Kidang Kencana [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Nama : Dena Windiarpuspa No : 5



KIDANG KENCANA



K



ocap kacarita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limalas taun Rama, Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah alas. Nalika tetelune isih ngaso, Sinta kaget amarga mirsani sesawangan sing edi peni. Ana kewan kidang kang merak ati, rupane ayu, polahe trengginas, lan kulite awarna mas. Kidang mlayu mrana-mrene mlumpat-mlumpat nggodha ati. Sinta kepencut, pingin kagungan kidang kang endah iku. Mula kanthi temen, Sinta nyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kencana iku kanggo dheweke. Rama tresna banget marang garwane, mula kanthi bombonging ati dheweke ngleksanakake panyuwune Sinta. Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku Lesmana. “Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana, keslametane mbakyumu dak pasrahake marang sliramu, aja pisan-pisan kowe ninggalake Sinta dhewekan.” “Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, atos-atos kangmas,” mangkono ature Lesmana. Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti tekan tengah alas gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora bisa nembus alas maneh. Peteng dhedhet suasanane, lacake kidang kencana ora katon. Nalika atine Rama tratapan, saklebatan katon ayang-ayange kidang kencana. Sanalika Rama nglepasake jemparing, kidang kencana kena panahe Rama. Kidang kencana ambruk ing lemah, jemparing nembus awake. Nanging ana kedadean kang aneh, kidang kencana muksa disusul metune buta Kalamarica nyuwara seru. Pambengoke Kalamarica kaprungu nganti tekan saindhenging alas. Kaprungu mirip banget kaya swarane Rama kang lagi kena musibah. Dewi Sinta midhanget swara pambengoke sing mirip Rama. Sinta kwatir marang keslametane Rama. Nanging beda karo Lesmana kang ngerti banget marang kasektene Rama, mula dheweke percaya yen swara mau dudu swarane Rama. Mula nalika Sinta ngersakake Lesmana nusul Rama kanggo mesthikake keslametane, Lesmana wegah lan tetep arep njaga Dewi Sinta. Sinta mangkel lan kawetu omongan kang ora ngenakake kupinge Lesmana. “Saiki aku ngerti watak wantu aslimu adhi Lesmana. Jebule meneng-meneng sliramu pingin nduweni aku, sliramu ngejorake kakangmu cilaka, lan sliramu bisa bebas …”



“Cekap kakang mbok Sinta! Kula ngurmati kangmas Rama. Malah roh lan raga kula lila dak kurbanaken kangge mbela asmane kangmas Rama. Dados lepat sanget manawi kangmbok Sinta kagungan panganggep kados makaten dhateng kula.” “Menawi makaten mbak, amargi panjenengan ngotot, meksa, kula badhe damel wates kangge kangmbok Sinta, kula suwun kangmbok boten medal saking wates menika kangge kawilujengan amargi kangmbok kula tilar piyambakkan.” Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg. Ora ana sing bisa nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero bunderan iku. Sawise rumangsa aman, Lesmana budal ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki Rama. Sawetara iku, Rama uga kaget midhanget pambengoke Kalamarica, buta kang tugase dadi matamata raja Alengka yaiku Rahwana. Mula panjenengane kemutan marang keslametane Dewi Sinta lan cepet-cepet ninggalake papan kono kanggo mirsani kahanan garwane. Ing tengah lakune kepethuk karo Lesmana, atine Rama tambah tratapan amarga Sinta ora bareng karo Lesmana. Sadurunge Rama nyuwun pirsa babagan Sinta, Lesmana njlentrehake kabeh prastawa kanthi cetha wela-wela nganti ninggalake Sinta dhewekan. “Aduh! Cilaka rayi Lesmana … iki ana upaya manungsa kang nyoba ngapusi awake dhewe. Ayo saiki enggal nemoni mbakyumu Sinta!” Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung njaluk-njaluk. Dheweke nreyuhake ati njaluk banyu ngombe kanggo nambani ngelake. Sinta ora ngerti manawa simbah kakung iku minangka pasemone Rahwana raja Alengka kang ngumbar angkara murka. Rahwana ngerti marang kelemahane wanita sing ora teganan manawa weruh kahanan kang nreyuhake. Nalika Dewi Sinta ngecungake cangkir, astane metu saka wates bunder langsung disamber lan dikekep ing dadane Rahwana banjur digawa mabur. Sinta kasil ditipu dening Rahwana. Rahwana ngguyu lakak-lakak rumangsa menang, swarane kaprungu ing saindhenging angkasa, kasil nipu Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana. Jatayu manuk garudha nyoba nulungi Sinta saka regemane Rahwana, nanging malah ambrug ing lemah amarga kena sabetan pedange Dasamuka.



