Kaduragan Ing Kidul Dringu Benarrr [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

I.



II.



Identitas Buku a. Judul Buku



: Novel “Kadurakan ing Kidul Dringu”



b. Penulis



: Suparto Brata



c. Penerbit



: Narasi



d. Tahun Terbit



: 2012



e. Tebal Buku



: 192 Halaman



f. ISBN



: 979-168-305-0



g. Jenis Kertas



: HVS



SINOPSIS Roman Kadurakan ing Kidul Dringu mujudake epos utawa wiracan yakuwi crita lelakon bab peperangan. Arang banget dikarang dening pengarang zaman saiki. Akeh dikarang ing zaman sing pengarange padha nglakoni peperangan ngrebut kamerdikan negara zaman samana (1945-1950) ewasamono roman iki meksa isih beda banget karo sing wis padha dikarang zaman samana. Nalika tentara Walanda nyerbu dhaerah Republik Indonesia kang sepisan 1947, akeh kutha-kutha ing Tanah Jawa dibroki tentara Walanda, para nomnoman Jawa apa wae penggaweane padha ngungsi menyang njaba kutha. Emoh dijajah Walanda. Malah padha sepakatan gawe dhredhah nyang kutha sing dibroki Watanda. Nah sawenehe pemudha, Dulmanan, kena tembak wetenge nalika nyerbu menyang kutha. Ora mati, ning ya ora urip, ora sadhar. Digawa balik menyang desa pangkalane. Arep dikapakake? Adoh dhokter, adoh dhukun, cumpen obat. Sambate ngayuwara gawe gegere desa. Kahanan kaya ngono kuwi kudu diendheg. Diuwisi. Nanging apa sing kudu dicakake? Iki cerita prikamanungsan kang ewuh solusine. Direngga crita katresnan kang nyalawadi epos iki saya mbulet ngresepake.



III.



Tema Besar : Perjuwangan



IV.



Unsur Pambangun Novel 1. Unsur Intrinsik Novel “Kaduragan ing Kidul Dringu” a. Tema : Novel “Kaduragan ing Kidul Dringu” ngangkat tema ngenani perjuwangan para pemudha jroning ngadhepi serangan kolonial. Kadadeane sawise ana mupakatan prejanjen Linggarjati taun 1945 antarane IndonesiaWalanda. b. Tokoh/Penokohan :  Wimbadi :







Kendel : “Aku dhewe iya ora meneng dadi penonton. Aku dhewe ya banjur dadi lide warga mudha iku, lan melu cawecawe ngindhik mungsuh.....”







Welas Asih : “......O, Kingkin, Kingkinku mangsa aku tegela ngejarake sliramu dicathek Tambur!”







Gampil duka : Aku ora sabar. Dheweke dakcandhak gulune, terus dak oyongoyong! “Kowe aja edan! ayo, kandhaa, kowe ngerti apa?” ujarku. “Naraindras? kena apa Naraindras?!” ujarku nyentak.







.Semangat : “....Banjur klakon saben dina ngengkol sepedhah DringuProbolinggo bolak-balik…”







Gampang nyepelekake : “...Wis suwe, saploke aku pindhah Probolinggo, ora tau krungu kabare ana bebaya nggegana apadene anane montormabur mungsuh. Mula aku rada nyepelekake unine suling bebaya nggegana iku.”







Peduli : “Aku wis terang mangan ing kantor. Bareng Tambur? Tambur malah dadi reksan. Nanging Tambur sajak ngerti, Mula Mas Pandam apadene aku ora padha duwe niyat mbuwang asu iku. Malah kepara merlokake ngopeni. Ajeg dipakani dening Mas Pandam apa aku, ditukokake balungan khusus.”







Ora Teganan : “Sanajan atiku satemene kanji cedhak karo wong kelaran iku, nanging weruh Dasiyun kang kucem sajak sayah banget iku, aku ora tega. Mula aku mara….”



 Mas Pandam : 



Teges : “Liwat mburi , Dhik Wimbadi” ujare Mas Pandamprentah.







Seneng Nulung : Mas Pandam njingkat saka lenggahane, terus keplayu marani prahoto ing dalan, arep tetulung.







Peduli : “Dhik! Ngungsi, Dhik! Mlayu! Landa mbedili prahoto!!” jerat-jerit swarane Mas Pandam Melbu omah.



 Mbakyu Pandam : 



Pekerja keras, Mandiri : Mbakyu Pandam ora kagungan abdi. Kabeh dicekel dewe.







Apik : “La mbok iya. Kebeneran kok Dhimas, yen sliramu kersa mondhok kene. Kena dienggo regeng-regengan omah. …”



 Kingkinarti :







Isinan : “Embuh, ya Mas Wim. Aku ora tenang,” wansulane lirih. Lan terus ndhingkluk isin marga ngreti yen dak pandeng.







