Modhulxi b2013pdf PDF Free [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

RINGKESANE SINAU BASA JAWA



Kangge: SMA/SMK/MA Kelas XI-B



- Bambang Santoko -



Sinengkalan: Mangesthi Tunggal Luhuring Panembah



KACITHAK WINATES KANGGE SMA NEGERI 1 KARANGREJO TULUNGAGUNG SINAU BASA JAWA |XI-B



1



SINAU BASA JAWA |XI-B



2



Ringkesane Sinau Basa Jawa XI-B Kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI Semester 2



Karakit dening: Bambang Santoko



Kacithak Kapisan, 21 Januari 2019



wewenange panulis ingayoman dening angger-angger kalarang nikelake buku iki tanpa idin tinulis dening pamedhar, kajaba sajroning pangutipan kanggo panulisan artikel utawa karangan ilmiah.



SINAU BASA JAWA |XI-B



3



ATUR PANGIRING



Puji sokur alhamdulillah awit saking sih saha nugrahanipun Gusti Allah SWT ingkang amberkahi tumrap pangrakitipun ringkesane “Sinau Basa Jawa: kangge kelas XI-B” punika saged kasil karampungaken. Prelu kauningan bilih piwulangan basa Jawi punika sampun dados mata pelajaran muatan lokal wajib wonten tataran SD/MI/SDLB-SMP/MTs-SMA/SMK/MA/MAK wonten Jawa Timur ingkang kinayoman dening Peraturan Gubernur Jawa Timur nomer 19 Tahun 2014. Ringkesan punika karakit minangka bahan pasinaon kangge tataran SMA/SMK/MA ingkang ngantos dumugi samenika taksih kirangipun buku-buku ingkang saged damel cepengan para siswa ing tataran SMA/SMK/MA. Mugi-mugi ringkesan punika saged migunani tumrap piwulangan basa Jawi. Ing wasana pangrakit nglenggana bilih ringkesan punika taksih kathah cewetipun, amargi saking cupeting kawruh saha winatesipun daya pangrakit, pramila pamrayogi saha panyaruwe tansah dipunantu-antu minangka sumbangsih ingkang tanpa pepindhan. nuwun



KALANGBRET, 31 DESEMBER 2018 22 JUMADILAWAL 1951 AJ



BAMBANG SANTOKO



SINAU BASA JAWA |XI-B



4



DHAPTAR ISI



Samak



1



Atur Pangiring



4



Dhaptar Isi



5



Sumebare KI-KD Kelas XI Semester Ganep



6



Ngrengrengan Piwulangan lan Pambiji



7



Wawasan Unggah-ungguh Basa Jawa



8



Wulangan 1 Sandiwara Jawa



12



Penilaian Harian 1



19



Wawasan Paramasastra Jawa



25



Wulangan 2 Tembang Macapat



28



Penilaian Harian 2



37



Wulangan 3 Sengkalan



41



Gladhen Penilaian Akhir Tahun



52



Kapustakan



66



Pribadi Binuka



67



SINAU BASA JAWA |XI-B



5



SUMEBARE KOMPETENSI INTI & KOMPETENSI DASAR KELAS XI SEMESTER GANEP



K1



KOMPETENSI INTI Menghayati dan mengamalkan agama yang dianutnya.



ajaran



1.1



1.2



1.3



K2



K3



K4



Menghayati dan mengamalkan perilaku jujur, disiplin, tanggungjawab, peduli (gotong royong, kerjasama, toleran, damai), santun, responsive dan pro-aktif dan menunjukkan sikap sebagai bagian dari solusi atas berbagai permasalahan dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam serta dalam menempatkan diri sebagai cerminan bangsa dalam pergaulan dunia.



2.1



Memahami,menerapkan, menganalisispengetahuan faktual, konseptual, prosedural berdasarkan rasa ingin tahu tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah. Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkrit dan ranah abstrak terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, dan mampu menggunakan metoda sesuai isi keilmuan.



3.1



2.2



2.3



3.2



3.3



4.1



4.2 4.3



KOMPETENSI DASAR Mensyukuri anugerah Tuhan akan keberadaan bahasa daerah dan menggunakan sesuai isi dalam konteks kebhinekaan. Mensyukuri anugerah Tuhan akan keberadaan bahasa daerah dan menggunakan sesuai isi dalam konteks kebhinekaan. Mensyukuri anugerah Tuhan akan keberadaan bahasa daerah dan menggunakan sesuai isi dalam konteks kebhinekaan. Menunjukkan perilaku tanggung jawab, peduli, dan proaktif dalam menggunakan bahasa daerah untuk memahami dan menyampaikan permasalahan. Menunjukkan perilaku jujur, peduli, santun, dan tanggung jawab dalam penggunaan bahasa daerah untuk menyampaikan penjelasan. Menunjukkan perilaku jujur, peduli, santun, dan tanggung jawab dalam penggunaan bahasa daerah untuk menyampaikan penjelasan. Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks drama, prosa atau puisi sesuai kaidah. Mengidentifikasi, memahami, menganalisis nilai-nilai moral yang terkandung dalam tembang macapat. Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks aksara Jawa/carakan Madhurâ sesuai kaidah.



Menginterpretasi, menanggapi dan memperagakan teks drama, puisi, dan prosa sesuai isi dengan bahasa yang komunikatif. Menginterpretasi nilai-nilai moral yang terkandung dalam tembang macapat.. Membaca cepat teks wacana sastra atau nonsastra beraksara Jawa/carakan Madhurâ.



SINAU BASA JAWA |XI-B



6



NGRENGRENGAN PIWULANGAN



Pepanggihan Kaping.... I II III IV V VI VII VIII IX X XI XII XIII XIV XV XVI XVII XVIII



Materi Pokok wawasan unggah-ungguh basa Jawa Sandiwara Jawa Sandiwara Jawa Sandiwara Jawa Sandiwara Jawa Penilaian Harian 1 Tembang Macapat Tembang Macapat Tembang Macapat Tembang Macapat Tembang Macapat Penilaian Harian 2 Sengkalan Sengkalan Sengkalan Sengkalan Sengkalan Penilaian Akhir Tahun



NGRENGRENGAN PAMBIJI



produk



proyek



praktik



PH



Psikomotor PAS



Materi Pokok



Kognitif tugas



Aspek



Sandiwara Jawa Tembang Macapat Sengkalan



SINAU BASA JAWA |XI-B



7



WAWASAN UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA A. Istilah Unggah-ungguh & Undha-Usuk sarta Panentune Unggah-ungguh iku sejatine tata aturan panganggone basa Jawa miturut tata krama. Dene sing diarani undha-usuk (tingkat tutur) iku minangka tata cara (sistem) basa kang nuduhake tataran/tingkatan kang asipat resmi (formalitas) lan kanggo ngajeni (menghargai) wong sing dirasakake dening O1 (penutur) marang wong liya, yaiku O2 (mitra tutur) utawa O3 (wong sing dicritakake) (Poedjosoedarmo, 1979: 16).Sing nemtokake anane tingkat tutur: 1. Tingkat formalitas hubungan ing antarane O1 lan O2: a. tingkat keakraban hubungan kalawan O2. b. tingkat keangkeran (hubungan kulawarga) O2 lan O3. c. umur O2 2. Status Sosial: a. kebangsawanan b. pangkat c. ekonomi d. pendhidhikan B. Ragam Unggah-ungguhing Basa Jawa Miturut Sasangka (2007: 103-120) cak-cakane basa Jawa bisa kaperang dadi loro, yaiku: 1. Basa Ngoko Basa ngoko yaiku bahasane wong kang ora pati ngurmati kang diajak guneman Basa ngoko ana rong werna: 1.1 Ngoko lugu Wujude tembung ngoko lan netral, ora ana tembung kang krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen ana, mung tumrap marang wong sing digunem. Kanggone: omongane bocah karo bocah sing kulina (akrab), omongane wong tuwa karo wong enom, yen lagi ngunandika. Tuladha: (1) Aku sesuk dolan menyang jurang senggani (2) Wingi bengi adhik nonton kembang api menyang Gor Lembupeteng 1.2 Ngoko alus Basa ngoko kang alus utawa luwih diajeni. Wujude yaiku ora mung tembung ngoko lan netral bae, nanging uga ana tembunge krama inggil, krama andhap, lan uga krama. Mung bae ana tembung krama inggil tumrap wong kang di jak guneman. Kanggone: ibu marang bapak, adhi marang kangmase utawa mbakyune, bisa uga kangmas utawa mbakyu marang adhi kang diajeni merga pangkate luwih dhuwur, anak marang wong tuwa, guru padha guru kang wis akrab/kulina.



SINAU BASA JAWA |XI-B



8



Tuladha: (1) Pak dhe Siman mengko arep tindak karo sapa? (2) Iku ibumu lagi maos koran ning kamar. 2. Basa Krama Basa krama ana rong werna: 2.1 Basa krama lugu Wujude tembung krama, madya, netral, lan/utawa ngoko sarta uga bisa ditambahi tembung krama inggil utawa krama andhap. Panganggone tumrap bocah karo bocah sing durung kulina, wong tuwa marang wong enom, nanging ngajeni sawetara tumrap wong kapindho diganti peprenahan, kabeh dikramakake. Mung panambang -e utawa ake tetep ngoko. Tuladha: (1) Sing dipilih mas Yudha niku jurusan teknik sipil utawi ekonomi pak?. (2) Mas Firman pun boten nakal malih sakniki. 2.2 Basa krama alus Krama inggil iku kang ngajeni banget. Wujude inti yaiku tembung krama, nanging uga bisa ditambah tembung krama inggil lan krama andhap. Kaceke panambang -mu owah dadi panjenengan utawa panjenengan dalem. Tembung aku diowahi dadi abdi dalem, dalem, kawula, kula lan sapanunggalane. Gunane: kanggo guneman marang wong sing kudu dikurmati/diajeni, guneman bocah enom marang wong tuwa, wong enom marang wong enom sing diajeni, sapadhane wong tuwa kang padha ngajeni, pawongan kang padha-padha ngajeni. Tuladha: (1) Aksara Jawi punika menawi kapangku dados pejah. (2) Para miyarsa, wonten ing giyaran punika kula badhe ngaturaken rembag bab kasusastran Jawi. C. Leksikon & Konstruksi Unggah-ungguh basa bisa gampang disinaoni kanthi mbedakake dhapukane leksikon lan konstruksi sajroning unggah-ungguh basa Jawa. Intine sing prelu disumurupi, yaiku tataran leksikon lan tataran konstruksi sing kekarone iku mau kudu bisa dibedakake ing antarane siji lan sijine. a. Tataran Leksikon/kata/kosakata/tembung Basa Jawa:  ngoko  madya  krama  krama andhap  krama inggil  netral b. Konstruksi/Basa Jawa:  ngoko:  ngoko lugu  ngoko alus SINAU BASA JAWA |XI-B



9







krama:  krama lugu  krama alus Undha-usuk Basa Jawa NGOKO



KRAMA



ngoko lugu



ngoko alus



krama lugu



krama alus



Ngoko netral



Ngoko netral krama krama inggil krama andhap



krama netral madya ngoko krama inggil krama andhap



krama netral krama inggil krama andhap



(Sasangka, 2007: 103-120)



Katrangan: 1. tulisan kacithak kandel kanggo nuduhake tataran konstruksi/basa Jawa. 2. tulisan kacithak tipis kanggo nuduhake tataran leksikon/tembung basa Jawa. Wigati: (*) Tembung/kosa kata/kata/leksikon minangka panentu undha-usuk basa. (**) Kunci utama kanggo bisa ngecakake unggah-ungguh basa kanthi bener, yaiku: a). kudu ngapalake leksikon (vocab)/tembung basa Jawa sakakehakehe, b). kudu weruh sapa sing ngajak guneman lan sing digunem. (***) Pangertene ngoko lan krama kudu ditapsirake rong pangerten, yaiku ngoko minangka leksikon/tembung lan ngoko minangka konstruksi/basa. Semono uga pangertene krama uga ana loro, yaiku krama minangka leksikon/tembung lan krama minangka konstruksi/basa. D. Peranganing Badan a. Peranganing Badan Sakojur  Sirah (kepala)  Gembung (badan)  Tangan (tangan)  Sikil (kaki) b. Peranganing Driji (Bagian Jari-jari tangan)  Jenthik (jari kelingking/ jari renik)  Jenthik Manis (jari manis)  Panunggul (jari tengah/ jari malang/ jari hantu/ jari mati/ jari panjang)  Panuduh (jari telunjuk/ jari syahadat)  Jempol (jempol)



SINAU BASA JAWA |XI-B



10



c.



Leksikon Peranganing Badan (Bagian-bagian anggota badan)



Ngoko sirah rambut embun-embunan unyeng-unyeng bathuk kuping pipi irung brengos mata alis idep rai lambe cangkem ilat untu gusi janggut jenggot gulu githok/cengel pundhak tangan lengen ugel-ugel sikut driji kuku awak dhadha iga geger/gigir weteng wudel bokong sikil pupu kempol/kentol dhengkul dlamakan usus getih ati



Krama/ krama inggil mustaka/ murda rikma/ rema pasundhulan panengeran palarapan talingan pangarasan grana rawis netra/ soca imba ibing pasuryan lathi lesan/ tutuk lidhah waja wingkisan kethekan gumbala jangga griwa/julukan pamidhangan asta pamenthangan pagelangan siku racikan kanaka badan/ salira jaja unusan pengkeran padharan nabi/ puser pocong/bocong suku/ sampeyan wentis wengkelan jengku pada jaringan rah/ ludira manah



Arti kepala rambut ubun-ubun pusaran rambut di kepala dahi telinga pipi hidung kumis mata alis bulu mata wajah bibir mulut lidah gigi gusi dagu jenggot leher tengkuk bahu tangan lengan pergelangan tangan siku pada tangan jari kuku badan dada iga punggung perut pusar pantat kaki paha betis lutut telapak kaki usus darah hati



SINAU BASA JAWA |XI-B



11



WULANGAN 1 SANDIWARA JAWA Kompetensi Dasar 3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks drama, prosa atau puisi sesuai kaidah.



Indikator Pencapaian Kompetensi 3.1.1 Mengidentifikasi struktur teks drama. 3.1.2 Menganalisis struktur teks drama. 3.1.3 Menganalisis unsur kebahasaan teks drama. 3.1.4 Menganalisis pesan moral teks drama. 3.1.5 Menganalisis relevansi isi teks drama dengan kehidupan. 3.1.6 Menjelaskan teknik penulisan teks drama.



4.1



4.1.1 Mengalihwacana-kan (mengubah) teks prosa menjadi teks drama sesuai kaidah.



Menginterpretasi, menanggapi dan memperagakan teks drama, puisi, dan prosa sesuai isi dengan bahasa yang komunikatif.



4.1.2 Mendeskripsikan struktur teks drama dalam rencana pementasan. 4.1.3 Mementaskan teks drama secara berkelompok. 4.1.4 Memberikan komentar penampilan teman dalam bermain drama. SANDIWARA/DRAMA/TONIL



A. Pangertene Sandiwara Sandiwara ing kene bisa diarani drama/tonil, lumrahe ing basa modheren saiki ana uga sing ngarani drama naskah utawa sinebut uga sastra lakon. Tembung sandiwara ing basa Jawa kawitan ditepungake dening P.K.G. Mangkunegara VII. Tembung sandiwara dumadi saka tembung “sandi” kang tegese rahasia, lan tembung (we)wara(h) utawa “wara” kang ateges warah utawa pasinaon. B. Formula Sandiwara 4 M, yaiku: M 1 : Mengkhayal M 2 : Menuliskan M4 M 3 : Memainkan M 4 : Menyaksikan



M1 M2



M3



SINAU BASA JAWA |XI-B



12



C. Hukum Komposisi Sandiwara Sumber panulisan sandiwara → tabiat manungsa Warangka sandiwara → action Dasar action → motif Hakekat sandiwara → dredah (konflik) D. Jinis-jinise Drama a. Tragedi (duka cerita) b. Komedi (drama ria) c. Melodrama d. Dhagelan E. Jinis-jinise Sandiwara Jawa Tradhisional: a. Kethoprak (ing laladan Mataraman & Surakarta) b. Lodrug (ing laladan Surabaya & Madura) c. Janger (ing laladan Banyuwangi) d. Srandhul (ing Jawa Tengah) F. Pigunane Sandiwara a. Minangka piranti pendhidhikan b. Minangka piranti pengajaran (*) Sajroning sandiwara ngandhut: gerak-laku-wirama-apalan (gerak-etisreligius). Metodhe Sari-swara (basa-crita-lagu). G. Cengkorongan (struktur) drama, ing antarane yaiku: a. Plot (kerangka cerita) Miturut Gustaf Freytag plot kasusun saka:  Exposition (pelukisan awal cerita)  Komplikasi (pertikaian awal)  Klimaks (titik puncak cerita)  Resolusi (penyelesaian)  Catastrophe/ Denoument (keputusan) TETANDHINGAN STRUKTUR DRAMATIK (DRAMATIC PLOT) ARISTOTELES (klasik) I. Protasis (permulaan) ............... II. Epitasio (jalinan kejadian) ...... III. Catastasis (puncak laku) ......... .................................. IV. Catastrophe (penutupan) ....... .............................. ..............................



