: http://caritawayang.blogspot.co.id/2012/08/alkisah.html 3