Cerkak Basa Jawa Banyumasan Kekancan Utawa Sahabatan [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Cerkak Basa Jawa Banyumasan Kekancan utawa Sahabatan Yulian Adi Prastyo



No comments



“Kekancan utawa Sahabatan” Nalika semana Ica nembe bae mlebu SMK. Mbiyen Ica sekolahe nang sawijining SMP nang Banjarnegara. Nanging saiki deweke munggah SMK lan nglanjutna nang SMK N 1 BAWANG. Nang SMK Ica duwe kenalan kanca saka SMP sak Kabupaten Banjarnegara. Ing SMK Ica duwe kanca anyar yaiku Fina, Dewi , Bagus lan Nana. Nanging Ica lewih cedhak karo Bagus kanca lanange Ica. Bagus kuwi bocahe gedhe dhuwur. Bagus uga dadi ketua kelas lan ketua OSIS nang sekolahe. Mulane Ica ora gumun yen akeh seng seneng karo Bagus. Ica uga ora nyangka yen deweke bisa kancanan karo Bagus. “eh fin apa kowe duwe nomere Bagus ?” pitakon Ica nalika ketemu Fina pas lagi istirahat. “Nduwe ko arep njaluk apa ?” jawabane Fina. “Iya, ora papa mbokan ?” pitakone Ica maneh. “Iya ora papa ka, iki nomere 087728617XXX “ jawabane Fina. “Matur nuwun ya Fin “ “iya padha-padha’ Nang liya dina Ica banjur sms. Senajan kuwe Ica palah bingung arep sms apa. Banjur Ica mung sms kosongan. “. . . . . . . . . .. . . . .”Ica ngirim sms. “Sapa ?” jawabane Bagus mbalesi smms Ica. “Aku kancamu “. Balese Ica. “kanca ngendi ?” “Kanca sak sekelasmu, Ica “ “oalah, ngapa ca?” “ora papa mung pengen sms bae, Eh ngapura ya nek inyong ngganggu”. Balese Ica maneng. “Ora papa kok inyong palah seneng. . . . . . . “ jawabane Bagus. Lan seteruse. . . . . . . . Ica smsan nganti suwe banget. Akhire Ica lan Bagus dadi tambah cedhak. Nganti kanca-kancane padha takon yen ana apa karo cah loro kuwi. “Eeh ca, ko karo Bagus ana apa si ? ka katone cedhak temen “ pitakone Fina. “hhaa, ora ana apa-apa ka, biasa bae “. Jawabe Ica. “halahh, jujur bae ko jadian karo Bagus ya . Ra sah ngapusi lahh “ pitakone Nana sing ijig-ijig nibrung. “ora ka anu kanca cedhak tok “. Balese Ica. “hla mung kanca cedhak ka katone mesra temen ?” pitakone Fina.



“ora ka, ya ngana mbok takon dewek bae meng Bagus.” Jawabe Ica karo rada gela. Senajan deweke ora ngapusi, nanging kanca-kancane isih tetep bae ngeyel. Mung gara-gara Ica cedhak karo Bagus, kanca-kancane padha nggelani Ica. Banjur Ica nemoni Bagus lan cerita apa bae sing mau diomongi kanca-kancane. Bubar ngomongan, Ica karo Bagus duwe tekad yen sahabatan iki ora bakal bubar mung gara-gara desas-desus utawa perasaan iri kanca-kancane. Cah loro iki justru tambah cedhak sawise Bagus ngenalake pacare mareng Ica



cerkak bahasa jawa (persahabatan yang tak kalah oleh masalah yang sangat sepele) baca dan simak juga ambil hikmahnya ya... Kanca Saklawase “pit ,piye iki pit keri patang dino meneh awakdewe Ujian,” kandane Susan karo aku. ”Hayo piye?, yo sinau ta ben isoh!” jawabku. Bel masuk wes muni. Rung ono telung menit lebar bel Pak Gunawan wes rawuh. Pak Ketua, doni laangsung nyiapke kabeh murid ndongo arep pelajaran. Sakwise berdo’a, “kepada Pak Guru hormat grak”, suarane Doni seng lantang lan tegas. “ Tegap grak” ngunu lanjute. “oke, assalamu’alaikum warohmatuloohi wabarokatu”,sapa Pak Gunawan. ‘’wangalaikum sallam warrohmatullohi wabarokatu”, jawabe murid-murid. Pak gunawan iku guru matematika, beliau iku tegas,tur biasane disapa Pak Gun. Pelajaran wes dilekasi, Pak Gun nerangke kabeh bab IV. Susan bingung, “aku kok durung dong – dong yo pit?”, omonge Susan ro aku lirih-lirih. Takon Pak Guru wae!”, saranku. Nanging Susan mung meneng wae. Ketoke Susan rag wani takon. Pelajarane Pak gunwes rampung. Lebar PAK Gun metu, susan takon ro aku. Susan takon carane nggarap soal seng mau. Mestine susan tak warai. Rung rampung leh ku marai Bu Sri wes rawuh. “ le marai teruske ngko meneh ya”, jare Susan. Aku yo mung manut wae. Bu Sri le mulang ngasi mbengokmbengok, masalahe muride podho rame kabeh. Susan barangyo melu rame. Aku munu ora meng kadang-kadang le gojek. “ hey-hey, diam, diam semuanya”, Bu Sri. Kabeh murid do meneng, rung ono limang menitBu Sri ngajar wes do rame meneh koyo pasar. “Hey-Hey, diam bisa tidak?, do niat sekolah oran nek ora metu wae, rasah ngganggu kancane sek pengen isoh”. Wah galake Bu Sri soyo metu. Ngasi rampung pelajaran kabeh murid podo, anteng ,meneng, nggatekke pelajarane Bu Sri. Bu Sri seneng neg suasanane kelas kondusif, tur yo murude podo dong kabeh.