GUSTAV FREYTAG (modheren) Exposition (jejer/pambuka) 1 Complication (dredah) 2 Climax 3 (pasulayan) Resolusi 3A (pangudhare prakara) Conclusion 4 (dudutan/simpulan) Catastrophe 4A (bencana) Denoument 4B (rampunge prakara)



SINAU BASA JAWA |XI-B



13



WANGUNANE STRUKTUR DRAMATIK 3 [III] 2



3A



[II] 1 [I]



 



[IV] 4 4A 4B suspense : ketegangan/kegawatan surprise : kejutan/dadakan



=== inti: dredah (konflik) → krisis → klimaks → penyelesaian === b. Paraga (tokoh)  Jinise paraga adhedhasar peran: - Paraga antagonis - Paraga protagonis - Paraga tritagonis  Jinise paraga adhedhasar fungsi: - Paraga sentral - Paraga utama - Paraga pembantu c. Watak (Penokohan)  Kaanan (keadaan) fisik  Kaanan (keadaan) psikis  Kaanan (keadaan) sosiologis d. Latar/Setting/Landasan:  Wektu kadadean  Papan panggonane kadadean  Warna lokal e. Dialog (percakapan) f. Tema → punjering crita (ide pokok cerita) g. Piweling/Pesen (amanat) pengarang h. Petunjuk Teknis



SINAU BASA JAWA |XI-B



14



H. Istilah-istilah sajroning Sandiwara: * protagonis * manager * antagonis * stage manager * tritagonis * konflik * peran pembantu * plot * sutradara * dialog * produser * monolog



* prolog * epilog * improvisasi * solilokui * setting * babak



* adegan * gestur * mimik * karakter * aktor * aktris



* lakon (play) * naskah (script)



Alih Wahana (konversi) Teks Naratif  Teks Lakon (Sandiwara) Alih wahana utawa konversi kang dikarepake ing kene, yaiku ngowahi wujud karangan saka teks naratif dadi teks lakon (sandiwara). Luwih cethane, saka crita teks naratif wujud paragraf-paragraf tanpa ana tandha pacelathon diowahi menyang teks lakon kang prasaja kanthi wujud ukara pacelathon (lumrahe teks lakon). Tuladha: Teks Naratif Arum iku bocah wadon kang nurut marang dhawuhe wong tuwa, lagak lageyane lan tuture sarwa kalem lan sareh, kebak subasita. Saliyane iku dheweke uga disenengi kanca-kancane amarga tansah ngetrapake kanthi trep unggah-ungguh basa marang sapa bae.



Teks Lakon Ing sawijine dina ibu lagi nggoleki anake wadon, yaiku Arum. Ibu: Rum....Arum....ndhuk, sampean nang ndi? Arum: kula buk...., wonten menapa? Ibu: kae lho ndhuk sampean digoleki kancamu. Arum:o....nggih buk, kula supe kalawingi sampun semadosan badhe rujakan kaliyan kanca-kanca setunggal kelas. Ibu:o...ya wis kana, ndang disiyapne pisan ubarampene sing arep digawa. Arum: nggih buk. Kancane Arum: ayo Rum ndang budhal bareng-bareng. Arum: ayo cah.... Kancane Arum: nuwun sewu buk, kula badhe medal kaliyan Arum rumiyin, mangga. Ibu:oya....padha sing ngati-ati ya.



SINAU BASA JAWA |XI-B



15



TUGAS! Kanthi cara kelompokan udakara 5-6 siswa, owahana crita kewan kang awujud teks naratif ing ngisor iki dadi teks lakon kanthi becik ! Teks Naratif 1 Pada suatu hari seorang patih di suatu kerajaan menikahkan anaknya seorang wanita cantik nan cerdas bernama Tantri dengan seorang raja. Pada suatu malam ia berkata kepada sang raja untuk menghilangkan rasa kantuk dan lelahnya. Lalu ia akan menceritakan suatu cerita. Cerita ini mengisahkan seorang brahmana bernama Dharmaswami yang bertapa untuk mendapatkan anugerah Dewata. Maka sang brahmana Dharmaswami mendapatkan anugerah seekor sapi jantan, bernama Nandaka. Kemudian sapi itu dimanfaatkannya untuk berdagang kayu-kayu hutan yang dijualnya ke kota. Selang beberapa lama, kemudian kekayaan sang brahmana Dharmaswami bertambah banyak. Pada suatu hari, Nandaka kelelahan dan tidak bisa melanjutkan perjalanan panjangnya. Dharmaswami menjadi sangat khawatir, lalu disuruhnya dua hambanya, ki Sinet dan si Teka menunggui Nandaka. Sementara itu bagawan Dharmaswami meneruskan perjalanannya. Mereka diberi pula pesan, apabila Nandaka mati, disuruhnya dibakar mayatnya dan diberikan kepada siapa pun yang lewat, barang dagangan yang diangkat oleh Nandaka. Syukurlah bila yang lewat adalah seorang pandita. Tetapi apabila hidup disuruh mengangkat barang dagangan sebisanya saja. Maka kedua hambanya ketakutan berada di hutan lalu mereka melepas Nandaka dan membuat api unggun. Asap api unggun ini membubul tinggi dan terlihat sampai jauh supaya dikira mereka membakar bangkai Nandaka. Lalu ki Sinet dan si Teka bergabung dengan Dharmaswami lagi. Lalu setelah Nandaka dilepas, ia masuk ke hutan dan merasa berbahagia, ia bisa makan, minum, dan bercengkrama. Teks Naratif 2 Tantri kemudian memberi sebuah ringkasan cerita. Di hutan ini, Nandaka akhirnya akan bertemu dengan bala tentara serigala, bawahan sang raja singa Candapinggala. Candapinggala akhirnya nanti akan menjadi teman Nandaka. Tetapi mereka berdua akan diadu domba oleh Sambada, patih sang Candapinggala. Kemudian sang raja memberi pelajaran kepada Tantri yang dilanjutkan dengan permainan cinta. Keesokan harinya, sang raja memberikan maklumat bahwa beliau tidak ingin menikah lagi. Hampir setiap malam sang raja meminta kepada Tantri untuk melanjutkan ceritanya. Maka setelah si sapi Nandaka merasa hidup kembali, ia mengembara di tengah hutan Malawa. Lalu bala tentara serigala menyerangnya. Tetapi Nandaka bisa membela diri sehingga banyak yang mati, yang masih hidup lari terbirit-birit melapor kepada sang raja singa Candapinggala bahwa tujuan mereka mencari mangsa tidak dapat. Sambada patih sang Candapinggala jengkel mendengar mereka, akhirnya ia tertawa mencibir dan berkata bahwa para tentara serigala Kemudian ia menceritakan para serigala yang takut akan suara keras. Suatu ketika Sambada pernah pergi ke medan peperangan di negeri Kusambi setelah habis perang. Ia sungguh senang berpesta makan mayat-mayat prajurit. Tetapi ada keinginan satu, yaitu makan suatu hewan yang mengeluarkan suatu suara yang bunyinya keras sekali. Ia menarik kesimpulan bahwa hewan ini pasti dagingnya banyak sekali. Setelah ditemukan ternyata hewan ini hanya benda saja yang terbuat dari kayu dan kulit, isinya kosong. Benda ini adalah sebuah genderang. Jadi seseorang sebaiknya jangan takut kepada sesuatu yang hanya bersuara keras saja.



SINAU BASA JAWA |XI-B



16



Teks Naratif 3 Syahdan di negeri Kusambi ada seorang raja yang bijaksana, maharaja Padipa yang memiliki empat tanda mantri yang kuat mampu menjaga perbatasan negeri di empat penjuru angin. Maka beliau meninggal dunia dan digantikan oleh putranya maharaja Druma. Temanteman beliau ingin menggantikan para empat tanda mantri (sejenis pangkat militer). Akhirnya para tanda mantri yang lama digantikan oleh teman-teman maharaja Druma. Sementara itu para tanda mantri yang lama memenggal kepala masing-masing dan menyerahkan segala harta benda milik mereka beserta hambahamba mereka kepada maharaja Druma. Hal ini terdengar oleh musuh mereka dan para musuh menyerang negeri Kusambi sampai Raja Druma harus melarikan diri ke hutan. Di hutan beliau menjumpai sebuah rumah pemburu akan tetapi si pemburu tidak ada di rumah, yang ada hanyalah seekor burung betet. Sewaktu burung betet ini melihat Raja Druma, beliau dimakimaki. Akhirnya beliau pergi dan menjumpai sebuah pertapaan yang kosong, di sana beliau ingin beristirahat tetapi melihat ada burung betet lagi. Karena teringat burung betet sebelumnya beliau ingin pergi, tetapi ternyata yang ini sangat halus, ia memanggil para tapa untuk menyambut sang Raja. Akhirnya sang Raja bercakap-cakap dengan para tapa dan diberi penjelasan oleh burung betet akan perbuatannya yang buruk dan perbedaan antara burung betet yang ini dan yang dulu. Walau masih saudara kandung tetapi berbeda karena yang dulu senantiasa bersamasama dengan pemburu sedangkan yang ini senantiasa bersama-sama dengan para tapa. Teks Naratif 4 Diceritakan ada sebuah danau yang indah bernama Manasasara, tinggal sepasang burung angsa bernama Cakrangga dan Cakranggi. mereka berteman dengan seekor kura-kura, Durbudi. Maka suatu saat di musim kemarau, air di danau semakin menyusut dan sepasang burung baka ingin pergi ke danau lain meninggalkan Durbudi. Akan tetapi Durbudi ingin ikut, akhirnya ia diperbolehkan ikut burung baka dengan sarana sepotong kayu. Sepasang baka ini akan menggigit ujungnya sedangkan Durbudi harus menggigit tengahnya dengan diberi peringatan jangan mengucapkan apa-apa. Maka terbanglah mereka. Suatu saat di atas ladang Wilajanggala, mereka dilihat oleh sepasang serigala yang mengejek Durbudi. Lalu ia menjadi marah ingin menjawab dan jatuh, dimakan sepasang serigala ini. Teks Naratif 5 Alkisah di tempat tidur seorang raja tinggallah seekor kutu bernama Asada. Ia kemudian disapa oleh seekor kepinding bernama Candila yang tinggal di dinding. Ia amat heran mengapa si Asada terlihat gemuk dan sehat padahal Candila sangat kurus karena jarang makan. Kemudian si Asada menceritakan bahwa ia selalu mencari kesempatan yang baik untuk makan, makanya ia gemuk. Ia bersedia berteman dengan Candila asal Candila juga memperhatikan kesempatan yang baik. Candila setuju dan mengatakan bahwa ia sifatnya sama juga dengan si Asada, tidak seperti cerita si burung baka yang loba dan akhirnya mati oleh seekor kepiting (5). Lalu Candila menceritakan cerita ini. Teks Naratif 6 Di sebuah danau yang indah, alkisah adalah seekor burung baka yang ingin menyiasati ikanikan, ingin makan ikan sedanau. Lalu ia berpura-pura menjadi seorang suci yang tabiatnya sudah berubah tidak ingin membunuh ikan lagi. Lalu ia menjadi teman ikan-ikan setelaga dan dipercayai oleh mereka. Setelah sekian lama, ia menangisi semua ikan-ikan di danau itu karena mendengar kabar bahwa para nelayan akan datang dalam waktu dekat untuk menangkap mereka semua. SINAU BASA JAWA |XI-B



17



Ikan-ikan menjadi sedih semua lalu bertanya kepada burung baka apakah ia tidak bisa menolong mereka. Ia setuju menerbangkan mereka, mengungsikan mereka ke danau yang lain. Maka ini dilaksanakannya sampai habislah ikan setelaga, tinggal seekor kepiting dan tiga ekor ikan. Si kepiting minta diungsikan pula bersama tiga ekor ikan ini. Si burung baka pertama menolak karena takut terhadap si kepiting, tapi kemudian bersedia lalu mereka dibawa pergi. Si kepiting memeluk leher si burung baka dan merasa curiga mengapa ia sekarang gemuk, lalu di atas sebuah batu datar di gunung ia melihat tulang-tulang ikan bertumpuk-tumpuk berserakan. Ia kemudian marah dan menyupit leher si burung baka yang langsung mati.



Medhar Kawruh



INGGIH-INJIH Tembung inggih iku asale saka tembung Kawi utawa tembung Jawa Kuna inggi kang tegese „ya‟ utawa „iya‟. Tembung Jawa Kuna inggi (tanpa pungkasan h (/h/) ) kang banjur dadi inggih (mawa pungkasan h (/h/)) ing basa Jawa saiki mangkono kuwi ora jeneng aeng jalaran ana tunggale, kayata, gaja dadi gajah „gajah‟, dasi dadi dasih „batur wadon‟, lan wari dadi warih „banyu‟. Tembung inggih ing basa Jawa saiki kalebu ewoning tembung krama, yaiku kanggo ngramakake tembung iya (ngoko). Ing basa padinan tembung iki asring dicekak dadi nggih, malah ing papan tartamtu, upamane, ing wilayah Yogyakarta, tembung inggih sok diucapake injih /injIh/ utawa asring dicekak dadi njih /njIh/ dening masarakat kono. Tembung inggih kang diucapake dadi injih iku bener apa luput? Pitakon iki bisa diwangsuli kanthi katrangan mangkene. Basa Jawa iku darbeke masarakat Jawa.Mesthi wae kang nemtokake bener lupute utawa mekar tumangkare basa Jawa iya masarakat Jawa. Sanajan ing sajrone basa iku ana anasir ning masarakat wis gelem nganggo lan nganggep bener. Pangucape tembung inggih dadi injih /injIh/iku mung winates ing masarakat tartamtu lan durung kaprah tumrap sadhengah warganing masarakat Jawa (masarakat Jawa iku ora mung winates kang dumunung ing Yogyakarta, nanging uga nyakup warganing masarakat Jawa kang dumunung ing Jawa Tengah, Jawa Wetan, lan papan liyane). Kanthi mangkono, pakecapan inggih /inggih/ dadi injih /injIh/ iku kalebu ewoning pakecapan enggon-enggonan. Mulane, pakecapan mangkono iku becike ora dianggo ing basa resmi, kayata, sesorah, giyaran radhio, lan sapiturute. (Kapethik lan karingkes saka: Puspa Rinonce, 2012: 85-87)



SINAU BASA JAWA |XI-B



18



PENILAIAN HARIAN 1 A. Pilihen Salah Siji Wangsulan kang Paling Bener! 1. Struktur dramatik sajroning naskah lakon, yaiku .... A. eksposisi, komplikasi, klimaks, resolusi, lan catastrophe B. eksposisi, klimaks, resolusi, denoumen, lan komplikasi C. eksposisi, klimaks, komplikasi, catastrophe, lan resolusi D. komplikasi, klimaks, resolusi, catastrophe, lan eksposisi E. komplikasi, klimaks, denoumen, eksposisi, lan resolusi 2. Perangan wiwitane crita kanggo nepungake paraga/tokoh, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur naskah lakon, diarani .... A. eksposisi/orientasi D. resolusi B. komplikasi/konflik E. catastrophe C. klimaks 3. Dumadine dredah (perkara) kang kudu diadhepi dening para paraga (tokoh), ing struktur naskah lakon, diarani .... A. eksposisi/orientasi D. resolusi B. komplikasi/konflik E. catastrophe C. klimaks 4. Pungkasan rampunge pasulayan/dredah ing antarane para paraga (tokoh), ing struktur naskah lakon, diarani .... A. eksposisi/orientasi D. resolusi B. komplikasi/konflik E. catastrophe C. klimaks 5. Antagonis, protagonis, lan tritagonis iku perangane .... A. alur D. watak (penokohan) B. paraga (tokoh) E. irah-irahan C. latar/setting 6. Pokok pikiran utawa dhasar sawijining crita uga diarani .... A. paraga D. alur B. sudut pandang E. tema C. setting 7. Sentral, utama, lan pembantu iku perangane .... A. latar/setting D. watak (penokohan) B. irah-irahan E. paraga (tokoh) C. alur 8. ?[bochgunD|lHmLyuziful\, yen katulis mawa aksara Latin, yaiku .... A. bocah gundhul playune ngidul D. bocah gundhul mlayu ngidul B. bocah gundhul mlayu mangidul E. bocah gundul playune mangidul C. bocah gundul mlayune ngidul 9. Ukara iki bener manut panulise, yaiku .... A. ?Xg[nlemhlr=bzet\, D. ?reg[nXmhlr=bzet\, B. ?xg[nXmhlr=bzet\, E. ?xg[nXmhlr=vzet\, C. ?reg[nlemhlr=bzet\, 10. Rengginang rasane legi. Ukara kasebut yen ditulis mawa aksara Jawa, yaiku .... A. ? x=gin=rs[nXgi. D. ? r_gin=rs[nXgi. B. ? x=gin=rs[nlegi. E. ? r_gin=rs[nlegi.



SINAU BASA JAWA |XI-B



19



C.



? x=gin=rs[fXgi.