A. Sinopsis Kocap kacarita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limalas taun Rama, Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah alas. Nalika tetelune isih ngaso, Sinta kaget amarga ana kewan kidang kang merak ati, rupane ayu, polahe trengginas, lan kulite awarna mas. Sinta kepencut, pingin kagungan kidang kang endah iku. Sinta nyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kencana iku kanggo dheweke. Sadurunge Rama mbedhag kidang kencana, dheweke pesen marang adhine yaiku Lesmana, kanggo jaga keslametane Sinta. Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti tekan tengah alas gung liwang-liwung.Nalika atine Rama tratapan, saklebatan katon ayang-ayange kidang kencana. Sanalika Rama nglepasake jemparing, kidang kencana kena panahe Rama. Kidang kencana ambruk ing lemah. Nanging ana kedadean kang aneh, kidang kencana muksa disusul metune buta Kalamarica nyuwara seru. Pambengoke Kalamarica kaprungu nganti tekan saindhenging alas. Kaprungu mirip banget kaya swarane Rama kang lagi kena musibah. Dewi Sinta midhanget swara pambengoke sing mirip Rama. Sinta kwatir marang keslametane Rama. Nanging beda karo Lesmana kang ngerti banget marang kasektene Rama. Mula nalika Sinta ngersakake Lesmana nusul Rama kanggo mesthikake keslametane, Lesmana wegah lan tetep arep njaga Dewi Sinta. Sinta mangkel lan kawetu omongan kang ora ngenakake kupinge Lesmana. Banjur Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg. Ora ana sing bisa nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero bunderan iku. Sawise rumangsa aman, Lesmana budal ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki Rama. Sawetara iku, Rama uga kaget midhanget pambengoke Kalamarica, buta kang tugase dadi mata-mata raja Alengka yaiku Rahwana. Mula panjenengane kemutan marang keslametane Dewi Sinta lan cepet-cepet ninggalake papan kono kanggo mirsani kahanan garwane. Ing tengah lakune kepethuk karo Lesmana, atine Rama tambah tratapan amarga Sinta ora bareng karo Lesmana. Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung njaluk-njaluk. Sinta ora ngerti manawa simbah kakung iku minangka pasemone Rahwana raja Alengka kang ngumbar angkara murka. Nalika Dewi Sinta ngecungake cangkir, astane metu saka wates bunder langsung disamber lan dikekep ing dadane Rahwana banjur digawa mabur. Rahwana ngguyu lakak-lakak rumangsa menang, kasil nipu Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana. Jatayu manuk garudha nyoba nulungi Sinta saka regemane Rahwana, nanging malah ambrug ing lemah amarga kena sabetan pedange Dasamuka.



B. Unsur intrisik 1. Tema : Pangapusan Mboten dinyana Kidang Kencana mau malih reseksa aran Kalamarica, kang didhawuh Prabu Rahwana dadi kidang supaya bisa melut Dwi Sinta lan gawe pisah karo grawane yaiku Raden Rama. 2. Alur : Maju 3. Latar crita :















Latar wujud papan : Tengah alas Kocap kacarita, sajroning lelana sawise nglakoni paukuman buwang limalas taun Rama, Sinta, lan Lesmana tekan ing tengah alas. Latar wektu : wektu siyang Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti tekan tengah alas gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora bisa nembus alas maneh. Latar swasana : sepi nyenyet, medeni. Amarga ana ing sajroning alas kang peteng ndedet. - Rama enggal-enggal nggoleki lacake kidang kencana, terus ditutake nganti tekan tengah alas gung liwang-liwung. Sorote srengenge wis ora bisa nembus alas maneh. Peteng dhedhet suasanane. - Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet.