Jirih : Aku nyedgaki Tambur, karepku ya dakpenggak anggone Kingkinarti, mesakake kenya iku, wong wedine sajak temen karo asu.







Peduli : Dheweke ngusap-usapake peresan kain basah ing gulu lan raine Dul Genuk.



 Dul Genuk/ Dulmanan 



Seneng guyon : Nanging marga Dul dhewe senengane guyon prei oramak, sebutane Dul Genuk dadi kaprah.







Sambatan : Dadi kabeh sajake ya padha ora kuwat kaya aku manggon campur Dulmana kang tansah sesambatan kuwi.







Mandiri : ora sanak ora kadang. Lan dheweke ora nduwe niyat ninggalake desa iku.



 Dasiyun 



Ngajeni : Dene Dasiyun sadurunge pancen nduwe sipat ngajeni marang aku, apa maneh…







Jirih : Pancen, Dasiyun paling jirih yen dikon nyekel pistul apa bedhil.







Peduli kanca : “… Dul Genuk kudu diusung mulih. Ben kelaran apa mati yen wis ana pangkone kanca-kanca dhewe….”



 Naraindras 



Grapyak : “Mangga, Mas. Wah ijen wae!”



 Martimbal 



Anteng : …. Wangsulane Martimbang, wong kang anteng



 Basuki 



Seneng ngehasut : Basuki kanthi sengaja ngucapake ‘Kingkin akeh manise’ kuwi marang aku kepingin krungu utawa weruh reaksiku.



 Mas Adi 



Jiwa Pemimpin : “Mundur!” prentahe Mas Adi Waluya, kepala regu.







Sabar : Mas Adi Waluya panggah pitutur kanthi sabar



 Ananta 



Kasar : Ngreti tindake Ananta wiwit main kasar, kanca-kanca ora api-api turu maneh.



 Pak Parto 



Seneng nulung : “Nggih, kula padosne. Ning nggih niku, yen mantune kula mboten sanggup nambani…”



 Martimbul  Kusman  Pak Kamituwa  Nawarta  Pak Parto c. Setting : Wektu : 1.



Esuk “Budhale rada kepenak, isih esuk ndadak disurung angin gedhe kang tansah midid.” “Esuke karepku arep golek uwong ngewangi ngreksa jisime Mas Pandam kang mekungkung ing tengah sawah.”



2. Awan “Lan sawijine awan, panas-panas lagi ngumbar gagasan ngambra-ambra ana kuburan kaya adat saben,” 3. Sore sore “Jam papat sore, mbrengengenge montormabur isih keprungu.” “Srengenge sisih tengen, sorote wiwit kuning.” 4. Bengi “ sedhela engkas sawah peteng. Ming swarane kodhok-ula saba pating dlusur.” Swasana : 1. Gugup “Aku gugup banget, awakku gobyos.” “Sawetara suwene awakku adhem panas.” 2. Kaget “Aku mlongo! Jengkeng nyawang kahanane Mas Pandam, nanging ora kumecap apa-apa.” “Aku Kaget! Mesthi wae kaget! Marga rumangsaku wis dakalus-alusake antawecanaku,” 3. Terenyuh “Meningi kahanan kang kaya mangkono iku atiku saya trenyuh banget.” 4. Ceblok tresna “Ing atiku thukul gagasan liya. Desa kidul Dringu iku ora rinasa sepi maneh.”



“Aku kepingin medharake krenteging atiku marang dheweke,” 5. Kasmaran “aku kasmaran marang dheweke, lan duwe niyat becik,” Panggonan : 1. Pandhapa “Aku dakmondok kene, ya, mbakyu?” ujarku dina sepisanan nalika omong-omong ing pendhapa” 2. Galengan sawah “Aku anjlog, banjur enggal nututi Mas Pandam kang wis ngethipleng mlayu liwat galengan swah.” 3. Desa “Nanging sedhela wae Tambur wis ngithik ngetutake playuku marani desa kidule desa Dringu.” 4. Langgar “won-womg sing ijen dening Kamituwa ditampung ana langgar sing disuwungake.” “Nalika wong-wong lagi padha turon-turon ing langgar,” 5. Kuburan “Kanthi upacara climen, Mas Pandam disarekake ing kuburan pernag sakidule desa sing dakungseni.” 6. Omah dhines “Salah gawene antara liya ngiras pantes niliki omah dhinese Mas Pandham.” 7. Ing kali “Aku pancen terus adus. Adus menyang kali,” 8. Sawah “Nalika iku sawah kang ana ing pinggir kutha sisih kidul wetan, yaiku pernah panggonan kang bakal diliwati barisane kene,” 9. Juglangan “Durung. Dheweke kebeneran kecemplung juglangan. Mula saiki kena daktinggal.” Ujare Dasiyun bisik-bisik.” 10. Got “Dulmanan kelumah ing sawehing got.nalika iku ing panggonane Dul rada teles.”