Wacanen Crita ing ngisor iki kanthi setiti ! JODHO AJA DIBURU (Sri Setya Rahayu) EMBUH saka ngendi tekane pikiran mangkono kuwi. Nalika sepisanan dikandhakake Jufri, aku alok ngeget. ‟‟Edan pa!‟‟ Dheweke ngguyu nggleges-nggleges karo nata rambute sing meh nutupi bathuk. Karo nutup gawane, majalah sing isih gres, dhewke clathu: ‟‟Tenan, Min, karo siji iki aku kok rada percaya, simpati malahan. Dakpikir-pikir cocok karo awakmu, cocok karo idealmu.‟‟ ‟‟Apane wae?‟‟ aku nyela. ‟‟Wah semuanya, pendidikan, hobby, tipe pilihan, kepercayaan, coba delengen dhewe ta….‟‟ Jufri nyedhak, mbukak majalah mau, dibeber ana pangkonku. Setengah mesem aku nyawang rubrik iku ‟‟Konsultasi Jodoh.‟‟ ‟‟Sing endi, Juf?‟‟ pitakonku karo mesem. Tengen iku lho, nomer 057. Identitase hebat ta? Sing digoleki ya sederhana. Cocok karo cita-citamu ta?‟‟ ‟‟057? E.S,… iki? Sapa ya kira-kira jenenge? Edi Sarwono?‟‟ Aku ngguyu, Jufri ngguyu. ‟‟Ah kedhuwuren Juf, 175 cm kene mung 159 cm, kok.‟‟ ‟‟Ora papa.‟‟ ‟‟Ning,… ah …edan Juf. Wegah, ah!‟‟ ‟‟He iki ora pikiran edan lho, Min. Pikiren, dia membutuhkan pertolongan, kita mengulurkan tangan. Apa bedane karo penfriendnan ngana kae. Karo maneh, bola-bali Bapak ndangu aku yen dolan mrana. ‟‟Mini punika kados pundi ta Nak? Bocah kok angel men kandhan-kandhanane. Karepku ki dang takkon milih kancane salah siji ngono lho. Nanging kok…. Ngantos judheg kula.‟‟ ‟‟Wangsulanmu piye?‟‟ ‟‟Taksih dereng wonten ingkang cocog kok pak, ngono.‟‟ Aku mesem bae. Aku ora kaget karo pawarta ngono kuwi. Kersane Bapak-Ibu pancen apik, lha ning piye yen ati iki durung sreg. Karo Jufri iki bae, kancaku paling raket, ora ana rasa nyleneh ing dhadha. Uga mangkono perasaanku marang Zaenal, Eko lan Agus sing sajak mambu ati. Persahabatan, titik. Mula yen wis kemrepyeg ana omahku, Bapak bisane mung gedheg-gedheg. Ora ana maneh. Terkadang dipasangake karo Jufri, aku kepeksa ngempet guyu. Sebab yen karo Jufri mesthi kumat ndablege. Acarane neka-neka. Kaya sing lagi wae dikandhakake iki mau. Ning dhasare aku seneng avontuur. Dina candhake rikala Jufri nodhong-nodhong nggawa kertas komplit sak amplope lan prangkone karo ngguyu aku mapagake. ‟‟Iki jenenge mburu jodho, Juf.‟‟ ‟‟To take and to give antara pria wanita, Min. Sing perlu tujuan kita baik. Aku ya wis duwe pilihan kok, Min.‟‟ ‟‟Kirim nyang konsultasi.‟‟ ‟‟Ya, pokoke lembut, keibuan, suka home decoration…..‟‟ dheweke mengengeh, dakgapyuk majalah. ‟‟Ambumu. Aku kokkon ngancani ya!‟‟ Karepku mung coba-coba. Surat sida dakgawe, cekak wae. Sida si jangkung ES 057. Langsung daktitipake Jufri, enya kono. Senajan mangkono ya rada dakarep-arep sethithik. Ning bareng sewulan ora ana kabare aku lali kabeh. Mung Jufri sok mbeda lan ndakwangsuli ‟‟Edan.‟‟ Dikandhani jare dheweke wis entuk balenan saka pilihane. Aku mung mesem. ‟‟Pe–ef Juf.‟‟ Terus dibacutake olehe ngethuprus. ‟‟Manise kaya kowe, Min. Ning rambute dawa, lan sajake ora criwis…..‟‟ dheweke ngguyu SINAU BASA JAWA |XI-B



20



banjur, ‟‟Si 057 mau?‟‟ ‟‟E S? Edi Sarwono?‟‟ Iseng! ‟‟Apa….. apa Ery Sugianto ya, Min,‟‟ dheweke nyawang aku. ‟‟Ery Sugianto? Ah, ana-ana wae , Juf, ning ora kok, ora iku. Lan endi buktine, meh telung wulan lho, Juf.‟‟ ‟‟Ha, rak ora sabar.‟‟ Jufri dakgablog. Ning atiku dadi dheg-dhegan krungu tembunge sing keri. Krungu jeneng Ery Sugianto mau. Embuh atiku dadi ora karu-karuan. Ery, Ery Sugianto, ah muga-muga ora dheweke. Tenan sawijining esuk ana surat teka. Stempel pos-e Jakarta. Alamat pengirime : Jl. Sumatra PT Biro ATA. Jenenge hebat, Edward Siregar. Kojur, batinku, ketemu wong sabrang. Dakbukak surate, tik-tikane rapi. Aku nggremeng dhewekan ‟‟Kesed. Ning isine familier banget, kepenak diwaca.‟‟ ‟‟Mini, trim‟s ya atas perkenalanmu. Daktrima kanthi gembira lan kebak kesyukuran. Mini, ya ngene nasibe wong sing tansah kijenan, ngathungake tangan ajak memitran. Mini, awakmu rak ya ora seneng main-main ta? Salam sayang kanggomu lan keluargamu. Balesanmu daktunggu.‟‟ Surat dakwenehake Jufri, karepku njaluk pertimbangan. Jebul dheweke malah surak-surak kesenengen. ‟‟Pe-ef, Min,… Pe–ef,…. Iku suatu pertanda baik.‟‟ Aku gedheg-gedheg weruh tingkahe, olehe sak enake kuwi. Banjur pakone: ‟‟Kene, ndang dibalesi. Dakposne pisan.‟‟ ‟‟Wegah.‟‟ ‟‟Hee…‟‟ ‟‟Golek perkara wae.‟‟ ‟‟Ah, kuwi pikiran gila.‟‟ ‟‟Teneh….‟‟ ‟‟Ora duwe prangko, piye?‟‟ ‟‟Duwe wae. Ning ah, ewuh lho Juf, ngene iki.‟‟ ‟‟Pokoke rak seneng ta?‟‟ Aku ora bisa mangsuli. Terus terang ana rasa seneng nampa balesane iku. Sidanbe aku nulis maneh nyang Edward, lan durung ganep rong wulan, surat-surat saka Jakarta wis numpuk lima ana mejaku. Kabeh tik-tikan rapi lan isine nyenengake. Sing keri dhewe daktampa iki mau awan, ah, panjenengan kepenmgin pirsa? Gawe goreh bae. Pitakone: ‟‟Mini, kapan kita macak jeneng Miniati lan Edward Siregar ana majalah kesayangan iki? Kapan?‟‟ Aku lenger-lenger. Ora main-main. Ora sadhar tanganku ngranggeh pangilon, ngilo. O, kowe Mini, bocah prasaja. Alismu asli, lathimu peni, rambutmu eman kokpotong cendhak. Apa iku gambarane atimu sing angel digayuh amarga kedhuwuren? Lan saiki ana sing arep nggayuh maneh, kepriye atimu? Mangka Edward durung tau ketemu, nadyan ta mung foto. Gek kaya sapa wonge. Kaya Jufri, kaya Zainal apa kaya Eko playboy sing nggantheng kuwi, sing setengah mati kepengin ngajak menyang omahe kae? Yen ora gek kaya sapa? Apa mirip Drs. Widya sing diwenehi predikat ‟‟Kakatua‟‟ iku? Ah ora. Edward ora kena kaya Kakatua iku. Yen ora kaya Eko ya kudu kaya Jufri apa Zainal, simpatik lan ah .. apa, apa…. kaya Ery Sugianto? ‟‟Oh….‟‟ Aku nggresah. Ery, o kena apa nglantur tekan dheweke. Toh, wis lawas dakpupus. Ery dheweke ninggal kutha iki kanthi nggawa tatu ati. Salah faham, maneh-maneh pangerten. Atiku dhewe rojah-rajeh rikala ngucapake forewe !!!Sabanjure dakcathet motto ana ati No time for love. Dakgaris abang. Miniati kudu duwe tambahan jeneng ana ngarep apa ana mburine. Saiki rong taun sawise Ery lunga ana inisial jeneng persis dheweke. ES, Edward Siregar. Ah, gara-gara Jufri. Ning wis kebacut, ya ta wis dakterusake nganti tamat. Sing perlu wulan ngarep iki Mini wis dilantik dadi Miniati, BA, sarjana muda sastra. Temenan aku nekat, mumpung ana alesan tepat. Edward dakjaluk bisoa nekani upacara SINAU BASA JAWA |XI-B



21



pelantikanku wulan ngarep. Lan edan temenan, wangsulane kepenak . ‟‟Min, aku mesthi teka. Eman rikala pelantikanku, aku durung kenal kowe. Selamat ya. Cium manja. Drs Edward Siregar.‟‟ Bukan main. Jufri bola-bali alok bukan main, rikala weruh surat iku. Anyel, dakwangsuli, ‟‟Iku sing dakkarepake ta, Juf.‟‟ ‟‟Terang dhong. Janjine suk aku ora susah menehi kadho, lho.‟‟ ‟‟O, yen padha edane.‟‟ Dina upacara wis teka. Upacara jam 10.00 esuk. Wiwit jam 08.00 aku wis sibuk, macak, jaritan, kebayakan, gelungan. Bola-bali sing marahi ewuh ya rambutku. Karo uwat-uwet nata rambut, pikiranku ngarep-arep wong adoh, Edward. Jufri wis nyiapake undhangan kanggo dheweke , sebab jarene ana kene dheweke duwe tante. Durung rampung dandanku, dumadakan : ‟‟O, nak Ery, sugeng , nak. Wah lawas ora ana kabare. Mangga,… mangga. Min,… Min ana tamu, iki lho nak Ery Sugianto.‟‟ Tanganku mandheg saka nata rambut. Njegreg, apa ora salah kupingku? ‟‟Min, ana tamu nak Ery,‟‟ ngendikane Ibu ana lawang. ‟‟Sapa bu?‟‟ pitakonku lirih. ‟‟Nak Ery.‟‟ ‟‟Sapa?‟‟ ‟‟Ery, Ery kancamu lawas kae lho. Gek enggal ta!‟‟ Ana kaca katon raiku pucet. Ery Sugianto, apa ora klieru. Tanganku dadi kedher, sikilku, atiku. Ery, are apa dheweke? Rampung dandan sikilku abot jumangkah. Daksengaja supaya dheweke ngerti yen aku ana perlu. Yen aku wis mupus kabeh lelakon lawas. Yen Mini saiki dudu Mini sing biyen, lan, oh muga-muga Edward teka temenan. Ana ngajengan, aku ora bisa guneman. Ngadeg ana ngarep lawang, dipapag eseme sing pancen simpatik. Aneh dheweke tetep tenang, malah ngadeg karo celathu : ‟‟Selamat, Min, atas kesuksesannya,” tangane diathungake. Kaya ditarik magnit, tangane daktampani tanpa komentar. Banjur aku melu lungguh, lagi bareng adhep-adhepan aku bisa ambegan. ‟‟Arep tindakan?‟‟ pitakone. Aku manthuk. ‟‟Yudisium?‟‟ Aku manthuk maneh. ‟‟Dakdherekake?‟‟ Aku nyawang arlojiku , wis wayahe mangkat. Dina iki ora ana kancaku, awit Jufri ngerti yen Edward bakal teka. Apa dheweke cidra? Ah mbokmenawa ana alangan. Weruh aku ora jenjem, Ery mesem. Batinku misuh-misuh. ‟‟Semayan karo kanca ya? Apa ana sing ngampiri?‟‟ O,… dheweke tetep Ery rong taun kapungkur, sinis lan nganyelake. Nggugu atine dhewe, lan kandhane maneh: ‟‟Ayo dakdherekake. Aku ya kepengin ketemu kanca-kanca lawas liyane. Rak sukses kabeh ta?‟‟ Aku ora bisa nulak maneh. Kepeksa. Atiku mangkel marang Edward, marang Jufri gene kok percaya men karo surat. Ana becak aku wegah guneman. Mung daklirik pacakane setelan putih kasenengane wiwit biyen. Ah, gayane ora owah. Kenangan lawas biyen kae kaya bali ana mripatku. Nganti rampung upacara, ora ana wong anyar sing katon sumliwer ana kampus. Ditakoni bab Edward, dakwangsuli cekak, preeek! Dioyak Jufri bab Ery, aku meneng wael. Rikala dikandhakake mbokmenawa Edward kuwi ya Ery, aku mangsuli karo mlaku: ‟‟Mbuh,… mbuh, ya kebeneran yen ngono.‟‟ Mulihe aku tetep meneng, bingung. Mangkelku, Ery malah mesam-mesem wae, lagi ana becak dheweke klesik-klesik. ‟‟Min……‟‟ Aku mung nglirik. ‟‟Kowe isih nesu?‟‟ SINAU BASA JAWA |XI-B



22



Aku gedheg. ‟‟Geneya meneng wae wiwit mau?‟‟ Aku gedheg maneh. Ewuh pancene. Banjur teruse, “Janne ora taksengaja mrene lho, Min. Ning aku wis janji lan janji kudu ditepati, demi etika. Kaya wong nampa surat, kepriye wae ya kudu diwangsuli. Rak ya ngono, ta?‟‟ Aku dadi kaget. Dheweke mesem, nerusake omongan. ‟‟Aku nampa surat saka kancaku, ngakon nyekseni Yudisium Sarjana Mudane.‟‟ ‟‟Ery…..‟‟ aku nggujer tangane. ‟‟Eman tekaku ora diajak guneman.‟‟ ‟‟Ery,… awakmu, awakmu….‟‟ Dheweke meneng, dakgoyang tangane, ora noleh. Dakgoyang maneh, tetep meneng. Embuh, wong-wong nyawang apa ora, aku ora perduli. Mung nalika weruh aku membengmembeng, dheweke noleh, tangaku ganti dicekel, pitakone mbapaki, ‟‟Ana apa Min, ana apa?‟‟ O, bocah iki. Becak takkon mandheg ana sawijining restoran, aku mudhun terus ngunclug mlebu. Sepi. Tas lan ijasah dakseleh meja aku ibut ngusapi rai, banjur lungguh thengerthenger. Dheweke katon kedhuwung. ‟‟Ana apa?‟‟ pitakone maneh, lirih Aku nggeget lambe, banjur suwaraku kawetu seret, ‟‟Ery ta, sing gawe jeneng Edward iku?‟‟ Sauntara dheweke meneng. Banjur mesem, wangsulan. ‟‟Mbokmenawa!‟‟ ‟‟Ana apa mbokmenawa?‟‟ ‟‟Dhapur kebeneran , jeneng mau ana ing atarane layang-layang kang daktampa. Dakpikir, kepriye yen aku bali? Mung aku kuwatir, atimu ora nampa yen aku isih jeneng Ery.‟‟ ‟‟Iku ora jujur.‟‟ ‟‟Terserah komentarmu. Mung sing terang aku kepengin bali kaya biyen, aku kepengin ndandani kaluputanku.‟‟ Ana rasa trenyuh krungu kandhane kang pungkasan. Ndandani kaluputan, ah sapa sing ora kepengin? Edward Siregar ora cidra, dheweke nekani upacara pelantikanku. Biyen kae pancen padha-padha duwe kesalahan, padha-padha ngukuhi panemune dhewe sing dianggep bener. Saiki, o kepengin aku nggoleki Jufri, ngandhakake sakabehe. Ora perduli iki gaweyane. Metu saka restoran ulatku wis padhang. Mlaku reruntungan. Kabeh bali kaya biyen manis lan nyenengake. Mula esuke nalika Jufri lan Eko mara, aku ora bisa males naliia digodha. Kepriye maneh, pancen bener. Jodho ora kena diburu. Yen diburu malah nggemesake. Rong wulan maneh aku mesthi pindhah menyang Jakarta, amarga ora bisa pisah karo Ery Sugianto. Si 057 ES alias Edward Siregar. Mung wae aku ora kirim nyang konsultasi jodhoh supaya jenengku dipacak, Min.



B. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi pener lan bener! 1. Sebutna paraga-paraga kang ana sajroning cerkak kanthi irah-irahan “Jodho Aja Diburu” ing dhuwur? 2. Sebutna paraga utama sajroning cerkak ing dhuwur! 3. Pungkasaning cerkak ing dhuwur kalebu bad ending apa happy ending? Coba buktekna! 4. Sebutna setting saka cerkak ing dhuwur mau! 5. Piweling (pesen) apa sing bisa didudut saka cerkak ing dhuwur?



