Cerkak Basa Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Cerkak Bahasa Jawa



Luwih Ngati-ati Dening : Nini Klenyem Stres, ayake ngono nek tembung saiki. Aku gumun karo bocah-bocah jaman saiki. Apa-apa sing dijokake kok anggone ngambeg, mutung lan nekad. Mangka perkarane durung cetha. Klebu pasien anyar priya sing dakrumat ing bangsal Kenanga telung ndina iki. “Piyambake nekad badhe nglalu, Suster. Ngebut dhateng margi ageng, lajeng srempetan kalihan bis,” kandhane ibune pasien mau nailika aku ngganti perban ing sirahe. “Lajeng perkawisipun punapa, Bu?” “Mboten ngertos, Sus. Terose anak kula niku bibar regejegan kalih pacare, pacare lajeng kesah dhateng Jakarta. Empun seminggu niki mboten mlebet kuliyah.” Atiku ayem báreng dhokter ngendika yen pasien iku mung putung sikile karo babak bundhas kulite. Organ njerone isih wutuh. Aku yakin yen gips-e wis dibukak dheweke mesthi enggal pulih. Nalika durung seminggu neng rumah sakit, dheweke angel mangan. Kepeksane kudu takdulang kanthi tlaten. Yen adus cukup dakelap nganggo andhuk teles. Sajake atine priya kuwi lagi koming. Ketitik turune ora jenak lan asring nglindur kanthi nyebutnyebut, “Ningrum. . .Ningrum.” Mbokmenawa Ningrum kuwi pacare. Ganep sepuluh dina kesadharane wis pulih sawutuhe. Ning yakuwi, dheweke malih manja, gelem mangan ning kudu dakdulang. Kanca-kanca suster pating clebung anggone nggojlogi aku. “Dina, Tamtomo pasienmu kae wis semester akhir lho. Jurusan hukum. Suk nek lulus dadi pengacara akeh dhuwite" "Ah ya embuh" Wangsulanku kari nglungani. “Hampir tahun baru, pacar baru ni ye,” ngono panggodhane kanca-kanca yen aku rampung ngrumat Tomo. Aku klincutan karó age-age nyingkrih. Nanging sing cetha ing atiku wiwit kethukulan rasa seneng yen cecedhakan karo Tomo. Apa iki sing diarani witing tresna jalaran saka kulina? Ujare kanca-kanca suster, yen aku durung ketok, Tamtomo ajeg nakokake, “Mana Mbak Dina?” Saiki Tomo wis ajar mlaku, nanging njaluk daklawani. Aku ya ora nulak, wong ngrumat pasien mono rak mujudake tugas utamaku ing rumah sakit iki. Babar pisan aku ora wani takon apa-apa ngenani pangrasane Tomo, kejaba mung ndedonga jero ning ati supaya dheweke enggal pinaringan sehat lan bisa kuliyah maneh. Dene bab-bab liyane takpasrahke ana ngarsane Gusti kang Maha Wenang. Nalika anggonku nglawani lakune tekan



sangisoring wit alamandha kang ngrembuyung godhonge, Tomo ngajak leren lungguhan ing bangku taman. Karo mapan lungguh dheweke kandha, “Dhik Dina, maturnuwun dene sliramu wis kersa ngrumat aku kanthi gemati, nganti aku saiki wiwit bisa mlaku. Awakku wis pulih waras, mung kari ngenteni kapan gips ing sikilku iki dibukak.” Aku mangsuli nggedhekake atine, “Sabar Mas Tomo, sedhela maneh njenengan rak wis bisa kuliyah maneh. Mula suk ra sah seneng ngebut, luwih-luwih yen penggalihe lagi mangkel utawa nalare lagi peteng. Mundhak gampang cilaka.” “Jeneh pacarku kuwi nggregetake lho Dhik. Mung omong-omongan ora gathuk wae njur nesu, malah semparet mulih neng Jakarta tanpa pamit.” “Apa pacare Mas Tomo asmane Ningrum?” “Bener Dhik, sliramu kok ngerti?” “Merga dhek penjenengan durung sadhar tenan kae, yen sare kerep nglindur. Undang-undang Ningrum.:. Ningrum.” “Wah aku jan ora sadhar tenan, Embuh dheweke ngerti ora yen aku kacilakan.” “Mesthine rak ana kanca-kancamu sing ngandhani ta, Mas?” “Ya muga-muga wae, Dhik. Ning yen mengko aku cacad, njur dheweke emoh karo aku, apa Dhik Dina kersa nggenten dadi pacarku?” Dhadhaku nratab krungu tembunge Tomo. Dhegdhegan, ning uga bungah lan bingung. Bingungku kepriye olehku arep wangsulan. “Piye dhik Dina, saguh ora? Aku kepranan banget karo tandang-tandukmu, solah bawa lan sikepmu sing sarwa prasaja, Setiti lan ngati-ati. Aku bisa ngrasakake nalika mbokdulang, mbokdusi lan caramu menehi obat kanthi sugesti sing marakake aku ayem lan gelis mari. Mula wangsulana pitakonku, Dhik. “Mas Tomo, penjenengan kok pesimis, kok mesthekake yen cacad. Dhokter kuwi pinter Mas, tur sing nangani panjenengan kuwi dhokter ahli. Mas Tomo kudu mantep lan percaya” “Iya Dhik, aku ya mantep lan percaya. Ning upama aku mengko dheglog utawa pincang, piye nek Ningrum mlayu?” “Mas, aja kesusu nduweni rasa samar. Sebab tresna sejati kuwi bisa ngalahake sakabehe. Yen Ningrum tresna tenan karo penjenengan, mbok dikaya ngapa kahananmu, dheweke bakal tetep tresna.”