d. Alur : Campuran 



Tahap pengenalan : Carita diawiti nalikane wimbadi pindah kerjo menyang Probolinggo banjur tinggal ing desa Dringu ing omae Mas



Pandam. Nalikane tanggal 21 juli 1947, desa Dringu diserang karo walanda. Banjur, Wimbadi lan Mas Pandam ngungsi, ananging nalika Wimbadi lan Mas Pandam mlayu, Mas Pandam kena tembak ing sirah e banjur seda. Wimbadi mlayu kanggo nylametake uripe supaya slamet saengga teka desa sak kidule Dringu. 



Tahap puncak konflik : Nalikane salah siji kanca pejuwang kena tembak Walanda yaiku Dul Genuk utawa Dulmanan. Amarga kancakanca pejuwang sing ora betah amarga sambatan larane Dulmanan. Banjur kanca-kanca pejuwang ngenekake kesepakatan kanggo nembak Dulmanan, kanggo ngurangi larane. Sakwise Dulmanan ditembak mati akeh kedadean-kedadean sing aneh ing desa Dringu.







Tahap konflik menurun : Amarga akeh kedadean-kedadean aneh sakwise Dulmanan mati ing desa Dringu banjur Wimbadi bali menyang Sala.







Tahap penyelesaian: Ing salah sawijine dina Wimbadi temu karo Kingkinarti wong wadon sing ditresnani. Banjur Wimbadi palakrama karo Kingkinarti. Lan sawijining dina Kingkinarti carita menyang Wimbadi kang ndadekake desa kidul Dringu akeh kedadean sing aneh. Amarga durakane ing desa sak kidule Dringu.



e. Sudut Pandang : Wong kapisan, paragatama, Wimbadi “aku”. f. Gaya Bahasa : Ora mung jinis basa ngoko, nanging uga ana jinis ragam basa dialeg Suroboyoan. g. Amanat : Kita kang dadi pawaca kudu ngrasa kayata perjuwangan para masyarakat nalikane dijajah karo walanda. Sengsara banget marga ana ngendhi akeh masyarakat kang wedi ajrih marang walanda. Kamngaka kita kabeh minangka panerus bangsa kudu njaga kamardikaan RI. Supaya Indonesia ora dijajah maneh marang bangsa landa. 2. Unsur Ektrinsik Novel “Kaduragan ing Kidul Dringu” a) Latar Belakang Masyarakat Nalika semana bangsa Indonesia percaya marang janji-janjine Walanda babagan perjanjian Linggarjati. Ana ing mupakatan iku Walanda wani nerak. Banjur kedadean perang menika. Probolinggo dibumihangusake banjur, para pemudha-pemudha ing kidul Dringu nyoba nyerang Walanda. Amarga, sedaya kepingin kamardikaan, yaiku kamardikaan kang rakyatipun tentrem raharja. b) Latar Belakang Panulis.



Suparto Brata lair ing Surabaya, Jawa Timur 27 Februari 1932. Kondhang minangka panulis novel, cerkak, drama, panulis artikel, lan sakliyane. Wiwitane nulis nganggo basa Jawa ing Kalawarti Panjebar Semangat ing tahun 1959. Lan nalika majalah iku nganakake sayembara, dheweke nulis Kaum Republik kang banjur menang lan kapacak tahun 1960. Suparto Brata minangka pengarang kang akeh ngangkat tema perjuwangan kamardikan antarane, Donyane Wong Culika, Dom Sumurup Ing banyu, Lara Lapane Kaum Republik, Kadurakan Ing Kidul Dringu, Kaduk Wani, lan Kena Pulut sing mujudake trilogy Kelangan Satang. Saka reriptan-reriptan sastra kang diasilake, Suparto Brata oleh maneka pangaji-aji saka Indonesia nganti negara manca. V.