*sugeng makarya*



SINAU BASA JAWA |XI-B



23



WAWASAN PARAMASASTRA JAWA Paramasastra Jawa iku minangka sawenehing paugeran kang ngrembug bab tata basa Jawa. Paramasastra iku asale saka tembung parama = linuwih, pinunjul lan tembung sastra = layang, kawruh. Dadi bisa didudut, paramasastra iku layang (buku) linuwih utawa kawruh kang pinunjul (Padmosoekotjo, 1979: 17-18).Perangane paramasastra bisa disetitekake kaya ing ngisor iki. Titi-swara (fonologi) Paramasastra Jawa



Titi-tembung (morfologi) Titi-ukara (sintaksis)



Ing kalodhangan iki, kang bakal dirembug ing kene mung mligi titi-swara bae. Titiswara iku minangka elmu kang ngrembug babagan swara (kang nduweni teges lan makna). Titi-Swara = Widyaswara (Fonologi)  Vokal /a/ basa Jawa diarani /a/ swara miring. tuladha: - aku (aku) - awu (abu) - alu (alat penumbuk padi) - ajur (hancur) 











-ora (tidak) - sangu (uang saku)



Vokal /å/ basa Jawa diarani /å/ swara jejeg. tuladha: - apa (apa) - amba (luas) - ala (buruk) - basa (bahasa)



- kuna (kuno) - pira (berapa)



Vokal /u/ basa Jawa diarani /u/ swara jejeg. tuladha: - udan (hujan) - gula (gula) - upas (bisa/ racun) - tuma (kutu)



- bisu (bisu) - garu (alat pertanian)



Vokal /ů/ basa Jawa diarani / ů / swara miring. tuladha: - biyung (ibu) - sarung (sarung) - sumur (sumur) SINAU BASA JAWA |XI-B



24



-



raup (cuci muka)



- warung (warung) - siyung (gigi taring)







Vokal /é/ basa Jawa diarani /é/ swara jejeg utawa /é/ taling. tuladha: - eca (enak/lezat) - enak (enak) - wage (nama pekan) - edan (gila) - tela (ketela) - sare (tidur)







Vokal /è/ basa Jawa diarani /è/ swara miring. tuladha: - estu (sungguh) - enten (ada) - suwek (robek) - estri (wanita) - gepeng (gepeng) - pamer (pamer)







Vokal /e/ basa Jawa diarani /e/ pepet utawa swara miring. tuladha: - entub (sengat) - emoh (tidak mau) - embuh (tidak tahu) - entek (habis) - empuk (lunak) - sirep (diam/ hening)







Vokal /i/ basa Jawa diarani /i/ jejeg. tuladha: - wani (berani) - sapi (sapi) - kali (sungai) - tali (tali)



- geni (api) - iwak (ikan)



Vokal /I/ basa Jawa diarani /I/ miring. - Ingkang (yang) - sabIn (sawah) - wIs (sudah) - sakIng (dari)



- sarIng (saring) - wahIng (bersin)











Vokal /o/ basa Jawa diarani /o/ jejeg. tuladha: - ponang(si) - pongge(isi duren) - kondhang(terkenal) - pothel(patah) - bonang - bocah







Vokal /O/ basa Jawa diarani /Ö/ miring. - pingpÖng - tembÖng - lÖmbÖk (cabe) - tÖblÖk



- kÖngkÖn (suruh) - tÖgÖg (tokoh wayang)



# Katrangan:  Diarani swara jejeg amarga unine swara isih asli/wutuh kaya asale.  Diarani swara miring amarga unine swara wis owah/mingsed saka uni swara asli/asale sakawit.



Kegiyatan 1: Tembung-tembung ing ngisor iki golekana jejeg utawa miringe. 1. kedhung : 11. muter : 2. terong : 12. jamur : 3. purun : 13. netra : 4. cemplung : 14. jeglong : 5. sukun : 15. cetha : 6. sisa : 16. krikil : 7. kobong : 17. sedhih : 8. waru : 18. cucur : 9. upah : 19. waluh SINAU : BASA JAWA |XI-B 25 10. turu : 20. pranyata : # kanggo ngringkes nulis: Jejeg = (J) lan Miring = (M).



Kegiyatan 2



Golekana tembung-tembung kang kliru panulisane miturut titi-swarane sajroning teks wacan iki! Teks 1 Wingi bengi bapak, ibu, adek, lan aku lagi dholan menyang Sengkaling. Sadhurunge budal, ibu gawe sego, jajan, saklawohe kanggo sangu dholan. Dene bapak mrikso kendharaane supoyo biso lancer tur ora macet ing dalan. Sawetoro jam 8 esok aku sakeluwargo podo budal. Atiku seneng banget amargo kepengin weroh objek wisoto Sengkaling. Ora sawetoro suwe, aku sakeluwargo teko langsung parkir. Sawise parkir ibu mundhot tiket kanggo mlebu. Sawise mlebu ing jero, akeh dolanan kang kudu tak cobo. Sawise rampung njajal dolanan kang ono, aku sakeluwargo podo mangan bareng-bareng. Atiku seneng banget dino iku rosone marem sawise biso dolan bareng keluwargo.



Teks 2 Sasi Muharam utowo sasi Suro iki akeh deso podo nganakake bersih desa utowo merti deso. Acoro kang ono ing bersih deso mau werno-werno, salah sawijine yoiku pagelaran wayang kulit (wayangan). Poro wargo deso podo seneng nonton wayang, wiwit soko bocah cilik, gede, nganti wong tuwo podo teko kabeh. Saliyane iku, ugo ono pasar malem kang rame banget amargo akeh sing podo dodolan.



Teks 3 Pak tani podo sambat amargo panen taon iki rodo gagal. Panyebabe yoiku kang kapisan onone omo pari utowo wereng lan kang kapindho, yoiku ora ono banyu. Mongso ketigo iki pancen gawe sawah-sawah akeh kang garing, parine dadi gabuggabug. Mulo soko iku, poro konco tani podo akeh kang susah krono podo rugi.



SINAU BASA JAWA |XI-B



26



WULANGAN 2 TEMBANG MACAPAT Kompetensi Dasar 3.2 Mengidentifikasi, memahami, menganalisis nilai-nilai moral yang terkandung dalam tembang macapat



Indikator Pencapaian Kompetensi 3.2.1 Menganalisis struktur tembang macapat/mamaca. 3.2.2 Menganalisis unsur kebahasaan dalam macapat/ mamaca. 3.2.3 Menjelaskan kata-kata sulit dalam teks tembang macapat/ mamaca. 3.2.4 Menjelaskan pesan moral teks tembang macapat/ mamaca.



4.2



Menginterpretasi nilai-nilai moral yang terkandung dalam tembang macapat.



4.2.1 Menceritakan isi tembang macapat/ mamaca. 4.2.2 Mengarang tembang macapat berdasarkan kaidah. 4.2.3 Membaca titi laras tembang macapat/ mamaca. 4.2.4 Melagukan tembang macapat mamaca sesuai titi laras.



A. Pangertene Tembang Macapat Rikala ana ing kelas X semester 2 taun kepungkur wingi para siswa rak ya wis tepung apa sing jenenge tembang macapat ta? Saiki materi iki arep disinau maneh supaya para siswa bisa luwih akrab lan gamben maneh tumrap tembang macapat minangka warisan para leluwur bangsa Jawa iki. Sadurunge iku, luwih prayoga yen meruhi kaanane masarakat Jawa anggone nguri-uri tembang macapat ing saben dinane. Ing jaman biyen isih akeh ditemoni wong-wong tuwa padha seneng nembang mbuh iku ing pomahan utawa ana ing sawah utawa tegalan. Ancase mono wernawerna sing baku kanggo lelipur ati kang sumpeg utawa lagi kesel banjur asosarira. Sok tinemu anggone nembang kanthi swara kangg lamat-lamat ora pati seru, iku ngono kena diarani rengeng-rengeng. Wondene ana uga kang anggone nembangake kanthi swara kang seru cetha, iku ngono diarani ura-ura. Dadi kekarone bisa dibedakake salah sijine adhedhasar seru (banter) orane anggone nembang. Tembang sajrone kasusastran Jawa iku bisa kaperang dadi 2, yaiku tembang tradhisional lan tembang modheren. Dene, sing bakal dirembug ing kalodhangan iki, yaiku tembang tradhisional utawa tembang macapat. Tembang macapat iku SINAU BASA JAWA |XI-B



27



minangka jinis puisi tradhisional sajroning kasusastran Jawa kang isih kaiket/kacancang dening paugeran/aturan (metrum) kang wis gumathok, yaiku guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Dene, sing diarani: a. Guru gatra, yaiku cacahe gatra (baris) saben sapada (bait) [jumlah baris dalam bait]. b. Guru wilangan, yaiku cacahe wanda (suku kata) saben sagatra [jumlah suku kata dalam baris]. c. Guru lagu, yaiku dhong-dhinging swara ing pungkasane gatra [bunyi suku kata pada akhir baris]. Metrum/paugeran/aturan kang kasebut ing ndhuwur mau, pigunane saliyane kanggo ngatur saben jinise tembang macapat uga nduweni piguna kanggo mbedakake jinis-jinise tembang siji karo tembang liyane. Saliyane iku, titikane tembang macapat yaiku ing saben tembang nduweni watak dhewe-dhewe.Ing ngisor iki bakal diandharake jinis-jinise tembang, paugeran (metrum), lan watake tembang macapat. B. Jinis-jinise Tembang Macapat sarta Titikane a. Maskumambang Maskumambang nuduhake gambarane manungsa kang isih ana ing alam ruh, kang manggon ing jero guwagarbane ibu. Watak : susah, nelangsa, keranta-ranta, kanggo crita kang susah Paugeran : 12i, 6a, 8i, 8a. b. Mijil Mijil nuduhake gegambarane proses laire manungsa. Mijil/ mbrojol/ metu/ mencolot lan njedhul jabang bayi arupa manungsa. Watak : wedharing rasa prihatin,gandrung Paugeran : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6a. c. Sinom Sinom nuduhake gegambarane bocah enom kang kebak gegayuhan lan pangangen-angen. Mula mumpung isih enom akeh-akeha anggone ngangsu kawruh, mumpung isih ana wektu kang cukup. Watak : seneng, gumbira, malatsih, prasaja Paugeran : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a. d. Asmarandana Asmarandana nuduhake tatarane manungsa kang lagi wancine nandang kasmaran. Asmara tegese tresna lan tresna iku tuwuh saka prenthuling ati. Watak : susah, sengsem, kangen, prasaja Paugeran : 8i, 8a, 8o/e, 8a, 7a, 8u, 8a. e. Gambuh Gambuh wiwitane saka tembung jumbuh/ nyawiji kang tegese komitmen kanggo nyawijekake tresna ing sajrone bale wisma antarane lanang lan wadon. Watak : mbabar kawruh, cetha, tanpa ragu-ragu, nerangake Paugeran : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o. SINAU BASA JAWA |XI-B



28



f. Kinanthi Kinanthi asale saka tembung kanthi utawa tuntun kang maknane awake dhewe mbutuhake tuntunan utawa dalan kang bener supaya gegayuhan kita bisa kawujud. Watak : gandrung asmara, gumbira Paugeran : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i. g. Dhandhanggula Dhandhanggula nuduhake gegambarane urip kang wus tumeka ing tataran urip kang mapan. Urip kang mulya, cukup sandhang, pangan, lan papan. Nyuda pepenginan supaya adoh saka utang. Watak : manis, luwes, sarwa cocog Paugeran : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.



h. Durma Durma minangka wujud rasa sokur kita marang Gusti Kang Maha Kuwasa, mula kita kudu asring ngamal. Durma asale saka tembung darma/ sedhekah marang sapadha-padha. Watak : mongkog, sereng, muring, sugal, galak Paugeran : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i. i. Pangkur Pangkur utawa mungkur tegese nyingkiri hawa napsu angkara murka, nyingkiri napsu-napsu kang ala sarta tumindak angkara murka. Watak : prakosa, semangat, kaku Paugeran : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i. j. Megatruh Megatruh utawa megat roh tegese pisahe nyawa saka badhan wadhag. Pedhote roh utawa nyawa tumuju alam kalanggengan. Watak : susah, karanta-ranta, kuciwa, gela Paugeran : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o. k. Pocung Pocung nuduhake gegambarane manungsa kang wis ditinggal nyawa lan ora bisa ngapa-apa. Badan wadhag (jasad) kang dibuntel kain mori putih (pocong). Watak : sapenake, guyon, sembrana Paugeran : 12u, 6a, 8i, 12a. (*) Makna filosofi kang kinandhut sajroning urut-urutaning tembang Macapat yen diwawas saka salah siji crita tutur ing masarakat Jawa, yaiku urut-urutane tembang macapat iku anggambarake uripe manungsa wiwit saka alam kandhutan (kandungan) nganti tumekaning pati (siklus daur hidup manusia).



TUGAS MANDHIRI SINAU BASA JAWA |XI-B



29



Kanthi nggatekake paugeran tembang macapat mau, gawea salah siji jinis tembang macapat dhewe-dhewe kanthi tema manasuka (bebas) sing baku ora nerak paugeran apadene subasitane basa.



Wangsulana Pitakonan ing ngisor iki kanthi cetha ! Garapen kanthi cara mandhiri pitakon-pitakon ing ngisor iki ! 1. 2. 3. 4.



Sebutna padha lan bedane rengeng-rengeng karo ura-ura? Apa sing diarani tembang macapat iku? (miturut panemumu dhewe!) Apa sing diarani guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra iku? Coba sebutna kanthi urut 5 tembang macapat kang nduweni cacahe gatra paling akeh ! 5. Apa sing diarani metrum iku? (miturut panemumu dhewe!) 6. Apa pigunane (fungsi) metrum iku? (miturut panemumu dhewe!) 7. Sebutna makna filosofi saka tembang macapat, miturut salah siji crita tutur? *sugeng makarya*



Garapan ! Salinen aksara Jawa ing ngisor iki menyang aksara Latin kanthi tumemen ! ¦¡¦ dnD=gul ¦¡¦ ;1; nzi=[ynSirgegurukki amilihamnu=sk=vt ai=k=becikM/tb[tT s/tk=w(hai=kukum\ k=zibfhlnK=wir=zi [soku/[ao[lh[w=otp aiyk=wusM|=kul\ tnMiki/pi[w[whai=l-n\ aikupntesSirgu[ronNnkki s/t[nkw(hair. ;2;[yog- nirk=prp]jurit\ lmunBissiranulf fukHi=aunicrit[n anFelirs=p]bu ss]bauai=m[asPti arnPtihsuwnF XlbuhanNipun\ k=ginel=ut]ip]kr gunkypurunHi=k=[fnHnTepPi nu[aonit]hautm. SINAU BASA JAWA |XI-B



30



;3;[wonTenMlihtuldnP][yogi st]iyg=unegriai=zX=k s=kumBk/nar[nN tu/aikuw/nfitÒÂ sup][nF[ngyuhautmi fukWwitP=]z2=k [fnVf/[batu/ mi=]rkami]hra/j fsmukt[nKguhai=atu/yekTi [f[nmu=suhwnr. ;4;[wonTenMlihkin/yplupi su/yput]n/ptizw=g lnPenFwtu/kf=[z lnYyhtu=gilHibu suwitm]i=s=kurupti a[n=ng]izsTin kin/ygulHgul\ m=gl[go[l=oznNi=p]= b]tyufai=zfegKe[nSnpti zlgai=kurw . ;5; ankifu=rumekSai=wezi teguhayuluputTai=lr luputTbilaik[bh ji[mStnFtnPurun\ pneluhanTnHnwni miwhp=g[wal gunni=[w=oluput\ geniatemhanTi/t mli=a[fohtnHnzrhai=mmi gunfufukPnSi/n. ;6; aupm[nspu[fnMesuhai k=s[ko[l=ogeb _znNi=sf pinutu=t[zh[co[kL[kK aikuwujufFi=rukun\ k[ros[nNzifbZifbBi nzi=[ynWinud/rn\ sf[nwusMwut\ [norgmP=ci[no[kLkKn\ k=m=[ko[nowuju[fFk=ti=glKpTi ri=kihtu/tnPfy. ;7; xmB|l[nNsumun/nFf/ri linT=linT=azebegGitw= pti=g2b-/chy[n wnCirt]iwusLrut\ sWrazinSu m]ibitMifif\ kygegritMnh ai=k=nnD=wuyu= ktmnLrasMr duhkusumwil=znSzlnKlih mugiwel sMkul. SINAU BASA JAWA |XI-B



31



Wedharaning Tembang Sawetara: Tembang Dhandhanggula cacahe pitu mau ngandhut piwulang kang becik banget kanggo sangu tumrap dhiri pribadi lan kanggo urip ing masarakat. Piwulang kang diwedharake werna-werna ing antarane, yaiku ngenani bab konsep milih guru, konsep keprajuritan, konsep bela negara, konsep prasetya ing janji, konsep tulak balak, konsep karukunan & persatuan, sarta konsep kasmaran (kayungyun). Kabeh iku mau saperangan (tembang angka 1, 2, 3, lan 4) kapethik saka serat-serat Jawa kang adiluhung kaya dene: 1. Serat Wulangreh anggitane Sri Pakubuwana IV ing kraton Surakarta 2. Serat Tripama anggitane Sri Mangkunagara IV ing kraton Surakarta Tembang kang angka 1 mratelakake konsep anggone milih guru. Ora kabeh uwong bisa dadi guru, ora sokur uwong bisa diguroni, kudu tansah bisa milah lan milih endi sing patut lan pantes sapa-sapa kang bakal diguroni. Adhedhasar tembang mau, guru iku saora-orane kudu bisa njangkepi sarat-sarat kang wis diandharake ing tembang mau. Tembang kang angka 2, 3, lan 4 kapethik saka crita wayang. Lumantar paraga-paraga ing jagading pewayangan, yaiku Suwanda, Kumbakarna, lan Karna sajroning tembang mau, pranyata ngandhut piwulang kang murakabi kanggo sangu leladi marang nusa lan bangsa. Tembang angka 2 nggambarake paraga Suwanda, kang menehi tuladha yen dadi uwong iku kudu nduweni sipat wasis, kendel, lan lila legawa kanggo ngabdi marang negarane. Tembang angka 3 nggambarake paraga wayang saka crita epos Ramayana, yaiku paraga Kumbakarna sanajan wujude raseksa kang katon sugal nanging nduweni sipat kang luhur bebudene sarta wani tohpati kanggo njunjung drajade negara, nusa, lan bangsane. Kumbakarna gugur ora amarga mbelani kakange si Dasamuka, nanging bela pati labuh katresnane marang bangsa lan negarane. Tembang angka 4 nggambarake paraga wayang saka crita epos Mahabharata, yaiku Karna utawa Suryaputra, aweh tuladha yen uwong iku kudu tansah ngugemi sarta setya ing janji. Ing Bharatayudha Suryaputra utawa Karna putrane Dewi Kunthi karo Batara Surya iku madeg dadi senapati Astina labuh pati tumrap mitrane, yaiku Duryudana. Tembang angka 5 nggambarake kapitayane masarakat Jawa bab barangbarang gaib. Ing tembang kasebut nggambarake tulak balak kanggo kaanan sawijining wengi supaya bisa uwal saka pangganggu gawene manungsa utawa dhemit. Miturut crita tutur kang ana ing masarakat Jawa, isih ana sing nggugoni yen tembang iki bisa nundhung utawa ngusir barang-barang kang kasat mata lan sing ora kasat mata kang nedya ngganggu gawe. Tembang angka 6 nggambarake sada (biting) minangka pralambang individu. Ing tembang kasebut sada yen ijenan ora duwe daya apa-apa kejaba mung bisa dianggo nggenemi godhong wadhah lelawuhan. Dene, katiyasane sada yen ginabung dadi siji, ibarate karukunan lan persatuan, bisa kanggo reresik barang kang reged sarta angel sok sapa bae anggone arep mutungake. Mula, manungsa iku becik urip rukun lan tansah njaga persatuan lan kesatuane bangsa. Tembang angka 7 nggambarake wong kang lagi kayungyun nandang kasmaran. Ing tembang kasebut uga nggambarake lara-lapane wong kang kataman SINAU BASA JAWA |XI-B



32



asmara. Swasana wengi minangka pralambange ati kang bingung, sedih, lan susah. Dene, lintang rembulan minangka pralambang panerange wengi, kanthi anane rembulan lan lintang wengi kang peteng bisa padhang anerangi jagat.