“Dhik Dina, apa tembung-tembungmu kuwi kanggo nampik pratelanku? Apa merga sliramu wis duwe pacar?” “Lho, kok njur ngono ta, Mas. Aku kuwi matur apa anane, saiki ra sah menggalih werna-werna. Ndonga wae sing akeh ben ndang mari. Terus terang Mas Tomo, aku durung duwe pacar lan ya durung tau pacaran.” Gandheng wis rada suwe anggonku ngetutake Tomo anggone ajar mlaku, mula aku njur ngajak bali mlebu bangsal kanthi pawadan sedhela maneh wis wayahe dhokter kontrol. Tomo mung manut wae. Mung nalika njaluk dilawani olehe ngadeg, anggone cekelan awakku kenceng banget karo ngawasake lan mesem sing ngemu teges. Atiku lega lan bungah nalika dheweke wis kelair yen tresna marang aku. Wiwit ana pratelane Tomo mau anggonku ngrumat dheweke saya gemati, kaya-kaya ngrumat kekasihku tenan kae. Sajake Tomo krasa, nyatane saiki saya kendel nyekal-nyekel tanganku. Semono uga ibune. Yen pinuju tilik, panjenengane bola-bali ngucapake panuwun marang aku lan pasrah putrane borong anggonku ngrumat. Mangka nek karo kanca-kanca perawat liyane ora ngono. Yen aku pas ora dhines merga prei, ana utusane ibune Tomo ngirim pangan lan buwah kanggo aku neng asrama.Kanca-kanca saya rame anggone nggojlogi, jarene aku mbesuk mesthi dipek mantu. Aku cuwek wae senajan sejatine batinku seneng banget yen mbesuk kelakon dadi mantune ibune Mas Tomo. Apa kira-kira iki dedalane anggonku arep oleh jodho? Aku mung pasrah marang sing Gawe Urip. Sebab bisaku mung nggegadhang tekane priya sing tresna marang aku lan aku uga tresna menyang dheweke. Puluh aku ditresnanani ning yen atiku ora duwe rasa tresna ya wenang nulak, mung iku sing ana ing atiku. Aku tansah mundhi ngendikane para sepuh, bocah wadon kudu sing setiti ngati-ati njaga dhiri. Ora wangun tinitah wadon adol gendhung pamer wani mbledig priya sing disenengi. Kuwi jenenge asor, regane dadi murah, kepara malah dadi tampikane priya. Wektu kuwi dináne Minggu, sing bezuk akeh banget. Aku pinuju ngaplusi kancaku sing tugas awan. Sing takjujug dhisik dhewe mesthi kamare Mas Tomo. Aku lagi wae mlebu, dheweke wis mlengeh ngguyu sajak kalegan. Njaban kamar swarane wong tilik pancen rame, maklum wancine jam bezuk. Nalika aku lagi menehake obat kanggo Mas Tomo ndadak lawang kamar didedel sajak kesusu saka njaba. Wanita lencir kuning rámbut sapundhak mlebu. Bareng nyawang pasien sing lagi tak dakulungi obat, kenya mau sakala mlayu nubruk karo nangis. Tembunge groyok.



“Sepurane ya Mas, aku blas ora ngerti yen Mas Tomo kacilakan. Ngertiku lagi wingi dibel Dhiyah yen sliramu mondhok ana rumah sakit merga srempetan karo bis. Mula kau njur bali neng kos-kosan, tekaku lagi mau esuk.” Mas Tomo ngrangkul bangkekake kenya mau banjur kandha marang aku, “Dhik Dina, ya iki Ningrum sing tau takkandhakake kae. Rum, tepungna iki Dina sing ngrümat aku sasuwene ana kene kanthi gemati" Ningrum nyawang aku, terus ngathungake tangan karo kandha, “Terimakasih ya Dhik!” “Sama-sama Mbak,” kandhaku karo terus metu saka kamare Mas Tomo, gegancangan mlebu menyang kamar mandhi pasien. Tekan njero kamar mandhi eluhku ora kena dakbendung awit gedhene rasa gela lan cuwa sing mbangeti. Jebul bener kandhaku neng Mas Tomo yen tresnane Ningrum tulus tekaning ati. Embuh mengko cacad apa ora, ning dheweke sajak bisa nampa. Aku sing kecelik, wong nyatane atiku wis kecanthol Mas Tomo, sing wis kelair nari aku yen Ningrum ngemohi aku sing dadi gantine. Nganti tutug anggonku ngesok tangis neng kamar mandhi kono. Bareng mbesesege dhadha krasa longgar, aku metu saka kamar mandhi terus bali neng asrama. Takbrukake awakku neng dhipan karo bali nangis ngglolo. Nangisi nasibku sing kapedhotan rasa tresna. Wusana pikiranku takgelar takgulung, ngapa aku kudu sedhih? Toh biyen panyuwunku ‘marang Gusti' rak mung supaya Mas Tomo enggal waras lan bisa bali kuliah maneh. Liyane kuwi aku mung pasrah. Ngenani pangarep-arepku taun anyar iki bisa entuk pacar, iku rak mung pangentha-enthaku yen Mas Tomo ditinggal Ningrum. Ning nyatane Ningrum tetep tresna marang Mas Tomo. Dene hadhiyahku ing taun anyar iki ya mung tetesing luh sing wis tak usap garing kuwi. Aku kudu luwih ngati-ati, tatag lan dhadhag ngadhepi samubarang ing jroning makarya. (Cuthel)