Cerkak Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

TEMA PENDIDIKAN MELU LOMBA CERDAS CERMAT



Cerkak bahasa jawa iki ditulis supaya dadi salah sijining contoh cerita tema pendidikan dalam boso jowo. Wondene babagan kang dicritake ana cerita bahasa jawa iki ora liya yaikupengalaman pribadi melu lomba cerdas cermat. Kisah iki dialami dening salah siji sekolah SMP ana ing tlatah ngayogyakarto kanti tokoh utama ing cerita yaiku Faiz, Dafa, Dewi, Reza, Mia lan Anis. Kepiye cerita pendidikan ana ing basa jawa iki ditulisake ayo pada disimak bebarengan neng ngisor iki. Nang dina sabtu pas mulih sekolah ana pengumuman babagan arep dianakne LCC utawa “Lomba Cerdas Cermat”, sing arep dianakne dina senin lan panggone neng lantai dhuwur.



Ana ing cerkak bahasa jawa iki dikisahke Faiz lan kancane ana neng kelas lan ngrungokake pengumuman kuwi, “Faiz, kepiye miturut kowe, kowe arep meloni lomba kuwi ora?” Dafa ngesem, “Miturutku sih lomba kesebut menarik uga sih”, kondho Faiz sing banjur mlaku nuju kancane “Dafa, kepiye yen kowe melu lomba kuwi?, ya ora kanca-kanca”, Dafa lan Faiz lungguh “iya aku lan Mia setuju karo usulan Dafa kuwi”, Lisa lan Mia njawab barengan “Ehmm, yawis lah aku tak melu lomba kuwi”, Faiz ngesem “Nah ngunu, kuwi lagi kancane awake dhewe”, Dafa ndeleng Faiz “Eh kanca-kanca awake dhewe menyang perpustakaan yo”, Faiz ngajak kabeh kancane “iya yo aku uga pengen maca buku”, kabeh kancane njawab karo barengan. Faiz lan kabeh kancane menyang perpustakaan sekolah, neng tengah dalan Reza pengen lunga menyang toilet “eh Anis aku arep menyang toilat sedhela ya, aku wis ora kuwawa ki” Reza jaluk izin marang Anis “haha, iya cepet menyang toilet kana” Anis nggumuyokake Reza “nuwun ya”, Reza mlayu karo cepet nuju toilet, banjur Faiz lan kancane lunga menyang perpustakaan meneh “akhire nganti uga neng perpustakaan”, kondho Dafa marang kancane kabeh lan dheweke banjur nggoleki buku-buku sing pengen diwaca “Anis, yen kowe arep nggoleki buku, kowe dhisikan ae soale aku pengen nggoleki buku cerito dhisik”, Faiz mlaku nggoleki-golek buku sing lagi digoleki “iya aku uga pengen nggoleki buku Matematika”, Anis nuli ngesem lan Dina, ngira uga nggoleki-golek buku cerita bahasa jawa kanthi tema pendidikan sekolah dan persahabatan.



Reza sing mau menyang toilet mau banjur bali menyang perpustakaan meneh, neng tengah dalan dheweke ndeleng cah wedok sing ayu lan wedok kuwi nuli nyeluke “Heh Reza cepet mrene”, Reza nuju bocah wedok kesebut “ana apa?, kok kowe reti jenengku?”, Reza bingung “aku wis reti jeneng mu saka Faiz”, cah wado kuwi njawab kanthi bahasa jawa cekak“oh ngunuh to, jeneng mu sapa?”, Reza ngesem marang Bela “jenengku Bela”, wedok kuwi ngesem uga “kowe kelas pira Bela?”, takon Reza karo isin-isin. “Aku kelas VII, kowe mau arep nengendi?”, Bela kuwi ngesem meneh “ouh iya aku lali, saiki aku arep menyang perpustakaan lan kanca-kanca ku wis nunggu aku ket mau, aku arep menyang perpustakaan dhisik ya Bela”, Reza banjur mlayu nuju perpustakaan “iya”, Bela ngesem. Reza wis tekan neng perpustakaan lan dheweke nggoleki kancane. Nuli dheweke ndeleng Dafa lan Faiz lagi maca buku “Dafa, Faiz cepet mrene, sedhela meneh wis jam 15.00 ki!”, Reza nyeluk karo mlaku nuju dekne kabeh “yo awake dhewe nggoleki sing liyane”, Reza kemrungsung. “Anis yo awake dhewe mulih ayo, wis sore ki!” Nuli Anis mulih bareng kanca sing liyane kajaba Faiz lan Dafa ora mulih bareng dekne kabeh, amarga arah omahe beda. Nang bengi dina Faiz njaga-jaga kanggo nyiapake lomba sing arep dianakne nang dina senin kuwi, ora krasa saiki wis jam 9 (songo) mbengi wayahe dheweke kanggo turu. Nang dina senin Faiz deg-degan amarga dheweke arep melu lomba saiki, karo rai sing kuwatir lan radha PD dheweke mangkat menyang sekolah. Ora krasa dheweke wis ketuk ana sekolahan, radha suwe banjur teka kancane lan dekne kabeh nyedhaki “Faiz saiki kowe wis siap durung kanggo ngalahke mungsuh sekolah liya?” Kancane pitakon marang Faiz “Iya Insyaallah aku wis siyap”, dheweke ngesem . “Apik yen ngono mesti kowe bakal dadi juara”, Dafa celatu sing ditulis ing cerita bahasa jawa iki. “ Yo awake dhewe munggah menyang lantai ndhuwur kanggo siap-siap!”, Faiz lan kancane lunga menyang lantai ndhuwur .



“Iya cepet yuh sadurung telat”, Dafa katon semangat banget Faiz lan kancane wis ketuk neng lantai ndhuwur, nuli wilda mlaku menyang arah palungguhane kanggo siap-siap “semangat yo Faiz”, kancane menehake semangat marang dheweke, karo wayah sing terus mlaku ora krasa lomba iki kawiwitan. Faiz kanthi yakin ngerjakne tugas sing akeh kuwi, ora krasa wayah wis kari 5 (limang) menit meneh, lan Faiz wis ugo meh ngrampungke soal-soal ana lomba kuwi. Sanajan dheweke ngadhepi soal sing angel ning dheweke ora nyerah, guru-guru lan kanca-kancane kabeh menehi motivasi marang dheweke, wayah wis entek lan Faiz uga wis ngrampungke kabeh soal sing akeh kuwi. Kanthi rai sing bungah dheweke ora ngira bisa nutugake soal lomba. Wayah sing gawe deg-degan iki wis kliwat, amarga saiki wektune kanggo meruhi sapa pemenang saka lomba cerdas cermat kuwi. Pemenang saka lomba cerdas cermat akhire diumumke, lan kaya sik wis pada dikarepke pemenang saka lomba cerdas cermat nang dina iki yaiku Faiz, sakwise dheweke dadi juara dheweke banjur bersyukur lan ngucapke panuwun marang kabehe sing wis menehake semangat marang dheweke. Lan akhire dheweke dikenal dadi anak sing cerdas ugo pinter neng sekolahne.