TUGAS Coba golekana tegese tembung-tembung angel kang ana sajroning tembang macapat mau! No Tembung Angel 1. sira 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8. 9. 10. 11. 12. 13. 14. 15. 16. 17. 18. 19. 20. 21. 22. 23. 24. 25.



Tegese Tembung : Kowe : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : : :



SINAU BASA JAWA |XI-B



33



PENILAIAN HARIAN 2 A. Pilihen Salah Siji Wangsulan kang Bener! 1. Karya sastra Jawa iku akeh banget wujude, salah sawijine karya sastra Jawa kang awujud puisi Jawa tradhisional, kang isih kaiket dening paugeran-paugeran tartamtu, yaiku .... A. kakawin D. geguritan B. kidung E. tembang macapat C. suluk 2. Upacara adat tedhak siten, iku kanggo bocah umur 7 lapan utawa ... dina. A. 40 D. 254 B. 35 E. 245 C. 49 3. Sarat wajib kang kudu ana lan kudu ditindakake dening bakal pinanganten kakung kalawan putri sajroning upacara manten, yaiku .... A. siraman D. sungkeman B. ijab kabul E. kacar-kucur C. balangan gantal 4. Eyang tindak dhateng Jogja numpak bis, dene bapak nembe rawuh saka Blora. Ing A B C D E sajrone ukara kasebut ana tembung-tembung kang durung trep utawa cundhuk kalawan unggah-ungguh basa, yaiku .... A. A lan D D. D lan E B. C lan D E. A, C, lan D C. C lan E 5. Prasasthi Lawadan minangka dhasar madege kabupaten Tulungagung, yen ditulis nganggo aksara Jawa, yaiku .... A. ?p]siQlwfnMi[n=o[kofs/mfegeGkbup[tnÒ|lu=agu=. B. ?p]siQlwfnMi[n=o[kofs[rmfe[gGkbuptenÒ|lu=agu=. C. ?p]sSiTlwfnMin=kfs/mfe[gKkbup[tnÒ|lu=agu=. D. ?p]sSiTlwfnMin=kds/mfe[gGkbup[tnÒ|lu=agu=. E. ?p]sSiQlwfnMin=kds/mfe[gGkbup[tnÒ|lu=agu=. 6. Sepisan malih kula ambali, bilih kula ndherek bingah saha bombong, awit para siswa ing kabupaten Tulungagung kasil nyithak rekor ing donya kanthi nggelaraken pasugatan reyog kendhang Tulungagung ingkang gunggungipun peserta udakara wonten 2.400 siswa. Pramila sampun titi-wancinipun kesenian lan kabudayan lokal wajib dipunuri-uri supados saged ngrembaka lan kuncara ing saindenging jagad. Pethikan ukara kasebut minangka perangane tanggap wacana, yaiku perangan .... A. uluk salam D. atur kasugengan B. dudutan E. salam panutup C. pangarep-arep 7. Kala wau bengi ibu tuku jampi kangge gerah untu. Sajroning ukara kasebut ana temA B C D E



SINAU BASA JAWA |XI-B



34



bung-tembung kang durung trep utawa cundhuk kalawan unggah-ungguh basa, yaiku .... A. A, B, C, lan D D. A, B, lan E B. A, B, C, lan E E. C lan D C. B, C, D, lan E 8. Pak Guru ... jalaran para siswa ... ingkang boten ... sekolah. Ceceg-ceceg sajroning ukara ing ndhuwur yen dijangkepi nganggo unggah-ungguh kang trep, yaiku .... A. muring, akeh, mlebu D. duka, kathah, rawuh B. muring, akeh, dugi E. duka, kathah, mlebet C. nesu, akeh, mlebu 9. sig]mili/s=[g[qkSin=gbjul\ kwnFsk=j[gni, ai=z/smiwhai=pu=ku/, tnNpiai=kn[nKri=, s=[g[qkLmPhva[lon\, Aksara Jawa ing ndhuwur mujudake tembang .... A. Asmarandana B. Megatruh C. Durma



D. Pangkur E. Mijil



10. Unine Surya Sengkala kang tinulis ana ing regol pendhapa Kabupaten Tulungagung kang nuduhake taun 1994, yaiku .... A. ? fWirsekSsinbFrtu. D. ? [j/bsukimw[by. B. ? fWirse[kSosin[bFortu. E. ? si/nail=ke/tni=bumi. C. ?[kozsHrumÑ|sumni=[b=os. B. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi cetha lan bener! DUDU TUKANG SAMPAH dening: Ki Setyo Handono, M. Pd Tangan kiwa tengen blundrah udan panas tan nggagas wegah kahanan cumpen hambujung cukup anetepi wajib ngupaya boga nadyan ganda bacin, badheg, amis ganda mau pindha sekar mlathi sak iki ora jamane gengsi apa kang ana manpangate nyang apa disiriki mituhua dhawuhe Gusti prigela hambudidaya allah bakal maringi rejeki kang murwat hayom hayem senadyan mung tukang sampah pranyata paring barokah Ponorogo, 29 -Peb-2012 (Kapethik saka: Kalawarti Pendhidhikan Jemparing ed. 14/ 2012) 1. Wacan kanthi irah-irahan “Dudu Tukang Sampah” ing ndhuwur, kena diarani apa? 2. Apa isi lan piweling saka wacan kanthi irah-irahan “Dudu Tukang Sampah”? Wacanen kanthi setiti tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 3-5.



[wonTenMlihtuldnP][yogi st]iyg=unegriai=zX=k SINAU BASA JAWA |XI-B



35



s=kumBk/nar[nN tu/aikuw/nfitÒÂ sup][nF[ngyuhautmi fukWwitP=]z2=k [fnVf/[batu/ mi=]rkami]hra/j fsmukt[nKguhai=atu/yekTi [f[nmu=suhwnr (Kapethik saka: Serat Tripama anggitane Sri Mangkunagara IV)



3. Tembang Macapat ing ndhuwur kalebu jinise tembang apa? 4. Coba golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu saka tembang mau! 5. Terangna isi lan piweling saka tembang ing ndhuwur miturut panemumu!



?sug_mk/y.



WULANGAN 3 SENGKALAN Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi 3.3 Mengidentifikasi, memahami, dan 3.3.1 Mengidentifikasi teks aksara menganalisis teks aksara Jawa/carakan Madhurâ yang Jawa/carakan Madhurâ sesuai kaidah. memuat angka Jawa. 3.3.2 Menjelaskan tata cara menulis angka Jawa. 3.3.3 Menjelaskan makna sengkalan dalam teks aksara Jawa/carakan SINAU BASA JAWA |XI-B



36



Madhurâ. 4.3



Membaca cepat teks wacana sastra atau nonsastra beraksara Jawa/carakan Madhurâ.



4.3.1 Menulis kalimat menggunakan angka Jawa. 4.3.2 Menulis kalimat yang mengandung sengkalan menggunakan aksara Jawa/carakan Madhurâ. 4.3.3 Menyalin teks huruf Latin ke dalam aksara Jawa/carakan Madhurâ. 4.3.4 Membaca cepat teks aksara Jawa/carakan Madhurâ minimal 15 kata per menit. 4.3.5 Menceritakan isi atau pesan teks Jawa/carakan Madhurâ.



SENGKALAN (KRONOGRAM)



Ing kalodhangan iki,para siswa diajak tilik marang sistem petungan taun tetilarane para leluwur Jawa. Ing kene, para siswa kudu titi lan taberi anggone ngematne andharan saka bapa utawa ibu guru supaya bisa mangerteni dalah nguwasani tata cara pangrakite sistem petungan taun mawa aksara Jawa kang sinebut sengkalan. 1.



2.



Reca Dwarapala (Reca Penthung) [dwi raseksa sinabda ratu]



Ganesha Bǻrǻ (Jimbe) [hana gana hana bhumi]



Coba Gatekna Cengkorongan Sengkalan iki! Candra Sengkala [Candra Bhumi]



Lamba



Surya Sengkala



Memet



Sengkalan/Kronogram



Sengkalan (kronogram), yaiku angka taun kang ora diwedharake kanthi wujud angka, nanging lumantar sarana tembung-tembung utawa gambar/pepethan. Tembung-tembung kang digunakake sajroning sengkalan iku nduweni watak wilangan tartamtu. Sengkalan ing jaman kuna biyen pigunane kanggo: (1) mengeti laire bocah, (2) mengeti geblage utawa patine sanak sadulur, (3) mengeti adege omah utawa bangunan SINAU BASA JAWA |XI-B



37



candhi/mesjid, (4) mengeti anane bebaya/kadadean gedhe, (5) mengeti rampunge reriptan (cipta sastra). Sengkalan tinulis arupa rerangkene tembung kang mawa teges saebab, dene, tetembungan utawa tembungtembung kanggo nulisi sengkalan iku tembung-tembung kang mengku watak tetep, wiwit awatak siji nganti awatak sepuluh. Semono uga gambar-gambar sing kanggo sengkalan memet mung kudu nggambar tetembungan sing dipigunakake dening sengkalan lamba. Adhedhasar wujude sengkalan bisa kaperang dadi loro, yaiku (1) Candrasengkala, yaiku adhedhasar petungan rembulan ngubengi bumi (Qomariyah); lan (2) Suryasengkala, yaiku adhedhasar petungan srengenge (Syamsiyah). Wondene, yen ditilik saka jinise, sengkalan bisa kaperang dadi 2, yaiku: a) Sengkalan Lamba Sengkalan lamba, yaiku candra sangkala kang awujud tembung-tembung utawa ukara. Tuladha:  Sajroning Serat Kandha nyatakake, yen rubuhe kraton Majapait iku sinengkalan “sirna ilang kertaning bhumi”. Saka candra sengkala kasebut bisa diudhal lan ditegesi watak-watake, yaiku: sirna (0), ilang (0), kertaning (4), lan bhumi (1) = 1400 (tata cara panyusune angka diawiti saka mburi mangarep/ diwalik). Dadi miturut Serat Kandha rubuhe kraton Majapait taun 1400 Saka utawa kurang luwih taun 1478 Masehi. b) Sengkalan Memet Sengkalan memet, yaiku candra sangkala kang awujud gambar, pepethan utawa reca. Tuladha:  Pindhahe kutha Tulungagung saka Kalangbret menyang kutha Tulungagung kanthi pepethan reca penthung sajodho kang manggon ing keblat papat wates kutha. Reca Penthung loro iku minangka candrasengkala memet kang unine “dwi yaksa sinabda ratu”. Saka candra sengkala memet kasebut bisa diudhal lan ditegesi watak-watake, yaiku: dwi (2), yaksa (5), sinabda (7), lan ratu (1) = 1752 Saka (tata cara panyusune angka diawiti saka mburi mangarep/ diwalik). Dadi miturut pirang-pirang sumber nyatakake, yen pindhahe kutha Tulungagung saka Kalangbret menyang kutha Tulungagung taun 1752 Saka utawa kurang luwih taun 1824 Masehi. Tembung “candra-sengkala” kadadean saka rong tembung, yaiku: candra + sengkala. Tegese, yaiku candra = rembulan, wulan, rupa, praceka. Wondene, sengkalan = mangsa. Wasana tembung Candra sengkala nduweni teges: (1) rembulan mangsa; (2) wulan mangsa; (3) rupa mangsa; lan (4) praceka mangsa. Katitik saka kanggene, mencoking surasane manggon ing angka (3) lan (4), jalaran “candra sengkala” iku prelune kanggo “nyandra mangsa” utawa “mraceka mangsa”, salaras karo kaanane. Ing jaman kunane bangsa Jawa iku nggunakake pranata mangsa surya kanggo petungan olah tetanen. Mula menawa ditegesi miturut angka (1) lan (2) ora cocog, awit nenanem iku kudu manut lakuning mangsa surya. Sabab liyane, yaiku sarubuhe kraton Majapait, banjur jumedhuling panguwasa Islam, iku nggawa tatananing mangsa miturut lakuning rembulan. Para pujangga uga banjur agawe sengkalan manut lakuning rembulan, tundhone tembung candra sengkala uga ditegesi mangsa rembulan. Wondene sengkalan sing nyandra taun surya banjur sinebut surya sengkala nganti tumeka saiki. Ing pulo Bali candra sengkala lumrah sinebut candra bumi, yaiku nggambarake pengetan kadadean tartamtu kang dumadi ana ing bumi.



Pratelan Watak-Watak Wicalan 1. rupa candra sasi nabi/ udel sasa çaça çaça dhara



dhara siti budha roning medi iku dara



Watak Siji janma eka wak suta awani niyata tunggal



SINAU BASA JAWA |XI-B



38



Iji weteng awak hyang kartika



wiji buntut badan buwana prabu



juga gusti bumi jagad surya



netra caksu/caksuh nayana sikara buja paksa drasthi



2. ama locana carana karna karni anebah talingan



bahni pawaka siking guna dahana trining rana benter padhang



3. Watak Telu uta ujel anamti-namti jatha wedda alagni panas geseng



utawaka kaya lena pujika tiga/tri uninga panas murub sorot



wedang segara karti suci jaladri nadi her ranu gawe



4. Watak Papat nawa samodra jalanidhi warna toyadi wwahana waudadi we karya



sindu warih dik tasik catur/ sekawan pat banyu/ tirta tlaga cipta



buta pandhawa tata gati wisaya indri yaksa pancabaya paser



5. Watak Lima sara maruta pawana bana margana samirana pedhang jemparing hru



panca/ gangsal bayu wisikan gulingan lima ditya raseksa panah wil



Watak Loro Mata/mripat Tangan/asta lar anembah suku loro/dwi penganten



6. Watak Nenem



SINAU BASA JAWA |XI-B



39



masa sadrasa winaya nggana retu anggas oyag kombang naya



karengya pangraras nem tahen wreksa prabatang kilating kanem lona tawon geger



mla tikta kyasa dura sarkara nem sad anggang-anggang rasa



hardi prawata turangga giri resi hangsa



7. Watak Pitu biksuka cala himawan sapta pandhita swara



gora muni swakuda tungganganing gunung wiku pepitu



naga panagan salira basu tanu murti astha/ wolu sambegana



8. Watak Wolu kunjara gajah dipangga samadya manggala hesthi druwa taksaka



dirada bujangga brahmanastha dipara liman ula soma (candrama) cecak



trustha trusthi muka gapura wiwara dwara sanga/nawa



nanda wilasita guwa rago ludra gatra butul



ganda song terusan yeku angka babahan hawa sesanga manjing



boma sonya gagana barakan adoh mati nir akasa mumbul mesat



10. Watak Das ing langit ana tan windu aneng wiyat widik-widik sirna mbrastha dirgantara muluk tumenga



maletik/ mletik sirneng gagana sagunging das kos watak sepuluh ilang risak luhur kombul gegana



9.