ISI Novel menika nyritakaken perjuwangan lan kadurakan ing desa kidul dringu. Wimbadi yaiku pemuda asli saka sala, amarga anggone nyambut gawe di pindhah menyang probolinggo, banjur wimbadi pindhah neng kutha probolingga. Wimbadi manggon ing desa dringu neng omah e mbak yu pandam lan mas pandam. Tanggal 21 juli 1947 desa dringu diserang kalihan tentara walanda, kutha probolingga uga kutha-kutha ing Jawa Timur sanes ipun uga dijajah karo tentara walanda. Wimbadi karo mas pandam metu saka desa drigu nduwe niyat kanggo ngungsi nanging nailika wimbadi karo mas pandam mlayu, mas pandam kena tembak tentara walanda lajeng tilar donya. Wimbadi nerusake mlayu ninggal jisim e mas pandam supaya slamet saengga wimbadi teka desa sakidulipun desa Dringu. Sesuk e wimbadi direwangi karo masyarakat desa kidul dringu njupuk jisim e mas pandam lan langsung dirumat terus dikubur. Uwong sing neng desa kidul dringu ora mung wimbadi nanging uga akeh uwong saka endi wae ingkang ngungsi ing desa kidul dringu. Wimbadi ketemu karo kanca-kanca sing asale saka kutha surabaya yaiku dulmanan, wimbadi uga ketemu wanita kang dadi pepujane ati yaiku kingkinarti, amarga iku wimbadi dadi betah anggone ngungsi in desa kidul dringu. Ing desa kidul dringu para pemudha pada nyusun rencana kanggo nyerang tentara walanda. Wayah bengi pemudha-pemudha ngenekake serangan sing dipimpin kalihan Mas Adi waluya minangka kepala regu, nalika serangan kanggo tentara walanda ana salah siji kanca pejuwang yaiku dulmana kena tembak tentara walanda ing wetenge banjur digawa mulih menyang pengungsi lan di glethakaken ing langgar. Wayah isuk pak kamituwa kalihan dhukun teka ing langgar arep nambani dulmanan naging dhukun menika boten sangguh yen dikongkon ngetoke peluru ing wetenge dulmanan. Dasiyun kanca ingkang bekti lan setia mangku gigiripun dulmanan lan kingkinarti dadi jururawat. Saben dina dulmana sambat ngerasakne kelaran, suara sambat e dulmanan ndadikake ana kedadean-kedadean aneh kayata kusman anyang-anyangen, wimbadi mutah-mutah lan isih ana kedadean aneh liyane



kang ndadikake swasana ing desa kidul dringu ora tentrem. Ing sawijining bengi para pemudha-pemudha pada kumpul ing langgar kanggo nganakake rembakan bab dulmanan, kasil saka rembagan iku para pemudha sepakat yen dulmanan ditembak mati nganggo pistul duwe e wimbadi, ingkang nembak dipun pilih kanthi lotre. Miturut kabeh para pemudha pejuwang menika cara ingkang trep supaya ora nyiksa sing lara lan kanca-kanca sing kerungu sambatanne dulmanan. Banjur ingkang kedah nembak mati dulmanan yaiku dasiyun kanca sing saben dina dadi jururawat dulmanan. Sak wise kedadean iku dasiyun asring nangis sesegukan yen kelingan kedadean iku. Isuk-isuk akeh warga ing ngarep langgar, prayata dasiyun mati bunuh dhiri ngunakake pistul e wimbadi sing disilih dasiyun banjur jisimipun dipun sareaken. Akeh kedadean sing boten lumrah sak wise dulmanan mati ditembak karo kanca dewe. Kayata kusman linglung, dasiyun bunuh dhiri, narwata mati ditembak walanda, lan ananti kecekel karo tentara walanda. Wiwit kedadean-kedadean menika, wimbadi ngerasa yen tumindak nembak dulmanan iku dadi tumindak duraka. Kanca pejuwang sing isih waras yaiku martimbang lan martimbul, kanthi duweni niyat sing kenceng wimbadi metu saka desa kidul dringu amarga dheweke rumangsa duraka lan licik. Wimbadi mulih menyang sala. Ing salah sawijining dina wimbadi ketemu karo kingkinarti wanita kang ditersnani, anangi anggone pengen pethuk kalihan kingkinarti di pontang-pangting kingkinarti ora gelem ketemu karo wimbadi, suwi-suwi kingkinarti gelem ketemu karo wimbadi nanging dheweke uwis ngandhut gedi. Sak wise iku wimbadi ngomong neng kingkinarti yen dheweke pengen mbangun bale wisma kalihan kingkinarti, wimbadi bakal nrima kingkinarti apa anane. Ing wayah sore kingkinarti lan wimbadi lungguh ing ngarep omah karo crita-crita yen dheweke ya ngelakoni kadurakan sak suwine manggon ing desa kidul dringu.



VI.



Pandangan Kelompok Novel kang judule “Kaduragan ing Kidul Dringu”



yaiku novel kang apik,



amarga isine novel iki babagan perjuwangan nglawan para Walanda. Novel iki uga ngenekake tema romansa-romansa katresnan wong sing setia, nrima pasangan opo enek e. VII.



Teori Postkolonialisme