Saiki wayahe ngaso, aku kelingan yen Susan arep ngedongke bab IV matematika. “sido neruske leh mu takon mau rag San?’’, takonku marang Susan. “sesuk po kapanwae yo ,aku males we. Jajan sek wae yo, ngeleh aku”, jawabe Susan. “yo wes lah jajan dulu”. Aku mung manut ro Susan ,kan seng butuh reti Susan udu aku. Ngasi ngaso pindo Susan rung takon meneh, mungkin wae Susan wes dong. “kulo seng asli niku mboten tek seneng leh Susan, amargi pendakpelajaran npo mawon sek digarekke ro guru-guru mung Susan. Susan ki wonge caper,lebay,alay,nggeh niku seng marakke kulo mboten seneng.opo maleh yen kulo lagi dipertanya’i leh guru, mangkeh seng jawab Susan, dede kulo. Maksud kula Susan niku kerep banget ngrebut jatah soal ngge kulo, bu”, curhatku marang Bu Bk. Aku neng ruang Bk dewe, ra mungkinlah karo Susan. “Pipit, saiki kowe teko sabar sek wae, Susan tok nengke wae sek. Omong apik-apik ro Susan tentang kui, mengko Susan ndak loro ati”, iku sarane Bu Bk. “Nggeh Bu”jawabku. “Yo wes saiki mantuk sek, ndak digoleki ibu’ kok ra lek bali seko sekolah”, lanjute Bu BK. “nggeh Bu” jawabku meneh. Sedino meneh UAB, utowo Ulangan Akhir Bulan. Sek diujikan iku bahasa indonesia, bahasa inggris, IPA, lan Mateamaatika. Wes ngasi yakhene Susan rung takon matematika seng mbiyen. “A........yo luweh ra takon aku”,batinku. Sedino iku aku rag omongan karo Susan meneh. Susan yo rag ngejak aku omongan kok. Aku yo ra nyobo omongan ro Susan seng disaranke Bu BK. Bel pindo ,tandane ngaso. Aku ora jajan bareng Susan, Susan ngejak aku jajan, neng aku wegah. Aku jajan bareng Galih. Ngasi wayahe bali aku ora omongan ro Susan. “opo Susan reti curhatku marang Bu Bk yo?’’ pikirku. Sakwene neng dalan aku bali sekolah aku mung mikirke kui. Neg susan reti piye yo??. Aku kon kudu piye? Ak u bingung.



Dino wes ganti, saiki wektune UAB. Aku ra sak kelas karo Susan Aku nggarap soal kanti PD. Aku nggarap ora ono masalah, lancarlah . aku nggarap soal ora nurun,jujur. UAB pertama aku ora pethuk Susan. Ngasi UAB ke-papat aku yo ora kepethuk Susan meneh. UAB wes rampung, bijine yo wes dumumke kabeh.Yess!! bijiku apek kabeh, ya alkhamdullilah. Aku seneng aku rankin II.aku nlliki bijine Susan bedo adoh, susan rankin 30. Aku bangga isoh luwih apik seko Susan. Neng aku yo ora entuk sombomg. Aku, yo rung puas ro biji semunu, tur lagi rankin II. Wayahe ngango pisan aku lungguh neng garep kelas dewe. Karo mangan panganan. Aku wes ora mikirke Susan meneh, aluweh. Niatku iku mung arep nglaleke Susan. Pra nyono ora ngiro, Susan moro lan lungguh neng jejerku. Susan kondo yen deweke njaluk ngapuro karo aku. Aku bingung kudu piye ,masalahe aku ki arep melupakan Susan begitu. Galih banjur moro lan omong, “Pit, yo dingapuro ta Susan , mesalke lo Susan neg rag dingapuro”. Aku mung meneng wae. “Pit”, lanjute Galih. “kowe lak wes ket kelas pitu ta kancanan ro Susan, telung tahun Pit, mosok arep tok pedhot ngunu wae, dosa lo memutuskan tali silaturahmi ki Pit”, lanjute Galih meneh. “ ok ok, la Susan ki ngopo njaluk ngapuro ro aku barang??”, atakomku ro Galih. Susan mung mesem wae. “Aku reti pas kowe curhat neng BK Pit”, jare Susan. Aku mung meneng wae. “Pit, pliss yo aku dingapuro, Pit”, jalukke Susan. Susan ro Galih mung ndeloke aku. Aku bingung. Pancen bener wes telung tahun aku kancanan ro Susan. Akhire aku ngenei apuro marang Susan. Aku yo jaluk ngapuro marang Susan lan Galih yen aku duwe salah. Ngasi saiki ,aku Galih, lan Susan kancanan raket. Aku seneng isoh nduwe kanca koyo Galih lan Susan.



*** Selesai***