Watak Sanga



SINAU BASA JAWA |XI-B



40



Pangrakite dhapukaning Sengkalan Panganggene tetembungan ing sengkalan iku ana sing amung dirakit sawantahe bae, ana uga sing mawa karimbag. Tatacarane pangrimbag kudu ngelingi bab-bab kaya mangkene: 1. Guru dasa-nama Tegese, yaiku menawa nduweni teges meh padha, irib-iriban utawa padha, kaanggep padha watake. Kayadene: bumi, siti, lebu, endhut, lan sapanunggalane. 2.



Guru sastra Tegese, yaiku menawa tulisane padha, upama: hesthi, nduwe watak wolu, hasti (Sanskerta) = liman = gajah; nanging sing kalumrah nduweni surasa: cipta, sedya, surasa saka tembung isthi (Sanskerta).



3.



Guru wanda Tegese, yaiku menawa pakecapane meh padha, bisa ngowahi tembung sarana disuda, diowahi, diseseli, upama: a. hutawaka → huta wahu dadi → dadi margana → marga (*) tembung-tembung kasebut disuda b. wani → wanita buja → bujana leng → celeng (*) tembung-tembung kasebut ngowahi c. tata → tinata guling → gumuling citra → cinitra (*) tembung-tembung kasebut diseseli



4.



Guru warga Tegese, yaiku menawa sing nunggal bangsa, upama: huta = lintah nahuti = cacing



5.



Guru karya Tegese, yaiku menawa pakartining sawijining tembung, upama: mripat → mandeng tangan → nebah



6.



Guru sarana Tegese, yaiku sarana piranti kanggo nindakake tembung kriya, upama: pancakara → jemparing (bangsane lelandhep) raos → ilat



7.



Guru darwa Tegese, yaiku tembung kaanan padha karo tembung sing kadunungan kaanan mau, upama: latu → banter, ujiwala toya → tawa, suci danawa → galak



8.



Guru jarwa Tegese, yaiku tembung kang nduweni teges padha utawa kang saemper, upama: raos → raras retu → obah, wayang basu → sawer



SINAU BASA JAWA |XI-B



41



Penget: Kajaba pangrimbag kaya ing ndhuwur mau, uga ana tembung sing karimbag kaping pindho utawa luwih. Tuladha: a. “utawaka” karimbag guru-wanda dadi “uta”, banjur karimbag maneh guru-warga, dadi “ujel, nauti”. b. “tri” karimbag guru-wanda dadi “estri”, banjur karimbag maneh guru-jarwa, dadi “rana”. c. “pancakara” karimbag guru-sarana dadi “jemparing”, banjur karimbag maneh gurudarwa dadi “lungid”. Mangkono sapiturute. Pamrayoga: Supaya ora agawe petenging surasa, becike nyingkiri tembung-tembung kang nduweni surasa rangkep. Upama: a. “prakara pandhawa brata juda” ditegesi 1852. Saka ukara kasebut bisa ditintingi maneh, yaiku “prakara” bisa saka “sikara” nduweni watak loro, uga bisa saka “sarkara” awatak nenem. Tembung “brata” ditegesi wolu, mirid saka tembung astha-brata, iku durung lumrah. Tembung “yuda” ditegesi watak siji, iku uga durung kanthi bener, awit yuda iku tegese warna-warna, sing adhakan dhewe perang tegese awatak telu, “dedamel” awatak lima.



Pratelaning Tembung-tembung kang Lumrah Kangge Sengkalan Kaurutake Adhedhasar Dentawyanjana A=H anauti indri indriya anatan analagni anembah anebah uninga uningeng wiyat acala her



Da 3 5 5 0 3 2 2 3 0 7 4



doh dahana dara dura dirada drasthi dresthi dik dadi dadiya das



0 3 1 6 8 2 2 4 4 4 0



La luhur lona lan ula lentangana lindhu locana lar lir loro lek ludra



SINAU BASA JAWA |XI-B



0 6 8 2 6 2 2 3 2 1 9



42



hru ardi urip artati arum arga iku eka akasa adoh udan udaka awak udaya uta utawaka osik asta astra aswa astha estha esthi awani hawa sesanga awang-awang ula ilat ilang api apasang apyu ajar ujwala ujel oyag oyig hyang oncat ama imawan amla ambuka agni



5 7 1 6 9 7 1 1 0 0 4 4 1 4 3 3 6 2 5 7 8 8 8 1 9 0 8 6 0 3 2 3 7 3 3 6 6 1 0 2 7 6 9 3



obah athi-athi angin angrong hangsa angleng anggana anggagas anggusthi anggang-anggang anggangsir



6 2 5 9 7 9 6 6 8 6 9



dwi dewa dwirada dwipa dwipangga dwija dwara dipara dipangga diyu



2 9 8 8 8 7 9 8 8 5



Ta tahen tan tanu tanpa tri trining rana tirta trus terusan trustha trusthi turangga teken tekeh tikta taksaka tata titihan tawa tawang tlaga talingan toya toyadi toyas tunenga tiga tebih tangan tunggal tunggang tungganganing gunung



6 0 8 0 3 3 4 9 9 9 9 7 3 8 6 8 5 7 4 0 4 2 4 4 1 0 3 0 2 1 7 7



Sa sindu suci sara sare sirna sirneng gagana sarkara surud sarpa



4 4 5 5 0 0 6 0 8



luwih lawang lidah lima liman leng lungid langit



1 9 6 5 8 0 5 0



Pa pintu pandhita pandhawa panagan paningal prawata prabu prabata prabatang paksa paksi pat pitu putra pawaka pawana pujika papat pejah payudan panca pamase panganten pangrarasing nem



9 7 5 8 2 7 1 7 6 2 1 4 7 1 3 5 3 4 0 1,3,5 5 1 2 6



Dha dhara



1 Ja



janma jawata jalanidi jladri jaladri



1 9 4 4 4



jemparing jagad jatha



5 1 3



Ya yaksa yaksi ya pipitu yoga yogi yuda



SINAU BASA JAWA |XI-B



5 5 7 4 7 1,3,5



43



Na naut nauti nanda nenem nir nekung nadi nata nata netra nis nawa nawa nala naya nayana niyata nem nembah naga nabi nebah nabda nenga



3 3 9 6 0 1 4 5 1 2 0 9 4 3 6 2 1 6 2 8 1 2 7 0



Ca candra carana carem cakra caksu caksuh catur catur juga cala



1 2 6 5 2 2 4 4 7



Ra ro ron rana rinaras rananggana raras raksasa rudra rat retu resa rusak rupa raja rago rong



2 1 3 6 3 6 5 9 1 6 6 0 1 1 9 9



suka surya suku sikara suku loro siking sad sudira sadrasa sat siti suta sasa sasi swa swuh swara swarga swakuda swiwi suwung salira slira sapta sujanma saya suyati sonya samirana sumur semedi samodra samudra samadiya sempal samaja sumber segara sogata sagunging das sabda song sanga sungu



7 1 2 2 2 3 6 1 6 0 1 1 1 1 7 0 7 0 7 2 0 8 8 7 1 4 7 0 5 4 1 4 4 8 0 8 4 4 7 0 7 9 9 2



Wa we woh wahana impen wahana tunggangan waudadi wani windu winaya winayang wening



4 4 4 7 4 1 6 6 6 4



Ma maha mandeng muni marna manis maruta murti marta marga margana murub muka muksa medi madura madiya mata matengga masa masuh musna masuk mesat mla muluk maletik mletik miyat manyawak manjing menga mangsa mangesthi manggala



1 2 7 4 6 5 8 4 5 5 3 9 0 1 6 8 2 8 6 4 0 9 0 6 0 0 0 2 8 9 9 6 8 8



Ga gana guna ganda gandheng gunung gora giri gati gatra gusti gawe guwa galak guling glinggang gulingan gapura gajah



6 3 9 2 7 7 7 5 9 1 4 9 5 5 6 5 9 8



SINAU BASA JAWA |XI-B



44



Ka kaeksi kanem kanthi kori karna karni karnan karta karti kartika karaseng karya karengiya kukus kuda katon katingalan kos kaswareng kusuma kawruh kalih kilat kilating kanem kaya kayu kiyasa kayasa kaya lena kenya kunjara kembar kombul kobar keblat



3 6 2 9 2 2 2 4 4 1 6 4 6 3 7 3 3 0 7 9 3 2 6 6 3 6 6 6 3 1 8 2 0 3 4



Nga ngrengga ngles nggana ngabekti



2 0 6 2



warih wrin warna wreksa warastra warayang wrayang wak wuk wiku weddha weda wadana widik-widik wedang wisikan wasita wisaya wwahana wiwara wewolu wwalang wil wulan wilasita walang weling wulang wiji wiyat wayang wignya wangi wong wungkul wungkulan



4 3 4 6 5 5 5 1 0 7 3 3 9 0 4 5 7 5 4 9 8 0 5 1 9 0 7 7 1 0 6 3 9 1 1 1



gagana gung



0 7



Ba bau bahni bun bana benter brahma brahmana barakan brastha brama bramanastha biksu biksuka budi badan budha buta butul basu basuki buweng bolong bedah buja bujana bajra bajul bujangga baya bayu byoma bumi boma babahan babaya



2 3 4 5 3 8 8 0 0 3 8 7 7 1 1 1 5 9 8 8 1 9 9 2 2 5 8 8 8 5 0 1 0 9 8



Pangetrapane sengkalan kang wis ana ing masarakat Jawa bisa katiti kaya ing ngisor: Tuladha:



1.



si/nail=ke/tni=bumi



2.



fWirsekSsinbFrtu



3.



[kozsHrumÑ|sumni=[b=os



sirna ilang kertaning bumi dwi raseksa sinabda ratu



0041→1400 AJ = 1478 AD



kongas arum kusumaning bangsa



0991→1990 AD



2571→1752 AJ = 1824 AD



SINAU BASA JAWA |XI-B



45



4.



penerusTizlTti=nbi



penerus tingal tating nabi



1529 AD



5.



genirsf]iy[ak



geni rasa driya eka



1563 AD



6.



si/[n=ttpnDitsiwi



sirneng tata pandhita siwi



1750 AD



7.



[s=o[s=o[gorcnF`



songsong gora candra



1799 AD



8.



wikumemuji[zsQiswiji



7781→1877 AJ = 1945 AD



9.



ni/s[fHsQini=aurip\



wiku memuji ngesthi sawiji nir sad esthining urip



10.



nemBhmukSpuj=gji



2081→1802 AJ = 1873 AD



11.



si/ntt[asQini=[w=o



nembah muksa pujangga ji sirna tata esthining wong



12.



wikuspT[zsQirtu



wiku sapta ngesthi ratu



7781→1877 AJ = 1945 AD



13.



luau/tt[zsQint



luhur tata ngesthi nata



9581→1859 AJ



14.



lwnSsÒ `[zsQimulY



2581→1852 AJ = 1922 AD



15.



gpurtu]sG |nni=jnMi



16.



fWingrstu=gl\



lawan sastra ngesthi mulya gapura trus gunaning janmi dwi naga rasa tunggal



17.



ngrjanautSu/y



naga raja anahut surya



1318 AD



0681→1860 AJ = 1938 AD



0581→1850 AJ = 1919 AD



9931→1399 AJ 2861→1682 AJ



Medhar Kawruh



NAMI KULA TEMEN, PAK Ukara ing dhuwur iki awujud ukara krama.Yen dingokokake, ukara iku dadi “Jenengku Temen, Pak”.Dadi, tembung nami ing ukara mau ngramakake tembung jeneng. Manut paugeran unggah-ungguhing basa, tembung ngoko jeneng (utawa aran) iku yen di kramakake dadi nama (krama lugu utawa krama lumrah) lan asma (krama inggil). Ananging ana saperangan warganing masarakat sing duwe panganggep yen tembung nama kuwi tembung krama sing luput, sing durung bener, temah banjur didandani utawa dibenerake dadi nami. Satemene tembung nama kuwi minangka tembung krama sing wis bener, malah kalebu tembung krama sing baku. Yen tembung sing wis bener iki diowahi kanthi ancas ndandani (awit dianggep luput), asile malah dadi ora bener. Ndandani tembung sing wis bener, sing malah ngasilake tembung kang dianggep iku |XI-B diarani46 SINAU luput, BASA JAWA hypercorrect (ndandani kang keliwat ing kad utawa keliwat ing wates). Dadi, tembung name kuwi kena diarani tembung krama hypercorrect (bener sing kladuk, sing kliwat saka ing wates). Kajaba nami, tembung krama kang kalebu hypercorrect iku ana



GLADHEN PENILAIAN AKHIR TAHUN 1. Wacanen kanthi setiti geguritan ing ngisor iki, banjur wangsulana pitakone! WANITA UTAMA Sunare kang padhang mawa panas kang makantar-kantar lambang tekading ati kang greget lan mongkog aweh pituduh kanggo para kaume lelabuh marang bangsane ora sranta angel arep nitik lan ngemperi lelakonmu mung bisaku muni ing lathi dhasar wanita utama kang sanyata bisa njunjung drajad wanita kang sajajar marang pepadhane. (Kanggo : Kartiniku 24-04-2010) Isi kang kinandhut sajroning geguritan kanthi irah-irahan “Wanita Utama” kasebut, kajaba .... A. nggambarake perjuangan sawijining wanita B. nggambarake tekad lan greget sawijining wanita kang kuwat C. nggambarake sawijining wanita kang bisa ngangkat drajad para kaume



SINAU BASA JAWA |XI-B



47



D. nggambarake wanita kang ora lelabuh marang bangsane E. nggambarake sawijining wanita kang mbelani para kaume kang luput 2. Piweling (pesen) kang arep diblakakake dening panggurit sajroning geguritan kanthi irahirahan “Wanita Utama”, yaiku .... A. aja mbedak-mbedakake kanca D. aja gampang ngremehake kanca B. aja dhemen nggodha wanita E. wanita iku prelu diajeni lan dikurmati C. aja tumindak kasar karo wanita Gatekna pethikan crita klasik ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 3-4!



Kocap kacarita Sunan Prawata duwe sadulur wadon nama Ratu Kalinyamat. Iku banget ora nrimakake sedane keng raka, banjur mangkat menyang Kudus saprelu nyuwun pangadilan ing Sunan Kudus, sawise kepanggih sarta nyuwun adil. Wangsulanipun Sunan Kudus: “kakangmu iku wis utang pati marang Arya Penangsang, dadi saiki mung weruh nyaur bae”. Ratu Kalinyamat mireng wangsulanipun Sunan Kudus kang kaya mangkono krasa lara banget penggalihe, banjur mulih. Ing satengahing dalan dibegal utusane Arya Penangsang, nganti garwane Ratu Kalinyamat disedani. Ratu Kalinyamat sanalika memelas jalaran mentas kesedanan ing raka, banjur kesedan keng garwa. Dadi tansaya prihatin banget. Sawise nandang pacoban kang kaya mangkono iku Ratu Kalinyamat banjur mertapa wuda ing Wukir Danaraja. Tapihe yaiku rikmane kang kaore. Ratu Kalinyamat prasetya ora gelem nganggo tapih selawase urip yen durung bisa siram jamas karo getihe Arya Penangsang. Sang Ratu arep ngawula lan sakehing bandha donya bakal diwenehake kabeh. (Kapethik mawa owah-owahan saka: Memetri Basa Jawi, 1935: 10) 3. Paraga utama sajroning pethikan crita ing dhuwur, yaiku .... A. Sunan Prawata D. Arya Penangsang B. Ratu Kalinyamat E. Danaraja C. Sunan Kudus 4.



Tembung “disedani” sajroning crita ing dhuwur kasebut, tegese .... A. dipateni D. diseneni B. dilarani E. disenengi C. disumpahi



Gatekna pethikan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 5-6!



SAJEN JENANG-JENANGAN Sajen jenang-jenangan sajrone ritual Jawa yaiku sesaji utawa sajen kang digunakake kanggo mengeti prastawa tartamtu. Kayata lairan. Jenang utawa bubur iku minangka ubarampe kang mesthi ana sajrone upacara lairan. Ubarampe iki dumadi saka jenang putih, abang, baro-baro, lan pliringan kang siji lan sijine nduweni teges kang beda-beda. Jenang putih lan abang nduweni teges minangka pralambang uripe manungsa iku dumadi saka tirta mertane wong tuwane. Mula jenang abang iku nduweni teges ibu lan jenang putih nduweni teges bapa. Anane jenang abang putih iku uga ora amung minangka pralambang, uga minangka wujud pralambang kanggo ngurmati wong tuwa. Saliyane jenang abang lan putih, ana rong jinis maneh jenang kang biasane digunakake kanggo sesaji nalika upacara lairan, yaiku jenang baro-baro lan pliringan. Jenang baro-baro iku jenang kang digawe saka bekatul lan ing ndhuwure diwenehi gula jawa. Ubarampe jenang baro-baro iku ditegesi minangka pangurmatan marang kakang SINAU BASA JAWA |XI-B



48



kawah lan adhi ari-ari kang metu bebarengan karo bayi lair. Dening leluhur wong Jawa, kakang kawah lan adhi ari-ari dipercayani minangka sedulur gaib jabang bayi. Banyu kawah utawa banyu ketuban dipercaya minangka sedulur tuwa, dene ari-ari utawa tembuni dipercaya minangka sedulur enom utawa cilik. Kajaba minangka simbul sedulur gaib jabang bayi, ubarampe jenang baro-baro uga kanggo tulak balak. Jinise jenang paling keri yaiku jenang pliringan. Jenang iki digawe saka beras kang separo putih lan separo maneh abang. Jenang pliringan kanggo pangurmatan marang panguwasane dharatan lan segara. Ancase kita minangka manungsa urip ing donya iku ora mung manungsa thok, nanging uga ana makhluk gaib liyane. Mula kanthi anane jenang pliringan iki diajab manungsa bisa urip bebarengan karo makhluk gaib minangka titahing Gusti. (kapethik saka: http://id.wikipedia.org/wiki/sajen_jenang-jenangan) 5. Gagasan pokok saka wacan ing dhuwur, yaiku ana ing .... A. paragraf 4 D. paragraf 3 B. paragraf 2 E. paragraf 1 lan 4 C. paragraf 1 6. Dudutan saka wacan ing dhuwur, yaiku .... A. sajen jenang sing paling penting yaiku jenang putih amarga pralambange uripe manungsa. B. sajen jenang mesthi ana ing samubarang kegiyatan sajrone ritual Jawa. C. sajen jenang akeh sing padha ngarani bubur. D. sajen jenang sajrone ritual Jawa yaiku sesaji utawa sajen kang digunakake kanggo mengeti prastawa tartamtu kang jinise warna-warna kayata jenang putih, abang, baro-baro, lan pliringan. E. sajen jenang pliringan jenang kang digawe saka bekatul lan ing ndhuwure diwenehi gula jawa. Gatekna pethikan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 7-8!



