Tugas BJ Kls 5 Bab 7 Wayang [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Tugas Bahasa Jawa BAB 7 Cerita Wayang Kelas 5D/Nama : Danis Alfandi



Pandadaran Akhir Wulangan 7 A. Pilihen salah sii jawaban sing bener! Wacan Werkudara iku putra Pandhu Dewatha lan Dewi Kunthi,kang nomer loro.Werkudara uga dadi panenggaking pandhawa.Nalika lait kabuntel bungkus,kebuntel ari arine bayi.Kaelokaning jagad,bayi kang isih binngkus iku pranyata madal sakathaning gegaman.Manut pamawese Setra Gandamayit.Dene para sesepuh Ngastina padha sarujuk.Sabanjure,jabang bayi bungkus keleksenan dedunung ing alas.Bayi bungkus saya suwe saya gedhe.Yen ngglundhung ngiwa nanggor wit gedhe,wite ambruk sanalika.Yen ngglundhung natap waktu,watune pecah ambyar sanalika. Kedadeyan iki ndayani lan mrebawi nganti tumekaning Kahyangan.Bathara Guru dhawuh marang Narada supaya turun ing ngarcapada niti priksa anane gara gara ing Kahyangan.Tindake gegancangan enggala tekan alas setra Gandamayit.Ing kono meruhi ana bayi glundhang glundhang,ngiwa nengen nranjang apa bae ajur muwur tan mangga puliha.Bathara Narada dhawuh Gajah Sena supaya mrawas bungkus kuwi. Bungkus ditujes nganggo gadhine kang lincip mingis mingis ora preduli dadine mengko.Bareng gadhing tumancep,sakala bungkus pecah byak sigar dadi loro.Bebarengan karo pecahe bungkus,Gajah Sena sanalika musna. 1. Werkudara iku putrane…. (c) a. Duryudana karo Kunthi c. Pandhu karo Kunthi b. Pandhu karo Madrim d. Destarastra karo Kunthi 2. Werkudara uga dadi panenggaking Pandhawa.Tembung “panenggak” tegese…. (b) a. anak mbarep c. nomer telu b. nomer loro d. anak ragil 3. Werkudara nalikane lair bungkus,tegese…. (b) a. ora bisa nangis c. laire rada suwe b. kabuntel ari ari d. durung dingerteni 4. Manut pamawase Begawan Abiyasa si jabang bayi bugkus supaya kasingkirake menyang Setra Gandamayit jalaran…. (a) a. ora mempan marang sakabehing gegaman b. mbesuk yen wes gedhe bakal mbebayani c. ngisin ngisini marang keluwarga kraton d. senajan diopeni tetep wae ora bisa urip 5. Wekasane bayi bungkus kuwi banjur dibuwang ana ing…. (c) a. segara c. alas b. kali d. gunung 6. Sing bisa mrawasa bayi bungkus nganti bisa sigar byak yaiku…. (d) a. Bathara Narada c. Pandhu Dewanata b. Begawan Abiyasa d. Gajah Sena 7. Paraga wayang sing tindak tanduke kena ditiru yaiku…. (a) a. Pandhawa c. Rahwana b. Kurawa d. Sengkuni



8. Jroning maca crita wayang sing paling wigati yaitu pesen/amanat jroning crita wayang kasebut jalaran…. (a) a. jroning crita wayang kebak piwulang kabecikan b. mujudake ringkesaning crita wayang kang wutuh c. ora perlu kengelan maca crita wayang sakabehane d. maca sepisan ora perlu maca crita wayang liyane 9. Wayang iku kajaba tontonan uga mujudake tuntunan jalaran kena…. (d) a. Kanggo golek sandhang pangan b. Kanggo nglancarake oleh rejeki c. Nggampangake oleh enggaweyan d. Kanggo menehi tuntunane urip 10. Crita wayang kuwi sumbere saka buku… (c) a. Sutasoma lan Ramayana b. Mahabarata lan Negarakertagama c. Mahabarata lan Ramayana d. Negarakertagama lan Ramayana Tugas Terstruktur B. Soal ing ngisor iki garapen manut prentahe! 1. Sebutna lakon crita wayang sing wis kokngerteni! Arjuna, Puntadewa, Werkudara (Pandhawa), Dewi Kunthi, Hanoman, Dewi Sinta, Rama 2. Apa wae unsur intrinsike crita wayang iku! Tema, lakon, latar, kahanan, alur crito, pesen/amanat 3. Sebutna sapa wae sing kelebu Pandhawa? Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula, Sadewa 4. Apa karepe wayang mujudake tontonan lan tuntungan? Wayang saliyane kanggo media hiburang kang ditonton, uga sumber tuntunan amarga ing cerito wayang akeh banget amanatamanat sing bisa dituladani 5. Critakna salah siji isi lakon wayang sing wis kokngerteni! Werkudara yaiku putra nomer 2 saka Pandhu Dewata lan Dewi Kunthi. Werkudara uga diarani Bima, panenggaking Pandhawa. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh gegaman ora tumama. Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena. Bareng wis bedhah, bayi diidak-idak, ditlale, digadhing malah saya gedhe. Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika. Suksmane nyawiji karo Bratasena C. Wangsulana pitakon ing ngisor iki! 1. Tokoh wayang endi sing paling koksenengi? Raden Rama Geneya kowe kok nyenengi tokoh wayang kasebut? Amarga perjuangane marang Dewi Sinta sing kuat banget lan ora goyah nampani masalah 2. Tokoh wayang endi sing paling kokgetingi? Kurawa Geneya kowe nggethingi tokoh wayang kasebut? Amarga Kurawa ngarebut kerajaan duwenane Pandhawa lan sifat serakah sing ora becik