4. Paraga :



 Protagonis 



Rama : tanggung jawab, welas asih, setiya, bijaksana, patuh. - Rama tresna banget marang garwane, mula kanthi bombonging ati dheweke ngleksanakake panyuwune Sinta. - “Lesmana, tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana, keslametane mbakyumu dak pasrahake marang sliramu, aja pisan-pisan kowe ninggalake Sinta dhewekan.”  Sinta : gampang kaselip marang endahe barang, setya, welas asih, seneng tetulung, nuduh. - Sinta kepencut, pingin kagungan kidang kang endah iku. - “Saiki aku ngerti watak wantu aslimu adhi Lesmana. Jebule menengmeneng sliramu pingin nduweni aku, sliramu ngejorake kakangmu cilaka, lan sliramu bisa bebas …” - Sinta gumun ing tengah alas sing sepi nyenyet ana simbah kakung njaluk-njaluk.  Tritagonis  Laksana : tanggung jawab, patuh, sabar. - “Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, atos-atos kangmas,” mangkono ature Lesmana. - Lesmana damel wates kang wujude bunder ing sakupenge Dewi Sinta ngadeg. Ora ana sing bisa nganggu Dewi Sinta sajrone tetep ing njero bunderan iku. Sawise rumangsa aman, Lesmana budal ninggalake Dewi Sinta kanggo nggoleki Rama.  Jatayu : seneng tetulung. - Jatayu manuk garudha nyoba nulungi Sinta saka regemane Rahwana, nanging malah ambrug ing lemah amarga kena sabetan pedange Dasamuka.  Antagonis  Kalamarica : manut, licik.



-







Kalamarica, buta kang tugase dadi mata-mata raja Alengka yaiku Rahwana. - kidang kencana muksa disusul metune buta Kalamarica nyuwara seru. Rahwana : serakah, cerdik - simbah kakung iku minangka pasemone Rahwana raja Alengka kang ngumbar angkara murka. Rahwana ngerti marang kelemahane wanita sing ora teganan manawa weruh kahanan kang nreyuhake.



5. Amanat : -



Aja gampang kapilut karo kaendahan, amarga barang kang endah durung mesti duweni mupangat. Dadi wong iku kedah setiti lan ngati – ati, amarga brebayan niku woten ing samubarang. Aja mung gugu/ manut panemune dhewe. Dados tiyang kedah sami – sami tetulung. Dados tiyang puniku kedah wantun mbela sing leres



6. Sudut pandang : Sudut pandang wong katiga, serba ngertos. yaiku pengarang nalika njlentrehake paraga migunakake jeneng lakone.



C. Usur ekstrinsik 1



2



Latar belakang pangaripta : Latar belakangipun pangaripta ndamel carios inggih punika amargi pangaripta badhe njlentreaken kalih pamaos menawi kita, mboten angsal mandeng setunggaling bab saking bentuke mawon ingkang endah. Amargi benda ingkang endah dereng mesti duweni mupangat kagem kita. Lan kita kedah tansah ngati - ati, amargi kathahe kejahatan ing antawising kita. Nilai nilai ingkang wonten sajroning cerita :  Nilai keagamaan - Minangka sawijining manungsa, kita mboten angsal berprasangka awon lan mastani tiyang sembarangan. - Ngrencangi sesami umat manungsa.  Nilai moral - Kesetiaan rama lan sinta ingkang tansah setya. - Kita mboten pareng gampil kapilut kalian kaendahan, amarga barang kang endah dereng mesti gadahi mupangat. - Kita kedah tansah tanggung jawab, kala kita dipunsukani amanah dening tiyang.  Nilai budaya - Saperangan tiyang jawi nyebut pasangan gesangipun kalih “Garwo” dipunpendhet saking "Sigarane nyowo" utawi saged dipunsebut sepalih nyawa.