Omah minangka salah sawijining kabutuhan pokok manungsa, saliyane sandhang lan pangan. Omah tumrape masarakat Jawa iku nggambarake status sosiale wong kang nduweni, mligine omah tradhisional. Tegese, menawa omah tradhisional iku nduweni makna simbolis lan kultural tartamtu. Semono uga karo omah tradhisional Jawa kang nduweni titikan kang mligi (khusus). Sistem bangunan Jawa bisa kaperang utamane saka payon lan perangane bangunan kasebut. Omah tradhisional Jawa bisa kaperang dadi limang bangunan pokok, yaiku panggang pe, kampung, limasan, joglo, lan tajug. Omah-omah kasebut duwe jinis payon kang ora padha, kang nuduhake kalungguhane kang duwe omah. Tuladhane kapisan kaya omah panggang pe, nduweni bangunan dhasar persegi kang paling ringkes. Omah jinis iki dianggo dening golongan rakyat biasa. Kapindho, yaiku omah kampung, nduweni bangunan payon rong sisih kang kagandheng ing ndhuwure bae. Omah jinis iki uga akeh dianggo dening rakyat biasa. Katelu, yaiku omah jinis limasan, minangka omah asiling pangrembakane (perkembangan) bangunan omah kampung. Omah jinis iki dianggo dening golongan menengah. Kapapat, yaiku omah joglo, omah jinis iki satemene mirib karo omah jinis limasan, nanging sajroning omah joglo dijangkepi saka guru (tiang penyangga utama). Kaluwihane joglo yaiku manggon ing 4 saka guru (tiang penyangga utama) kang nopang bangunan omah. Omah jinis iki dianggo dening golongan ningrat. Kang pungkasan, yaiku omah tajug, omah jinis iki nduweni konstruksi atap kang lincip. Bangunan jinis tajug akeh-akehe digunakake kanggo mesjid utawa langgar. Saka sakehing jinis omah Jawa tradhisional mau, sing dianggep nduweni tipe idheal yaiku omah jinis joglo. Ing omah jinis joglo kaperang dadi 3 perangan pokok, yaiku pendhapa, SINAU BASA JAWA |XI-B



49



pringgitan, lan dalem. Saliyane iku, omah jinis joglo uga nuduhake status sosiale wong sing nduweni omah iku dhuwur, yaiku kanggo golongan ningrat. (Kapethik mawa owah-owahan saka: Basa Jawa kang Nyenengake, SMA/SMK/MA Kelas X) 7. Adhedhasar wacan ing dhuwur, jinis-jinise omah tradhisional Jawa bisa kaperang dadi 5, yaiku .... A. panggang pe, kampung, limasan, joglo, lan pendhapa B. panggang pe, kampung, limasan, joglo, lan pringgitan C. panggang pe, kampung, limasan, joglo, lan dalem D. panggang pe, kampung, limasan, joglo, lan gedhong E. panggang pe, kampung, limasan, joglo, lan tajug 8. Dudutan kang bisa diandharake saka wacan ing dhuwur, yaiku .... A. omah tradhisional Jawa nuduhake status sosiale wong kang nduweni, dene tipe omah tradhisional Jawa kang idheal, yaiku omah jinis joglo. B. omah tradhisional Jawa kaperang dadi 3, yaiku pendhapa, pringgitan, lan dalem. C. omah Joglo nuduhake status sosiale wong kang nduweni golongan ningrat D. omah minangka salah sawijining kabutuhan pokok manungsa, saliyane sandhang lan pangan. E. omah tajug, omah jinis iki nduweni konstruksi atap kang lincip, bangunan jinis iki akeh-akehe digunakake kanggo mesjid utawa langgar. Gatekna pethikan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 9-10!



Kacariyos wonten satunggaling randha nama Calon Arang ingkang papan dunungipun wonten ing desa Girah. Calon Arang punika sampun misuwur gadhah ngelmu paneluhan. Nyi randha anggadhahi putri satunggal kanthi nama Ratna Manggali. Ngantos dumugi diwasa Ratna Manggali boten wonten ingkang wantun nglamar amargi sami ajrih kaliyan biyungira ingkang anggadhahi watak sugal, kejem sarta tegan. Kahanan makaten punika anjalari nyi randha duka yayah sinipi. Nuju sawijining dinten Calon Arang damel prahara, inggih punika ngawontenaken teluh ing nagari sarta andamel pageblug. Kathah para warga ingkang sami sakit ing enjing sontenipun pejah utawi sonten sakit enjing pejah. Sedaya sami tintrim boten saged punapa-punapa. Mangertosi kahanan punika Prabu Erlangga ing Kadhiri ngutus juru nujum kadhaton supados madosi sabab musabipun prahara punika. Sang juru nujum angendika bilih ingkang njalari pageblug punika inggih menika nyi randha saking Girah nama Calon Arang. Nunten sang prabu Erlangga ngutus para punggawa supados nglurug dalemipun Nyi randha. Para wadya bala sami kasoran ing jurit anggenipun mengsah Nyi randha. Kahanan nagari tansaya risak amargi kenging dayanipun teluh nyi randha, sanalika sang prabu minta saraya dhumateng empu Baradhah kangge musnahaken nyi randha. Kanthi lelimbangan lan tetimbangan ingkang matis, sang empu pados daya upaya supados saged ngasoraken nyi randha. Sang empu nuli ngutus empu Bahula minangka siswanipun supados nggarwa putrinipun Nyi randha inggih punika Ratna Manggali. Sakdangunipun dados putra mantu dhateng Nyi randha ing Girah, Empu Bahula madosi sisik melik punapa ingkang dados pethinganipun Nyi Randha, wauta sang Bahula mangertosi jimat arupa mantra pethinganipun Nyi Randha ngantos salajengipun Nyi randha saged dipunpejahi dening empu Baradhah. Pejahipun Nyi Randha Calon Arang adamel jagat ewah padhang njingglang kados ing sakawit, sakathahing teluh sami ical SINAU BASA JAWA |XI-B



50



tiyang padhesan kathah sami wangsul dhateng griyanipun piyambak-piyambak kanthi suka parisuka. (Kapethik saka: Calon Arang-R.Wiradat 1935) 9. Paraga utama sajroning pethikan crita ing dhuwur, yaiku .... A. Prabu Erlangga D. Ratna Manggali B. Empu Bahula E. Nyi Randha Calon Arang C. Empu Baradhah 10. Piweling (pesen) kang kinandhut sajroning crita ing dhuwur, yaiku .... A. dadi wong iku aja seneng gawe susah lan rusaking liyan B. dadi wong sing migunani kanggo wong liya C. elmu iku kudu digunakake kanthi becik D. dadi wong iku aja mung nguja hawa napsu E. dadi wong iku kudu sing sareh lan sabar Setitekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 11-14! PANGKUR Sing padha wedi mring Allah (.......................................................................) kepriye wedine iku mituhu sadhawuhnya (.......................................................................) nyegah sakehing larangan netepi kang dadi wajib 11. Ganepe cakepan saka gatra-gatra kang rumpang sajroning tembang macapat ing dhuwur kang trep miturut paugerane, yaiku .... A. (ingkang nitahake bumi langit) D. (nitahaken langit karo bumi) (lumantare marang Nabi Rasul) (lantarane para Nabi lan Rasul) B. (kang nitahken bumi kalawan langit) E. (nitahken bumi kalawan langit) (kang lumantar mring para Nabi lan Rasul) (kang lumantar para Rasul) C. (nitahaken bumi langit) (saranane para Nabi lan Rasul) 12. Isi tembang macapat ing dhuwur mau, yaiku .... A. nggambarake supaya manungsa tansah njaga kuwajibane dhewe-dhewe marang Gusti Allah. B. nggambarake sawijining siksa kang bakal ditampa dening manungsa kang nerak wewalere Gusti Allah. C. nggambarake pangajak marang manungsa supaya tansah eling marang Gusti Allah, kanthi cara ngedohi sak-akehe larangan lan tansah netepi kuwajibane. D. nggambarake yen manungsa akeh lupute lan asring nerak wewalere Gusti Allah. E. nggambarake sawijining pituduh (petunjuk) kanggo manungsa supaya mertobat. 13. Intine piweling (pesen) sajroning tembang Pangkur ing dhuwur mau, yaiku .... A. menehi bebendu marang manungsa kang tumindak mursal (wani mbangkang) B. menehi pituduh (petunjuk) marang manungsa supaya tansah ikhtiyar marang Gusti Allah kanthi cara ngedohi sakehing larangan lan nindakake apa kang dadi kuwajibane. C. menehi piwulang marang manungsa kang gelem mertobat. D. menehi pidana marang manungsa kang ora gelem ngayahi kuwajibane. E. menehi panglipur marang manungsa supaya ora gampang susah ing alam donya. 14. Kasalarasane (relevansi) saka tembang Pangkur ing dhuwur tumrap jaman saiki, yaiku .... A. manungsa padha akeh sing nglali marang Gusti Allah, padha seneng padudon ing antarane siji lan sijine arebut benere pribadi sarta kanggo kabutuhane pribadi. B. manungsa padha akeh sing mertobat marang Gusti Allah, tanpa ana padudon.



SINAU BASA JAWA |XI-B



51



C. manungsa padha ngurusi pakaryane dhewe-dhewe tanpa gelem weweh marang liyane. D. manungsa padha pasrah bongkokan marang Gusti Allah. E. manungsa padha ora gelem nindakake tetulung marang liyan.



Setitekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 15-20 ! nzi=[ynSirgegurukki amilihamnu=sk=vt ai=k=becikM/tb[tT s/tk=w(hai=kukum\ k=zibfhlnK=wir=zi [soku/[ao[lh[w=otp aiyk=wusM|=kul\ tnMiki/pi[w[whai=l-n\ aikupnTesSirgu[ronNnkki s/t[nkw(hair (Kapethik saka: Serat Wulangreh anggitane Sri Pakubuwana IV)



15. Titikane tembang macapat, yaiku isih kaiket dening .... A. guru gatra, guru wilangan, lan guru swara B. guru gatra, guru wilangan, lan guru sastra C. guru gatra, guru sastra, lan guru swara D. guru gatra, guru sastra, lan guru basa E. guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu 16. Paugeran saka tembang ing dhuwur mau, yaiku .... A. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a B. 10e, 10o, 8e, 7u, 9i, 7o, 6o, 8o, 12i, 7o C. 11e, 10o, 8e, 7u, 9i, 7o, 6o, 8o, 12i, 7o D. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a E. 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a 17. Jinise tembang mawa aksara Jawa ing dhuwur mau, yaiku .... A. Megatruh D. Gambuh B. Dhandhanggula E. Asmarandana C. Pangkur 18. Watake tembang sajroning wacan ing dhuwur, yaiku .... A. prakosa, semangat, kaku D. susah, sengsem, kangen, prasaja B. susah, keranta-ranta, kuciwa, gela E. mbabar kawruh, cetha, tanpa ragu-ragu C. manis, luwes, sarta cocog 19. Tembung “sir” saka tembang ing dhuwur mau tegese, yaiku .... A. kowe D. aja B. wong E. aku C. niyat 20. Ukara “tnMiki/pi[w[whai=l-n\ ” saka tembang ing dhuwur nduweni teges, yaiku .... A. tansah mikirake piwewehe liyan D. tansah ngarep-arep piwewehe liyan B. tansah mikirake kaanan gurune E. ora ngarepake piwewehe wong liya C. ora mikirake wong liya 21. Pranatacara yaiku wong kang nduweni jejibahan (tugas) … lakune adicara. A. nyusun, ngawat-awati lan njaga D. nganakake lan ngawat-awati B. nyusun, ngatur, lan nganakake E. ngatur lan nganakake C. nyusun, ngatur, lan nglantarake



SINAU BASA JAWA |XI-B



52



Gatekna teks wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 22-25! a. Nugraha saha sih wilasanipun Gusti Ingkang Mahaagung, mugia



b.



c.



tansah anggung cumundhuk wonten ing jiwangga kula panjenengan sedaya. Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh Saderengipun kula ngaturaken sakedhik uneg-uneg kula mliginipun kagem para kadang kawula mudha, sumangga kula panjenengan sesarengan ngaturaken pudya pangastungkara dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring idi saha palilah saengga kula panjenengan sedaya saged makempal wonten ing adicara punika kanthi kairing kabagaswarasan. Makaten andharan saking kula, mugi-mugi wonten gina paedahipun ingakathah mliginipun kagem kawula mudha minangka dados tetungguling bangsa. Jenang sela wader kali sesondheran apuranta menawi wonten lepat kula, santen toyaning kelapa cekap semanten atur kula. nuwun



22. Perangan teks wacan a) ing tanggap wacana iku diarani …. A. aturake jejibahane utawa ayahane D. salam pambuka (uluk salam) B. wigatining adicara E. salam panutup C. atur kasugengan, kairing atur panuwun kangge para tamu 23. Perangan teks wacan b) minangka perangan saka .... A. atur pangapura D. dudutan (simpulan) B. aturake jejibahane utawa ayahane E. atur puji sokur dhateng Pangeran C. salam pambuka 24. Dene perangan c) minangka perangan saka ..... A. aturake salam pambuka D. pangarep-arep B. atur pangapura E. dudutan (simpulan) C. aturake jejibahane utawa ayahane 25. Tegese tembung “andharan”, sajroning teks wacan perangan c) saka sesorah kasebut, yaiku .... A. katrangan kang jlentreh D. penawaran B. usulan E. pangarep-arep C. pamrayoga (saran) 26.



? p+hrufinHnkÑÂaisepuh. yen katulis mawa aksara Latin, yaiku .... A. Fahrudin anak kyai sepuh D. Pahrudin anake kiai sepuh B. Fahrudin anake kyai sepuh E. Pahrudin anake kyai sepuh C. Pahrudin anak kiai sepuh



27. Jajane akeh kayata: jenang, jadah, lan roti. Ukara kasebut yen ditulis mawa aksara Jawa, yaiku .... A. ? jj[nNa[khkyt:[jn=,jfh,l[nRoti. B. ?jj[na[khkyt:[jn=,jfh,l[nRoti. C. ? jj[nNa[khkyt:jen=,jfh,l[nRoti. D. ? jj[na[khkyt:jen=,jdh,l[nRoti. E. ? jj[nNakehkyt:[jn=,jfh,l[nRoti. Wacanen crita klasik mawa aksara Jawa ing ngisor iki kanthi patitis kanggo mangsuli pitakonan nomer 28-31!



?rtuk=Xmubzet\, SINAU BASA JAWA |XI-B



53



?kcritai=jmnBi[ynHnrtuk=Xmubzet\autusSnNimBlLidukunK=wi sMisuwu/pinTe/.bx=duku[nN[sown\s=p]buzenFikm=[k[n;[a,du kunHp[ko[wbiszusfniai=sun\[ko[wsu muru[pD[w,slirni=sunB=zet\Xmu[n.[cobausfnn, supyffikuru.auvJ|[kKdukun\;gusTi,gerhnnFXmPuniksmPunMfl JmPi;nnFXmB[d[sfai=sXbetTipun\;40;finTenPunik.midzetHuv J|[kKdukunM=[ko[noaiku,s=p]buke[jo tP=glih[a,p=znFik[nN;[a,dukun\mnwauvJ|kM|[for, [ko[wmesQiai=sunPt]pPiaukumPti.dukunM|vJ|kSenFik,bvJ/|m unF|/.bx=wis\;40;fin,s=p]bu[aor[sf,mu=slir[nffiker.s=p] buautusSnNimBlLidukunM[nh.bx=dukunWi [sSown\fizenFiknNim=[k[n;[a,dukun\sm_[ko[ko[wnefai=sunP t]pPiaukumKiss\am/gkumwnimuvJ|[kFormr=ai=sun\, ?auvJ|[kKdukun\;gusTi,kwuni=zn,gerhnnFXmPunikausfnipu[n Bote[nWonTenS[ns\kjwinmu=su=kw.midzetHuvJ|[kKdukunM=[ko [noaiku,s=p]bubzetKxnnHi=p=glih.s=dukunBvJ/|fipri=zigvJ /rnW/nw/nk=ge[dpzji[n. (Kapethik mawa owah-owahan sawetara saka: Memetri Basa Jawi, 1979: 10) 28. W acan aksara Jawa A. crita modheren



ing dhuwur mujudake ....



B. crita kewan macapat C. crita lawas wujud gancaran



29.



D. crita mancanegara E. crita wujud



tembang



Irah-irahan saka wacan ing dhuwur mau, yaiku .... A. Ratu kang loma banget D. Ratu kang lemu banget B. C.



Ratu kang rusuh banget Ratu kang kuru banget



E. Ratu kang tekun banget



30.



Paraga utama kang ana ing crita kasebut mau, yaiku .... A. s=ptiih D. prmniÒ` B. kidukun\ E. prp[zrn\ C. [snptik][ton\



31.



Tembung “misuwur” sajroning crita ing dhuwur tegese, yaiku .... A. kondhang (terkenal) D. tuwa B. sekti E. enom C. wengis



Gatekna pethikan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 32-35!



PRAU WISATA KOBONG ING TELUK JAKARTA Prau wisata Zahro Express kobong ing teluk Jakarta, ing dina Minggu (01/01/’17), kang njalari kurban tiwas kehe 23, lan 17 liyane isih ilang. Informasi kang ditrima Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) DKI Jakarta, ana 194 penumpang slamet, ujare Sepli Madreta saka BPBD DKI Jakarta marang BBC Indonesia. Dheweke uga nambahi ana 9 kurban kang saiki isih dirawat ing Rumah Sakit Atmajaya, Jakarta Utara. “banjur isih SINAU BASA JAWA |XI-B



54



ana 17 wong sing nganti tumeka saiki durung ditemokake”, ujare Sepli. Manifes data penumpang nuduhake ana 100 penumpang ing njerone prau Zahro Ekspres, nanging juru bicara Badan Nasional Penanggulangan Bencana (BNPB) Sutopo Puro Nugroho nyatakake dhata iku nyata kliru. Diyakini prau iku mau nggawa udakara 230 penumpang. Sutopo nyatakake pihake lagi nggoleki kurban kang ilang. Kadadean insidhen kobongan prau iki udakara dumadi jam 09.15 WIB kang adohe 1 Mil saka Pelabuhan Muara Angke, Jakarta Utara, ujare Kepala Dinas Penerangan Armada Barat TNI AL, Mayor Laut, Budi Amin. “personel TNI AL kang ana ing sacedhake lokasi langsung nyedhaki prau kasebut lan ngleremake geni,” ujare Budi marang BBC Indonesia. Miturute, prau kasebut arep tumuju menyang Pulo Tidung, Kepulauan Seribu, kanggo wisata. Saiki, KM Zahro Express wis dievakuasi menyang dermaga Pelabuhan Muara Angke, Jakarta Utara. Kapal iku kondhisine angus kobong, durung weruh apa kang dadi jalarane. Sawenehe lapuran nyebutake geni asale saka hubungan arus pendek (korsleting) sajroning generator. (kapethik lan kaolah maneh saka: www.bbc.com) 11. Kang dadi punjere rembug A. kapal mabur kobong B. prau kobong C. prau diobong



sajroning pawarta ing dhuwur, yaiku .... D. kapal selam kobong E. Sepur kobong



32.



Kapan kadadean musibah sajroning pawarta iku mau .... A. Minggu (01/01) 2016 D. Slasa (01/12) 2016 B. Minggu (01/12) 2016 E. taun kepungkur C. Minggu (01/01) 2017



33.



Asil tapsiran sawetara kang njalari Prau Zahro Express, yaiku .... A. kaluwihan penumpang D. prau bocor B. kaluwihan barang E. korsleting generator C. mesin rusak



34.



Sapa sejatine Sutopo Puro Nugroho, kang nyatakake dhata manifes penumpang kliru, yaiku .... A. Syahbandar Muara Angke D. Kepala BPBD DKI Jakarta B. Reporter BBC Indonesia E. Kepala RS Atma Jaya Jakarta C. Kepala BNPB



35. Crita wayang purwa ing tanah Jawa iku asale saka negara India, kang kabesut saka babone, yaiku kitab .... A. Mahabharata lan Sutasoma D. Ramayana lan Nagarakertagama B. Ramayana lan Mahabharata E. Mahabharata lan Nagarakertagama C. Ramayana lan Sutasoma Gatekna pethikan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 37-40! BIMA BUNGKUS Raden Bratasena utawa kang sinebut Raden Werkudara iku satriya kang gagah prakosa. Ananging rikala lair Raden Bratasena awujud bungkusan kang atos. Rama lan ibune Raden Bratasena yaiku Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi wis ngupayakake manekawarna kanggo mbedhah bungkus kasebut.



SINAU BASA JAWA |XI-B



55



Nanging pranyatane ora kasil babar blas. Saka kadadeyan iki Begawan Abiyasa paring prentah supaya bungkus mau dibuwang ing alas Setragandamayit. Alas Setragandamayit iku alas kang wingit lan isih akeh kewan galake. Kanthi mangkono si bungkus diajab bisa kabedhah dening kukune lan untune kewan ganas. Nanging pangupaya iku ora kasil, malah akeh kewan kang kukune lan untune tatas amarga nyoba mbukak bungkus kasebut. Kanthi rasa prihatin lan tansah memuji marang Gusti Kang Murbeng Dumadi kang ditindakake dening Prabu Pandhu lan para sentana dalem kraton Astina, gawe krentege para dewa kanggo cawe-cawe mbedhah bungkus mau. Ringkesing crita bungkus bisa kabedhah dening gajah Sena kang diutus dening dewa. Saka kadadeyan iki, Raden Bratasena lair lan manjilma dadi satriya kang gagah prakosa. (Kapethik saka: Modul Pengayaan Bahasa Jawa X)



36. Paraga wayang Bima iku putrane Prabu .... A. Gajah Sena D. Destarastra B. Abiyasa E. Madrim C. Pandhu Dewanata 37. Begawan Abiyasa paring prentah supaya mbuwang bungkus menyang .... A. Setragandamayit D. Kahyangan para dewa B. Setragandarasa E. Dwarawati C. Astina 38. Piweling (pesen) saka lakon crita wayang “Bima Bungkus” ing dhuwur, yaiku .... A. perjuwangan uripe wong cilik. B. kuwajiban lan perjuwangane wong tuwa kanggo anak lan kulawargane. C. sangsarane urip ing alam donya. D. kuwajiban tansah menehi tetulung marang liyan. E. manungsa supaya tansah eling lan waspada. 39. Pagelaran lakon wayang bisa dadi salah sawijine sarana panggulawenthah ing babagan moral lan kautaman, jalaran .... A. pagelaran wayang kang maneka-warna jinise bisa nambahi kawruh tumrap para mudha. B. pagelaran wayang mujudake sarana dramatisasi teks crita wayang saka negara manca. C. pagelaran wayang bisa mujudake sarana kanggo nikelake devisa negara. D. pagelaran wayang ora mung asipat tontonan, nanging uga mujudake tatanan lan tuntunan tumrap panontone. E. pagelaran wayang purwa mujudake piwulang agama kang laras karo dhasare negara. 40. Pak Carik tindak dhateng Jakarta numpak taksi, dene Pak Modin nembe rawuh saka A B C D E Ponorogo. Sajroning ukara kasebut ana tembung-tembung kang durung trep utawa durung cundhuk kalawan unggah-ungguh basa, yaiku .... A. A, B, lan D D. C lan D B. A, C, lan D E. C lan E C. D lan E 41. Ibu ... dhateng Nganjuk ... sepedha montor ... ibu. Ceceg-ceceg sajroning ukara ing ndhuwur yen dijangkepi nganggo unggah-ungguh kang trep, yaiku .... A. kesah, nitih, kaliyan D. tindak, numpak, karo B. kesah, nitih, karo E. tindak, numpak, kaliyan C. tindak, nitih, kaliyan



SINAU BASA JAWA |XI-B



56



42.



Mas Danang, tulung ulem-ulem iki … bapak Kepala Sekolah. Cecegceceg ing ukara kasebut bisa trep manut unggah-ungguhing basa, menawa kaisi tembung …. A. aturna D. gawakna B. paringna E. wenehna C. unjukna



43. Kala wingi sore ibu tumbas jampi kangge sakit padharan. Sajroning ukara A B C D E kasebut ana tembung-tembung kang durung trep utawa durung cundhuk kalawan unggah-ungguhing basa ragam krama alus, yaiku .... A. A, B, lan C D. A lan B B. A, B, lan D E. A lan D C. A, B, lan E 44. Gatekna tembung (leksikon) ing ngisor iki kanthi premati! 1) omah 5) spidhol 2) kursi 6) keris 3) cendhela 7) sega 4) kulkas 8) banyu



Sing kalebu leksikon netral saka tembung-tembung mau, yaiku .... A. (1), (2), (3), lan (5) D. (1), (3), (6), lan (8) B. (1), (2), (4), lan (8) E. (1), (6), (7), lan (8) C. (2), (3), (4), lan (5) 45.



Panjenengan yen kersa badhe kula paringi. Ukara kasebut kang bener miturut unggah-ungguhing basa kang trep, yaiku .... A. panjenengan menawa kersa ajeng kula sukani B. panjenengan menawi kersa ajeng kula paringi C. panjenengan menawa purun ajeng kula sukani D. panjenengan menawa kersa badhe kula paringi E. panjenengan menawi kersa badhe kula sukani



46. Gatekna andharan ing ngisor iki kanthi setiti! 1) adhik 5) boten 2) Pak Dhe 6) ora 3) teka 7) sida 4) rawuh 8) siyos Rerangkening tembung-tembung ing dhuwur, menawa kasusun adhedhasar unggah-ungguhe basa ragam krama alus sing bener, yaiku .... A. (1), (6), (7), lan (3) D. (2), (5), (8), lan (4) B. (1), (5), (8), lan (3) E. (2), (6), (7), lan (4) C. (1), (5), (7), lan (4)



Wacanen teks tembang ing ngisor iki kanthi patitis, kanggo mangsuli pitakonan nomer 4750. AJA LAMIS



(dening: Ki Nartasabda) aja sok gampang janji wong manis, yen ta amung lamis SINAU BASA JAWA |XI-B



57



becik aluwung prasaja nimas, ora agawe cuwa tansah ngugemi tresnamu wingi, jebul amung lamis kaya ngenteni thukule jamur, ing mangsa ketiga aku iki prasasat lara tan antuk jampi mbok aja amung lamis, kang uwis, dadine banjur ndhridhis akeh tuladha kang dhemen cidra, uripe rekasa pilih sawiji endi kang suci, kanggo bisa mukti. 47. Yen ta amung lamis Tembung kang kacithak kandel kasebut, tegese .... A. janji D. seneng B. omong E. blaka C. lair lan batine ora padha (mblenjani)



48. Isi saka tembang “Aja Lamis” kasebut, yaiku .... A. nggambarake uripe wong cilik kang lagi nandhang pacoban. B. nggambarake wong kang seneng nyidrani janji. C. nggambarake wong kang uripe rekasa. D. nggambarake uripe wong lumuh. E. nggambarake wong kang ngenteni jamur ing mangsa ketiga.



49. Piweling saka tembang kasebut, yaiku .... A. aja seneng mblenjani janji B. aja gampang ngremehake D. aja gampang kasmaran



D. aja gampang pasrah ngalah E. aja seneng menehi janji



50. Sapa sing ngripta lagon “Aja Lamis” kasebut, yaiku .... A. Ki Manteb Sudarsono D. Ki Rudi Gareng B. Ki Anom Suroto E. Ki Enthus Susmono C. Ki Nartasabda



B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi cetha lan bener! DUDU RUMUS MATEMATIKA Esemmu Kedheping mripatmu kang gilar-gilar Dhekiking pipi lan ndamising lathi tipismu Dudu rumus matematika Kang angel diapalake Nanging ing kono Malah angel dilalekake (Kapethik saka: Kalawarti Pendhidhikan Jemparing ed 07/2012) 1. Apa tema lan isine geguritan kanthi irah-irahan “Dudu Rumus Matematika”? 2. Sebutna rantaman upacara adat ing adicara panggih manten. 3. Ing jaman saiki akeh owah-owahan kang ana ing sajrone upacara adat Jawa, ing antarane bisa ditemoni sajroning ubarampe lan sajen. Ing upacara adat tedhak siten, manekawarna ubarampe nalika si bocah arep SINAU BASA JAWA |XI-B



58



ngidak jadah pitu kang kudune awerna abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu, lan jambon. Nanging, saiki bahan panggawene mung arupa jadah putih, dene werna-werna mau mung arupa kertas kang arupa abang, ireng, kuning, biru, ungu, lan jambon minangka dadi buntel jadah putih mau supaya dadi manekawarna rupa. Mungguh miturut panemumu, kepriye kaanan kaya mangkono mau? 4. Apa wae sangune dadi pranatacara iku? 5. Coba gawea ringkesan cengkorongane sesorah sarta peprincene. ?sug_mk/y.



Tembung Becik



CRAH AGAWE BUBRAH RUKUN AGAWE SANTOSA (Permusuhan menimbulkan kerusakan, kerukunan membentuk kesentosaan) crah = pertikaian, pertengkaran, permusuhan agawe = membuat, membentuk, menimbulkan bubrah = kerusakan, kehancuran rukun = rukun, kerukunan agawe = membuat, membentuk, menimbulkan santosa = sentosa, kesentosaan, kekuatan Unen-unen iku mau ngandhut pitutur utawa wewarah, supaya wong iku tansah njaga karukunan utawa tansah nyawiji ing antarane siji lan sijine supaya dadi kukuh bakuh. Bab iki bisa diupamakake kaya dene sapu korek. Ing endi sapu korek iku dumadi saka sada-sada kang nyawiji banjur bisa nduweni kakuwatan sarta piguna utawa paedah kang murakabi, dene yen sada-sada mau wudhar,sakala dayane surut lan gampang diputungake. SINAU BASA JAWA |XI-B



(Kabesut saka: Ungkapan Tradisional DIY, 1985: 69)



59



KAPUSTAKAN



Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. 1985. Ungkapan Tradisional Sebagai Sumber Informasi Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. Hadiwidjana, R.D.S. 1967. Tata-Sastra. Jogja: UP. Indonesia. Harymawan, R.M.A. 1986. Dramaturgi. Bandung: Rosda Karya. Poedjasoedarmo, Soepomo. 1979. Tingkat Tutur Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.



Bahasa



Jawa.



Jakarta:



Poerwadarminta, W.J.S. 1935. Baoesastra Djawa. Batavia: JB. Woelters. Prabowo, Dhanu Priyo, lkk. 2010. Ensiklopedi Sastra Jawa. Yogyakarta: Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Saputra, Karsono H. 2010. Sekar Macapat. Jakarta: Wedatama Widya Sastra. Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2007. Unggah-Ungguh Bahasa Jawa. Jakarta: Paramalingua. Sukarman (edhitor). 2015. Sastri Basa: Kanggo SMA/SMK/MA/MAK Kelas XI. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur. Sutikno.2005. Sinau Unggah-Ungguh Basa Jawa. Tanpa kutha: Kapeka Tunggal. SINAU BASA JAWA |XI-B



60



Tim. 1953. Candrasengkala: Ringkes Sampurna (Diktat). Madiun: Sriwidjaja.



PRIBADI BINUKA



B



ambang Santoko, lair ing Tulungagung, 1 Januari 1987. Sawise ngrampungake pasinaone ana ing salah sawijining universitas negeri kang ana ing kutha Surabaya banjur nutugake anggone ngudi kawruh ana ing salah sawijine universitas negeri kang ana ing kutha Surakarta lan lulus taun 2014. Pakaryane saiki minangka GTT Basa Jawa ing SMAN 1 Karangrejo Tulungagung, uga ngrangkep dadi Dosen Luar Biasa ing Jurusan PGSD Fakultas Keguruan lan Ilmu Pendhidhikan Universitas Muhammadiyah Malang (UMM) wiwit taun 2014-2018 kanthi ngemban mata kuliah Seni Budaya Jawa. Ing babagan olah kasusastran asil karya guritane uga nate kapacak ana ing Kalawarti Pendhidhikan Jemparing lan Panjebar Semangat kanthi sesinglon ki demang sontoloyo. Buku kang wis kasil tinulis [durung kababar] ing antarane yaiku: 1. Cathetan Sawetara Prasasti ing Jawa Wetan; 2. Bothekan: Antologi Geguritan Jawa; 3. Sastra Kawedhar: Sinau Kasusastran Jawa Gagrag Anyar; 4. Seneng Basa Jawa X; 5. Sinau Basa Jawa XI; lan 6. Ngerti Basa Jawa XII. Alamat



: Jl. Kawi 09 Ds. Sidårejå Kec. Kauman Kab. Tulungagung (66261)



HP



: 081 333 399 733/081 131 325 95



Email



: [email protected]



SINAU BASA JAWA |XI-B



61



Cathetan:



………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… SINAU BASA JAWA |XI-B



62



………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………



Cathetan:



………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………



SINAU BASA JAWA |XI-B



63



………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………



Cathetan:



………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………



SINAU BASA JAWA |XI-B



64



………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………



Cathetan:



………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………



SINAU BASA JAWA |XI-B



65



………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………………



SINAU BASA JAWA |XI-B



66



?m[zsQitu=glÓ|au/ri=pnemBh.



SINAU BASA JAWA |XI-B



67